Surah At-Takathur - Javanese Translation by Unknown
أَلۡهَىٰكُمُ ٱلتَّكَاثُرُ
Sumugih iku nglalekake anggonira ngabekti ing Allah
Surah At-Takathur, Verse 1
حَتَّىٰ زُرۡتُمُ ٱلۡمَقَابِرَ
Nganti tekan anggonira ngalih marang kubur
Surah At-Takathur, Verse 2
كَلَّا سَوۡفَ تَعۡلَمُونَ
Anggonira sumugih iku luput, ing tembe sira mesthi weruh nyatane
Surah At-Takathur, Verse 3
ثُمَّ كَلَّا سَوۡفَ تَعۡلَمُونَ
Luput temenan panemu ira, ing tembe sira weruh temenan nyatane
Surah At-Takathur, Verse 4
كَلَّا لَوۡ تَعۡلَمُونَ عِلۡمَ ٱلۡيَقِينِ
Temen, menawa sira weruh ilmu kang nyata mesthi ora lali ngabekti ing Allah
Surah At-Takathur, Verse 5
لَتَرَوُنَّ ٱلۡجَحِيمَ
Ing tembe sira mesthi andeleng neraka jahim
Surah At-Takathur, Verse 6
ثُمَّ لَتَرَوُنَّهَا عَيۡنَ ٱلۡيَقِينِ
Handeleng kelawan kasat mata
Surah At-Takathur, Verse 7
ثُمَّ لَتُسۡـَٔلُنَّ يَوۡمَئِذٍ عَنِ ٱلنَّعِيمِ
Sira banjur didangu sarupaning kabungahan paparinging Allah nalika ing donya, ya gene ora padha syukur
Surah At-Takathur, Verse 8