Surah Yusuf Verse 80 - Javanese Translation by Unknown
Surah Yusufفَلَمَّا ٱسۡتَيۡـَٔسُواْ مِنۡهُ خَلَصُواْ نَجِيّٗاۖ قَالَ كَبِيرُهُمۡ أَلَمۡ تَعۡلَمُوٓاْ أَنَّ أَبَاكُمۡ قَدۡ أَخَذَ عَلَيۡكُم مَّوۡثِقٗا مِّنَ ٱللَّهِ وَمِن قَبۡلُ مَا فَرَّطتُمۡ فِي يُوسُفَۖ فَلَنۡ أَبۡرَحَ ٱلۡأَرۡضَ حَتَّىٰ يَأۡذَنَ لِيٓ أَبِيٓ أَوۡ يَحۡكُمَ ٱللَّهُ لِيۖ وَهُوَ خَيۡرُ ٱلۡحَٰكِمِينَ
Lah bareng wis padha ilang pangarep-arepé ing dhèwèké, padha mundur, padha apirembugan dhè-dhèwèkan. Kang tuwa dhéwé acalathu: Apa kowé padha ora weruh, yèn bapak wis mundhut prasetya kalawan asmaning Allah marang kowé kabèh, lan yèn ing biyèn kowé wis padha pépéka tumrap prakara Yusuf? Mulané ora pisan aku bakal ninggal nagara iki, nganti tumekané bapak aparing idin marang aku, utawa manawa Allah amancasi marang aku, lan Panjenengané iku Becik-beciké para kang padha amancasi