Surah Ar-Rad Verse 33 - Javanese Translation by Unknown
Surah Ar-Radأَفَمَنۡ هُوَ قَآئِمٌ عَلَىٰ كُلِّ نَفۡسِۭ بِمَا كَسَبَتۡۗ وَجَعَلُواْ لِلَّهِ شُرَكَآءَ قُلۡ سَمُّوهُمۡۚ أَمۡ تُنَبِّـُٔونَهُۥ بِمَا لَا يَعۡلَمُ فِي ٱلۡأَرۡضِ أَم بِظَٰهِرٖ مِّنَ ٱلۡقَوۡلِۗ بَلۡ زُيِّنَ لِلَّذِينَ كَفَرُواْ مَكۡرُهُمۡ وَصُدُّواْ عَنِ ٱلسَّبِيلِۗ وَمَن يُضۡلِلِ ٱللَّهُ فَمَا لَهُۥ مِنۡ هَادٖ
Lah apa ta Panjenengané, kang rumeksa sarupaning jiwa tumrap apa panggawéné. ? Éwadéné dhèwèké padha agawé sekuthon tumrap Allah. Calathua: Padha jenengna; apa ta kowé arep anerangaké marang Panjenengané prakara barang kang Panjenengané ora pirsa ing bumi, utawa apa ta kalawan pangucap kang lair? Balik tu- mrap kang padha kafir rancangané padha rinengga-nengga sarta padha tinulak saka ing dadalan; lan sapa kang disasaraké déning Allaha ora bakal duwé panuntun