Surah Ibrahim Verse 22 - Javanese Translation by Unknown
Surah Ibrahimوَقَالَ ٱلشَّيۡطَٰنُ لَمَّا قُضِيَ ٱلۡأَمۡرُ إِنَّ ٱللَّهَ وَعَدَكُمۡ وَعۡدَ ٱلۡحَقِّ وَوَعَدتُّكُمۡ فَأَخۡلَفۡتُكُمۡۖ وَمَا كَانَ لِيَ عَلَيۡكُم مِّن سُلۡطَٰنٍ إِلَّآ أَن دَعَوۡتُكُمۡ فَٱسۡتَجَبۡتُمۡ لِيۖ فَلَا تَلُومُونِي وَلُومُوٓاْ أَنفُسَكُمۖ مَّآ أَنَا۠ بِمُصۡرِخِكُمۡ وَمَآ أَنتُم بِمُصۡرِخِيَّ إِنِّي كَفَرۡتُ بِمَآ أَشۡرَكۡتُمُونِ مِن قَبۡلُۗ إِنَّ ٱلظَّـٰلِمِينَ لَهُمۡ عَذَابٌ أَلِيمٞ
Lan sétan bakal calathu bareng prakara wis kaputus: Sayekti Allah wis anjanjèni kowé janji nyata, lan aku iya anjanjèni kowé, ananging kowé padha dak- cidrani, lan ingatasé marang kowé aku ora duwé purba wisé- sa ananging marang kowé aku mung ajak-ajak, kowé banjur padha miturut marang aku; mulané aja padha anutuh aku, lan padha nutuha awakmu dhéwé: Ora bisa aku dadi réwangmu lan iya ora bisa kowé padha dadi réwang- ku: sayekti, aku anyélaki marang anggonmu padha anyakuthokaké aku ing biyèn; sayekti, para wong atindak dudu kang bakal padha olèh bagèan siksa kang nglarani