Surah Al-Isra Verse 23 - Javanese Translation by Unknown
Surah Al-Isra۞وَقَضَىٰ رَبُّكَ أَلَّا تَعۡبُدُوٓاْ إِلَّآ إِيَّاهُ وَبِٱلۡوَٰلِدَيۡنِ إِحۡسَٰنًاۚ إِمَّا يَبۡلُغَنَّ عِندَكَ ٱلۡكِبَرَ أَحَدُهُمَآ أَوۡ كِلَاهُمَا فَلَا تَقُل لَّهُمَآ أُفّٖ وَلَا تَنۡهَرۡهُمَا وَقُل لَّهُمَا قَوۡلٗا كَرِيمٗا
Lan Pangeranira uga wus dhawuh marang sira, (Pangandikane), "He manungsa, sira aja padha manembah kajaba marang Allah, lan majibake mbeciki lan ngabekti marang wong tuwa loro, luwih-luwih maneh menawa sira menangi anggone pikun wong tuwanira loro utawa salah sijine, sira aja ngucap "hus" lan sira aja nyulayani (sereng) marang kekarepe wong tuwa kang ora luput, sarta ngucap marang wong tuwamu loro kanti ucapan kang mulya (lan ngaresepake)