Surah Al-Baqara Verse 178 - Javanese Translation by Unknown
Surah Al-Baqaraيَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ كُتِبَ عَلَيۡكُمُ ٱلۡقِصَاصُ فِي ٱلۡقَتۡلَىۖ ٱلۡحُرُّ بِٱلۡحُرِّ وَٱلۡعَبۡدُ بِٱلۡعَبۡدِ وَٱلۡأُنثَىٰ بِٱلۡأُنثَىٰۚ فَمَنۡ عُفِيَ لَهُۥ مِنۡ أَخِيهِ شَيۡءٞ فَٱتِّبَاعُۢ بِٱلۡمَعۡرُوفِ وَأَدَآءٌ إِلَيۡهِ بِإِحۡسَٰنٖۗ ذَٰلِكَ تَخۡفِيفٞ مِّن رَّبِّكُمۡ وَرَحۡمَةٞۗ فَمَنِ ٱعۡتَدَىٰ بَعۡدَ ذَٰلِكَ فَلَهُۥ عَذَابٌ أَلِيمٞ
He wong kang Mukmin kabeh! Sira diwajibake males tumrap ing rajapati, Wong merdika dipateni sebab mateni padha wong merdika, kawula padha kawula, wong wadon padha wong wadon. Dene sapa sing diapura sithik dening sadulure kang dipateni, iku wajibe kang ngapura kudu njaluk diyat marang kang mateni kelawan aris, lan kang mateni kudu mbayar tetempuh marang kang ngapura klawan becik. Mengkono iku kemayaran lan kemurahan saka Pangeranira. Mangka sing sapa ngliwati wates, bakal kapatrapan siksa kang nglarani