Surah Al-Baqara Verse 228 - Javanese Translation by Unknown
Surah Al-Baqaraوَٱلۡمُطَلَّقَٰتُ يَتَرَبَّصۡنَ بِأَنفُسِهِنَّ ثَلَٰثَةَ قُرُوٓءٖۚ وَلَا يَحِلُّ لَهُنَّ أَن يَكۡتُمۡنَ مَا خَلَقَ ٱللَّهُ فِيٓ أَرۡحَامِهِنَّ إِن كُنَّ يُؤۡمِنَّ بِٱللَّهِ وَٱلۡيَوۡمِ ٱلۡأٓخِرِۚ وَبُعُولَتُهُنَّ أَحَقُّ بِرَدِّهِنَّ فِي ذَٰلِكَ إِنۡ أَرَادُوٓاْ إِصۡلَٰحٗاۚ وَلَهُنَّ مِثۡلُ ٱلَّذِي عَلَيۡهِنَّ بِٱلۡمَعۡرُوفِۚ وَلِلرِّجَالِ عَلَيۡهِنَّ دَرَجَةٞۗ وَٱللَّهُ عَزِيزٌ حَكِيمٌ
Lan wong wadon kang padha dipegat, iku wajib nyratekake ing awake, ora kena omah-omah sakjeroning telung pasucen (quru') lan ora halal tumrap dheweke manawa ngumpetake (dhelikake) anggone Alalh wis nitahake kang ana ing wetenge, manawa dheweke iku temen-temen percaya (iman) ing Allah lan dina akhir. Lan bojone duwe wewenang ambaleni (ngrujuk) wadone mau ana ing mongsa iku (sajerone 'iddah), manawa dheweke padha gelem tumindak becik (rukun). Lan wong wadon iku nduweni hak kang padha (karo wong lanang) kelawan becik becik, nanging wong lanag ikupadha duwe keluwihan pangkat kang ngungkuli wadone. Dene Allah iku Maha Gagah sarta Maha Wicaksana