Surah Al-Baqara Verse 237 - Javanese Translation by Unknown
Surah Al-Baqaraوَإِن طَلَّقۡتُمُوهُنَّ مِن قَبۡلِ أَن تَمَسُّوهُنَّ وَقَدۡ فَرَضۡتُمۡ لَهُنَّ فَرِيضَةٗ فَنِصۡفُ مَا فَرَضۡتُمۡ إِلَّآ أَن يَعۡفُونَ أَوۡ يَعۡفُوَاْ ٱلَّذِي بِيَدِهِۦ عُقۡدَةُ ٱلنِّكَاحِۚ وَأَن تَعۡفُوٓاْ أَقۡرَبُ لِلتَّقۡوَىٰۚ وَلَا تَنسَوُاْ ٱلۡفَضۡلَ بَيۡنَكُمۡۚ إِنَّ ٱللَّهَ بِمَا تَعۡمَلُونَ بَصِيرٌ
Lan manawa sira padha megat ing wadon sadurunge sira kumpuli, nanging sira wis tentokake maskawin tumrap dheweke, sira (wajib bayar) separoning mas kawin kang wis sira temtokake mau. Kajaba yen rabinira utawa wong lanang kang nguwasani bundhelaning nikah wis padha trima. Dene yen sira padha gelem aweh kemurahan iku nyaketake marang wedi ing Allah. Lan sira aja nglalekake kabecikan antara nira kabeh. Satemene Allah iku mriksani barang kang sira tindakake