Surah Al-Baqara Verse 283 - Javanese Translation by Unknown
Surah Al-Baqara۞وَإِن كُنتُمۡ عَلَىٰ سَفَرٖ وَلَمۡ تَجِدُواْ كَاتِبٗا فَرِهَٰنٞ مَّقۡبُوضَةٞۖ فَإِنۡ أَمِنَ بَعۡضُكُم بَعۡضٗا فَلۡيُؤَدِّ ٱلَّذِي ٱؤۡتُمِنَ أَمَٰنَتَهُۥ وَلۡيَتَّقِ ٱللَّهَ رَبَّهُۥۗ وَلَا تَكۡتُمُواْ ٱلشَّهَٰدَةَۚ وَمَن يَكۡتُمۡهَا فَإِنَّهُۥٓ ءَاثِمٞ قَلۡبُهُۥۗ وَٱللَّهُ بِمَا تَعۡمَلُونَ عَلِيمٞ
Lan manawa sira ana sajeroning lelungan, kang mangka sira ora pikantuk jurutulis, kena nganggo cecekelan (gadhen) kang tinampanan. Dene menawa sawenehira percaya marang liyane, wong kang dipercaya mau nuhonana mbalekake barang kang dipercayakake, lan bektia ing Allah Pangerane, apa dene anggonira njlentrehake dadi seksi aja nganggo ngumpetake anggonira nekseni iku atine dosa. Dene Allah iku Ngudaneni marang barang kang sira tindakake