UAE Prayer Times

  • Dubai
  • Abu Dhabi
  • Sharjah
  • Ajman
  • Fujairah
  • Umm Al Quwain
  • Ras Al Khaimah
  • Quran Translations

Surah Al-Mumenoon - Javanese Translation by Unknown


قَدۡ أَفۡلَحَ ٱلۡمُؤۡمِنُونَ

Para wong mukmin iku padha pikantuk beja temenan
Surah Al-Mumenoon, Verse 1


ٱلَّذِينَ هُمۡ فِي صَلَاتِهِمۡ خَٰشِعُونَ

Yaiku wong kang khusu' (konjem) anggone padha sholat
Surah Al-Mumenoon, Verse 2


وَٱلَّذِينَ هُمۡ عَنِ ٱللَّغۡوِ مُعۡرِضُونَ

Lan kang nyingkiri samubarang kang ora maedahi ing bab agama utawa bab donya
Surah Al-Mumenoon, Verse 3


وَٱلَّذِينَ هُمۡ لِلزَّكَوٰةِ فَٰعِلُونَ

Lan kang padha mbayar zakat
Surah Al-Mumenoon, Verse 4


وَٱلَّذِينَ هُمۡ لِفُرُوجِهِمۡ حَٰفِظُونَ

Lan kang padha rumeksa kehormatane (ora dianggo nglakoni kang ora dililani dening syara'/zina)
Surah Al-Mumenoon, Verse 5


إِلَّا عَلَىٰٓ أَزۡوَٰجِهِمۡ أَوۡ مَا مَلَكَتۡ أَيۡمَٰنُهُمۡ فَإِنَّهُمۡ غَيۡرُ مَلُومِينَ

Kajaba mung marang bojone dhewe utawa amat (wong wadon kawula tukon kang dimiliki dening tangan tengene) darbeke dhewe. Dheweke iku ora padha dicacad
Surah Al-Mumenoon, Verse 6


فَمَنِ ٱبۡتَغَىٰ وَرَآءَ ذَٰلِكَ فَأُوْلَـٰٓئِكَ هُمُ ٱلۡعَادُونَ

Dene sing sapa nggoleki saliyane kang dihalalake (bojone dhewe utawa amate), iku dheweke temen wong kang ngliwati wates (nerak watese hukume Allah)
Surah Al-Mumenoon, Verse 7


وَٱلَّذِينَ هُمۡ لِأَمَٰنَٰتِهِمۡ وَعَهۡدِهِمۡ رَٰعُونَ

Lan dheweke kang padha ngati - ati ngreksa nuhoni titipan (kapercaya) sarta janjine (marang Allah utawa marang sepadhaning manungsa)
Surah Al-Mumenoon, Verse 8


وَٱلَّذِينَ هُمۡ عَلَىٰ صَلَوَٰتِهِمۡ يُحَافِظُونَ

Lan dheweke padha tetep ajeg (ngreksa) anggone shalat (ana ing waktune)
Surah Al-Mumenoon, Verse 9


أُوْلَـٰٓئِكَ هُمُ ٱلۡوَٰرِثُونَ

Para wong mukmin kang padha netepi kaya kang kasebut mau kabeh, iku tetep dadi ahli waris (kang oleh waris suwarga)
Surah Al-Mumenoon, Verse 10


ٱلَّذِينَ يَرِثُونَ ٱلۡفِرۡدَوۡسَ هُمۡ فِيهَا خَٰلِدُونَ

Yaiku kang pikantuk suwarga Firdaus, lan padha langgeng ana ing kono
Surah Al-Mumenoon, Verse 11


وَلَقَدۡ خَلَقۡنَا ٱلۡإِنسَٰنَ مِن سُلَٰلَةٖ مِّن طِينٖ

Demi satemene Ingsun wis nitahake manungsa (Adam) saka sarining lemah
Surah Al-Mumenoon, Verse 12


ثُمَّ جَعَلۡنَٰهُ نُطۡفَةٗ فِي قَرَارٖ مَّكِينٖ

Ingsun banjur nitahake turuning manungsa saka mani, ana pranakane wong wadon kang rineksa
Surah Al-Mumenoon, Verse 13


ثُمَّ خَلَقۡنَا ٱلنُّطۡفَةَ عَلَقَةٗ فَخَلَقۡنَا ٱلۡعَلَقَةَ مُضۡغَةٗ فَخَلَقۡنَا ٱلۡمُضۡغَةَ عِظَٰمٗا فَكَسَوۡنَا ٱلۡعِظَٰمَ لَحۡمٗا ثُمَّ أَنشَأۡنَٰهُ خَلۡقًا ءَاخَرَۚ فَتَبَارَكَ ٱللَّهُ أَحۡسَنُ ٱلۡخَٰلِقِينَ

Mani mau banjur Ingsun dadekake getih kenthel. Getih kenthel mau banjur Ingsun dadekake daging kempel. Daging kempel mau banjur Ingsun dadekake balung, balung iku banjur Ingsun buntel dafing, banjur Ingsun titahake makhluq liya (bayi), urip sarana Ingsun leboni ruh (nyawa). Maha Luhur Allah. Allah iku kang nitahake kalayan sampurna
Surah Al-Mumenoon, Verse 14


ثُمَّ إِنَّكُم بَعۡدَ ذَٰلِكَ لَمَيِّتُونَ

Sawise sira dadi manungsa, ing tembe mesthi padha mati
Surah Al-Mumenoon, Verse 15


ثُمَّ إِنَّكُمۡ يَوۡمَ ٱلۡقِيَٰمَةِ تُبۡعَثُونَ

Sawise padha mati, ing besuk Qiyamat, mesthi bakal ditangekake saka ing pati, urip maneh
Surah Al-Mumenoon, Verse 16


وَلَقَدۡ خَلَقۡنَا فَوۡقَكُمۡ سَبۡعَ طَرَآئِقَ وَمَا كُنَّا عَنِ ٱلۡخَلۡقِ غَٰفِلِينَ

Lan Ingsun wis nitahake pitung langit ana ing sadhuwurira, lan Ingsun ora supe rumeksa kawulaningsun kang ana ing ngisor (langit Ingsun kukuhi) ora bisa ngrubuhi kang ana ing ngisor
Surah Al-Mumenoon, Verse 17


وَأَنزَلۡنَا مِنَ ٱلسَّمَآءِ مَآءَۢ بِقَدَرٖ فَأَسۡكَنَّـٰهُ فِي ٱلۡأَرۡضِۖ وَإِنَّا عَلَىٰ ذَهَابِۭ بِهِۦ لَقَٰدِرُونَ

Lan Ingsun wis nurunake banyu udan saka ing langit, sacukupe kabutuhane manungsa, banjur mili utawa disesep ing bumi. Lan satemene Ingsun uga kuwasa ngilangake banyu iku
Surah Al-Mumenoon, Verse 18


فَأَنشَأۡنَا لَكُم بِهِۦ جَنَّـٰتٖ مِّن نَّخِيلٖ وَأَعۡنَٰبٖ لَّكُمۡ فِيهَا فَوَٰكِهُ كَثِيرَةٞ وَمِنۡهَا تَأۡكُلُونَ

Banyu udan mau banjur Ingsun anggo nukulake wit - witan isen - isening pakebonan pirang - pirang kayata: kurma lan anggur lan liya - liyane. Sira padha bisa ngundhuh lan mangan woh - wohan pirang - pirang kang werna - werna ana ing pakebonan mau
Surah Al-Mumenoon, Verse 19


وَشَجَرَةٗ تَخۡرُجُ مِن طُورِ سَيۡنَآءَ تَنۢبُتُ بِٱلدُّهۡنِ وَصِبۡغٖ لِّلۡأٓكِلِينَ

Lan Ingsun uga nukulake wit zaitun, kang thukul ana ing gunung Thur-Sina, kang ngetokake lengo kanggo lawuh tumrap wong kang mangan (kena digawe mulas minangka rerengganing panggonan)
Surah Al-Mumenoon, Verse 20


وَإِنَّ لَكُمۡ فِي ٱلۡأَنۡعَٰمِ لَعِبۡرَةٗۖ نُّسۡقِيكُم مِّمَّا فِي بُطُونِهَا وَلَكُمۡ فِيهَا مَنَٰفِعُ كَثِيرَةٞ وَمِنۡهَا تَأۡكُلُونَ

Lan satemene raja kaya iku piwulang ('ibarat) tumrap sira kabeh. Ingsun paring pangomben (powan) sira kabeh saka barang kang ana ing wetenge, lan raja kaya iku akeh maneh kemanfa'atane tumrap sira, lan sawenehe ana kang sira pangan
Surah Al-Mumenoon, Verse 21


وَعَلَيۡهَا وَعَلَى ٱلۡفُلۡكِ تُحۡمَلُونَ

Raja-kaya mau ana ing dharatan, ora beda karo perahu ana ing segara, kabeh padha kena sira tunggangi lan sira momoti gegawanira
Surah Al-Mumenoon, Verse 22


وَلَقَدۡ أَرۡسَلۡنَا نُوحًا إِلَىٰ قَوۡمِهِۦ فَقَالَ يَٰقَوۡمِ ٱعۡبُدُواْ ٱللَّهَ مَا لَكُم مِّنۡ إِلَٰهٍ غَيۡرُهُۥٓۚ أَفَلَا تَتَّقُونَ

Lan temen Ingsun wis ngutus Nuh, Ingsun kersakake mulang para kaume. Nuh banjur paring pangandika, "He para Ummatingsun. Sira padha manembaha marang ALlah, jalaran sira kabeh ora duwe pangeran kang wajib disembah kajaba mung Panjenengane piyambak. Apa sira ora padha wedi marang siksane menawa sira manembah saliyane Panjenengane
Surah Al-Mumenoon, Verse 23


فَقَالَ ٱلۡمَلَؤُاْ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ مِن قَوۡمِهِۦ مَا هَٰذَآ إِلَّا بَشَرٞ مِّثۡلُكُمۡ يُرِيدُ أَن يَتَفَضَّلَ عَلَيۡكُمۡ وَلَوۡ شَآءَ ٱللَّهُ لَأَنزَلَ مَلَـٰٓئِكَةٗ مَّا سَمِعۡنَا بِهَٰذَا فِيٓ ءَابَآئِنَا ٱلۡأَوَّلِينَ

Para panggedhene wong kafir saka kaume Nuh banjur celathu mengkene, "Nuh iku apa dudu manungsa kaya aku lan kowe kabeh? Aku teka ora krungu wulangane para leluhur kita, kang kaya wulangane Nuh iku. Dadi tetela Nuh lumaku diarani wong linuwih, ngungkuli aku lan kowe kabeh. Upama Allah iku temen ngersakake Utusan andhawuhi manungsa, mesthi ngutus malaikat, mangsa ngutusa wong kang kaya mengkono
Surah Al-Mumenoon, Verse 24


إِنۡ هُوَ إِلَّا رَجُلُۢ بِهِۦ جِنَّةٞ فَتَرَبَّصُواْ بِهِۦ حَتَّىٰ حِينٖ

Ora liya panemuku, Nuh iku wong lanang kang owah akale, mula prayoga padha disrantekake bae nganti tekan matine utawa kapriye bakal wekasane
Surah Al-Mumenoon, Verse 25


قَالَ رَبِّ ٱنصُرۡنِي بِمَا كَذَّبُونِ

Nuh banjur munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, sarehning para ummat kawula sampun cetha gorohake dhateng kawula, Panjenengan mugi paringpitulungan dhateng kawula
Surah Al-Mumenoon, Verse 26


فَأَوۡحَيۡنَآ إِلَيۡهِ أَنِ ٱصۡنَعِ ٱلۡفُلۡكَ بِأَعۡيُنِنَا وَوَحۡيِنَا فَإِذَا جَآءَ أَمۡرُنَا وَفَارَ ٱلتَّنُّورُ فَٱسۡلُكۡ فِيهَا مِن كُلّٖ زَوۡجَيۡنِ ٱثۡنَيۡنِ وَأَهۡلَكَ إِلَّا مَن سَبَقَ عَلَيۡهِ ٱلۡقَوۡلُ مِنۡهُمۡۖ وَلَا تُخَٰطِبۡنِي فِي ٱلَّذِينَ ظَلَمُوٓاْ إِنَّهُم مُّغۡرَقُونَ

Ingsun banjur paring wahyu marang Nuh, "(Ummat ira iku bakal Ingsun kerem). Saiki sira gaweya perahu, kelawan Ingsun jenengi, mituruta kaya dhawuh Ingsun. Ing tembe manawa ana banyu mumpal - mumpal saka ing pawon, iku tandha yen siksaningsun wiwit nekani. Ingkono sira banjur munggaha ing prahu, dalah keluwarganira kabeh, lan anggawaha wawarnaning kewan sajodo - jodo bakal kanggo wiji, (kajaba rabinira kang kafir sarta anakira kan'an iku wis kabanjur) Ingsun pasti rusak dening kinelem, lan sira aja nyuwunake selamete wong kang padha kafir, kabeh iku wis Ingsun temtokake rumpes dening kinelem
Surah Al-Mumenoon, Verse 27


فَإِذَا ٱسۡتَوَيۡتَ أَنتَ وَمَن مَّعَكَ عَلَى ٱلۡفُلۡكِ فَقُلِ ٱلۡحَمۡدُ لِلَّهِ ٱلَّذِي نَجَّىٰنَا مِنَ ٱلۡقَوۡمِ ٱلظَّـٰلِمِينَ

Menawa sira sak ahlinira wis padha munggah prahu, sira nyebuta Asmaningsun menkene, "Sedaya puji punika kunjuk ing Allah, ingkang sampun paring wilujeng dhumateng kawula ahli kawula, kalis saking siksa ingkang numpes para tiyang ingkang sami nganiayaa (kafir)
Surah Al-Mumenoon, Verse 28


وَقُل رَّبِّ أَنزِلۡنِي مُنزَلٗا مُّبَارَكٗا وَأَنتَ خَيۡرُ ٱلۡمُنزِلِينَ

Ing tembe menawa sira wis mudhun saka prahu, munjuka mengkene, "Dhuh Pangeran kawula, mugi - mugi panjenengan paring panggenan dhateng kawula panggenan ingkang prayogi tur pinaringan berkah. panjenengan punika ingkang kuwasa piyambak paringpanggenan ingkang prayogi lan sae
Surah Al-Mumenoon, Verse 29


إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَأٓيَٰتٖ وَإِن كُنَّا لَمُبۡتَلِينَ

Saktemene kang mengkono iku (kabeh kang wis Ingsun dhawuhake marang Nuh lan kaume) iku dadi tandha yekti kekuwasaaningsun. Lan saktemene Ingsun kang nurunake bilahi (kang banget gedhene marang kaume Nuh)
Surah Al-Mumenoon, Verse 30


ثُمَّ أَنشَأۡنَا مِنۢ بَعۡدِهِمۡ قَرۡنًا ءَاخَرِينَ

Sawise wong - wong mau padha dirusak, Ingsun nuli nitahake kaum (ummat) liyane, (yaiku wong 'Aad, ummate Hud)
Surah Al-Mumenoon, Verse 31


فَأَرۡسَلۡنَا فِيهِمۡ رَسُولٗا مِّنۡهُمۡ أَنِ ٱعۡبُدُواْ ٱللَّهَ مَا لَكُم مِّنۡ إِلَٰهٍ غَيۡرُهُۥٓۚ أَفَلَا تَتَّقُونَ

Ingsun banjur ngutus nabi (Hud), klebu kaum 'Aad, iku Ingsun ngutus andhawuhi para wong 'Aad, mengkene, "Sira padha manembah marang Allah, awit sira ora duwe Pangeran saliyane Allah. Menawa sira nglirwakake pitutur iki apa sira ora wedi marang siksane Allah
Surah Al-Mumenoon, Verse 32


وَقَالَ ٱلۡمَلَأُ مِن قَوۡمِهِ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ وَكَذَّبُواْ بِلِقَآءِ ٱلۡأٓخِرَةِ وَأَتۡرَفۡنَٰهُمۡ فِي ٱلۡحَيَوٰةِ ٱلدُّنۡيَا مَا هَٰذَآ إِلَّا بَشَرٞ مِّثۡلُكُمۡ يَأۡكُلُ مِمَّا تَأۡكُلُونَ مِنۡهُ وَيَشۡرَبُ مِمَّا تَشۡرَبُونَ

Panggedhe wong - wong 'Aad kang padha kafir lan anggorohake kelawan ketemu karo dina akhir, (anggone bakal ditangekake maneh sakwise mati), lan dheweke wis Ingsun paringi kenikmatan ana ing panguripan donya, padha ngucap mangkene, "Nabi Hud iki sapata, ora iya manungsa kaya aku lan kowe kabeh, uga mangan panganan kang padha sira pangan sarta padha ngombe saka barang kang padha sira ombe
Surah Al-Mumenoon, Verse 33


وَلَئِنۡ أَطَعۡتُم بَشَرٗا مِّثۡلَكُمۡ إِنَّكُمۡ إِذٗا لَّخَٰسِرُونَ

Menawa sira padha tanpa budi, mung manut pituture wong sak padhamu wae, sira yekti dadi wong kang kapitunan
Surah Al-Mumenoon, Verse 34


أَيَعِدُكُمۡ أَنَّكُمۡ إِذَا مِتُّمۡ وَكُنتُمۡ تُرَابٗا وَعِظَٰمًا أَنَّكُم مُّخۡرَجُونَ

Apa Hud janji marang sira, menaaw sira mati, ing mangka sira wis dadi lemah lan balung saktemene sira bakal diuripake maneh
Surah Al-Mumenoon, Verse 35


۞هَيۡهَاتَ هَيۡهَاتَ لِمَا تُوعَدُونَ

Adoh temen, adoh temen, apa kang dijanjikake marang sira kabeh iku
Surah Al-Mumenoon, Verse 36


إِنۡ هِيَ إِلَّا حَيَاتُنَا ٱلدُّنۡيَا نَمُوتُ وَنَحۡيَا وَمَا نَحۡنُ بِمَبۡعُوثِينَ

Urip ingsun iki ora ana maneh kajaba urip ana ing donya, ing tembe bakal mati, sakwise mati, ora pisan - pisan aku kabeh bakal ditangekake
Surah Al-Mumenoon, Verse 37


إِنۡ هُوَ إِلَّا رَجُلٌ ٱفۡتَرَىٰ عَلَى ٱللَّهِ كَذِبٗا وَمَا نَحۡنُ لَهُۥ بِمُؤۡمِنِينَ

Panemuku Hud ngaku Rosul iku saktemene ora liya mung wong lanang pinter gawe - gawe, ngucapake gegorohan diakokake terang dhawuhe Allah. Aku kabeh ora ngandel
Surah Al-Mumenoon, Verse 38


قَالَ رَبِّ ٱنصُرۡنِي بِمَا كَذَّبُونِ

Hud munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, sarehning para ummat kawula sampun cetha sami maiben dhateng kula mugi Panjenengan kersa paring pitulungan dhateng kawula
Surah Al-Mumenoon, Verse 39


قَالَ عَمَّا قَلِيلٖ لَّيُصۡبِحُنَّ نَٰدِمِينَ

Allah paring pangandika, "Sedhela engkas wong kafir iku bakal getun, keduwung anggone padha maido dhawuhingsun
Surah Al-Mumenoon, Verse 40


فَأَخَذَتۡهُمُ ٱلصَّيۡحَةُ بِٱلۡحَقِّ فَجَعَلۡنَٰهُمۡ غُثَآءٗۚ فَبُعۡدٗا لِّلۡقَوۡمِ ٱلظَّـٰلِمِينَ

Wong - wong kafir mau banjur tumpes dening jeritane malaikat Jibril kelawan temen - temen, wong mau nuli Ingsun gawe kaya woh garing (kaya kang digawe banjir). Wong - wong kafir iku tangeh pikantuk rohmate Allah
Surah Al-Mumenoon, Verse 41


ثُمَّ أَنشَأۡنَا مِنۢ بَعۡدِهِمۡ قُرُونًا ءَاخَرِينَ

Sak pungkure wong - wong 'Aad kang padha tumpes, Ingsun banjur nitahake gantine. (kayata ummate Nabi Shalih, Ibrahim, Luth lan ummate Nabi Su'aib)
Surah Al-Mumenoon, Verse 42


مَا تَسۡبِقُ مِنۡ أُمَّةٍ أَجَلَهَا وَمَا يَسۡتَـٔۡخِرُونَ

Ora ana sawijining ummat kang bisa andhisiki ajale lan ora bisa ngundurake
Surah Al-Mumenoon, Verse 43


ثُمَّ أَرۡسَلۡنَا رُسُلَنَا تَتۡرَاۖ كُلَّ مَا جَآءَ أُمَّةٗ رَّسُولُهَا كَذَّبُوهُۖ فَأَتۡبَعۡنَا بَعۡضَهُم بَعۡضٗا وَجَعَلۡنَٰهُمۡ أَحَادِيثَۚ فَبُعۡدٗا لِّقَوۡمٖ لَّا يُؤۡمِنُونَ

Sakwise iku, Ingsun banjur ngutus para rosul gilir-gumanti. Saben ana rosul nerangake marang ummate, para ummat mau padha anggorohake marang rasule. Mulane para ummat mau iya banjur Ingsun rusak (kaya ummat kang wis dhisik) sarta sejarahe Ingsun dadekake tuladan minangka pepenget marang ummat kang kari, wong kang ora iman padha adoh saka rohmate Allah
Surah Al-Mumenoon, Verse 44


ثُمَّ أَرۡسَلۡنَا مُوسَىٰ وَأَخَاهُ هَٰرُونَ بِـَٔايَٰتِنَا وَسُلۡطَٰنٖ مُّبِينٍ

Ingsun banjur ngutus Musa lan sedulure aran Harun kanthi tandha yekti lan keterangan kang nyata
Surah Al-Mumenoon, Verse 45


إِلَىٰ فِرۡعَوۡنَ وَمَلَإِيْهِۦ فَٱسۡتَكۡبَرُواْ وَكَانُواْ قَوۡمًا عَالِينَ

Rawuh marang Fir'aun dalah para punggawane. Nanging dheweke iku padha nggumedhe sarta kumalungkung
Surah Al-Mumenoon, Verse 46


فَقَالُوٓاْ أَنُؤۡمِنُ لِبَشَرَيۡنِ مِثۡلِنَا وَقَوۡمُهُمَا لَنَا عَٰبِدُونَ

Fir'aun sak punggawane padha ngucap, "Ya gene aku gelem percaya marang wong loro kang padha wae karo aku, tur kaume (yaiku wong bani Israil) padha kumawula marang aku
Surah Al-Mumenoon, Verse 47


فَكَذَّبُوهُمَا فَكَانُواْ مِنَ ٱلۡمُهۡلَكِينَ

Fir'aun dalah punggawane padha anggorohake Musa lan Harun, dheweke padha tumpes dirusak dening Allah (katungkeban ing segara Qulzum)
Surah Al-Mumenoon, Verse 48


وَلَقَدۡ ءَاتَيۡنَا مُوسَى ٱلۡكِتَٰبَ لَعَلَّهُمۡ يَهۡتَدُونَ

Lan temen Ingsun wos paring kitab Taurat marang Musa, supaya wong - wong bani Israil padha pikantuk pituduh bener sarta ngestokake surasane kitab Taurat
Surah Al-Mumenoon, Verse 49


وَجَعَلۡنَا ٱبۡنَ مَرۡيَمَ وَأُمَّهُۥٓ ءَايَةٗ وَءَاوَيۡنَٰهُمَآ إِلَىٰ رَبۡوَةٖ ذَاتِ قَرَارٖ وَمَعِينٖ

Lan Ingsun wis dadekake ('Isa) putrane Maryam sarta ibune minangka tandha yekti kuasaningsun. Lan sak klorone wis Ingsun panggonake ana ing panggonan kang dhuwur (yaiku Baitul Muqaddas) kang palemahane rata tur gemah ripah loh jinawi lan ana kaline kang mili banyu
Surah Al-Mumenoon, Verse 50


يَـٰٓأَيُّهَا ٱلرُّسُلُ كُلُواْ مِنَ ٱلطَّيِّبَٰتِ وَٱعۡمَلُواْ صَٰلِحًاۖ إِنِّي بِمَا تَعۡمَلُونَ عَلِيمٞ

He para utusan sira padha mangana saka panganan kang becik - becik (halal), lan padha nindakna kabecikan, saktemene Ingsun iku maha Ngudaneni marang barang kang padha sira tindakake
Surah Al-Mumenoon, Verse 51


وَإِنَّ هَٰذِهِۦٓ أُمَّتُكُمۡ أُمَّةٗ وَٰحِدَةٗ وَأَنَا۠ رَبُّكُمۡ فَٱتَّقُونِ

Sumurupa saktemene agama Islam iku agama lan syareatira kang siji (Islam). Lan Ingsun iku Pangeran ira kabeh, jalaran sangka sira padha bektia marang Ingsun (padha taqwa)
Surah Al-Mumenoon, Verse 52


فَتَقَطَّعُوٓاْ أَمۡرَهُم بَيۡنَهُمۡ زُبُرٗاۖ كُلُّ حِزۡبِۭ بِمَا لَدَيۡهِمۡ فَرِحُونَ

Ewo dene menungsa banjur beda - beda agamane, dadi pirang - pirang golongan; siji - sijine golongan padha kenceng ngrungkepi panemune dhewe - dhewe padha nduwe pangira menawa agama kang dirungkepi iku wis bener
Surah Al-Mumenoon, Verse 53


فَذَرۡهُمۡ فِي غَمۡرَتِهِمۡ حَتَّىٰ حِينٍ

Wong mengkono mau tinggalen ing kesasarane lan kekafirane (karoben padha mek-mekan kaya wong wuta) nganti tekan mangsane (dheweke padha mati)
Surah Al-Mumenoon, Verse 54


أَيَحۡسَبُونَ أَنَّمَا نُمِدُّهُم بِهِۦ مِن مَّالٖ وَبَنِينَ

Wong - wong kafir mau apa duwe pangira, menawa saktemene kabeh kang wis Ingsun paringake ana ing donya saka banda lan anak (kadadekake kenikmatan)
Surah Al-Mumenoon, Verse 55


نُسَارِعُ لَهُمۡ فِي ٱلۡخَيۡرَٰتِۚ بَل لَّا يَشۡعُرُونَ

Kang Ingsun enggal - enggal paringake minangka ganjarane wng - wong anggone padha tumindak becik? Saktemene dheweke padha ora sumurup menawa iku panglulu
Surah Al-Mumenoon, Verse 56


إِنَّ ٱلَّذِينَ هُم مِّنۡ خَشۡيَةِ رَبِّهِم مُّشۡفِقُونَ

Saktemene wong - wong kang padha wedi siksane Allah nganti padha konjem saking dening bektine marang pangerane
Surah Al-Mumenoon, Verse 57


وَٱلَّذِينَ هُم بِـَٔايَٰتِ رَبِّهِمۡ يُؤۡمِنُونَ

Lan kang padha iman ngandel marang ayate Allah pangerane
Surah Al-Mumenoon, Verse 58


وَٱلَّذِينَ هُم بِرَبِّهِمۡ لَا يُشۡرِكُونَ

Lan ora nyekuthokake marang Pangerane
Surah Al-Mumenoon, Verse 59


وَٱلَّذِينَ يُؤۡتُونَ مَآ ءَاتَواْ وَّقُلُوبُهُمۡ وَجِلَةٌ أَنَّهُمۡ إِلَىٰ رَبِّهِمۡ رَٰجِعُونَ

Lan wong - wong kang padha menehake barang kang wis diparingake marang dheweke (saka zakat lan shodaqoh), sarta atine wedi mbok menawa kebecikane ora dianggep dening Allah amarga wong Mukmin mau padha rumangsa ing tembe bakal padha bali marang Pangerane
Surah Al-Mumenoon, Verse 60


أُوْلَـٰٓئِكَ يُسَٰرِعُونَ فِي ٱلۡخَيۡرَٰتِ وَهُمۡ لَهَا سَٰبِقُونَ

Wong kang mengkono iku padha balapan lan sregep nindakake kebecikan, lan padha dhisik - dhisikan anggone nindakake kebecikan
Surah Al-Mumenoon, Verse 61


وَلَا نُكَلِّفُ نَفۡسًا إِلَّا وُسۡعَهَاۚ وَلَدَيۡنَا كِتَٰبٞ يَنطِقُ بِٱلۡحَقِّ وَهُمۡ لَا يُظۡلَمُونَ

Lan Ingsun ora merdi marang sawijining awak, kajaba sak kuwasane, (nglakoni barang kang rekasa). Ingsun kagungan kitab kang nerangake kelawan temen. para wong Mukmin ora bakal dianiaya
Surah Al-Mumenoon, Verse 62


بَلۡ قُلُوبُهُمۡ فِي غَمۡرَةٖ مِّنۡ هَٰذَا وَلَهُمۡ أَعۡمَٰلٞ مِّن دُونِ ذَٰلِكَ هُمۡ لَهَا عَٰمِلُونَ

Nanging atine wong kafir padha kelimput ora nindakake isine al-Qur'an, padha duwe tindak ala (ora kaya tindakke wong - wong mukmin kang kasebut mau) padha andodro anggone tindak ala mau, mulane padha disiksa
Surah Al-Mumenoon, Verse 63


حَتَّىٰٓ إِذَآ أَخَذۡنَا مُتۡرَفِيهِم بِٱلۡعَذَابِ إِذَا هُمۡ يَجۡـَٔرُونَ

Bareng wis tekan mangsane Ingsun banjur matrapi siksa marang para panggedhene wong kafir mau, ing kono banjur padha sesambat
Surah Al-Mumenoon, Verse 64


لَا تَجۡـَٔرُواْ ٱلۡيَوۡمَۖ إِنَّكُم مِّنَّا لَا تُنصَرُونَ

Wong kafir nuli didhawuhi, "He wong kafir ing dina iki sira aja sesambat, awit sira ora bakal pikantuk pitulungan
Surah Al-Mumenoon, Verse 65


قَدۡ كَانَتۡ ءَايَٰتِي تُتۡلَىٰ عَلَيۡكُمۡ فَكُنتُمۡ عَلَىٰٓ أَعۡقَٰبِكُمۡ تَنكِصُونَ

Awit saktemene sira wis diwacakake ayat - ayatingsun, nanging sira padha mlengos bali marang agamanira kang dhisik
Surah Al-Mumenoon, Verse 66


مُسۡتَكۡبِرِينَ بِهِۦ سَٰمِرٗا تَهۡجُرُونَ

Padha nggumedhe klawan ngaku - aku (anduweni Baitullah), sarta sira padha mlengos soko al-Quran, rame - rame (ngala - ala al-QUr'an ana sak kiwa tengene Baitullah)
Surah Al-Mumenoon, Verse 67


أَفَلَمۡ يَدَّبَّرُواْ ٱلۡقَوۡلَ أَمۡ جَآءَهُم مَّا لَمۡ يَأۡتِ ءَابَآءَهُمُ ٱلۡأَوَّلِينَ

Yagene wong kafir mau ora gelem niti priksa (mikir) dhawuhing al-Qur'an, apa padha rumangsa didhawuhi barang kang durung didhawuhake Allah marang leluhure biyen
Surah Al-Mumenoon, Verse 68


أَمۡ لَمۡ يَعۡرِفُواْ رَسُولَهُمۡ فَهُمۡ لَهُۥ مُنكِرُونَ

Apa wong kafir mau ora weruh marang Rasule, (nabi Muhammad) banjur dheweke padha mungkiri marang utusane iku
Surah Al-Mumenoon, Verse 69


أَمۡ يَقُولُونَ بِهِۦ جِنَّةُۢۚ بَلۡ جَآءَهُم بِٱلۡحَقِّ وَأَكۡثَرُهُمۡ لِلۡحَقِّ كَٰرِهُونَ

Utawa apa dheweke padha ngarani menawa utusan (Muhammad) kang owah akale ? Saktemene utusan mau wis rawuh marang wong - wong iku kanthi ndhawuhake agama kang bener. Nanging akeh - akehe wong iku padha gething marang kang bener
Surah Al-Mumenoon, Verse 70


وَلَوِ ٱتَّبَعَ ٱلۡحَقُّ أَهۡوَآءَهُمۡ لَفَسَدَتِ ٱلسَّمَٰوَٰتُ وَٱلۡأَرۡضُ وَمَن فِيهِنَّۚ بَلۡ أَتَيۡنَٰهُم بِذِكۡرِهِمۡ فَهُمۡ عَن ذِكۡرِهِم مُّعۡرِضُونَ

Lan sak upama kebeneran (al-Qur'an) iku manut marang hawa nafsune wong - wong mau (anggone musyrik nganakake pangeran sak liyane Allah, ngarani Allah iku peputra lan sepadhane) mesthi langit bumi sak isine kabeh iku padha rusak. Saktemene Ingsun wis dhawuhake al-QUr'an iki marang wong - wong mau nanging dheweke padha mlengos saka pepilinge
Surah Al-Mumenoon, Verse 71


أَمۡ تَسۡـَٔلُهُمۡ خَرۡجٗا فَخَرَاجُ رَبِّكَ خَيۡرٞۖ وَهُوَ خَيۡرُ ٱلرَّـٰزِقِينَ

Utawa apa anggonira andhawuhake al-Qur'an iki sira nganggo anjaluk pituwas marang wong kafir, sumurupa ganjaran pangeranira iku luweih becik. Dene Allah iku becik - becike dzat kang paring rejeki (paring ganjaran)
Surah Al-Mumenoon, Verse 72


وَإِنَّكَ لَتَدۡعُوهُمۡ إِلَىٰ صِرَٰطٖ مُّسۡتَقِيمٖ

Lan saktemene sira (Muhammad) iku temen ajak - ajak ing wong - wong mau marang dalan kang bener (agama Islam)
Surah Al-Mumenoon, Verse 73


وَإِنَّ ٱلَّذِينَ لَا يُؤۡمِنُونَ بِٱلۡأٓخِرَةِ عَنِ ٱلصِّرَٰطِ لَنَٰكِبُونَ

Lan saktemene wong - wong kang ora percaya marang akherat iku nyimpang saka agama kang bener
Surah Al-Mumenoon, Verse 74


۞وَلَوۡ رَحِمۡنَٰهُمۡ وَكَشَفۡنَا مَا بِهِم مِّن ضُرّٖ لَّلَجُّواْ فِي طُغۡيَٰنِهِمۡ يَعۡمَهُونَ

Lan upama wong - wong kafir iku Ignsun paringi rahmat lan Ingsun ilangake kesusahane (anggone nandang pailan) mesthi sangsaya ndodro anggone nasar, bali kaya mau - maune
Surah Al-Mumenoon, Verse 75


وَلَقَدۡ أَخَذۡنَٰهُم بِٱلۡعَذَابِ فَمَا ٱسۡتَكَانُواْ لِرَبِّهِمۡ وَمَا يَتَضَرَّعُونَ

Lan yekti saktemene Ingsun wis nurunake siksa marang wong - wong mau (wujud pailan) nanging dheweke meksa ora gelem sumungkem (andhap asor) marang pangerane lan ora gelem mareni anggone nasar (ora gelem ndendepe)
Surah Al-Mumenoon, Verse 76


حَتَّىٰٓ إِذَا فَتَحۡنَا عَلَيۡهِم بَابٗا ذَا عَذَابٖ شَدِيدٍ إِذَا هُمۡ فِيهِ مُبۡلِسُونَ

Nganti padha Ingsun bukaki lawange siksa kang banget abote (yaiku mati ana ing perang Badar), ing kono padha kasip ora bisa ngarep - arep kabecikan
Surah Al-Mumenoon, Verse 77


وَهُوَ ٱلَّذِيٓ أَنشَأَ لَكُمُ ٱلسَّمۡعَ وَٱلۡأَبۡصَٰرَ وَٱلۡأَفۡـِٔدَةَۚ قَلِيلٗا مَّا تَشۡكُرُونَ

Lan panjenengane iku kang wis gawe pengrungu, pandeleng lan ati kanggo sira kabeh nanging sethithik banget sira kang padha syukur
Surah Al-Mumenoon, Verse 78


وَهُوَ ٱلَّذِي ذَرَأَكُمۡ فِي ٱلۡأَرۡضِ وَإِلَيۡهِ تُحۡشَرُونَ

Lan panjenengane iku kang wis gawe pengrungu, pandeleng lan ati kanggo sira kabeh nanging sethithik banget sira kang padha syukur
Surah Al-Mumenoon, Verse 79


وَهُوَ ٱلَّذِي يُحۡيِۦ وَيُمِيتُ وَلَهُ ٱخۡتِلَٰفُ ٱلَّيۡلِ وَٱلنَّهَارِۚ أَفَلَا تَعۡقِلُونَ

Lan panjenengane iku kang gawe urip gawe pati, lan mung panjenengane piyambak kang nguasani bedane wengi lan rina, apa sira padha ora mikir
Surah Al-Mumenoon, Verse 80


بَلۡ قَالُواْ مِثۡلَ مَا قَالَ ٱلۡأَوَّلُونَ

Nanging wong - wong kafir mau padha ngucap kaya pengucape wong kafir jaman biyen
Surah Al-Mumenoon, Verse 81


قَالُوٓاْ أَءِذَا مِتۡنَا وَكُنَّا تُرَابٗا وَعِظَٰمًا أَءِنَّا لَمَبۡعُوثُونَ

Wong - wong kafir biyen padha ngucap mengkene, "Besuk menawa aku wis mati sarta wis dadi lemah lan dadi balung apa iya aku kabeh padha bakal ditangekake (diuripake maneh)
Surah Al-Mumenoon, Verse 82


لَقَدۡ وُعِدۡنَا نَحۡنُ وَءَابَآؤُنَا هَٰذَا مِن قَبۡلُ إِنۡ هَٰذَآ إِلَّآ أَسَٰطِيرُ ٱلۡأَوَّلِينَ

Saktemene bab bakal tangine wong kang wis mati iku aku iya wis didhawuhi (Muhammad), para leluhur biyen iya padha didhawuhi dening Rosule dhewe - dhewe. Nanging panemuku kang kaya mengkono ora liya mung gawe - gawene wong jaman biyen, ora bakal ana nyatane
Surah Al-Mumenoon, Verse 83


قُل لِّمَنِ ٱلۡأَرۡضُ وَمَن فِيهَآ إِن كُنتُمۡ تَعۡلَمُونَ

(Muhammad) sira dhawuha, "KAgungane sapa bumi dalah sak isine kabeh iki yen nyata sira sumurp (marang kang kagungan)
Surah Al-Mumenoon, Verse 84


سَيَقُولُونَ لِلَّهِۚ قُلۡ أَفَلَا تَذَكَّرُونَ

Wong - wong kafir mau bakal padha mangsuli, "KAgungane Allah". Yen wis mangsuli mengkono sira dhawuha maneh, "Yo gene kowe padha ora mangerti menawa Pangeran kang kuasa nganakake menungsa iku uga kuasa nguripake wong kang wus mati
Surah Al-Mumenoon, Verse 85


قُلۡ مَن رَّبُّ ٱلسَّمَٰوَٰتِ ٱلسَّبۡعِ وَرَبُّ ٱلۡعَرۡشِ ٱلۡعَظِيمِ

(Muhammad) sira dhawuha, "Sapa Pangerane pitung langit lan Pangeraning Arsy
Surah Al-Mumenoon, Verse 86


سَيَقُولُونَ لِلَّهِۚ قُلۡ أَفَلَا تَتَّقُونَ

Wong - wong kafir mesthi padha mangsuli, "Kabeh iku kagungane Allah". Yen wis mangsuli mengkono sira banjur dhawuha, "Yogene kowe padha ora wedi manembah sakliyane Allah
Surah Al-Mumenoon, Verse 87


قُلۡ مَنۢ بِيَدِهِۦ مَلَكُوتُ كُلِّ شَيۡءٖ وَهُوَ يُجِيرُ وَلَا يُجَارُ عَلَيۡهِ إِن كُنتُمۡ تَعۡلَمُونَ

(Muhammad) sira nuli dhawuha maneh mara sapa kang kagungan ngasta pusarane kabeh barang kang dumadi, tur kuasa rumeksa marang barang mau, apa dene ora ana kang bisa ngalang - alangi kersani tumrap kabeh barang kang dumadi mau, apa sira padha sumurup
Surah Al-Mumenoon, Verse 88


سَيَقُولُونَ لِلَّهِۚ قُلۡ فَأَنَّىٰ تُسۡحَرُونَ

Wong - wong kafir mau mesthi padha mangsuli, "Kabeh iku kagungane Allah". Yen wis mangsuli mengkono sira dhawuha, "Kepriye kowe padha ora gelem sumungkem ngabekti marang Allah, barang wis terang bener teka kok arani luput
Surah Al-Mumenoon, Verse 89


بَلۡ أَتَيۡنَٰهُم بِٱلۡحَقِّ وَإِنَّهُمۡ لَكَٰذِبُونَ

(Muhammad) Ingsun wis andhawuhake barang kang hak marang wong kafir (yaiku anggone ngarani ALlah peputra iku mukhal lan anggone padha musyrik iku luput). Saktemene pengucape wong - wong kafir iku padha goroh
Surah Al-Mumenoon, Verse 90


مَا ٱتَّخَذَ ٱللَّهُ مِن وَلَدٖ وَمَا كَانَ مَعَهُۥ مِنۡ إِلَٰهٍۚ إِذٗا لَّذَهَبَ كُلُّ إِلَٰهِۭ بِمَا خَلَقَ وَلَعَلَا بَعۡضُهُمۡ عَلَىٰ بَعۡضٖۚ سُبۡحَٰنَ ٱللَّهِ عَمَّا يَصِفُونَ

Kang hak, Allah iku ora peputra, lan ora ana barang kang melu jumeneng pangeran, mesthi siji - sijine pangeran mau kudu ngalahake marang pangerane (kabeh iku ora ana nyatane). Allah iku maha suci saka sesipatan kang diucapake wong - wong kafir mau
Surah Al-Mumenoon, Verse 91


عَٰلِمِ ٱلۡغَيۡبِ وَٱلشَّهَٰدَةِ فَتَعَٰلَىٰ عَمَّا يُشۡرِكُونَ

Allah iku nguningani barang kang ghaib lan barang kang kasat mata. Maha luhur Allah saka barang kang disekutokake dening wong kafir mau
Surah Al-Mumenoon, Verse 92


قُل رَّبِّ إِمَّا تُرِيَنِّي مَا يُوعَدُونَ

(Muhammad) sira munjukka marang Ingsun mengkene, "Dhuh Panjenengan badhe maringi sumerap dhumateng kawula, anggen panjenengan ngleksanani siksa dhateng tiyang kafir ingkang sampun panjenengan janjekaken
Surah Al-Mumenoon, Verse 93


رَبِّ فَلَا تَجۡعَلۡنِي فِي ٱلۡقَوۡمِ ٱلظَّـٰلِمِينَ

Dhuh Pangeran kawula mugi panjenengan mugi sampun ngatuttaken kawula kasarengake tumut risak para tiyang kafir wau
Surah Al-Mumenoon, Verse 94


وَإِنَّا عَلَىٰٓ أَن نُّرِيَكَ مَا نَعِدُهُمۡ لَقَٰدِرُونَ

(Muhammad) saktemen Ingsun kuasa nuduhake marang sira ing siksa kang wis Ingsun janjekake marang wong - wong mau
Surah Al-Mumenoon, Verse 95


ٱدۡفَعۡ بِٱلَّتِي هِيَ أَحۡسَنُ ٱلسَّيِّئَةَۚ نَحۡنُ أَعۡلَمُ بِمَا يَصِفُونَ

(Muhammad) sira nulaka tindak ala kelawan tindak kang luwih becik. Ingsun luwih ngudaneni marang barang kang diucapake dening wong - wong kafir mau (ucapan goroh)
Surah Al-Mumenoon, Verse 96


وَقُل رَّبِّ أَعُوذُ بِكَ مِنۡ هَمَزَٰتِ ٱلشَّيَٰطِينِ

(Muhammad) sira munjukka mengkene, "Dhuh Pangeran kawula, Kawula nyuwun reksa dhumateng panjenengan saking panggodaning syetan - syetan
Surah Al-Mumenoon, Verse 97


وَأَعُوذُ بِكَ رَبِّ أَن يَحۡضُرُونِ

Dhuh pangeran, kawula nyuwun reksa sampun ngantos kedhatengan syetan wau
Surah Al-Mumenoon, Verse 98


حَتَّىٰٓ إِذَا جَآءَ أَحَدَهُمُ ٱلۡمَوۡتُ قَالَ رَبِّ ٱرۡجِعُونِ

Wong - wong kafir mau anggone padha musyrik kebacut nganti tekan matine, ing kono banjur ngunjuk ing Allah, "Dhuh pangeran kawula, mugi panjenengan mangsulaken dhateng donya malih
Surah Al-Mumenoon, Verse 99


لَعَلِّيٓ أَعۡمَلُ صَٰلِحٗا فِيمَا تَرَكۡتُۚ كَلَّآۚ إِنَّهَا كَلِمَةٌ هُوَ قَآئِلُهَاۖ وَمِن وَرَآئِهِم بَرۡزَخٌ إِلَىٰ يَوۡمِ يُبۡعَثُونَ

Supados kawula saget (maos syahadat) nindakaken kesaenan wonten ing donya. Ing perkawis ingkang kawula tilar". (Pangandikane Allah), "Ora pisan - pisan bisabali", saktemene penyuwune iku mung gunem kang diucapake kang ora ana gunane, lan ing sakburine ana aling - aling kang ngalang - alangi wong - wong mau bali marang donya, nganti dinane ditangekake saka pati
Surah Al-Mumenoon, Verse 100


فَإِذَا نُفِخَ فِي ٱلصُّورِ فَلَآ أَنسَابَ بَيۡنَهُمۡ يَوۡمَئِذٖ وَلَا يَتَسَآءَلُونَ

Ing besuk menawa slomprete (malaikat Israfil) wis diunekake (dina Qiyamat) dina iku ora ana maneh hambek kumaluhur ing bab nasabe lan ora ana maneh sing takon - tinakon
Surah Al-Mumenoon, Verse 101


فَمَن ثَقُلَتۡ مَوَٰزِينُهُۥ فَأُوْلَـٰٓئِكَ هُمُ ٱلۡمُفۡلِحُونَ

Sing sapa kang abot timbangane (kabecikan) won g- wong iku kang pikantuk kabegjan
Surah Al-Mumenoon, Verse 102


وَمَنۡ خَفَّتۡ مَوَٰزِينُهُۥ فَأُوْلَـٰٓئِكَ ٱلَّذِينَ خَسِرُوٓاْ أَنفُسَهُمۡ فِي جَهَنَّمَ خَٰلِدُونَ

Dene wong kang entheng timbangane, wong - wong mau kang padha kapitunan akawe dhewe bakal langgeng ana ing neraka jahannam
Surah Al-Mumenoon, Verse 103


تَلۡفَحُ وُجُوهَهُمُ ٱلنَّارُ وَهُمۡ فِيهَا كَٰلِحُونَ

Rahine padha gosong dening geni, wong - wong kafir mau ana ing neraka padha mrengut (mringis)
Surah Al-Mumenoon, Verse 104


أَلَمۡ تَكُنۡ ءَايَٰتِي تُتۡلَىٰ عَلَيۡكُمۡ فَكُنتُم بِهَا تُكَذِّبُونَ

Wong - wong kafir mau banjur padha tampa dhawuh, "Nalika sira ana ing donya apa ora wis diwacakake ayat - ayat ingsun, dhek samana sira padha anggorohake
Surah Al-Mumenoon, Verse 105


قَالُواْ رَبَّنَا غَلَبَتۡ عَلَيۡنَا شِقۡوَتُنَا وَكُنَّا قَوۡمٗا ضَآلِّينَ

Wong - wong kafir mau bajur padha ngunjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, anggen kula maiben punika jalaran sampun kalindhih dhateng cilaka ingkang tuwuh saking awonipun lampah kawula, mila dados tiyang kesasar
Surah Al-Mumenoon, Verse 106


رَبَّنَآ أَخۡرِجۡنَا مِنۡهَا فَإِنۡ عُدۡنَا فَإِنَّا ظَٰلِمُونَ

Dhuh Pangeran, kawula mugi panjenengan entasaken saking neraka. Menawi ngantos sami purun wangsul kafir malih kaula tetep nganiaya dhateng badan kula piyambak
Surah Al-Mumenoon, Verse 107


قَالَ ٱخۡسَـُٔواْ فِيهَا وَلَا تُكَلِّمُونِ

Allah paring pangendika, "Sira kabeh dadiya asor ana ing neraka, lan aja kakeyan atur marang Ingsun (nyuwun dientasake saka neraka)
Surah Al-Mumenoon, Verse 108


إِنَّهُۥ كَانَ فَرِيقٞ مِّنۡ عِبَادِي يَقُولُونَ رَبَّنَآ ءَامَنَّا فَٱغۡفِرۡ لَنَا وَٱرۡحَمۡنَا وَأَنتَ خَيۡرُ ٱلرَّـٰحِمِينَ

Sak temene ana kawulaingsun sak watara yaiku wong mukmin kang padha munjuk marang Ingsun mengkene, "Dhuh pangeran, kawula punika iman dhateng panjenengan mugi - mugi panjenengan kersa paring pangapunten dhateng kalepatan, saha mugi angngrentahna sih dumateng kawula. Inggih Panjenengan punika sae - sae ning dzat ingkang paring rahmat
Surah Al-Mumenoon, Verse 109


فَٱتَّخَذۡتُمُوهُمۡ سِخۡرِيًّا حَتَّىٰٓ أَنسَوۡكُمۡ ذِكۡرِي وَكُنتُم مِّنۡهُمۡ تَضۡحَكُونَ

(He wong kafir) kawulaningsun kang padha munjuk mengkono mau banjur padha sira anggo bulang - bulang lan sira nggeguyu nganti kelimput lali marang Ingsun
Surah Al-Mumenoon, Verse 110


إِنِّي جَزَيۡتُهُمُ ٱلۡيَوۡمَ بِمَا صَبَرُوٓاْ أَنَّهُمۡ هُمُ ٱلۡفَآئِزُونَ

Saktemene dina iki, Ingsun angganjar wong - wong mukmin kelawan suwarga jalaran anggone sabar lan teguh atine. Saktemene dheweke wong mukimin iku wong - wong kangpadha pikantuk kabegjan
Surah Al-Mumenoon, Verse 111


قَٰلَ كَمۡ لَبِثۡتُمۡ فِي ٱلۡأَرۡضِ عَدَدَ سِنِينَ

ALla andangu marang wong kafir, "He wong kafir, pirang tahun lawase sira manggon ana ing bumi
Surah Al-Mumenoon, Verse 112


قَالُواْ لَبِثۡنَا يَوۡمًا أَوۡ بَعۡضَ يَوۡمٖ فَسۡـَٔلِ ٱلۡعَآدِّينَ

(Wong - wong kafir mau) banjur padha matur, "Anggen kawula wonten ing donya rumiyin namung sedinten utawi setengah dinten. SUmangga andangua dhumateng Malaikat ingkang nyatheti ngamaling manungsa
Surah Al-Mumenoon, Verse 113


قَٰلَ إِن لَّبِثۡتُمۡ إِلَّا قَلِيلٗاۖ لَّوۡ أَنَّكُمۡ كُنتُمۡ تَعۡلَمُونَ

Allah ngendika, "Menawa sira padha weruh lan mangerti, anggonira ana ing donya biyen, mung sedhela banget, menawa sira weruh
Surah Al-Mumenoon, Verse 114


أَفَحَسِبۡتُمۡ أَنَّمَا خَلَقۡنَٰكُمۡ عَبَثٗا وَأَنَّكُمۡ إِلَيۡنَا لَا تُرۡجَعُونَ

Apa sira duwe pengira, menawa anggoningsun nitahake sira iku mung dedolanan, tanpa guna, lan saktemene sira ora disowanake marang ngasaningsun
Surah Al-Mumenoon, Verse 115


فَتَعَٰلَى ٱللَّهُ ٱلۡمَلِكُ ٱلۡحَقُّۖ لَآ إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ رَبُّ ٱلۡعَرۡشِ ٱلۡكَرِيمِ

Maha luhur Allah. Raja kang sejati (haq), ora ana Pangeran kang wajib disembah kejaba Panjenengane piyambak, Pangeran Arasy kang mulya
Surah Al-Mumenoon, Verse 116


وَمَن يَدۡعُ مَعَ ٱللَّهِ إِلَٰهًا ءَاخَرَ لَا بُرۡهَٰنَ لَهُۥ بِهِۦ فَإِنَّمَا حِسَابُهُۥ عِندَ رَبِّهِۦٓۚ إِنَّهُۥ لَا يُفۡلِحُ ٱلۡكَٰفِرُونَ

Dene wong kang manembah marang pangeran liya bebarengan manembah marang Allah, etmen dheweke ora duweni tandha yekti lan keterangan marang kepengeranane sesembahan liyane iku, saktemene piwalese wong - wong mau mung gumantung marang Pangerane. Saktemene wong - wong kafir iku ora pikatuk kabegjan
Surah Al-Mumenoon, Verse 117


وَقُل رَّبِّ ٱغۡفِرۡ وَٱرۡحَمۡ وَأَنتَ خَيۡرُ ٱلرَّـٰحِمِينَ

(Muhammad) sira munjuka marang Pangeranira, "Dhuh Pangeran kawula, mugi - mugi Panjenengan kersa paring pangapunten tuwin kersa paring rahmat dhateng para kawula ingkang mukmin. Dne Panjenengan punika sae - saening Pangeran ingkang paring rahmat (sempurna Piyambak)
Surah Al-Mumenoon, Verse 118


Author: Unknown


<< Surah 22
>> Surah 24

Javanese Translations by other Authors


Javanese Translation By Unknown
Javanese Translation By Unknown
Popular Areas
Apartments for rent in Dubai Apartments for rent Abu Dhabi Villas for rent in Dubai House for rent Abu Dhabi Apartments for sale in Dubai Apartments for sale in Abu Dhabi Flat for rent Sharjah
Popular Searches
Studios for rent in UAE Apartments for rent in UAE Villas for rent in UAE Apartments for sale in UAE Villas for sale in UAE Land for sale in UAE Dubai Real Estate
Trending Areas
Apartments for rent in Dubai Marina Apartments for sale in Dubai Marina Villa for rent in Sharjah Villa for sale in Dubai Flat for rent in Ajman Studio for rent in Abu Dhabi Villa for rent in Ajman
Trending Searches
Villa for rent in Abu Dhabi Shop for rent in Dubai Villas for sale in Ajman Studio for rent in Sharjah 1 Bedroom Apartment for rent in Dubai Property for rent in Abu Dhabi Commercial properties for sale
© Copyright Dubai Prayer Time. All Rights Reserved
Designed by Prayer Time In Dubai