Surah An-Noor Verse 39 - Javanese Translation by Unknown
Surah An-Noorوَٱلَّذِينَ كَفَرُوٓاْ أَعۡمَٰلُهُمۡ كَسَرَابِۭ بِقِيعَةٖ يَحۡسَبُهُ ٱلظَّمۡـَٔانُ مَآءً حَتَّىٰٓ إِذَا جَآءَهُۥ لَمۡ يَجِدۡهُ شَيۡـٔٗا وَوَجَدَ ٱللَّهَ عِندَهُۥ فَوَفَّىٰهُ حِسَابَهُۥۗ وَٱللَّهُ سَرِيعُ ٱلۡحِسَابِ
Dene lakune wong kafir iku, sanepane kaya amun - amun (fatamorgana), ana ing gunung pasir rumangsane wong kang ngelak amun - amun mau dikira banyu, nanging bareng diparani ana ing panggonan kona ora ana apa - apa (wong kafir mau ngira yen lakune iki bakal entuk ganjarang suwarga) malah nemu patrapane Allah wujud siksa neraka. Dene Allah anggone matrapi marang wong kafir mau wis timbang karo keluputane. Dene Allah iku rikat banget pangitunge