Surah An-Noor Verse 40 - Javanese Translation by Unknown
Surah An-Noorأَوۡ كَظُلُمَٰتٖ فِي بَحۡرٖ لُّجِّيّٖ يَغۡشَىٰهُ مَوۡجٞ مِّن فَوۡقِهِۦ مَوۡجٞ مِّن فَوۡقِهِۦ سَحَابٞۚ ظُلُمَٰتُۢ بَعۡضُهَا فَوۡقَ بَعۡضٍ إِذَآ أَخۡرَجَ يَدَهُۥ لَمۡ يَكَدۡ يَرَىٰهَاۗ وَمَن لَّمۡ يَجۡعَلِ ٱللَّهُ لَهُۥ نُورٗا فَمَا لَهُۥ مِن نُّورٍ
Utawa sanepane kaya pepeteng ana telenging segara, katempuh ing alun kang molak - malik. Sakdhuwure alun ana alun maneh, sakdhuwure alun mau ana mendhung. Dadi pepeteng mau tumpa - tumpa telung werna, petenge mendhung, petenge segara lan petenge alun, siji - sijine peteng mau numpangi petenge liyane, ing kono mau wong ndeleng tangane wae ora paja - paja weruh. Sing sapa ora diparingi pepadhang dening Allah dheweke iya ora duwe pepadang, dadi mesthi kesasar