UAE Prayer Times

  • Dubai
  • Abu Dhabi
  • Sharjah
  • Ajman
  • Fujairah
  • Umm Al Quwain
  • Ras Al Khaimah
  • Quran Translations

Surah Al-Furqan - Javanese Translation by Unknown


تَبَارَكَ ٱلَّذِي نَزَّلَ ٱلۡفُرۡقَانَ عَلَىٰ عَبۡدِهِۦ لِيَكُونَ لِلۡعَٰلَمِينَ نَذِيرًا

Maha luhur (Suci Allah Pangeran) kang wis nurunake al-Furqan (al-QUran) kang mbedakake antarane barang kang bener lan barang kang keleru, didhawuhake marang kawulane (Muhammad), minangka kanggo pepeling an pengancam marang kabeh alam (jin lan manungsa)
Surah Al-Furqan, Verse 1


ٱلَّذِي لَهُۥ مُلۡكُ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضِ وَلَمۡ يَتَّخِذۡ وَلَدٗا وَلَمۡ يَكُن لَّهُۥ شَرِيكٞ فِي ٱلۡمُلۡكِ وَخَلَقَ كُلَّ شَيۡءٖ فَقَدَّرَهُۥ تَقۡدِيرٗا

Pangeran kang kagungan kratone langit lan bumi, sarta ora peputra, lan ora ana kang ngembari (nyekuthoni) jumeneng ratu, apadene Allah iku kang nitahake kabeh barang kang dumadi, nuli nindakake lelakone kaya papesthen kang wis tinemtokake
Surah Al-Furqan, Verse 2


وَٱتَّخَذُواْ مِن دُونِهِۦٓ ءَالِهَةٗ لَّا يَخۡلُقُونَ شَيۡـٔٗا وَهُمۡ يُخۡلَقُونَ وَلَا يَمۡلِكُونَ لِأَنفُسِهِمۡ ضَرّٗا وَلَا نَفۡعٗا وَلَا يَمۡلِكُونَ مَوۡتٗا وَلَا حَيَوٰةٗ وَلَا نُشُورٗا

Lan wong - wong kafir (musyrik) iku padha ngedegake (ngalap) Pangeran akeh liyane Alah, iya iku brahala kang ora bisa gawe apa - apa, malah dadine brahala mau sarana digawe dening manungsa. Lan ora bisa nulak bebaya kang bakal tumiba ing awake, apadene ora bisa aweh manga'at marang awake, lan ora bisa gawe urip lan gawe pati, lan ora bisa nangekake wong saka ing pati
Surah Al-Furqan, Verse 3


وَقَالَ ٱلَّذِينَ كَفَرُوٓاْ إِنۡ هَٰذَآ إِلَّآ إِفۡكٌ ٱفۡتَرَىٰهُ وَأَعَانَهُۥ عَلَيۡهِ قَوۡمٌ ءَاخَرُونَۖ فَقَدۡ جَآءُو ظُلۡمٗا وَزُورٗا

Lan wong - wong kafir mau padha celathu, "Qur'an iki ora liya mung gegorohan (pangamandaka). gaweyane (Muhammad) dhewe, sarta dibantu dening wong - wong liyane". (Pangendikane Allah), "Wong - wong kafir kang padha wani celathu mengkono mau, goroh (panganiaya) lan duraka
Surah Al-Furqan, Verse 4


وَقَالُوٓاْ أَسَٰطِيرُ ٱلۡأَوَّلِينَ ٱكۡتَتَبَهَا فَهِيَ تُمۡلَىٰ عَلَيۡهِ بُكۡرَةٗ وَأَصِيلٗا

Lan wong - wong (kafir) mau padha celathu maneh, "Qur'an iku dedongengan kuna kang goroh. (Muhammad) akon nulisi cerita goroh mau, banjur diwacakake saben esuk lan sore, nganti Muhammad dadi apal
Surah Al-Furqan, Verse 5


قُلۡ أَنزَلَهُ ٱلَّذِي يَعۡلَمُ ٱلسِّرَّ فِي ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضِۚ إِنَّهُۥ كَانَ غَفُورٗا رَّحِيمٗا

(Muhammad) sira dhawuha, "Qur'an iku diturunake (didhawuhake) dening Allah kang nguningani barang kang winadi ing langit - langit lan bumi. Satemene Panjenengane Allah iku Maha Pangapura sarta maha asih
Surah Al-Furqan, Verse 6


وَقَالُواْ مَالِ هَٰذَا ٱلرَّسُولِ يَأۡكُلُ ٱلطَّعَامَ وَيَمۡشِي فِي ٱلۡأَسۡوَاقِ لَوۡلَآ أُنزِلَ إِلَيۡهِ مَلَكٞ فَيَكُونَ مَعَهُۥ نَذِيرًا

Lan wong - wong (kafir) mau padha ngucap, "Yagene wong kang ngaku utusane Allah iki teka mangan pepanganan lan lunga menyang pasar - pasar perlu angupa jiwa? padha wae karo aku? Yo gene ora dikandhani malaikat, supaya dadi kancane aweh pepeling (pangancam) manungsa sarta nekseni manawa temen dadi utusane Allah
Surah Al-Furqan, Verse 7


أَوۡ يُلۡقَىٰٓ إِلَيۡهِ كَنزٌ أَوۡ تَكُونُ لَهُۥ جَنَّةٞ يَأۡكُلُ مِنۡهَاۚ وَقَالَ ٱلظَّـٰلِمُونَ إِن تَتَّبِعُونَ إِلَّا رَجُلٗا مَّسۡحُورًا

Utawa amarga apa ora diparingi gedhong saka ing langit kang isi mas picis raja-brana, utawa sebab apa ora duwe palemahan (pakebonan) kang pemetune nyukupi pipangan (dadi ora susah menyang pasar). Wong - wong kafir padha ngucap marang wong mukmin, "Sira iku ora liya mung manut marang wong kang kena ing sihir
Surah Al-Furqan, Verse 8


ٱنظُرۡ كَيۡفَ ضَرَبُواْ لَكَ ٱلۡأَمۡثَٰلَ فَضَلُّواْ فَلَا يَسۡتَطِيعُونَ سَبِيلٗا

(Muhammad) mara sira andelenga wong kanfir anggone gawe upama (gegambaran) tumraping sira (ora paitis iya nekad wae). Awit saka iku wong - wong kafir iku padha kesasar, mulane padha ora pikantuk dalan marang keselametan
Surah Al-Furqan, Verse 9


تَبَارَكَ ٱلَّذِيٓ إِن شَآءَ جَعَلَ لَكَ خَيۡرٗا مِّن ذَٰلِكَ جَنَّـٰتٖ تَجۡرِي مِن تَحۡتِهَا ٱلۡأَنۡهَٰرُ وَيَجۡعَل لَّكَ قُصُورَۢا

Maha Luhur Pangeran kang menawa ana kepareng kersane andamel kanggo sira (Muhammad) kang luwih becik tinimbang kang diucapake dening wong kafir mau gedong isi mas picis raja-brana, palemahan kang pemetune nyukupi. Allah bakal maringi suwarga marang sira, kang ana bengawane mili ana sangisore wit - witan, sarta bakal maringi gedhong lan panggung pirang - pirang marang sira ana ing suwarga
Surah Al-Furqan, Verse 10


بَلۡ كَذَّبُواْ بِٱلسَّاعَةِۖ وَأَعۡتَدۡنَا لِمَن كَذَّبَ بِٱلسَّاعَةِ سَعِيرًا

Wong - wong kafir mau malah padha maido bakal anane dina Qiyamat. Ingsun ngancam siksa neraka sa'ir marang wong kang or apercaya bakal anane dina Qiyamat
Surah Al-Furqan, Verse 11


إِذَا رَأَتۡهُم مِّن مَّكَانِۭ بَعِيدٖ سَمِعُواْ لَهَا تَغَيُّظٗا وَزَفِيرٗا

Menawa (Malaikat Zabaniyah) penjaga neraka iku sumurup wong - wong mau saka kadoha, wong - wong mau padha krungu gembrubug suwarane lan jeritan
Surah Al-Furqan, Verse 12


وَإِذَآ أُلۡقُواْ مِنۡهَا مَكَانٗا ضَيِّقٗا مُّقَرَّنِينَ دَعَوۡاْ هُنَالِكَ ثُبُورٗا

Lan nalikane wong - wong mau dicemplungake ing panggona kang ciyut ing neraka sarta padha dibelenggu lan dirante tangane lan gulune, ana ing kono padha sesambat, "Adhuh cilaka
Surah Al-Furqan, Verse 13


لَّا تَدۡعُواْ ٱلۡيَوۡمَ ثُبُورٗا وَٰحِدٗا وَٱدۡعُواْ ثُبُورٗا كَثِيرٗا

(Ing kono banjur ana malaikat kang mangsuli), "Ing dina iki kowe padha tumiba ing cilaka kang ora mung siji bae, cilakamu akeh lan tumpa - tumpa
Surah Al-Furqan, Verse 14


قُلۡ أَذَٰلِكَ خَيۡرٌ أَمۡ جَنَّةُ ٱلۡخُلۡدِ ٱلَّتِي وُعِدَ ٱلۡمُتَّقُونَۚ كَانَتۡ لَهُمۡ جَزَآءٗ وَمَصِيرٗا

(Muhammad) sira dhawuha, "Apa neraka kang kaya mengkono iku luwih becik, apa luwih becik suwarga kang langgeng, kang dianggo ngebang - ngebang wong kang padha taqwa marang Allah? Allah wis nguningani menawa suwarga iku dadi ganjarane lan panggonane wong kang padha bekti ing Allah
Surah Al-Furqan, Verse 15


لَّهُمۡ فِيهَا مَا يَشَآءُونَ خَٰلِدِينَۚ كَانَ عَلَىٰ رَبِّكَ وَعۡدٗا مَّسۡـُٔولٗا

Para wong mukmin ana ing suwarga bakal katurutan apa kang dikarepake, sarta padha langgeng ana ing kono. Dene pangebang - ebange (janji) kang mengkono mau, mesthi dituhoni dening Allah, apadene tansah disuwun dening para wong mukmin
Surah Al-Furqan, Verse 16


وَيَوۡمَ يَحۡشُرُهُمۡ وَمَا يَعۡبُدُونَ مِن دُونِ ٱللَّهِ فَيَقُولُ ءَأَنتُمۡ أَضۡلَلۡتُمۡ عِبَادِي هَـٰٓؤُلَآءِ أَمۡ هُمۡ ضَلُّواْ ٱلسَّبِيلَ

(Muhammad) sira nyritakna bab dina Qiyamat, nalikane Allah angempalake para wong kafir dalah barang - barang kang disembah dening wong - wong kafir mau (yaiku brahala). Allah banur andangu, "He brahala, apa sira kang nasarake kawulaningsun samono iku, utawa apa kawulaningsun padha nasar saka dalan kang bener
Surah Al-Furqan, Verse 17


قَالُواْ سُبۡحَٰنَكَ مَا كَانَ يَنۢبَغِي لَنَآ أَن نَّتَّخِذَ مِن دُونِكَ مِنۡ أَوۡلِيَآءَ وَلَٰكِن مَّتَّعۡتَهُمۡ وَءَابَآءَهُمۡ حَتَّىٰ نَسُواْ ٱلذِّكۡرَ وَكَانُواْ قَوۡمَۢا بُورٗا

Brahala - brahala banjur padha munjuk ing ALlah, "Maha suci Paduka, kawula boten pisan - pisan mangeran dhateng sanesipun panjenengan (kados pundi menawi kawula kamipuruna ngaken tiyang manembah dhumateng kawula)", nanging tiyang - tiyang kafir punika dalah para leluhuripun sami mboten perduli ngengeti anggenipun dados kawula Panjenengan, kalimput dening peparing Panjenengan kebingahan dhumateng pun kafir wau. Mila sapunika sami dados tiyang ingkang cilaka sanget
Surah Al-Furqan, Verse 18


فَقَدۡ كَذَّبُوكُم بِمَا تَقُولُونَ فَمَا تَسۡتَطِيعُونَ صَرۡفٗا وَلَا نَصۡرٗاۚ وَمَن يَظۡلِم مِّنكُمۡ نُذِقۡهُ عَذَابٗا كَبِيرٗا

Pangandikane Allah, "Brahala kang sira sembah iku padha ngelaki (ora ngakoni) aturira (ora rumangsa ngaku Pangeran), dadi ora bisa murungake siksa lan ora bisa nulungi marang sira". Dene kabeh, kang mangro tingal (nganiaya), mesthi Ingsun weruhake rasane siksa kang abot ana ing akherat
Surah Al-Furqan, Verse 19


وَمَآ أَرۡسَلۡنَا قَبۡلَكَ مِنَ ٱلۡمُرۡسَلِينَ إِلَّآ إِنَّهُمۡ لَيَأۡكُلُونَ ٱلطَّعَامَ وَيَمۡشُونَ فِي ٱلۡأَسۡوَاقِۗ وَجَعَلۡنَا بَعۡضَكُمۡ لِبَعۡضٖ فِتۡنَةً أَتَصۡبِرُونَۗ وَكَانَ رَبُّكَ بَصِيرٗا

Para Rasul ing jaman kuna sadurungira, kang padha Ingsun utus, kabeh mesthi padha mangan pepanganan sarta padha lumaku ana ing pasar - pasar. Dene sira iku siji - sijining wong padha Ingsun anggo nyoba marang liyane (kabegjane siji - sijining wong, nukulake kameren marang liyane). He Manungsa, apa sira padha teguh sabar nerima? Lan Pangeranmu anggatekake sakabehe
Surah Al-Furqan, Verse 20


۞وَقَالَ ٱلَّذِينَ لَا يَرۡجُونَ لِقَآءَنَا لَوۡلَآ أُنزِلَ عَلَيۡنَا ٱلۡمَلَـٰٓئِكَةُ أَوۡ نَرَىٰ رَبَّنَاۗ لَقَدِ ٱسۡتَكۡبَرُواْ فِيٓ أَنفُسِهِمۡ وَعَتَوۡ عُتُوّٗا كَبِيرٗا

Lan wong - wong kang ora duwe pangarep - arep bakal sowan ing ngarsaningsun kanthi nggawa kebegjan (yaiku para wong kafir) padha celathu mengkene, "Ya gene aku ora dituruni utusan malaikat utawa diparingi weruh dzat Pangeranku klawan kasat-mata? (kang paring sumurup yen Muhammad iku utusane Allah temenan, dadi aku banjur percaya)". Wong - wong kafir mau padha gumedhe, ngluhur - luhurake awake dhewe lan padha kebangeten anggone nasar
Surah Al-Furqan, Verse 21


يَوۡمَ يَرَوۡنَ ٱلۡمَلَـٰٓئِكَةَ لَا بُشۡرَىٰ يَوۡمَئِذٖ لِّلۡمُجۡرِمِينَ وَيَقُولُونَ حِجۡرٗا مَّحۡجُورٗا

(Muhammad) sira nyritakna bab dina Qiyamat, yaiku nalika wong - wong padha ndeleng malaikat padha nguwuh - uwuh, "Ing dina iki wong kafir lan wong duraka ora pisan - pisan duwe kebungahan. Malaikat mau nguwuh - uwuh maneh: Kabungahan iu ora diparingake marang wong kafir
Surah Al-Furqan, Verse 22


وَقَدِمۡنَآ إِلَىٰ مَا عَمِلُواْ مِنۡ عَمَلٖ فَجَعَلۡنَٰهُ هَبَآءٗ مَّنثُورًا

Keparenging kersaningsun, kabecikan kang wis ditindakake dening para wong kafir nalika ana ing donya, iku Ingsun dadekake endhog amun - amun kang mabul - mabul. Ora pisan - pisan migunani
Surah Al-Furqan, Verse 23


أَصۡحَٰبُ ٱلۡجَنَّةِ يَوۡمَئِذٍ خَيۡرٞ مُّسۡتَقَرّٗا وَأَحۡسَنُ مَقِيلٗا

Ing dina QIyaat iu panggonan peleranan wong ing suwarga luwih dening becik, ngungkuli panggonane wong - wong kafir nalika ana ing donya
Surah Al-Furqan, Verse 24


وَيَوۡمَ تَشَقَّقُ ٱلسَّمَآءُ بِٱلۡغَمَٰمِ وَنُزِّلَ ٱلۡمَلَـٰٓئِكَةُ تَنزِيلًا

(Muhammad) sira nyritakna kahanane dina Qiyamat, nalikane langit pitu padha sigar dening mega kang ana ing sadhuwuring langit pitu, sarta para malaikat padha diturunake marang bumi
Surah Al-Furqan, Verse 25


ٱلۡمُلۡكُ يَوۡمَئِذٍ ٱلۡحَقُّ لِلرَّحۡمَٰنِۚ وَكَانَ يَوۡمًا عَلَى ٱلۡكَٰفِرِينَ عَسِيرٗا

Ing dina Qiyamat iku kraton kang sejati tetela kagungane Allah kang Maha Murah (ora ana kang jejeri lan madhani jumeneng raja). Ing dina iku kabeh wong kafir padha sarwa rekasa
Surah Al-Furqan, Verse 26


وَيَوۡمَ يَعَضُّ ٱلظَّالِمُ عَلَىٰ يَدَيۡهِ يَقُولُ يَٰلَيۡتَنِي ٱتَّخَذۡتُ مَعَ ٱلرَّسُولِ سَبِيلٗا

Ing dina Qiyamt wong - wong kang nganiaya (musyrik) padha nyokoti rangane dhewe, saking banget getune, sarta padha ngucap, "Bok iya aku dhek ana ing donya biyen dhewek ing Rasulullah, nindakake dalan kang bener (yaiku agama Islam)
Surah Al-Furqan, Verse 27


يَٰوَيۡلَتَىٰ لَيۡتَنِي لَمۡ أَتَّخِذۡ فُلَانًا خَلِيلٗا

Adhuh cilaka temen aku, mbok iya biyen nalika aku ana ing donya ora memitran karo si Fulan lan Fulan
Surah Al-Furqan, Verse 28


لَّقَدۡ أَضَلَّنِي عَنِ ٱلذِّكۡرِ بَعۡدَ إِذۡ جَآءَنِيۗ وَكَانَ ٱلشَّيۡطَٰنُ لِلۡإِنسَٰنِ خَذُولٗا

Mitraku si Fulan mau tetela nasarake marang aku. Aku wis didhawuhi surasane al-Qur'an dening Rasulullah, wusanane dibujuk diajak nyimpang saka dhawuhing al-Qur'an. (Pangandikane Allah), "Syetan (mitra kang knyasarake) iku banget anggone kipa - kipa (ora gelem nulung) lan nyelaki marang wong kafir kang disasarake
Surah Al-Furqan, Verse 29


وَقَالَ ٱلرَّسُولُ يَٰرَبِّ إِنَّ قَوۡمِي ٱتَّخَذُواْ هَٰذَا ٱلۡقُرۡءَانَ مَهۡجُورٗا

(Muhammad Rasulullah) munjuk, "Dhuh Pangeran kawula. Ummat kawula (tiyang turun Quraisy) sami nampik al-Qur'an punika". (boten dipun imanaken tuwin boten dipun amalaken)
Surah Al-Furqan, Verse 30


وَكَذَٰلِكَ جَعَلۡنَا لِكُلِّ نَبِيٍّ عَدُوّٗا مِّنَ ٱلۡمُجۡرِمِينَۗ وَكَفَىٰ بِرَبِّكَ هَادِيٗا وَنَصِيرٗا

Mengkono uga para Nabi ing jaman biyen iya padha Ingsun anani mungsuh (satru) wong musyrik, ora beda sira (Muhammad) mulane diteteg atinira. Cukup sira percaya ing Pangeranira bakal paring pitedah lan paring pitulung marang sira
Surah Al-Furqan, Verse 31


وَقَالَ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ لَوۡلَا نُزِّلَ عَلَيۡهِ ٱلۡقُرۡءَانُ جُمۡلَةٗ وَٰحِدَةٗۚ كَذَٰلِكَ لِنُثَبِّتَ بِهِۦ فُؤَادَكَۖ وَرَتَّلۡنَٰهُ تَرۡتِيلٗا

Wong - wong kafir padha ngucap mengkene, "Ya gene al-Quran iku anggone diparingake marang (Muhammad) ora babar pisan (wujud buku wutuh), ora kaya kitab Taurat lan Injil?". Pangandikane Allah, "Wis mengkono kersaningsun, al-Qur'an iku Ingsun turunake saka sethithik sarta sranti, supaya atinira tetep lan mantep, lan gampang anggonira ngeling - ngeling lan ngapalake
Surah Al-Furqan, Verse 32


وَلَا يَأۡتُونَكَ بِمَثَلٍ إِلَّا جِئۡنَٰكَ بِٱلۡحَقِّ وَأَحۡسَنَ تَفۡسِيرًا

Lan wong - wong kafir mau ora pisan - pisan sowan marang sira (Muhammad) anggawa alesan (kanggo mbatalake kenabiyanira) kajaba Ingsun mesthi maringi wewaton marang sira kang luwih becik lan bener, kanggo ngalahake alesane wong kafir mau
Surah Al-Furqan, Verse 33


ٱلَّذِينَ يُحۡشَرُونَ عَلَىٰ وُجُوهِهِمۡ إِلَىٰ جَهَنَّمَ أُوْلَـٰٓئِكَ شَرّٞ مَّكَانٗا وَأَضَلُّ سَبِيلٗا

Kang ing besuk ana ing kaherat padha dijungkirake lan dilarak, radhine ngambah lemah, sabanjure dicemplungake ing neraka Jahannam. Wong kafir mau panggonane ala banget lan kesasar saka dalan kang bener
Surah Al-Furqan, Verse 34


وَلَقَدۡ ءَاتَيۡنَا مُوسَى ٱلۡكِتَٰبَ وَجَعَلۡنَا مَعَهُۥٓ أَخَاهُ هَٰرُونَ وَزِيرٗا

Lan temen Ingsun wis maringi kitab (Taurat) marang Musa lan Harun sadulure, Ingsun dadekake pembantu bebarengan karo dheweke
Surah Al-Furqan, Verse 35


فَقُلۡنَا ٱذۡهَبَآ إِلَى ٱلۡقَوۡمِ ٱلَّذِينَ كَذَّبُواْ بِـَٔايَٰتِنَا فَدَمَّرۡنَٰهُمۡ تَدۡمِيرٗا

Dhawuh Ingsun (Marang Musa lan Harun), "Sira padha mangkata marang (tanah Qibthi) panggonane wong kang padha maido ayatingsun", (musa lan Harun padha ngestokake dhawuh, naning Fir'aun sabalane padha maido) mulane padha Ingsun sirnakake kabeh
Surah Al-Furqan, Verse 36


وَقَوۡمَ نُوحٖ لَّمَّا كَذَّبُواْ ٱلرُّسُلَ أَغۡرَقۡنَٰهُمۡ وَجَعَلۡنَٰهُمۡ لِلنَّاسِ ءَايَةٗۖ وَأَعۡتَدۡنَا لِلظَّـٰلِمِينَ عَذَابًا أَلِيمٗا

Para Ummate Nuh mau Ingsun dadekake bukti, kanggo lupiya marang para manungsa. Para Ummate Nuh padha duraka (nganiaya) mau padha Ingsun sedhiyani siksa kang nglarani
Surah Al-Furqan, Verse 37


وَعَادٗا وَثَمُودَاْ وَأَصۡحَٰبَ ٱلرَّسِّ وَقُرُونَۢا بَيۡنَ ذَٰلِكَ كَثِيرٗا

Mengkono uga wong (Kaum) 'Aad lan Tsamud, apa dene As-habur-Rass, (tegese kaum kang duwe sumur) sarta wong akeh maneh antarane wong Tsamud lan ash-habur-rass iku uga padha Ingsun rusak
Surah Al-Furqan, Verse 38


وَكُلّٗا ضَرَبۡنَا لَهُ ٱلۡأَمۡثَٰلَۖ وَكُلّٗا تَبَّرۡنَا تَتۡبِيرٗا

Kabeh mau padha INgsun dadekake sarana gelari upama lupiya para wong kuna kang elok - elok. bareng wis tita padha wangkot. kabeh mau padha Ingsun rusak
Surah Al-Furqan, Verse 39


وَلَقَدۡ أَتَوۡاْ عَلَى ٱلۡقَرۡيَةِ ٱلَّتِيٓ أُمۡطِرَتۡ مَطَرَ ٱلسَّوۡءِۚ أَفَلَمۡ يَكُونُواْ يَرَوۡنَهَاۚ بَلۡ كَانُواْ لَا يَرۡجُونَ نُشُورٗا

Wong - wong (kafir) wis akeh kang tekan ing negarane wong Tsamud, sarta wis padha nyumurupi patilasan para umate Luth biyen kang dirusak sarana diudani watu (sarta diawlik bumine). apa wong - wong mau (nalikane lumaku marang ing Syam) padha ora andeleng patilasane ? Naning sarehning padha kafir, ora wedi dina Qiyamat
Surah Al-Furqan, Verse 40


وَإِذَا رَأَوۡكَ إِن يَتَّخِذُونَكَ إِلَّا هُزُوًا أَهَٰذَا ٱلَّذِي بَعَثَ ٱللَّهُ رَسُولًا

Wong - wong kafir mau menawa andeleng sira, ora liya mung padha anggeguyu kanthi pangucape, "Apa iki wong kang dipuji dening Allah dadi utusane
Surah Al-Furqan, Verse 41


إِن كَادَ لَيُضِلُّنَا عَنۡ ءَالِهَتِنَا لَوۡلَآ أَن صَبَرۡنَا عَلَيۡهَاۚ وَسَوۡفَ يَعۡلَمُونَ حِينَ يَرَوۡنَ ٱلۡعَذَابَ مَنۡ أَضَلُّ سَبِيلًا

Meh bae aku kabeh kena disasarake (dening Muhammad), dikon mareni anggon kita manembah Pangeran brahala. Ajaha teguh - teguh ati kita sida kelulan katut". (pangandikane Allah), "Ing besuk yen wis padha andeleng siksa neraka, wong kafir iku lagi padha weruh sapa kang kesasar saka ing dalan marang keslametan
Surah Al-Furqan, Verse 42


أَرَءَيۡتَ مَنِ ٱتَّخَذَ إِلَٰهَهُۥ هَوَىٰهُ أَفَأَنتَ تَكُونُ عَلَيۡهِ وَكِيلًا

(Muhammad) apa sira sumurup (kepriye panemunira) mungguh wong kang mangeran marang hawa nafsune (kekarepane dhewe)? Apa sira bisa rumeksa marang wong - wong mau, murih aja nganti kebanjur - banjur anggone mangeran marang hawa nafsune (Kekarepane) dhewe ? (mesthi ora bisa)
Surah Al-Furqan, Verse 43


أَمۡ تَحۡسَبُ أَنَّ أَكۡثَرَهُمۡ يَسۡمَعُونَ أَوۡ يَعۡقِلُونَۚ إِنۡ هُمۡ إِلَّا كَٱلۡأَنۡعَٰمِ بَلۡ هُمۡ أَضَلُّ سَبِيلًا

Lan apa sira gira yen won gmau akeh kang ngrungokake pituturira klawan mangerti utawa gelem mikir - mikir? (Tangeh yen mengkonoa). Wong mau ora liwat mung kaya raja-kaya, malah luwih dening nasar saka dalan marang keslametane
Surah Al-Furqan, Verse 44


أَلَمۡ تَرَ إِلَىٰ رَبِّكَ كَيۡفَ مَدَّ ٱلظِّلَّ وَلَوۡ شَآءَ لَجَعَلَهُۥ سَاكِنٗا ثُمَّ جَعَلۡنَا ٱلشَّمۡسَ عَلَيۡهِ دَلِيلٗا

Apa sira ora sumerep (ndeleng) pendamelane Allah Pangeranira, anggone anggelar ayang - ayangan (eyub warata salumahing bumi, ing wayah bangun esuk nganti tekan mletheking srengenge). Lan upama kersane Pangeranira, eyub - eyub mau dilestarekake, mesthi kelakon). Pangandikane Allah, "Soroting srengenge Ingsun anggo paring pituduh kang mbedakake eyub lan panas
Surah Al-Furqan, Verse 45


ثُمَّ قَبَضۡنَٰهُ إِلَيۡنَا قَبۡضٗا يَسِيرٗا

Ayang - ayangan mau nuli Ingsun pundut saka sethithik (sarana soroting srengenge)
Surah Al-Furqan, Verse 46


وَهُوَ ٱلَّذِي جَعَلَ لَكُمُ ٱلَّيۡلَ لِبَاسٗا وَٱلنَّوۡمَ سُبَاتٗا وَجَعَلَ ٱلنَّهَارَ نُشُورٗا

Panjenengane Allah iku nitahake wengi mugunani marang sira, akanggo aling - aling, dadi memper sandhangan, sarta nganakake turu kang ngepenakake awak, apadene nganakake awan, kanggo gumelare wong ngupa jiwa
Surah Al-Furqan, Verse 47


وَهُوَ ٱلَّذِيٓ أَرۡسَلَ ٱلرِّيَٰحَ بُشۡرَۢا بَيۡنَ يَدَيۡ رَحۡمَتِهِۦۚ وَأَنزَلۡنَا مِنَ ٱلسَّمَآءِ مَآءٗ طَهُورٗا

Panjenengane Allah iku kang ngutus (ngiditake) angin minangka bebungah marang para manungsa, dadi cecala tumurune rahmate Allah kang arupa banyu udan. (Pangandikane Allah), "Ingsung nurunake banyu udan saka ing langit kena digawe sesuci
Surah Al-Furqan, Verse 48


لِّنُحۡـِۧيَ بِهِۦ بَلۡدَةٗ مَّيۡتٗا وَنُسۡقِيَهُۥ مِمَّا خَلَقۡنَآ أَنۡعَٰمٗا وَأَنَاسِيَّ كَثِيرٗا

Banyu udan mau Ingsun anggo nguripake palemahan kang bera (mati), lan Ingsun anggo ngombeni titah Ingsun raja-kaya apa dene manungsa akeh
Surah Al-Furqan, Verse 49


وَلَقَدۡ صَرَّفۡنَٰهُ بَيۡنَهُمۡ لِيَذَّكَّرُواْ فَأَبَىٰٓ أَكۡثَرُ ٱلنَّاسِ إِلَّا كُفُورٗا

Banyu udan mau Ingsun siramake ing palemahan pirang - pirang, supaya manungsa padha ngrasak - ngrasakake, sabanjure padha weruha benere wong kang diparingi kebungahan dening Allah, ewadene akeh bae manungsa kang padha wangkot, ora gelem ngrasak - ngrasake peparinge Allah kabungahan dening Allah, ewadene akeh bae manungsa kang padha wangkot, ora gelem ngarasak - ngrasakake peparinge Allah kabungahan mau digawe ilang
Surah Al-Furqan, Verse 50


وَلَوۡ شِئۡنَا لَبَعَثۡنَا فِي كُلِّ قَرۡيَةٖ نَّذِيرٗا

Upama ana keparinging kersaningsun, temen Ingsun Utusan (juru pepeling) marang saben - saben negara
Surah Al-Furqan, Verse 51


فَلَا تُطِعِ ٱلۡكَٰفِرِينَ وَجَٰهِدۡهُم بِهِۦ جِهَادٗا كَبِيرٗا

Mulane sira aja pisan - pisan manut marang wong - wong kafir, malah wong kafir iku sira padonana klawan padudon kang pratitis, miturut surasaning al-Quran
Surah Al-Furqan, Verse 52


۞وَهُوَ ٱلَّذِي مَرَجَ ٱلۡبَحۡرَيۡنِ هَٰذَا عَذۡبٞ فُرَاتٞ وَهَٰذَا مِلۡحٌ أُجَاجٞ وَجَعَلَ بَيۡنَهُمَا بَرۡزَخٗا وَحِجۡرٗا مَّحۡجُورٗا

Iya panjenengane Allah iku kang (ngemorake segara loro sisihan, banyu tawa kang) nyegeri, lan banyu asin kang letih, sarta andokoki aling - aling antarane banyu segara loro mau kanthi kuwasane Allah. Dadi banyu tawa lan banyu asin mau ora bisa carub
Surah Al-Furqan, Verse 53


وَهُوَ ٱلَّذِي خَلَقَ مِنَ ٱلۡمَآءِ بَشَرٗا فَجَعَلَهُۥ نَسَبٗا وَصِهۡرٗاۗ وَكَانَ رَبُّكَ قَدِيرٗا

Lan iya Panjenengan Allah iku kang gawe manungsa saka banyu (mani). Muulane manungsa mau dititahake duwe sanak lan duwe maratuwa. Panjenengane Allah iku Kuwasa, samu barang kang dikersakake mesthi dadi
Surah Al-Furqan, Verse 54


وَيَعۡبُدُونَ مِن دُونِ ٱللَّهِ مَا لَا يَنفَعُهُمۡ وَلَا يَضُرُّهُمۡۗ وَكَانَ ٱلۡكَافِرُ عَلَىٰ رَبِّهِۦ ظَهِيرٗا

Lan wong - wong kafir padha manembah liyane Allah. Iya brahala kang menawa disembah ora bisa aweh piguna (mikolehi), utawa menawa ora disembah ora bisa mlarati, Wong kafir iku dadi kancane syetan anggone duraka
Surah Al-Furqan, Verse 55


وَمَآ أَرۡسَلۡنَٰكَ إِلَّا مُبَشِّرٗا وَنَذِيرٗا

Lan Ingsun ora ngutus sira (Muhammad) kajaba supaya ambebungah lan aweh pepeling, aweh bebungah marang wong kang ngestokake prentah pikatuk ganjaran suwarga, sarta midana wong kafir bakal nandhang siksa ana ing neraka
Surah Al-Furqan, Verse 56


قُلۡ مَآ أَسۡـَٔلُكُمۡ عَلَيۡهِ مِنۡ أَجۡرٍ إِلَّا مَن شَآءَ أَن يَتَّخِذَ إِلَىٰ رَبِّهِۦ سَبِيلٗا

(Muhammad), sira dhawuha, "He wong kafir, anggoningsun ngundangake dhawuhe Allah iki, Ingsun ora anjaluk pituwas apa - apa. ewadene sing sapa kudu gawe dalan murih keparening Pangerane, sarana anggunakake bandha saka karepe dhewe, iya ora ana pekewuhe
Surah Al-Furqan, Verse 57


وَتَوَكَّلۡ عَلَى ٱلۡحَيِّ ٱلَّذِي لَا يَمُوتُ وَسَبِّحۡ بِحَمۡدِهِۦۚ وَكَفَىٰ بِهِۦ بِذُنُوبِ عِبَادِهِۦ خَبِيرًا

(Muhammad) sira pasraha marang Allah kang kagungan sifat Sugeng ora kena seda, lan nyebuta Maha Suci marang ALlah, apadene memujiya mangalembana marang Panjenengane. Dene peprkara wangkote wong - wong kafir, wis cukup Allah piyambak anggone Waspada marang dosane para kawulane
Surah Al-Furqan, Verse 58


ٱلَّذِي خَلَقَ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضَ وَمَا بَيۡنَهُمَا فِي سِتَّةِ أَيَّامٖ ثُمَّ ٱسۡتَوَىٰ عَلَى ٱلۡعَرۡشِۖ ٱلرَّحۡمَٰنُ فَسۡـَٔلۡ بِهِۦ خَبِيرٗا

Panjenengane Allah iku kang nitahake langit bumi lan kabeh barang kang ana ing antarane langit lan bumi laawse nem masa rampung. Panjenengane Allah kang Maha Murah nuli murba wasesa ing Kratone. He manungsa mungguh kahanane Pangeran kang Maha murah iku sira takona marang Kang wasapada
Surah Al-Furqan, Verse 59


وَإِذَا قِيلَ لَهُمُ ٱسۡجُدُواْۤ لِلرَّحۡمَٰنِ قَالُواْ وَمَا ٱلرَّحۡمَٰنُ أَنَسۡجُدُ لِمَا تَأۡمُرُنَا وَزَادَهُمۡ نُفُورٗا۩

Wong - wong kafir iku menawa diprentahi, "Sira padha sujuda marang Pangeran kang Maha Murah", banjur padha mangsuli, "Pangeran ingkang Maha Murah punapa ta? Punapa kula sujud dhumateng brang dumeh panjenengan prentahaken? La mangsa puruna" . Dadi prentah mengkono mau tumrap wong kafir malah nambahi anggone wangkot, ora gelem percaya ing Allah
Surah Al-Furqan, Verse 60


تَبَارَكَ ٱلَّذِي جَعَلَ فِي ٱلسَّمَآءِ بُرُوجٗا وَجَعَلَ فِيهَا سِرَٰجٗا وَقَمَرٗا مُّنِيرٗا

Maha Luhur Allah Pangeran kang wis nitahake lintang - lintang (buruj ) ana ing langit gegrombolan, lan Panjenengane wis ndamel srengene kang minangka damaring jagad, apadene rembulan kang uga madhangi jagad
Surah Al-Furqan, Verse 61


وَهُوَ ٱلَّذِي جَعَلَ ٱلَّيۡلَ وَٱلنَّهَارَ خِلۡفَةٗ لِّمَنۡ أَرَادَ أَن يَذَّكَّرَ أَوۡ أَرَادَ شُكُورٗا

Iya panjenengane Allah kang nitahake wengi lan rina gilir gumanti, minangka tandha yekti tumrap wong kang gelem golek pepeling, utawa gelem syukur (ing Allah)
Surah Al-Furqan, Verse 62


وَعِبَادُ ٱلرَّحۡمَٰنِ ٱلَّذِينَ يَمۡشُونَ عَلَى ٱلۡأَرۡضِ هَوۡنٗا وَإِذَا خَاطَبَهُمُ ٱلۡجَٰهِلُونَ قَالُواْ سَلَٰمٗا

Dene para kawulane Allah kang Maha murah, iya iku kang padha mlaku ana ing bumi kanthi jatmika lan andhan asor, lan menawa dicelathoni ala dening wong bodho, banjur sumahur klawan aris (salam)
Surah Al-Furqan, Verse 63


وَٱلَّذِينَ يَبِيتُونَ لِرَبِّهِمۡ سُجَّدٗا وَقِيَٰمٗا

Lan kang padha sujud lan sembahyang ing wayah bengi (shalat tahajud)
Surah Al-Furqan, Verse 64


وَٱلَّذِينَ يَقُولُونَ رَبَّنَا ٱصۡرِفۡ عَنَّا عَذَابَ جَهَنَّمَۖ إِنَّ عَذَابَهَا كَانَ غَرَامًا

Lan kang padha nyuwun ing Allah, unjuke, "Dhuh Pangeran kawula, mugi - mugi Panjenengan nebihaken siksa neraka jahanam saking kawula, awit siksa neraka jahanam punika tetep awon
Surah Al-Furqan, Verse 65


إِنَّهَا سَآءَتۡ مُسۡتَقَرّٗا وَمُقَامٗا

Sarta neraka Jahanam punika awon - awoning panggenan. Lan dheweke wong - wong kang menawa nanjakake bandhane or aleluwihan lan ora bethithil, nanging ana ing antarane sifat loro mau
Surah Al-Furqan, Verse 66


وَٱلَّذِينَ إِذَآ أَنفَقُواْ لَمۡ يُسۡرِفُواْ وَلَمۡ يَقۡتُرُواْ وَكَانَ بَيۡنَ ذَٰلِكَ قَوَامٗا

Lan para kang samangsa angetokake bandha ora keladuk lan ora seret, ananging dumunung ana ing saantarane mangkono iku
Surah Al-Furqan, Verse 67


وَٱلَّذِينَ لَا يَدۡعُونَ مَعَ ٱللَّهِ إِلَٰهًا ءَاخَرَ وَلَا يَقۡتُلُونَ ٱلنَّفۡسَ ٱلَّتِي حَرَّمَ ٱللَّهُ إِلَّا بِٱلۡحَقِّ وَلَا يَزۡنُونَۚ وَمَن يَفۡعَلۡ ذَٰلِكَ يَلۡقَ أَثَامٗا

Lan kang ora mangro tingal (manembah) saliyane Allah, lan ora mateni jiwa kang diharamake dening Allah, kajaba anggone mateni mau nglungguhi bener sarta ora zina. Dene sing sapa nerak pepacuh mau, yekti bakal nemoni piwalesing dosane
Surah Al-Furqan, Verse 68


يُضَٰعَفۡ لَهُ ٱلۡعَذَابُ يَوۡمَ ٱلۡقِيَٰمَةِ وَيَخۡلُدۡ فِيهِۦ مُهَانًا

Besuk dina Qiyamat, siksane wong kang marngro tingal (musyrik) mau ditikelake sarta langgeng anaing sajeroning siksa tur diremehake
Surah Al-Furqan, Verse 69


إِلَّا مَن تَابَ وَءَامَنَ وَعَمِلَ عَمَلٗا صَٰلِحٗا فَأُوْلَـٰٓئِكَ يُبَدِّلُ ٱللَّهُ سَيِّـَٔاتِهِمۡ حَسَنَٰتٖۗ وَكَانَ ٱللَّهُ غَفُورٗا رَّحِيمٗا

Kajaba wong kang wis tobat sarta banjur percaya ing Allah sarta nindakake tindak kang becik. Wong kang mengkono mau amale kang ala bakal diganti dening Allah kanti kebecikan. Panjenengane Allah iku Maha pangapura sarata Maha Asih
Surah Al-Furqan, Verse 70


وَمَن تَابَ وَعَمِلَ صَٰلِحٗا فَإِنَّهُۥ يَتُوبُ إِلَى ٱللَّهِ مَتَابٗا

Dene sing sapa tobat, sarta ketara konjem nindakake kabecikan, iku tetap wong kang bali marang ngarsane Allah, bakal pikantuk ganjaran suwarga
Surah Al-Furqan, Verse 71


وَٱلَّذِينَ لَا يَشۡهَدُونَ ٱلزُّورَ وَإِذَا مَرُّواْ بِٱللَّغۡوِ مَرُّواْ كِرَامٗا

Lan wong kang ora dadi saksi goroh (palsu), apadene menawa mrangguli caturan kang ala, ora gelem ngopeni kaya tindake wong mulya
Surah Al-Furqan, Verse 72


وَٱلَّذِينَ إِذَا ذُكِّرُواْ بِـَٔايَٰتِ رَبِّهِمۡ لَمۡ يَخِرُّواْ عَلَيۡهَا صُمّٗا وَعُمۡيَانٗا

Lan wong kang nalika dipituturi (dielengake) kanthi ayat - ayate Pangerane, kabeh diopeni, ora ana kang kecer, ora persasat wong kang budeg lan wuta
Surah Al-Furqan, Verse 73


وَٱلَّذِينَ يَقُولُونَ رَبَّنَا هَبۡ لَنَا مِنۡ أَزۡوَٰجِنَا وَذُرِّيَّـٰتِنَا قُرَّةَ أَعۡيُنٖ وَٱجۡعَلۡنَا لِلۡمُتَّقِينَ إِمَامًا

Lan wong munjuk andedonga marang ALlah mengkene, "Dhuh Pangran kwula, mugi Panjenengan paring dhating kawula rabi kawula saha anak putu kawula sedaya dadosa sarana asrepipung paningal kawula (margi anggenipun ajrih ing Panjenengan kanthi netepi tindak kelakuwan ingkang sae) punapa dene kawula mugi Panjenengan dadosaken ngajengipun tiyang ingkang taqwa dhateng Panjenengan
Surah Al-Furqan, Verse 74


أُوْلَـٰٓئِكَ يُجۡزَوۡنَ ٱلۡغُرۡفَةَ بِمَا صَبَرُواْ وَيُلَقَّوۡنَ فِيهَا تَحِيَّةٗ وَسَلَٰمًا

Ingkang mengkono mau bakal padha diganjar pangkat kang luruh ana ing suwarga, amarga anggone padha teguh atine. Wong - wong mau ana ing suwarga padh adibalekake dening Malaikat. Klawan jumurung selamet lan urip langgeng
Surah Al-Furqan, Verse 75


خَٰلِدِينَ فِيهَاۚ حَسُنَتۡ مُسۡتَقَرّٗا وَمُقَامٗا

Anggone ana ing suwarga padha langgeng. Suwarga iku becik - beciking panggonan kang tetap
Surah Al-Furqan, Verse 76


قُلۡ مَا يَعۡبَؤُاْ بِكُمۡ رَبِّي لَوۡلَا دُعَآؤُكُمۡۖ فَقَدۡ كَذَّبۡتُمۡ فَسَوۡفَ يَكُونُ لِزَامَۢا

(Muhammad) sira dhawuha marang para wong mau, "Upama kowe ora nyuwun ing Allah nalikane nampa keribedan, Allah ora perduli marang kowe". Kepriye anggone perduli, awit kowe kabeh wis maido marang Utusane Allah lan marang al-Qur'an. B esuk an aing akherat, siksane Allah iku tetep lestari tumrap wong kafir
Surah Al-Furqan, Verse 77


Author: Unknown


<< Surah 24
>> Surah 26

Javanese Translations by other Authors


Javanese Translation By Unknown
Javanese Translation By Unknown
Popular Areas
Apartments for rent in Dubai Apartments for rent Abu Dhabi Villas for rent in Dubai House for rent Abu Dhabi Apartments for sale in Dubai Apartments for sale in Abu Dhabi Flat for rent Sharjah
Popular Searches
Studios for rent in UAE Apartments for rent in UAE Villas for rent in UAE Apartments for sale in UAE Villas for sale in UAE Land for sale in UAE Dubai Real Estate
Trending Areas
Apartments for rent in Dubai Marina Apartments for sale in Dubai Marina Villa for rent in Sharjah Villa for sale in Dubai Flat for rent in Ajman Studio for rent in Abu Dhabi Villa for rent in Ajman
Trending Searches
Villa for rent in Abu Dhabi Shop for rent in Dubai Villas for sale in Ajman Studio for rent in Sharjah 1 Bedroom Apartment for rent in Dubai Property for rent in Abu Dhabi Commercial properties for sale
© Copyright Dubai Prayer Time. All Rights Reserved
Designed by Prayer Time In Dubai