UAE Prayer Times

  • Dubai
  • Abu Dhabi
  • Sharjah
  • Ajman
  • Fujairah
  • Umm Al Quwain
  • Ras Al Khaimah
  • Quran Translations

Surah Ash-Shuara - Javanese Translation by Unknown


طسٓمٓ

Thaa' Siiim, Miim
Surah Ash-Shuara, Verse 1


تِلۡكَ ءَايَٰتُ ٱلۡكِتَٰبِ ٱلۡمُبِينِ

Surat iki, ayat - ayate kitab kang pratela (nerangake kabeh hukum bener lan luput)
Surah Ash-Shuara, Verse 2


لَعَلَّكَ بَٰخِعٞ نَّفۡسَكَ أَلَّا يَكُونُواْ مُؤۡمِنِينَ

(Muhammad) bokmenawa sira ngenes ngrasakake para wong kafir anggone padha ora gelem iman ing Allah
Surah Ash-Shuara, Verse 3


إِن نَّشَأۡ نُنَزِّلۡ عَلَيۡهِم مِّنَ ٱلسَّمَآءِ ءَايَةٗ فَظَلَّتۡ أَعۡنَٰقُهُمۡ لَهَا خَٰضِعِينَ

Upama ana keparenging kersaningsun, wong - wong kang padha kafir iku Ingsun kersakake iman ing Allah, kena uga Ingsun nurunake tandha yekti saka ing langit kang nggegirisi, ing kono gulune won gkafir kepeksa padha tumungkul konjem ing salawase (nanging kersaningsun ora mengkunu)
Surah Ash-Shuara, Verse 4


وَمَا يَأۡتِيهِم مِّن ذِكۡرٖ مِّنَ ٱلرَّحۡمَٰنِ مُحۡدَثٍ إِلَّا كَانُواْ عَنۡهُ مُعۡرِضِينَ

Samangsa Allah kang Maha Murah kersa nganyarake dhawuh wong kafir iya mesthi banjur padha nganyarake pamopone (anggone mlengos)
Surah Ash-Shuara, Verse 5


فَقَدۡ كَذَّبُواْ فَسَيَأۡتِيهِمۡ أَنۢبَـٰٓؤُاْ مَا كَانُواْ بِهِۦ يَسۡتَهۡزِءُونَ

Wis kelakon marambah-rambah wong - wong kafir iku padha ora percaya marang (Nabi Muhammad). Wong - wong kafir mau ora wurung bakal padha weruh kenyataane utawa kewusanane anggone padha anggeguyu al-Qur'an
Surah Ash-Shuara, Verse 6


أَوَلَمۡ يَرَوۡاْ إِلَى ٱلۡأَرۡضِ كَمۡ أَنۢبَتۡنَا فِيهَا مِن كُلِّ زَوۡجٖ كَرِيمٍ

Wong - won gkafir apa padha ora sumurup gumelaring bumi, wis pira bae anggoningsun nukulake thethukulan ana ing bumi kang becik - becik, migunani marang wong - wong kabeh
Surah Ash-Shuara, Verse 7


إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَأٓيَةٗۖ وَمَا كَانَ أَكۡثَرُهُم مُّؤۡمِنِينَ

Kang mengkono mau satemene dadi tandha yekti menawa kuwasaning Allah iku sampurna, ewadene akeh - akehe manungsa padha ora percaya ing Allah
Surah Ash-Shuara, Verse 8


وَإِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ ٱلۡعَزِيزُ ٱلرَّحِيمُ

Satemene Allah Pangeranira iku yekti Maha Mulya tur Maha Asih
Surah Ash-Shuara, Verse 9


وَإِذۡ نَادَىٰ رَبُّكَ مُوسَىٰٓ أَنِ ٱئۡتِ ٱلۡقَوۡمَ ٱلظَّـٰلِمِينَ

(Muhammad), sira nyritakna nalikane Allah Pangeranira nimbali Musa, kanthi didhawuhi mengkene, "Sira Ingsun utus menyanga panggonane wongkang nganiaya, yaiku wong kang duraka
Surah Ash-Shuara, Verse 10


قَوۡمَ فِرۡعَوۡنَۚ أَلَا يَتَّقُونَ

Yaiku kaume (ummate) Fir'aun, padha pituturana, yagene teka padha ora bekti (taqwa) marang Allah
Surah Ash-Shuara, Verse 11


قَالَ رَبِّ إِنِّيٓ أَخَافُ أَن يُكَذِّبُونِ

Musa munjuk, "Dhuh Pangran kawula, sayketosipun kawula kuwatos menawi kaumipun Fir'aun sami maiben (ngogorohaken) dhateng kawula
Surah Ash-Shuara, Verse 12


وَيَضِيقُ صَدۡرِي وَلَا يَنطَلِقُ لِسَانِي فَأَرۡسِلۡ إِلَىٰ هَٰرُونَ

Iba anggenipun rupeg dada (kaken manah) kawula, sarta lisan (ilat) kawula boten saged wicanten (trampil). Mila bilih amarengaken, Panjenengan mugi kersaha ngutus sedherek kawula Harun, dados sesulih (mbantu) kawula
Surah Ash-Shuara, Verse 13


وَلَهُمۡ عَلَيَّ ذَنۢبٞ فَأَخَافُ أَن يَقۡتُلُونِ

Makaten malih kawula punika nandhang kalepatan dhumateng Fir'aun sekaumipun. Mila kula kuwatos bokmenawi Fir'aun wau lajeng mejahi kawula
Surah Ash-Shuara, Verse 14


قَالَ كَلَّاۖ فَٱذۡهَبَا بِـَٔايَٰتِنَآۖ إِنَّا مَعَكُم مُّسۡتَمِعُونَ

Allah paring pangandika, "Fir'aun ora bakal mateni sira. Mulane saiki sira mangkata lan sedulur ira Harun, klawan anggawa tandha yekti saka Ingsun. Ingsun anjungkung marang sira, sarta mirengaki aturira
Surah Ash-Shuara, Verse 15


فَأۡتِيَا فِرۡعَوۡنَ فَقُولَآ إِنَّا رَسُولُ رَبِّ ٱلۡعَٰلَمِينَ

Sira sakloron padha nemonana Fir'aun sarta dhawuhna, "Sayektosipun kita kekalih punika utusanipun Pangeraning Alam sadoya
Surah Ash-Shuara, Verse 16


أَنۡ أَرۡسِلۡ مَعَنَا بَنِيٓ إِسۡرَـٰٓءِيلَ

Mugi panjenegan ngandikani supados tiyang Bani Israil tumut kula tiyang kalih (mantuk dhateng tanah Palistina=kan'an)
Surah Ash-Shuara, Verse 17


قَالَ أَلَمۡ نُرَبِّكَ فِينَا وَلِيدٗا وَلَبِثۡتَ فِينَا مِنۡ عُمُرِكَ سِنِينَ

(Musa lan Harun banjur ngestokake dhawuhe Allah bareng wis andhawuhake apa dhawuhing Allah), Fir'aun mangsuli, "Apa sira lali anggonira ingsun openi ana ing kene kaya dene anak, lan sira melu ingsun wiwit bayi nganti (umur tahun) tatahunan
Surah Ash-Shuara, Verse 18


وَفَعَلۡتَ فَعۡلَتَكَ ٱلَّتِي فَعَلۡتَ وَأَنتَ مِنَ ٱلۡكَٰفِرِينَ

LAn maneh sira wis nindakake keluputan (mateni wong Qibti benere Ingsun patrapi apa - apa , saiki sira duwe tindak kang mengkono). Dadi tetela sira ora weruh marang kebecikangingsun
Surah Ash-Shuara, Verse 19


قَالَ فَعَلۡتُهَآ إِذٗا وَأَنَا۠ مِنَ ٱلضَّآلِّينَ

Musa paring wangsulan, "Kula nindakaken ingkang mekaten punika wau, jalaran kala semanten kula taksih kelebet golonganipun tiyang ingkang klentu
Surah Ash-Shuara, Verse 20


فَفَرَرۡتُ مِنكُمۡ لَمَّا خِفۡتُكُمۡ فَوَهَبَ لِي رَبِّي حُكۡمٗا وَجَعَلَنِي مِنَ ٱلۡمُرۡسَلِينَ

Ewa semanten, saking ajrih kula, lajeng kesah saking ngriki, (dhateng ing madyan). Wonten ingriku kula dipun paringi kawicaksanan dening ALlah Pangeran kula, sarta dipun junjung dados Nabi, punapa dene dipun piji dados Utusaning Pangeran
Surah Ash-Shuara, Verse 21


وَتِلۡكَ نِعۡمَةٞ تَمُنُّهَا عَلَيَّ أَنۡ عَبَّدتَّ بَنِيٓ إِسۡرَـٰٓءِيلَ

(Punapa maneh kula mejahi tiyang boten panjenengan patrapi hukum qisos, utawi dumeh kula boten panjenengan pasrahi pandamelan awrat tur siya - siya, kados tiyang - tiyang bani Israil sanes - sanesipun). Punapa kula ingkang panjenengan wastani kesaenan panjenengan dateng kula, lajeng paduka angatiplakaken para turun Israil
Surah Ash-Shuara, Verse 22


قَالَ فِرۡعَوۡنُ وَمَا رَبُّ ٱلۡعَٰلَمِينَ

Fir'aun pitakon, "Pangerane wong sajagad iku sapa
Surah Ash-Shuara, Verse 23


قَالَ رَبُّ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضِ وَمَا بَيۡنَهُمَآۖ إِن كُنتُم مُّوقِنِينَ

Musa paring wangsulan, "Menawi panjenengan sumerep, samukawis ingkang dumadi punika wonten urusanipun, ingkang Mangerani tiyang sajagad punika, Pangeraning bumi kaliyan langit, ugi Pangeranipun samu kawis ingkang wonten antawisipun bumi kaliyan langit
Surah Ash-Shuara, Verse 24


قَالَ لِمَنۡ حَوۡلَهُۥٓ أَلَا تَسۡتَمِعُونَ

Fir'aun banjur tumuleh marang para panggedhe kang padha saba ana ing kiwatengene, pangucape, "Apa sira ora padha krungu wangsulane Musa, teka dudu kang Ingsun tekokake
Surah Ash-Shuara, Verse 25


قَالَ رَبُّكُمۡ وَرَبُّ ءَابَآئِكُمُ ٱلۡأَوَّلِينَ

Musa paring wangsulan maneh, "Pangeranipun tiyang sajagad punika ugi Pangeran panjenengan saha Pangeranipun leluhur panjenengan rumiyin
Surah Ash-Shuara, Verse 26


قَالَ إِنَّ رَسُولَكُمُ ٱلَّذِيٓ أُرۡسِلَ إِلَيۡكُمۡ لَمَجۡنُونٞ

Fir'aun celathu marang wong kang padha ana ing kono, "Rasulmu kang diutus dening Pangeran, nerang - nerangake marang sira iki edan, ketara anggone ora mangerti pitakone wong
Surah Ash-Shuara, Verse 27


قَالَ رَبُّ ٱلۡمَشۡرِقِ وَٱلۡمَغۡرِبِ وَمَا بَيۡنَهُمَآۖ إِن كُنتُمۡ تَعۡقِلُونَ

Musa paring wangsulan maneh, "Manawi panjenengan gadah akal budi, temtu sumerep bilih Pangeran tiyang sajagad punika Pangeraning masyriq (panggenan medaling surya/wetan)" kaliyan maghrib (panggenan seraping surya/kulon), ugi Pangeranipun samu kawis ingkang wonten antawasipun masyriq lan maghrib
Surah Ash-Shuara, Verse 28


قَالَ لَئِنِ ٱتَّخَذۡتَ إِلَٰهًا غَيۡرِي لَأَجۡعَلَنَّكَ مِنَ ٱلۡمَسۡجُونِينَ

Fir'aun mangsuli, "Menawa sira mangeran marang saliyane ingsun, mesthi bakal ngunjara mrang sira, awor karo wong kang dikunjara
Surah Ash-Shuara, Verse 29


قَالَ أَوَلَوۡ جِئۡتُكَ بِشَيۡءٖ مُّبِينٖ

Musa mangsuli, "Menawi kula angwontenaken kaelokan minangka tandha yektinipun, bilih kula punika utusanipun Allah sayektos, punapa inggih meksa panjenengan kunjara
Surah Ash-Shuara, Verse 30


قَالَ فَأۡتِ بِهِۦٓ إِن كُنتَ مِنَ ٱلصَّـٰدِقِينَ

Fir'aun mangsuli, "Menawa aturira iku temen, mara gaweya kaelokan kaya kang sira kandhakake
Surah Ash-Shuara, Verse 31


فَأَلۡقَىٰ عَصَاهُ فَإِذَا هِيَ ثُعۡبَانٞ مُّبِينٞ

Musa nuli mangsuli nguncalake tekene, sanalika tekene Musa iku dadi ula kang gedhe, galak anggegirisi
Surah Ash-Shuara, Verse 32


وَنَزَعَ يَدَهُۥ فَإِذَا هِيَ بَيۡضَآءُ لِلنَّـٰظِرِينَ

Musa nuli ngetokake epek - epeke tangane saka ing klambine, sanalika mencorong putih (kaya srengenge amblerengi) marang wong kang padha ndeleng
Surah Ash-Shuara, Verse 33


قَالَ لِلۡمَلَإِ حَوۡلَهُۥٓ إِنَّ هَٰذَا لَسَٰحِرٌ عَلِيمٞ

Fir'aun banjur dhawuh marang pra panggedhe kang padha saba ing kiwa tengene, "Musa iku tetela juru sihir kang pinunjul
Surah Ash-Shuara, Verse 34


يُرِيدُ أَن يُخۡرِجَكُم مِّنۡ أَرۡضِكُم بِسِحۡرِهِۦ فَمَاذَا تَأۡمُرُونَ

Sumedya nudhung marang sira kabeh saka negaramu (ing Mesir) kene sarana sihire, Saiki kepriye kang dadi rembugira
Surah Ash-Shuara, Verse 35


قَالُوٓاْ أَرۡجِهۡ وَأَخَاهُ وَٱبۡعَثۡ فِي ٱلۡمَدَآئِنِ حَٰشِرِينَ

(Para panggedhe mau) banjur padha matur, "Pamanggih kula Musa lan sedherekipun punika prayogi dipun srantosaken rumiyin. Sapunika sang nata utusana dhateng sakatha hing kitha wewengkon ing ngriki, nimbali sowan pepak
Surah Ash-Shuara, Verse 36


يَأۡتُوكَ بِكُلِّ سَحَّارٍ عَلِيمٖ

Para pangageng kala wau kadhawuhana nyaosaken para juru sihir ingkang pinunjul, dhateng sngarsaning sang nata
Surah Ash-Shuara, Verse 37


فَجُمِعَ ٱلسَّحَرَةُ لِمِيقَٰتِ يَوۡمٖ مَّعۡلُومٖ

Ing kono para juru sihir banjur dikumpulake (ana ing Mesir) ing dina kang wis katemtokake
Surah Ash-Shuara, Verse 38


وَقِيلَ لِلنَّاسِ هَلۡ أَنتُم مُّجۡتَمِعُونَ

(Bareng wis tekan ing dina kang tinemtokake), Banjur padha tampa dhawuh (wong ing Mesir) apa wis padha kumpul, mara enggal padha ngumpula
Surah Ash-Shuara, Verse 39


لَعَلَّنَا نَتَّبِعُ ٱلسَّحَرَةَ إِن كَانُواْ هُمُ ٱلۡغَٰلِبِينَ

Menawa para juru sihir menang, bokmenawa aku lestari manut agamane para juru sihir, aja nganti manut marang Musa
Surah Ash-Shuara, Verse 40


فَلَمَّا جَآءَ ٱلسَّحَرَةُ قَالُواْ لِفِرۡعَوۡنَ أَئِنَّ لَنَا لَأَجۡرًا إِن كُنَّا نَحۡنُ ٱلۡغَٰلِبِينَ

Bareng para juru sihir wis padha nglumpuk, banjur padh amatur marang Fir'aun, "Menawi kita mimpang, punapa badhe tampi ganjaran, sang nata
Surah Ash-Shuara, Verse 41


قَالَ نَعَمۡ وَإِنَّكُمۡ إِذٗا لَّمِنَ ٱلۡمُقَرَّبِينَ

Fir'aun mangsuli, "Iya bakal tampa ganjaran, sarta yen sira menang, sira mesthi bakal kecedhak marang aku
Surah Ash-Shuara, Verse 42


قَالَ لَهُم مُّوسَىٰٓ أَلۡقُواْ مَآ أَنتُم مُّلۡقُونَ

Musa ditantang para juru sihir banjur mangsuli, "Lah sira bae luwih dhisik, anggelarna sihir (ingkono sira bakal weruh kawusanane)
Surah Ash-Shuara, Verse 43


فَأَلۡقَوۡاْ حِبَالَهُمۡ وَعِصِيَّهُمۡ وَقَالُواْ بِعِزَّةِ فِرۡعَوۡنَ إِنَّا لَنَحۡنُ ٱلۡغَٰلِبُونَ

Para juru sihir mau nulu padh anguncalake tampare (dhadhunge) lan tekene, pengucape, "Demi kamulyane Fir'aun, ingsun sakonca para juru sihir mesthi padha menang
Surah Ash-Shuara, Verse 44


فَأَلۡقَىٰ مُوسَىٰ عَصَاهُ فَإِذَا هِيَ تَلۡقَفُ مَا يَأۡفِكُونَ

Musa nuli nguncalake tekene, sanalika tekene mau dadi ula kang gedhe, banjur nguntali ulane anggone nyulap para juru sihir mau (nganti sirna kabeh)
Surah Ash-Shuara, Verse 45


فَأُلۡقِيَ ٱلسَّحَرَةُ سَٰجِدِينَ

Para juru sihir banjur padha weruh menawa mu'jizate Musa iku dudu sihir, nuli padh anjungkel padha sujud kabeh
Surah Ash-Shuara, Verse 46


قَالُوٓاْ ءَامَنَّا بِرَبِّ ٱلۡعَٰلَمِينَ

Wong - wong ahli juru sihir mau padha ngucap, "Sapunika kita sami percador(iman) dhateng Allah, pangeranipun alam sedaya
Surah Ash-Shuara, Verse 47


رَبِّ مُوسَىٰ وَهَٰرُونَ

Inggih punika Pangeranipun Musa lan Harun
Surah Ash-Shuara, Verse 48


قَالَ ءَامَنتُمۡ لَهُۥ قَبۡلَ أَنۡ ءَاذَنَ لَكُمۡۖ إِنَّهُۥ لَكَبِيرُكُمُ ٱلَّذِي عَلَّمَكُمُ ٱلسِّحۡرَ فَلَسَوۡفَ تَعۡلَمُونَۚ لَأُقَطِّعَنَّ أَيۡدِيَكُمۡ وَأَرۡجُلَكُم مِّنۡ خِلَٰفٖ وَلَأُصَلِّبَنَّكُمۡ أَجۡمَعِينَ

Fir'aun banget nepsune, pangucape, "He para juru sihir, yagene sira padha wani percaya marang Musa, sadurunge pikantuk palilahingsun. Yen mengkono Musa iku penggodhamu, kang mulang sihir marang sira. Sira bakal weruh kuwasane awakira. Sira bakal ingsun tugel tanganira lan sikilira diseling - seling (dijunjang) sarta ingsun penthang utawa tak tanjir kabeh
Surah Ash-Shuara, Verse 49


قَالُواْ لَا ضَيۡرَۖ إِنَّآ إِلَىٰ رَبِّنَا مُنقَلِبُونَ

Para ahli sirih padha mangsuli, "Pangancam panjenengan makaten punika boten dados punapa, Sanajan kula pejaha, temtu badhe wangsul dhateng ngarsaning Pangeran kula
Surah Ash-Shuara, Verse 50


إِنَّا نَطۡمَعُ أَن يَغۡفِرَ لَنَا رَبُّنَا خَطَٰيَٰنَآ أَن كُنَّآ أَوَّلَ ٱلۡمُؤۡمِنِينَ

Kula ngajeng - ajeng mugi - mugi Allah Pangeran kula kersa paring pangapunten sakathahing kalepatan kula, Dene kula sedaya punika dados kawitanipun tiyang ingkang pitados ing Allah lan dhateng Musa
Surah Ash-Shuara, Verse 51


۞وَأَوۡحَيۡنَآ إِلَىٰ مُوسَىٰٓ أَنۡ أَسۡرِ بِعِبَادِيٓ إِنَّكُم مُّتَّبَعُونَ

Ingsun paring wahyu (prentah) marang Musa, "He Musa, sira mangkata lunga (saka ing Mesir), bebarengan karo kawulaningsun wong Bani Israil kabeh, Sira bakal dioyak dening Fir'aun dalah para kaume
Surah Ash-Shuara, Verse 52


فَأَرۡسَلَ فِرۡعَوۡنُ فِي ٱلۡمَدَآئِنِ حَٰشِرِينَ

Bareng Fir'aun krungu menawa wong Bani Israil padha lunga, banjur nglumpukake wong - wong ing kutha - kutha wewengkone, padha diajak ngoyak wong Bani Israil
Surah Ash-Shuara, Verse 53


إِنَّ هَـٰٓؤُلَآءِ لَشِرۡذِمَةٞ قَلِيلُونَ

Pangucape Fir'aun, "Para kaumku kabeh aja padha wedi. Wong bani Israil iku mung sethithik cacahe
Surah Ash-Shuara, Verse 54


وَإِنَّهُمۡ لَنَا لَغَآئِظُونَ

Nanging sejatine wong Bani ISrail mau anggregetake, gawe napsuku
Surah Ash-Shuara, Verse 55


وَإِنَّا لَجَمِيعٌ حَٰذِرُونَ

Dene para kaumk wong Mesir iku padha wong prayitna, gagah prakosa, tur miranti gegamane
Surah Ash-Shuara, Verse 56


فَأَخۡرَجۡنَٰهُم مِّن جَنَّـٰتٖ وَعُيُونٖ

Pangandikane Allah, "Ingsun nuli nundhung wong - wong mau (Fir'aun dalah para kaume) ninggalale palemahane (pakebonan) kang ana kaline pating sreweh
Surah Ash-Shuara, Verse 57


وَكُنُوزٖ وَمَقَامٖ كَرِيمٖ

Lan ninggalake gedung - gedung isi rajabrana sarta palinggihan (panggonan) kang indah - indah (becik - becik)
Surah Ash-Shuara, Verse 58


كَذَٰلِكَۖ وَأَوۡرَثۡنَٰهَا بَنِيٓ إِسۡرَـٰٓءِيلَ

Wis mengkono anggoningsun ngetokake Fir'aun: Sasirnane Fir'aun dalah para kaum kelem an aing segara, raja dabeke Ingsun paringake dadi warisan marang wong bani Israil, padha dibaleni marang ing Mesir
Surah Ash-Shuara, Verse 59


فَأَتۡبَعُوهُم مُّشۡرِقِينَ

Fir'aun dalah para kaume mau padh angoyak wong Bani Israil, ing wayah metune srengenge meh kecandhak ana ing pinggiring segara
Surah Ash-Shuara, Verse 60


فَلَمَّا تَرَـٰٓءَا ٱلۡجَمۡعَانِ قَالَ أَصۡحَٰبُ مُوسَىٰٓ إِنَّا لَمُدۡرَكُونَ

Barang owng Bani Israil lan wong Mesir (kaume Fir'aun) wis padha arep - arepan, ing kono para sahabate Musa padha matur, "Kados pundi kita punika badhe sami kecepeng (ketututan)
Surah Ash-Shuara, Verse 61


قَالَ كَلَّآۖ إِنَّ مَعِيَ رَبِّي سَيَهۡدِينِ

Musa paring wangsulan, "Ora. Sira aja padha kuwatir, Satemene Ingsun iki dijangkung dening Allah Pangeraningsun, kang bakal paring pitedah dalan keslamten marang ingsun
Surah Ash-Shuara, Verse 62


فَأَوۡحَيۡنَآ إِلَىٰ مُوسَىٰٓ أَنِ ٱضۡرِب بِّعَصَاكَ ٱلۡبَحۡرَۖ فَٱنفَلَقَ فَكَانَ كُلُّ فِرۡقٖ كَٱلطَّوۡدِ ٱلۡعَظِيمِ

Ingsun banjur paring wahyu marang Musa,"He Musa, tekenira iku gitikna (sabetna) ing segara (Qulzum)". Bareng segara disabet (digitek) dening Musa, banyune banjur piyak dadi rosal lurung, antarane lurung - lurung mau banyune anggenggeng kaya gunung dhuwur
Surah Ash-Shuara, Verse 63


وَأَزۡلَفۡنَا ثَمَّ ٱلۡأٓخَرِينَ

Ingsun anggiring Fir'aun dalah pra kaume mlebu ing segara, ngoyak Musa dalah wong Bani Israil
Surah Ash-Shuara, Verse 64


وَأَنجَيۡنَا مُوسَىٰ وَمَن مَّعَهُۥٓ أَجۡمَعِينَ

Lan Ingsun paring selamet marang Musa lan wong Bani Israil kabeh padha metu saka ing segara
Surah Ash-Shuara, Verse 65


ثُمَّ أَغۡرَقۡنَا ٱلۡأٓخَرِينَ

Sawise MUsa dalah wong Bani Israil padha metu saka ing segara, Fir'aun dalah para kaume padha Ingsun tumpes sarana Ingsun tungkebi (keremake) banyu segara
Surah Ash-Shuara, Verse 66


إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَأٓيَةٗۖ وَمَا كَانَ أَكۡثَرُهُم مُّؤۡمِنِينَ

Mungguh satemene tumpese Fir'aun dalah para kaume, iku yekti dadi tandha yekti, kanggo lupiya marang wong sapungkure Fir'aun. Lan akeh - akehe wong - wong mau padha ora gelem mukmin
Surah Ash-Shuara, Verse 67


وَإِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ ٱلۡعَزِيزُ ٱلرَّحِيمُ

Lan satemene Pangeranira iku Maha Mulya sarta asih
Surah Ash-Shuara, Verse 68


وَٱتۡلُ عَلَيۡهِمۡ نَبَأَ إِبۡرَٰهِيمَ

(Muhammad) wong - wong kafir iku padha sira wacakna cerita lelakone Ibrahim
Surah Ash-Shuara, Verse 69


إِذۡ قَالَ لِأَبِيهِ وَقَوۡمِهِۦ مَا تَعۡبُدُونَ

Nalikane Ibrahim matur marang Bapakne utawa ngendika mituturi marang para ummate, "Panjenengan punika sami manembah punapa
Surah Ash-Shuara, Verse 70


قَالُواْ نَعۡبُدُ أَصۡنَامٗا فَنَظَلُّ لَهَا عَٰكِفِينَ

Bapakne lan para kaume padha mangsuli, "Kita padha manembah brahala salawas - lawase
Surah Ash-Shuara, Verse 71


قَالَ هَلۡ يَسۡمَعُونَكُمۡ إِذۡ تَدۡعُونَ

Ibrahim bacutake pitakone, "Menawi panjenengan matur punapa - punapa dhateng brahala - brahala wau, punapa brahala - brahala wau saged mrieng
Surah Ash-Shuara, Verse 72


أَوۡ يَنفَعُونَكُمۡ أَوۡ يَضُرُّونَ

Utawa punapa saged mikantuki (damel manfaat) punapadene mlarati dhateng panjenengan
Surah Ash-Shuara, Verse 73


قَالُواْ بَلۡ وَجَدۡنَآ ءَابَآءَنَا كَذَٰلِكَ يَفۡعَلُونَ

Bapakne Ibrahim lan para umate padha mangsuli, "Ora bisa, nanging para leluhur kita biyen iya padha manembah brahala kaya kita iki
Surah Ash-Shuara, Verse 74


قَالَ أَفَرَءَيۡتُم مَّا كُنتُمۡ تَعۡبُدُونَ

Ibrahim pitakon maneh, "Punapa sampun panjenengan galih sayekto anggen panjenengan manembah brahala punika
Surah Ash-Shuara, Verse 75


أَنتُمۡ وَءَابَآؤُكُمُ ٱلۡأَقۡدَمُونَ

Panjenengan piyambah lan para leluhur panjenengan rumiyin
Surah Ash-Shuara, Verse 76


فَإِنَّهُمۡ عَدُوّٞ لِّيٓ إِلَّا رَبَّ ٱلۡعَٰلَمِينَ

Sejatosipun brahala - brahala pnika (ingkang kula sembah) dados satru kula, kajawi Allah Pangeranipun alam sadaya, punika Pangeran kula
Surah Ash-Shuara, Verse 77


ٱلَّذِي خَلَقَنِي فَهُوَ يَهۡدِينِ

Inggih Allah punika ingkang nitahaken badan kula, sarta paring pitedah margi ingkang leres
Surah Ash-Shuara, Verse 78


وَٱلَّذِي هُوَ يُطۡعِمُنِي وَيَسۡقِينِ

Inggih Allah punika ingkang paring tedha sarta omben - omben dhateng kula
Surah Ash-Shuara, Verse 79


وَإِذَا مَرِضۡتُ فَهُوَ يَشۡفِينِ

Menawi kula nandhang sakit, panjenenganipun Allah punika ingkang nyarasaken dhateng kula
Surah Ash-Shuara, Verse 80


وَٱلَّذِي يُمِيتُنِي ثُمَّ يُحۡيِينِ

Sarta panjenenganipun ingkang badhe mejahi kula. Sasampunipun pejah, benjing dinten Qiyamat anggesangaken dhateng kula
Surah Ash-Shuara, Verse 81


وَٱلَّذِيٓ أَطۡمَعُ أَن يَغۡفِرَ لِي خَطِيٓـَٔتِي يَوۡمَ ٱلدِّينِ

Inggih Allah punika ingkang kula ajeg - ajeg paring pangapunten kelepatan kula benjing dinten Qiyamat
Surah Ash-Shuara, Verse 82


رَبِّ هَبۡ لِي حُكۡمٗا وَأَلۡحِقۡنِي بِٱلصَّـٰلِحِينَ

Dhuh Allah Pangeran kawula, Panjenengan mugi paringa kawicaksanan dhumateng kawula. Mugi Panjenengan lebetaken (golongaken) kapanggihaken kaliyan pra tiyang ingkang sae
Surah Ash-Shuara, Verse 83


وَٱجۡعَل لِّي لِسَانَ صِدۡقٖ فِي ٱلۡأٓخِرِينَ

Kawula mugi Panjenengan dadosaken pengaleman saha tetuladhanipun tiyang Islam sapengker kawula
Surah Ash-Shuara, Verse 84


وَٱجۡعَلۡنِي مِن وَرَثَةِ جَنَّةِ ٱلنَّعِيمِ

Saha kawula mugi panjenengan dadosaken ahli waris, ingkang badhe nampi pandumanipun suwarga Na'im
Surah Ash-Shuara, Verse 85


وَٱغۡفِرۡ لِأَبِيٓ إِنَّهُۥ كَانَ مِنَ ٱلضَّآلِّينَ

Mekaten malih bapak kawula punika ewonipun tiyang kesasar, punika mugi Panjenengan kersakaken tobat, salajengipun Panjenengan paringi pangapunten kalepatanipun
Surah Ash-Shuara, Verse 86


وَلَا تُخۡزِنِي يَوۡمَ يُبۡعَثُونَ

Ing benjing dinten QIyamat, dinten tanginipun tiyang pejah, Panjenengan mugi sampun ngasoraken (meleh - melehaken) awon kawula
Surah Ash-Shuara, Verse 87


يَوۡمَ لَا يَنفَعُ مَالٞ وَلَا بَنُونَ

Inggih punika dinten (Qiyamat) kalanipun bandha tuwin anak mboten ngayunanipun Pangeran kanthi manah ingkang resik
Surah Ash-Shuara, Verse 88


إِلَّا مَنۡ أَتَى ٱللَّهَ بِقَلۡبٖ سَلِيمٖ

Kajawi tiyang ingkang sowan wonten ngayunanipun Pangeran kanthi manah ingkang resik
Surah Ash-Shuara, Verse 89


وَأُزۡلِفَتِ ٱلۡجَنَّةُ لِلۡمُتَّقِينَ

Ing dina iku suwarga dicedhakake marang wong kang padha bekti (taqwa)
Surah Ash-Shuara, Verse 90


وَبُرِّزَتِ ٱلۡجَحِيمُ لِلۡغَاوِينَ

Dene neraka jahim dikatonake marang wong - wong kang padha lacut (kafir)
Surah Ash-Shuara, Verse 91


وَقِيلَ لَهُمۡ أَيۡنَ مَا كُنتُمۡ تَعۡبُدُونَ

Wong - won gkafir mau padha didangu, "Endi rupane brahala kang padha sira sembah biyen
Surah Ash-Shuara, Verse 92


مِن دُونِ ٱللَّهِ هَلۡ يَنصُرُونَكُمۡ أَوۡ يَنتَصِرُونَ

Sira milih manembah saliyane ALlah? Brahala apa bisa aweh pitulung marang sira utawa marang awake dhewe, jugarake siksane Allah
Surah Ash-Shuara, Verse 93


فَكُبۡكِبُواْ فِيهَا هُمۡ وَٱلۡغَاوُۥنَ

Brahala - brahala mau nuli dipunjungkelake, dicemplungake ing neraka karo wong - wong kafir
Surah Ash-Shuara, Verse 94


وَجُنُودُ إِبۡلِيسَ أَجۡمَعُونَ

Lan para wadya balane iblis kabeh
Surah Ash-Shuara, Verse 95


قَالُواْ وَهُمۡ فِيهَا يَخۡتَصِمُونَ

Wong - wong kafir mau ana ing sajrone neraka padha padu rame karo brahalane, pangucape wong kafir
Surah Ash-Shuara, Verse 96


تَٱللَّهِ إِن كُنَّا لَفِي ضَلَٰلٖ مُّبِينٍ

Demi Allah, satemene Ingsun iki tetela wong kang kesasar saka dalan keslametan
Surah Ash-Shuara, Verse 97


إِذۡ نُسَوِّيكُم بِرَبِّ ٱلۡعَٰلَمِينَ

Amarga anggoningsun manembah marang sira, ingsun padhakake Pangerane wong alam kabeh
Surah Ash-Shuara, Verse 98


وَمَآ أَضَلَّنَآ إِلَّا ٱلۡمُجۡرِمُونَ

Dene kang nasarake (anjnlomprongake) ingsun iki, ora ana maneh kajaba syetan
Surah Ash-Shuara, Verse 99


فَمَا لَنَا مِن شَٰفِعِينَ

Saiki ora ana wong kang bisa aweh pitulungan apa - apa marang ingsun
Surah Ash-Shuara, Verse 100


وَلَا صَدِيقٍ حَمِيمٖ

Lan ingsun ora duwe kanca kang mbelani aweh pitulungan marang ingsun
Surah Ash-Shuara, Verse 101


فَلَوۡ أَنَّ لَنَا كَرَّةٗ فَنَكُونَ مِنَ ٱلۡمُؤۡمِنِينَ

Upama ingsun diparengake bali marang donya maneh, ingsun saguh dadi wong mukmin, nindakake apa tumindake wong mukmin
Surah Ash-Shuara, Verse 102


إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَأٓيَةٗۖ وَمَا كَانَ أَكۡثَرُهُم مُّؤۡمِنِينَ

Satemene cerita kang kasebut mau dadi piwulang tumrap wong kang padha gelem mikir-mikir. Nanging manungsa ora akeh sing padha gelem mukmin
Surah Ash-Shuara, Verse 103


وَإِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ ٱلۡعَزِيزُ ٱلرَّحِيمُ

Lan saktemene Allah Pangeranira iku Maha Mulya tur Maha Asih
Surah Ash-Shuara, Verse 104


كَذَّبَتۡ قَوۡمُ نُوحٍ ٱلۡمُرۡسَلِينَ

Para ummate Nuh padha nggorohake para utusan
Surah Ash-Shuara, Verse 105


إِذۡ قَالَ لَهُمۡ أَخُوهُمۡ نُوحٌ أَلَا تَتَّقُونَ

Nuh dalah para ummate iku isih sedulur. Nalika semana Nuh dhawuh marang para ummate, "Ya gene sira padha ora wedi marang Allah
Surah Ash-Shuara, Verse 106


إِنِّي لَكُمۡ رَسُولٌ أَمِينٞ

Satemene Ingsun iki Utusane Allah kang mitayani anggoningsun andhawuhake dhawuhe Allah, ora nambahi, ora ngurangi lan ora ngowahi
Surah Ash-Shuara, Verse 107


فَٱتَّقُواْ ٱللَّهَ وَأَطِيعُونِ

Sira padh awediya ing Allah lan ngestokna marang Ingsun
Surah Ash-Shuara, Verse 108


وَمَآ أَسۡـَٔلُكُمۡ عَلَيۡهِ مِنۡ أَجۡرٍۖ إِنۡ أَجۡرِيَ إِلَّا عَلَىٰ رَبِّ ٱلۡعَٰلَمِينَ

Anggoningsun andhawuhake dhawuhe Allah iki ora pisan - pisan pituwas apa - apa saka sira. Dene kang bakal maringi ganjaran marang Ingsun, ora ana maneh kajaba Allah Pangerane ngalam kabeh
Surah Ash-Shuara, Verse 109


فَٱتَّقُواْ ٱللَّهَ وَأَطِيعُونِ

Sira padha bektia ing Allah lan ngestokna marang ingsun
Surah Ash-Shuara, Verse 110


۞قَالُوٓاْ أَنُؤۡمِنُ لَكَ وَٱتَّبَعَكَ ٱلۡأَرۡذَلُونَ

Para umate Nuh padha matur mangsuli, "Kenging punapa kita manut dhewek panjenengan lan tiyang ingkang sami manut ndherek panjenengan punika sami tiyang ingkang asor (andhahan urakan) sadaya
Surah Ash-Shuara, Verse 111


قَالَ وَمَا عِلۡمِي بِمَا كَانُواْ يَعۡمَلُونَ

Nuh paring wangsulan marang para ummate, "(Ingsun mau diutus murih para manungsa padha iman marang Allah) ora susah nyumurupi luguning para panganggepe kang dibathin
Surah Ash-Shuara, Verse 112


إِنۡ حِسَابُهُمۡ إِلَّا عَلَىٰ رَبِّيۖ لَوۡ تَشۡعُرُونَ

Menawa sira padha weruh". dene panimbange penganggep kang dibathin iku ana astane Allah
Surah Ash-Shuara, Verse 113


وَمَآ أَنَا۠ بِطَارِدِ ٱلۡمُؤۡمِنِينَ

Lan Ingsun ora bakal nulak wong - wong kang padha mukmin ing Allah
Surah Ash-Shuara, Verse 114


إِنۡ أَنَا۠ إِلَّا نَذِيرٞ مُّبِينٞ

Ingsun iki ora liya kajaba juru pepeling klawan cetha, lan ora ningali sapa wonge
Surah Ash-Shuara, Verse 115


قَالُواْ لَئِن لَّمۡ تَنتَهِ يَٰنُوحُ لَتَكُونَنَّ مِنَ ٱلۡمَرۡجُومِينَ

Para umate Nuh padha kaku atine, pangucape, "He Nuh, anggen panjenengan munasika dhateng kita punika menawi boten panjenengan kendeli, panjenengan mesthi badhe kita balangi sela
Surah Ash-Shuara, Verse 116


قَالَ رَبِّ إِنَّ قَوۡمِي كَذَّبُونِ

Nuh banjur matur marang Allah, "Dhuh Pangeran kawula, sejatosipun para umat kawula sami maiben (anggorohaken) dhateng kawula
Surah Ash-Shuara, Verse 117


فَٱفۡتَحۡ بَيۡنِي وَبَيۡنَهُمۡ فَتۡحٗا وَنَجِّنِي وَمَن مَّعِيَ مِنَ ٱلۡمُؤۡمِنِينَ

Mila panjenengan mugi kaparenga andhawuhaken bilih punapa ingkang kawula dhawuhaken punika leres tumrap anggen kawula pasulayan kaliyan ummat kawula wau, punapa dene Panjenengan mugi paring wilujeng dhumateng kawula dalah para tiyang ingkang tumut dhateng kawula para tiyang mukmin
Surah Ash-Shuara, Verse 118


فَأَنجَيۡنَٰهُ وَمَن مَّعَهُۥ فِي ٱلۡفُلۡكِ ٱلۡمَشۡحُونِ

Ingsun paring selamet marang Nuh dalah para kaume para wong mukmin, ana ing perahu kang kebak (isi wong lan sawarnaning kewan daratan)
Surah Ash-Shuara, Verse 119


ثُمَّ أَغۡرَقۡنَا بَعۡدُ ٱلۡبَاقِينَ

Sawise mengkono, para ummate Nuh liya - liyane padha Ingsun sirnakake sarana Ingsun kelem
Surah Ash-Shuara, Verse 120


إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَأٓيَةٗۖ وَمَا كَانَ أَكۡثَرُهُم مُّؤۡمِنِينَ

Carita lelakone Nuh lan para ummate mau, satemene dadi piwulang tumrap wong kang padha gelem mikir. Nanging akeh - akehe padha ora gelem mukmin
Surah Ash-Shuara, Verse 121


وَإِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ ٱلۡعَزِيزُ ٱلرَّحِيمُ

Lan saktemene Allah Pangeranira iku Maha Mulya tur Maha Asih
Surah Ash-Shuara, Verse 122


كَذَّبَتۡ عَادٌ ٱلۡمُرۡسَلِينَ

Wong 'Aad uga padha anggorohake (maido) para Rasul
Surah Ash-Shuara, Verse 123


إِذۡ قَالَ لَهُمۡ أَخُوهُمۡ هُودٌ أَلَا تَتَّقُونَ

Sedulure kaum 'Aad yaiku Hud, ngendika maringi pitutur marang wong - wong mau, "Yagene sira padha ora wedi marang Allah
Surah Ash-Shuara, Verse 124


إِنِّي لَكُمۡ رَسُولٌ أَمِينٞ

Satemene Ingsun iki utusane Allah, anggoningsun medharake dhawuhe Allah iku mitayani. Ingsun diutus marang sira kabeh
Surah Ash-Shuara, Verse 125


فَٱتَّقُواْ ٱللَّهَ وَأَطِيعُونِ

Sira padha wediya marang Allah lan ngestokna marang ingsun
Surah Ash-Shuara, Verse 126


وَمَآ أَسۡـَٔلُكُمۡ عَلَيۡهِ مِنۡ أَجۡرٍۖ إِنۡ أَجۡرِيَ إِلَّا عَلَىٰ رَبِّ ٱلۡعَٰلَمِينَ

Anggoningsun medharake dhawuhe Allah iki ora pisan - pisan pituwas apa - apa saka sira. Dene kang bakal maringi ganjarang marang Ingsun, ora ana maneh kajaba mung Allah Pangerane 'alam kabeh
Surah Ash-Shuara, Verse 127


أَتَبۡنُونَ بِكُلِّ رِيعٍ ءَايَةٗ تَعۡبَثُونَ

Ya gene sira padha ngedegake omah dhuwur ana ing ngendi - endi panggonan, perlu mung kanggo dolanan lan nyenyenges tumrap wong kang liwat
Surah Ash-Shuara, Verse 128


وَتَتَّخِذُونَ مَصَانِعَ لَعَلَّكُمۡ تَخۡلُدُونَ

Apa dene sira padha gawe blumbang utawa segaran, pangarep - arepira sira langgenga urip, aja mati - mati
Surah Ash-Shuara, Verse 129


وَإِذَا بَطَشۡتُم بَطَشۡتُمۡ جَبَّارِينَ

Mengkono maneh sira buteng sarta cengkiling, menawa sira mara tangan siya - siya
Surah Ash-Shuara, Verse 130


فَٱتَّقُواْ ٱللَّهَ وَأَطِيعُونِ

Sira padha bektia ing Allah lan ngestokna marang Ingsun
Surah Ash-Shuara, Verse 131


وَٱتَّقُواْ ٱلَّذِيٓ أَمَدَّكُم بِمَا تَعۡلَمُونَ

Lan padha bektia ing Pangeran kang paring kenikmatan (kabungahan) marang sira, kaya kang wis padha sira sumurupi
Surah Ash-Shuara, Verse 132


أَمَدَّكُم بِأَنۡعَٰمٖ وَبَنِينَ

Panjenengane Allah wis maringi kabungahan marang sira rupa raja kaya sarta turunan
Surah Ash-Shuara, Verse 133


وَجَنَّـٰتٖ وَعُيُونٍ

Apa dene palemahan (pakebonan) lan kali pirang - pirang
Surah Ash-Shuara, Verse 134


إِنِّيٓ أَخَافُ عَلَيۡكُمۡ عَذَابَ يَوۡمٍ عَظِيمٖ

Satemene (menawa sira padha ora gelem manut marang pangandikaningsun) ingsun kuwatir, ora wurung sira bakal nandhang siksane Allah, ana ing donya lan akherat
Surah Ash-Shuara, Verse 135


قَالُواْ سَوَآءٌ عَلَيۡنَآ أَوَعَظۡتَ أَمۡ لَمۡ تَكُن مِّنَ ٱلۡوَٰعِظِينَ

(Wong 'Aad) padha matur mangsuli, "Dhuh Huud, kita panjenengan wulang makaten punika kaliyan boten, sami kemawon boten badhe melu dhateng piwulang panjenengan
Surah Ash-Shuara, Verse 136


إِنۡ هَٰذَآ إِلَّا خُلُقُ ٱلۡأَوَّلِينَ

Sayektosipun, piwulang ingkang panjenengan angge ngajrih - ngajriih dhateng kita punika kados ngajrih - ngajrihi lare alit, punika mboten liya damel - damelanipun para tiyang kina rumiyin
Surah Ash-Shuara, Verse 137


وَمَا نَحۡنُ بِمُعَذَّبِينَ

Sampun mboten kemawon kita badhe nandhang siksa
Surah Ash-Shuara, Verse 138


فَكَذَّبُوهُ فَأَهۡلَكۡنَٰهُمۡۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَأٓيَةٗۖ وَمَا كَانَ أَكۡثَرُهُم مُّؤۡمِنِينَ

Wong 'Aad padha maido (anggorohake) marang Huud, mulane banjur Ingsun tumpes. Kang mengkono mau satemene dadi lupiya tumrap wong kang gelem mikir - mikir. Nanging akeh - akehe para manugsa padha ora gelem mukmin
Surah Ash-Shuara, Verse 139


وَإِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ ٱلۡعَزِيزُ ٱلرَّحِيمُ

Lan satemene Allah Pangeranira iku Maha Mulya tur Maha Asih
Surah Ash-Shuara, Verse 140


كَذَّبَتۡ ثَمُودُ ٱلۡمُرۡسَلِينَ

Wong Tsamud uga padha nggorohake para Rasul
Surah Ash-Shuara, Verse 141


إِذۡ قَالَ لَهُمۡ أَخُوهُمۡ صَٰلِحٌ أَلَا تَتَّقُونَ

Nalika semana sedulure wong Tsamud yaiku Shalih paring dhawuh marang wong Tsamud, "He para seduluringsun, yagene sira padha ora wedi marang Allah
Surah Ash-Shuara, Verse 142


إِنِّي لَكُمۡ رَسُولٌ أَمِينٞ

Satemene Ingsun iku Utusane Allah tur kena dipercaya
Surah Ash-Shuara, Verse 143


فَٱتَّقُواْ ٱللَّهَ وَأَطِيعُونِ

Sira padha manuta ing Allah, lan ngestokna marang Ingsun
Surah Ash-Shuara, Verse 144


وَمَآ أَسۡـَٔلُكُمۡ عَلَيۡهِ مِنۡ أَجۡرٍۖ إِنۡ أَجۡرِيَ إِلَّا عَلَىٰ رَبِّ ٱلۡعَٰلَمِينَ

Anggoningsun medharake dhawuhe Allah iki, ingsun ora amrih pituwas apa - apa saka sira. Dene kang bakal maringi ganjaran marang ingsun ora liya mung Allah Pangerane ngalam kabeh
Surah Ash-Shuara, Verse 145


أَتُتۡرَكُونَ فِي مَا هَٰهُنَآ ءَامِنِينَ

Apa sira padha duwe pangira menawa anggonira urip iku ditogake bae tentrem salawase, ora ana apa - apa (luput pangairanira)
Surah Ash-Shuara, Verse 146


فِي جَنَّـٰتٖ وَعُيُونٖ

Saiki sira duwe palemahan akeh lan kali - kali
Surah Ash-Shuara, Verse 147


وَزُرُوعٖ وَنَخۡلٖ طَلۡعُهَا هَضِيمٞ

Lan duwe tanduran gandum lan wit kurma kang wohe mateng - mateng
Surah Ash-Shuara, Verse 148


وَتَنۡحِتُونَ مِنَ ٱلۡجِبَالِ بُيُوتٗا فَٰرِهِينَ

Lan padha gawe guwa ana ing gungung - gunung kanggo omah, pancen padha baut
Surah Ash-Shuara, Verse 149


فَٱتَّقُواْ ٱللَّهَ وَأَطِيعُونِ

Sira padha wediya ing Allah lan ngestokna pituturingsun
Surah Ash-Shuara, Verse 150


وَلَا تُطِيعُوٓاْ أَمۡرَ ٱلۡمُسۡرِفِينَ

Lan sira aja manut perintahe wong (kafir) kang ngliwati wates
Surah Ash-Shuara, Verse 151


ٱلَّذِينَ يُفۡسِدُونَ فِي ٱلۡأَرۡضِ وَلَا يُصۡلِحُونَ

Yaiku wong kang padha gawe rusak ana ing bumi sarana panganiaya, lan ora gawe becik, sarana 'adil lan iman marang Allah
Surah Ash-Shuara, Verse 152


قَالُوٓاْ إِنَّمَآ أَنتَ مِنَ ٱلۡمُسَحَّرِينَ

Wong Tsamud padha mangsuli, "Panjenengan punika mesthi tiyang ingkang kenging ing sihir
Surah Ash-Shuara, Verse 153


مَآ أَنتَ إِلَّا بَشَرٞ مِّثۡلُنَا فَأۡتِ بِـَٔايَةٍ إِن كُنتَ مِنَ ٱلصَّـٰدِقِينَ

Boten sanes panjenengan punika inggih tiyang kados kita kemawon. (Wangsul panjenengan ngaken Utusanipun Allah) menawi dhasar temen cobi panjenengan angawontenaken tandha yekti
Surah Ash-Shuara, Verse 154


قَالَ هَٰذِهِۦ نَاقَةٞ لَّهَا شِرۡبٞ وَلَكُمۡ شِرۡبُ يَوۡمٖ مَّعۡلُومٖ

Nabi Shalih mangsuli, "(Tandha yektine delengen) iki unta (peparinge Allah metu saka ing watu, kaya carane unta lahir saka biyunge, tetep kaya panyuwunira). Unta iki duwe pepancen ngombe ing sendhang iki, sira uga duwe pepancen, giliran sedina endhing, aja padha nyahak gilirane unta mau
Surah Ash-Shuara, Verse 155


وَلَا تَمَسُّوهَا بِسُوٓءٖ فَيَأۡخُذَكُمۡ عَذَابُ يَوۡمٍ عَظِيمٖ

Lan aja pisan - pisan ngganggu gawe marang unta iki, (menawa sira nganti ngganggu gawe), mesthi bakal nandhang siksane Allah kang abot, ana ing dina kang anggegirisi
Surah Ash-Shuara, Verse 156


فَعَقَرُوهَا فَأَصۡبَحُواْ نَٰدِمِينَ

Wong tsamud banjur padha amragad unta mau. Bareng padha sumurup bakal tekane siksa, padha banget getun lan keduwange
Surah Ash-Shuara, Verse 157


فَأَخَذَهُمُ ٱلۡعَذَابُۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَأٓيَةٗۖ وَمَا كَانَ أَكۡثَرُهُم مُّؤۡمِنِينَ

Wong Tsamud banjur tumpes kena ing siksane Allah, kaya pangancame Nabi Shalih, kang mengkono mau mesthi dadi kaca benggala tumrap wong kang gelem mikir - mikir, nanging sethithik banget kang padha gelem percaya
Surah Ash-Shuara, Verse 158


وَإِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ ٱلۡعَزِيزُ ٱلرَّحِيمُ

Lan satemene Allah Pangeranira iku Maha Mulya Maha Asih
Surah Ash-Shuara, Verse 159


كَذَّبَتۡ قَوۡمُ لُوطٍ ٱلۡمُرۡسَلِينَ

Para ummate LUth uga padha anggorohake (maido) marang para Rasul
Surah Ash-Shuara, Verse 160


إِذۡ قَالَ لَهُمۡ أَخُوهُمۡ لُوطٌ أَلَا تَتَّقُونَ

Nalika semana sedulure kang aran Luth paring pitutur mengkene, "Yagene sira padha ora bekti ing Allah
Surah Ash-Shuara, Verse 161


إِنِّي لَكُمۡ رَسُولٌ أَمِينٞ

Satemene Ingsun iki Utusane Allah kang percaya marang sira kabeh
Surah Ash-Shuara, Verse 162


فَٱتَّقُواْ ٱللَّهَ وَأَطِيعُونِ

Sira padha bektia ing Allah lan ngestokna marang ingsun
Surah Ash-Shuara, Verse 163


وَمَآ أَسۡـَٔلُكُمۡ عَلَيۡهِ مِنۡ أَجۡرٍۖ إِنۡ أَجۡرِيَ إِلَّا عَلَىٰ رَبِّ ٱلۡعَٰلَمِينَ

Anggoningsun nekaake dhawuhe Allah, ora amrih opah. Dene kang bakal maringi ganjaran mung Allah Pangerane alam kabeh
Surah Ash-Shuara, Verse 164


أَتَأۡتُونَ ٱلذُّكۡرَانَ مِنَ ٱلۡعَٰلَمِينَ

Yagene sira padha milih cumbana padha wong lanang, kamungka ora kurang wong wadon
Surah Ash-Shuara, Verse 165


وَتَذَرُونَ مَا خَلَقَ لَكُمۡ رَبُّكُم مِّنۡ أَزۡوَٰجِكُمۚ بَلۡ أَنتُمۡ قَوۡمٌ عَادُونَ

Sira padha nampik para bojonira, kang wis dicawisake lan diwenangake dening Allah Pangeranira marang sira. Dadi sira iki tetep wong kebangeten, nampik barang kang diwenangake, milih kang dadi larangan
Surah Ash-Shuara, Verse 166


قَالُواْ لَئِن لَّمۡ تَنتَهِ يَٰلُوطُ لَتَكُونَنَّ مِنَ ٱلۡمُخۡرَجِينَ

(Para ummate Luth) padha mangsuli, "Dhuh Luth, menawi mboten panjenengan mantuni anggen panjenengan munasika dhateng kita punika, panjenengan mesthi kita tundhung saking mriki
Surah Ash-Shuara, Verse 167


قَالَ إِنِّي لِعَمَلِكُم مِّنَ ٱلۡقَالِينَ

(Luth ganti paring) wangsulan, "Sakarepira, satemene ingsun gething banget lan ora sudi marang tindakira kang mengkono iku
Surah Ash-Shuara, Verse 168


رَبِّ نَجِّنِي وَأَهۡلِي مِمَّا يَعۡمَلُونَ

Luth munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, panjenengan mugi paring wilujeng dhumateng kawula sakulawarga, saking siksa patrapanipun kalepatan, ingkang dipun lampahi dening para ummat kawula
Surah Ash-Shuara, Verse 169


فَنَجَّيۡنَٰهُ وَأَهۡلَهُۥٓ أَجۡمَعِينَ

(Pandandikane Allah), Ingsun paring selamet marang Luth dalah kaluwargane kabeh
Surah Ash-Shuara, Verse 170


إِلَّا عَجُوزٗا فِي ٱلۡغَٰبِرِينَ

Kajaba bojone tuwa Luth, iku katut ingsun siksa, amarga mbiyantu marang ummate Luth
Surah Ash-Shuara, Verse 171


ثُمَّ دَمَّرۡنَا ٱلۡأٓخَرِينَ

Para ummate Luth liya - liyane banjur Ingsun tumpes
Surah Ash-Shuara, Verse 172


وَأَمۡطَرۡنَا عَلَيۡهِم مَّطَرٗاۖ فَسَآءَ مَطَرُ ٱلۡمُنذَرِينَ

Para ummate Luth mau Ingsun udani watu welirang kang murup, sabanjure Ingsun walik bumine. Ala temen udan siksane wong kafir kang wis diwedeni, meksa padha wangkot
Surah Ash-Shuara, Verse 173


إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَأٓيَةٗۖ وَمَا كَانَ أَكۡثَرُهُم مُّؤۡمِنِينَ

Lelakone para ummate Luth mau, satemene dadi kaca benggala tumrap wong kang padha gelem mikir - mikir, ewodene akeh - akehe manungsa padha ora gelem percaya
Surah Ash-Shuara, Verse 174


وَإِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ ٱلۡعَزِيزُ ٱلرَّحِيمُ

Satemene Allah Pangeranira iu Maha Mulya tur Maha Asih
Surah Ash-Shuara, Verse 175


كَذَّبَ أَصۡحَٰبُ لۡـَٔيۡكَةِ ٱلۡمُرۡسَلِينَ

(Kaume Syu'aib) wong ing Madyan kang padha duwe palemahan loh isi tetanduran, padha maido marang para Rasul
Surah Ash-Shuara, Verse 176


إِذۡ قَالَ لَهُمۡ شُعَيۡبٌ أَلَا تَتَّقُونَ

Nalika semana Syu'aib paring pitutur marang wong - wong madyan, "Yagene sira padha ora bekti ing Allah
Surah Ash-Shuara, Verse 177


إِنِّي لَكُمۡ رَسُولٌ أَمِينٞ

Satemene Ingsun iki Utusane ALlah kang pinitaya marang sira kabeh
Surah Ash-Shuara, Verse 178


فَٱتَّقُواْ ٱللَّهَ وَأَطِيعُونِ

Sira padha bektia ing Allah lan ngestokake marang ingsun
Surah Ash-Shuara, Verse 179


وَمَآ أَسۡـَٔلُكُمۡ عَلَيۡهِ مِنۡ أَجۡرٍۖ إِنۡ أَجۡرِيَ إِلَّا عَلَىٰ رَبِّ ٱلۡعَٰلَمِينَ

Anggoningsun nekake dhawuhe Allah iki, ingsun ora amrih opah apa - apa saka sira. Dene kang bakal maringi ganjaran marang ingsun, ora liya mung Allah Pangerane alam kabeh
Surah Ash-Shuara, Verse 180


۞أَوۡفُواْ ٱلۡكَيۡلَ وَلَا تَكُونُواْ مِنَ ٱلۡمُخۡسِرِينَ

Sira padha nyampurnakna timbangan, lan poma dipoma aja dadi golongane wong - wong kang padha ngurangi timbangan
Surah Ash-Shuara, Verse 181


وَزِنُواْ بِٱلۡقِسۡطَاسِ ٱلۡمُسۡتَقِيمِ

Lan sira nimbanga kanthi timbangan kang jejeg
Surah Ash-Shuara, Verse 182


وَلَا تَبۡخَسُواْ ٱلنَّاسَ أَشۡيَآءَهُمۡ وَلَا تَعۡثَوۡاْ فِي ٱلۡأَرۡضِ مُفۡسِدِينَ

Lan aja padha gawe suda ajining barang - baranging wong, lan aja padha rusuh gawe kerusakan ana ing bumi
Surah Ash-Shuara, Verse 183


وَٱتَّقُواْ ٱلَّذِي خَلَقَكُمۡ وَٱلۡجِبِلَّةَ ٱلۡأَوَّلِينَ

Lan padha bektia ing allah kang nitahake marang sira, lan para umat ing jaman kuna
Surah Ash-Shuara, Verse 184


قَالُوٓاْ إِنَّمَآ أَنتَ مِنَ ٱلۡمُسَحَّرِينَ

Wong Madyan mangsuli, "Dhuh Syu'aib, panjenengan punika mesthi tiyang ingkang kenging sihir
Surah Ash-Shuara, Verse 185


وَمَآ أَنتَ إِلَّا بَشَرٞ مِّثۡلُنَا وَإِن نَّظُنُّكَ لَمِنَ ٱلۡكَٰذِبِينَ

Panjenengan punika mboten sanes inggih tiyang kados kita kemawon, (sanes malaikat) lan kita kinten dhateng panjenengan punika klebet tiyang ingkang goroh
Surah Ash-Shuara, Verse 186


فَأَسۡقِطۡ عَلَيۡنَا كِسَفٗا مِّنَ ٱلسَّمَآءِ إِن كُنتَ مِنَ ٱلصَّـٰدِقِينَ

Menawi panjenengan punika temen, yektos Utusanipun Allah cobi kita pnejengan turuni siksa jawah gegempilaning langit
Surah Ash-Shuara, Verse 187


قَالَ رَبِّيٓ أَعۡلَمُ بِمَا تَعۡمَلُونَ

(Syu'aib) paring wangsulan, "Allah Pangeraningsun mesthi luwih nguningani kabeh barang kang sira tindakake
Surah Ash-Shuara, Verse 188


فَكَذَّبُوهُ فَأَخَذَهُمۡ عَذَابُ يَوۡمِ ٱلظُّلَّةِۚ إِنَّهُۥ كَانَ عَذَابَ يَوۡمٍ عَظِيمٍ

Won ging madyan padha kebanjur - banjur anggone nggorohake (Nabi Syu'aib) mulane banjur ketekan siksane Allah ana ing dina eyub kang gegirisi
Surah Ash-Shuara, Verse 189


إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَأٓيَةٗۖ وَمَا كَانَ أَكۡثَرُهُم مُّؤۡمِنِينَ

Satemene lelakone wong Madyan mau dadi tuladha tumrap wong kang gelem mikir - mikir, nanging akeh - akehe wong padha ora gelem mukmin
Surah Ash-Shuara, Verse 190


وَإِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ ٱلۡعَزِيزُ ٱلرَّحِيمُ

Lan satemene Allah Pangeranira iku Maha Mulya tur Maha Asih
Surah Ash-Shuara, Verse 191


وَإِنَّهُۥ لَتَنزِيلُ رَبِّ ٱلۡعَٰلَمِينَ

Lan satemene al-Qur'an iki diturunake dening Allah Pangerane Alam kabeh
Surah Ash-Shuara, Verse 192


نَزَلَ بِهِ ٱلرُّوحُ ٱلۡأَمِينُ

Malaikat Jibril kang pinitaya tumurun klawan ngampil al-Qur'an
Surah Ash-Shuara, Verse 193


عَلَىٰ قَلۡبِكَ لِتَكُونَ مِنَ ٱلۡمُنذِرِينَ

Didhawuhake marang atinira Muhammad, supaya sira anggo ngelingake lan ambebungah marang para manungsa
Surah Ash-Shuara, Verse 194


بِلِسَانٍ عَرَبِيّٖ مُّبِينٖ

Nganggo tetembungan arab kang cetha
Surah Ash-Shuara, Verse 195


وَإِنَّهُۥ لَفِي زُبُرِ ٱلۡأَوَّلِينَ

Lan satemene al-Qur'an iki wis diwaca (disebutaken) ana ing kitab kuna - kuna
Surah Ash-Shuara, Verse 196


أَوَلَمۡ يَكُن لَّهُمۡ ءَايَةً أَن يَعۡلَمَهُۥ عُلَمَـٰٓؤُاْ بَنِيٓ إِسۡرَـٰٓءِيلَ

Ya gene wong kafir padha nyelaki tandha yektine menawa al-Qur'an iku temen dhawuhe Allah, yaiku anggone wis kasebut ana ing kitab - kitab kuna, sarta wis disumurupi dening para pendhitane wong Bani Israil
Surah Ash-Shuara, Verse 197


وَلَوۡ نَزَّلۡنَٰهُ عَلَىٰ بَعۡضِ ٱلۡأَعۡجَمِينَ

Upama al-Qur'an iku Ingsun dhawuhake marang sawenehe wong 'Ajam (yaiku liyane wong Arab)
Surah Ash-Shuara, Verse 198


فَقَرَأَهُۥ عَلَيۡهِم مَّا كَانُواْ بِهِۦ مُؤۡمِنِينَ

Wong 'Ajam iku banjur diwacakake al-Qur'an, mesthi wong mau ora iman
Surah Ash-Shuara, Verse 199


كَذَٰلِكَ سَلَكۡنَٰهُ فِي قُلُوبِ ٱلۡمُجۡرِمِينَ

Kaya mengkono uga atine wong kafir padha Ingsun leboni sifat kafir (ora percaya) marang al-Qur'an
Surah Ash-Shuara, Verse 200


لَا يُؤۡمِنُونَ بِهِۦ حَتَّىٰ يَرَوُاْ ٱلۡعَذَابَ ٱلۡأَلِيمَ

Dadi padha ora percaya ing al-Qur'an, nganti tumeka anggone padha sumurup siksa neraka kang nglarani
Surah Ash-Shuara, Verse 201


فَيَأۡتِيَهُم بَغۡتَةٗ وَهُمۡ لَا يَشۡعُرُونَ

Bareng wis tekan wektune, siksa neraka mau banjur teka marang wong kafir, kanthi ngegetake, wong kafir ora ngira babar pisan menawa bakal ketekan siksa
Surah Ash-Shuara, Verse 202


فَيَقُولُواْ هَلۡ نَحۡنُ مُنظَرُونَ

(Wong kafir) banjur padha munjuk ing Allah, "Punapa kawula kepareng nyuwun dipun srantosaken sekedhap kemawon, kawula badhe pitadhos dhateng al-Qur'an
Surah Ash-Shuara, Verse 203


أَفَبِعَذَابِنَا يَسۡتَعۡجِلُونَ

(Wong kafir) banjur tompa dhawuh, "Ora kena, yagene sira padha ndang - ndang lan angge tekane siksa
Surah Ash-Shuara, Verse 204


أَفَرَءَيۡتَ إِن مَّتَّعۡنَٰهُمۡ سِنِينَ

(Muhammad) apa sira sumurup, wong kafir iku Ingsun bungahake sawatara lawase
Surah Ash-Shuara, Verse 205


ثُمَّ جَآءَهُم مَّا كَانُواْ يُوعَدُونَ

Bareng wis tekan wektune, banjur padha ketekan siksa kang maune wis dinajekkake lan diancamake
Surah Ash-Shuara, Verse 206


مَآ أَغۡنَىٰ عَنۡهُم مَّا كَانُواْ يُمَتَّعُونَ

Kabungahane sawatara mau apa bisa murungake utawa mayarake siksa? (mesthi ora)
Surah Ash-Shuara, Verse 207


وَمَآ أَهۡلَكۡنَا مِن قَرۡيَةٍ إِلَّا لَهَا مُنذِرُونَ

Ingsun ora pisan - pisan numpes wong ing padesan, kajaba menawa ing kono wis ana Utusaningsun kang memedeni lan nerangake dhawuh ingsun
Surah Ash-Shuara, Verse 208


ذِكۡرَىٰ وَمَا كُنَّا ظَٰلِمِينَ

Supaya dadi pepeling, lan ingsun ora pisan - pisan gawe kaniaya
Surah Ash-Shuara, Verse 209


وَمَا تَنَزَّلَتۡ بِهِ ٱلشَّيَٰطِينُ

Kang nurunake al-Qur'an iku dudu Syetan
Surah Ash-Shuara, Verse 210


وَمَا يَنۢبَغِي لَهُمۡ وَمَا يَسۡتَطِيعُونَ

Para syetan ora patut lan ora bisa nurunake al-Qur'an
Surah Ash-Shuara, Verse 211


إِنَّهُمۡ عَنِ ٱلسَّمۡعِ لَمَعۡزُولُونَ

Amarga syetan iku menawa arep nginjen, (ngrungok - ngrungokkake guneme para malaikat) banjur dihalangi
Surah Ash-Shuara, Verse 212


فَلَا تَدۡعُ مَعَ ٱللَّهِ إِلَٰهًا ءَاخَرَ فَتَكُونَ مِنَ ٱلۡمُعَذَّبِينَ

(Muhammad) manungsa iku anggone mangeran marang Allah aja karo Mangeran marang liyane. Menawa nganti mangkono, bakal padha nampa siksa saka Allah
Surah Ash-Shuara, Verse 213


وَأَنذِرۡ عَشِيرَتَكَ ٱلۡأَقۡرَبِينَ

(Lan sira Muhammad) Aweha pepeling marang kerabatira kang klebu isih cedhak
Surah Ash-Shuara, Verse 214


وَٱخۡفِضۡ جَنَاحَكَ لِمَنِ ٱتَّبَعَكَ مِنَ ٱلۡمُؤۡمِنِينَ

Sawis sira paringi pitutur, sira nagjenana para wong mukmin kang padha manut lan tha'at
Surah Ash-Shuara, Verse 215


فَإِنۡ عَصَوۡكَ فَقُلۡ إِنِّي بَرِيٓءٞ مِّمَّا تَعۡمَلُونَ

Menawa dheweke padha ambangkang, sira dhawuha, "Ingsun wisuh, ora melu - melu anggonira padha tumindak manembah saliyane Allah
Surah Ash-Shuara, Verse 216


وَتَوَكَّلۡ عَلَى ٱلۡعَزِيزِ ٱلرَّحِيمِ

Lan sumaraha marang Allah kang Maha Lumya Tur Maha Asih
Surah Ash-Shuara, Verse 217


ٱلَّذِي يَرَىٰكَ حِينَ تَقُومُ

Yaiku Pangeran kang mriksani ing wektu sira nindakake shalat
Surah Ash-Shuara, Verse 218


وَتَقَلُّبَكَ فِي ٱلسَّـٰجِدِينَ

Lan Panjenengane mriksani mobah mosikira ana ing antarane wong kang sujud
Surah Ash-Shuara, Verse 219


إِنَّهُۥ هُوَ ٱلسَّمِيعُ ٱلۡعَلِيمُ

Satemene Allah Midhanget lan Ngudaneni marang kabeh barang dumadi
Surah Ash-Shuara, Verse 220


هَلۡ أُنَبِّئُكُمۡ عَلَىٰ مَن تَنَزَّلُ ٱلشَّيَٰطِينُ

(Dhawuha Sira Muhammad), "Apa sira kabeh gelem ingsun paringi sumurp marang sapa tumuruning syetan iku
Surah Ash-Shuara, Verse 221


تَنَزَّلُ عَلَىٰ كُلِّ أَفَّاكٍ أَثِيمٖ

Syetan iku tumrape marang wong kang dhemen goroh lan duraka
Surah Ash-Shuara, Verse 222


يُلۡقُونَ ٱلسَّمۡعَ وَأَكۡثَرُهُمۡ كَٰذِبُونَ

Biyen para syetan iku padha ngrungokake pangucape para malaikat, banjur diwisikake marang para juru pethek (ahli nujum), dene pametheke juru pethek iku kang akeh goroh
Surah Ash-Shuara, Verse 223


وَٱلشُّعَرَآءُ يَتَّبِعُهُمُ ٱلۡغَاوُۥنَ

Para wong kang podho kang kesasar ska dalan keslametan padha manut marang para jur nganggit tembang (penyair), ngucap goroh (ngarani manawa al-Qur'an iku tembang)
Surah Ash-Shuara, Verse 224


أَلَمۡ تَرَ أَنَّهُمۡ فِي كُلِّ وَادٖ يَهِيمُونَ

Apa sira ora sumurp menawa (juru nganggit tembang iku), kang akeh padha ambawur rasaning tetembungan
Surah Ash-Shuara, Verse 225


وَأَنَّهُمۡ يَقُولُونَ مَا لَا يَفۡعَلُونَ

Lan satemene dheweke (ahli nganggit tembang) padha ngucapake apa kang ora padh ditindakkake
Surah Ash-Shuara, Verse 226


إِلَّا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَعَمِلُواْ ٱلصَّـٰلِحَٰتِ وَذَكَرُواْ ٱللَّهَ كَثِيرٗا وَٱنتَصَرُواْ مِنۢ بَعۡدِ مَا ظُلِمُواْۗ وَسَيَعۡلَمُ ٱلَّذِينَ ظَلَمُوٓاْ أَيَّ مُنقَلَبٖ يَنقَلِبُونَ

Kajaba para kang padha angestu, lan padha nindakake kebecikan, lan padha akeh anggone nyebut (eling) asmane Allah, lan padha pikantuk pitulung sawisa dianiaya. Dene wong kafir kang padha nganiaya mau, ing tembe bakal sumurup kawusananae ana ing akherat
Surah Ash-Shuara, Verse 227


Author: Unknown


<< Surah 25
>> Surah 27

Javanese Translations by other Authors


Javanese Translation By Unknown
Javanese Translation By Unknown
Popular Areas
Apartments for rent in Dubai Apartments for rent Abu Dhabi Villas for rent in Dubai House for rent Abu Dhabi Apartments for sale in Dubai Apartments for sale in Abu Dhabi Flat for rent Sharjah
Popular Searches
Studios for rent in UAE Apartments for rent in UAE Villas for rent in UAE Apartments for sale in UAE Villas for sale in UAE Land for sale in UAE Dubai Real Estate
Trending Areas
Apartments for rent in Dubai Marina Apartments for sale in Dubai Marina Villa for rent in Sharjah Villa for sale in Dubai Flat for rent in Ajman Studio for rent in Abu Dhabi Villa for rent in Ajman
Trending Searches
Villa for rent in Abu Dhabi Shop for rent in Dubai Villas for sale in Ajman Studio for rent in Sharjah 1 Bedroom Apartment for rent in Dubai Property for rent in Abu Dhabi Commercial properties for sale
© Copyright Dubai Prayer Time. All Rights Reserved
Designed by Prayer Time In Dubai