Surah An-Naml Verse 12 - Javanese Translation by Unknown
Surah An-Namlوَأَدۡخِلۡ يَدَكَ فِي جَيۡبِكَ تَخۡرُجۡ بَيۡضَآءَ مِنۡ غَيۡرِ سُوٓءٖۖ فِي تِسۡعِ ءَايَٰتٍ إِلَىٰ فِرۡعَوۡنَ وَقَوۡمِهِۦٓۚ إِنَّهُمۡ كَانُواْ قَوۡمٗا فَٰسِقِينَ
Lan epek - epekira lebokna ing klambi, nuli wetokna, mesthi dadi putih, dudu putihe belang, (nanging mencorong amblerengi). Saiki sira mangkata, nemonanan lan nerang - nerangna Fir'aun sawadyabalane, kanthi tandha yekti kaelokan sangang werna klebu loro iki, awit Fir'aun sawadyabalane iku klebu wong duraka (fasiq)