Surah An-Naml Verse 37 - Javanese Translation by Unknown
Surah An-Namlٱرۡجِعۡ إِلَيۡهِمۡ فَلَنَأۡتِيَنَّهُم بِجُنُودٖ لَّا قِبَلَ لَهُم بِهَا وَلَنُخۡرِجَنَّهُم مِّنۡهَآ أَذِلَّةٗ وَهُمۡ صَٰغِرُونَ
Sira muliha, (lan matura marang gustimu menawa kesuwen anggone sowan perlu mlebu agama Islam) mesthi ingsun lurugi wadyabala kang tanpa wilangan. Dene gustinira lan wong saisine negara ing Sabaa' bakal ingsun tundhungi lan ingsun siya - siya. Para panggedhe ingsun copoti dadi wong cilik. (Satemene Utusan ing Sabaa' ngaturake oleh - oleh anggone diutus, sang ratu Bilqis banjur dandan mangkat sowan marang Nabi Sulaiman)