Surah Al-Qasas Verse 29 - Javanese Translation by Unknown
Surah Al-Qasas۞فَلَمَّا قَضَىٰ مُوسَى ٱلۡأَجَلَ وَسَارَ بِأَهۡلِهِۦٓ ءَانَسَ مِن جَانِبِ ٱلطُّورِ نَارٗاۖ قَالَ لِأَهۡلِهِ ٱمۡكُثُوٓاْ إِنِّيٓ ءَانَسۡتُ نَارٗا لَّعَلِّيٓ ءَاتِيكُم مِّنۡهَا بِخَبَرٍ أَوۡ جَذۡوَةٖ مِّنَ ٱلنَّارِ لَعَلَّكُمۡ تَصۡطَلُونَ
Bareng Musa anggone nglakoni dadi pangon wis pundhat wewangene, (banjur dihaupake karo putrane Nabi Syu'aib kang anom, aran Shufairaa'. bareng wis antara lawas) Musa mangkat mulih (menyang negara Mesir) sarimbit karo garwane. Kocapa ana ing dalan ing wayah wengi kang peteng Musa sumurup ing gunung Thursina ana geni murup. Banjur ngendika marang garwane, "Sira ana ing kene bae, ingsun arep marani geni kae, bokmenawa baliningsun pikantuk pitedah lan utawa bisa naggawa obor, supaya kena sira enggo api - api