Surah Al-Qasas Verse 55 - Javanese Translation by Unknown
Surah Al-Qasasوَإِذَا سَمِعُواْ ٱللَّغۡوَ أَعۡرَضُواْ عَنۡهُ وَقَالُواْ لَنَآ أَعۡمَٰلُنَا وَلَكُمۡ أَعۡمَٰلُكُمۡ سَلَٰمٌ عَلَيۡكُمۡ لَا نَبۡتَغِي ٱلۡجَٰهِلِينَ
(Lan maneh wong mau) Menawa krungu tetembungan ala saka wong kafir, pisah sepadhane, padha mlengos, pangucape, "Tindakingsung bakal manfa'ati marang ingsun dhewe, dene tindakira, kadadeyane iya bakal bali marang awakira dhewe. Ingsun lan sira andum selamet bae, ingsun ora gelem kekancan karo wong bodho (ora sumurup marang agama kang bener)