UAE Prayer Times

  • Dubai
  • Abu Dhabi
  • Sharjah
  • Ajman
  • Fujairah
  • Umm Al Quwain
  • Ras Al Khaimah
  • Quran Translations

Surah Saba - Javanese Translation by Unknown


ٱلۡحَمۡدُ لِلَّهِ ٱلَّذِي لَهُۥ مَا فِي ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَمَا فِي ٱلۡأَرۡضِ وَلَهُ ٱلۡحَمۡدُ فِي ٱلۡأٓخِرَةِۚ وَهُوَ ٱلۡحَكِيمُ ٱلۡخَبِيرُ

Sakabehing puji kagungane Allah, kang kagungan samu barang isining bumi lan langit lan besuk ana akhirat (Allah uga kagunga sakehing puji ana donya) Allah iku wicaksana tur waspada
Surah Saba, Verse 1


يَعۡلَمُ مَا يَلِجُ فِي ٱلۡأَرۡضِ وَمَا يَخۡرُجُ مِنۡهَا وَمَا يَنزِلُ مِنَ ٱلسَّمَآءِ وَمَا يَعۡرُجُ فِيهَاۚ وَهُوَ ٱلرَّحِيمُ ٱلۡغَفُورُ

Allah iku nguningani samu barang kang malebu marang bumi sarana dipendhem utawa liyane, lan barang kang metu saka bumi sarana thukul utawa liyane
Surah Saba, Verse 2


وَقَالَ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ لَا تَأۡتِينَا ٱلسَّاعَةُۖ قُلۡ بَلَىٰ وَرَبِّي لَتَأۡتِيَنَّكُمۡ عَٰلِمِ ٱلۡغَيۡبِۖ لَا يَعۡزُبُ عَنۡهُ مِثۡقَالُ ذَرَّةٖ فِي ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَلَا فِي ٱلۡأَرۡضِ وَلَآ أَصۡغَرُ مِن ذَٰلِكَ وَلَآ أَكۡبَرُ إِلَّا فِي كِتَٰبٖ مُّبِينٖ

Wong kafir padha celathu, "Dina Qiyamat iku mangsa kelakona. (Muhammad) sira mangsulana, "Demi Pangeranku kang nguningani barang kang samar - samar ora pisan kasamaran saboboting semut kang cilik dhewe ana bumi lan langit. Apa dene barang kang luwih cilik utawa luwih gedhe tinimbang semut mahu. Kabeh wis tinulis ana Kitab kang cetha (Lauh Mahfudz)
Surah Saba, Verse 3


لِّيَجۡزِيَ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَعَمِلُواْ ٱلصَّـٰلِحَٰتِۚ أُوْلَـٰٓئِكَ لَهُم مَّغۡفِرَةٞ وَرِزۡقٞ كَرِيمٞ

Allah bakal ganjar para mukmin kang padha ngelakoni panggawe becik, kabeh padha diapura kaluputane lan diparingi rizki kang mulya
Surah Saba, Verse 4


وَٱلَّذِينَ سَعَوۡ فِيٓ ءَايَٰتِنَا مُعَٰجِزِينَ أُوْلَـٰٓئِكَ لَهُمۡ عَذَابٞ مِّن رِّجۡزٍ أَلِيمٞ

Sarupane wong kang hangarah jugaring al-Qur'an ayatingsung, ngira yen Ingsun iki apes. Wong mangkono mahu bakal Ingsun patrapi siksa kang hala tur ngelarani
Surah Saba, Verse 5


وَيَرَى ٱلَّذِينَ أُوتُواْ ٱلۡعِلۡمَ ٱلَّذِيٓ أُنزِلَ إِلَيۡكَ مِن رَّبِّكَ هُوَ ٱلۡحَقَّ وَيَهۡدِيٓ إِلَىٰ صِرَٰطِ ٱلۡعَزِيزِ ٱلۡحَمِيدِ

Wong kang padha diparingi kaweruh surasane itab kuna, weruh yen al-Qu'an kang didhawuhake dening Pangeranira marang sira iku nyata temen. Lan dadi pituduh marang dalaning Pangeran kang mulya tur pinuji
Surah Saba, Verse 6


وَقَالَ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ هَلۡ نَدُلُّكُمۡ عَلَىٰ رَجُلٖ يُنَبِّئُكُمۡ إِذَا مُزِّقۡتُمۡ كُلَّ مُمَزَّقٍ إِنَّكُمۡ لَفِي خَلۡقٖ جَدِيدٍ

Wong kafir padha celathu marang kancane, "Mara kowe tak tuduhake sawijining wong lanang (hiya iku nabi Muhammad) kang pitutur marang kowe, ing besuk yen kowe wis mati ajur dadi lemah, ing tembe kowe bakal diuripake maneh dadi titah anyar
Surah Saba, Verse 7


أَفۡتَرَىٰ عَلَى ٱللَّهِ كَذِبًا أَم بِهِۦ جِنَّةُۢۗ بَلِ ٱلَّذِينَ لَا يُؤۡمِنُونَ بِٱلۡأٓخِرَةِ فِي ٱلۡعَذَابِ وَٱلضَّلَٰلِ ٱلۡبَعِيدِ

Apa dheweke (Muhammad) pitutur mengkono mahu jaragan gawe - gawe celathu goroh diakokake terang saka Allah apa duwe lara howah ? (Ora) nanging wong kang padha ora ngandel bakal anane akherat iku wong kesasar banget ing tembe bakal padha dipatrapi siksa
Surah Saba, Verse 8


أَفَلَمۡ يَرَوۡاْ إِلَىٰ مَا بَيۡنَ أَيۡدِيهِمۡ وَمَا خَلۡفَهُم مِّنَ ٱلسَّمَآءِ وَٱلۡأَرۡضِۚ إِن نَّشَأۡ نَخۡسِفۡ بِهِمُ ٱلۡأَرۡضَ أَوۡ نُسۡقِطۡ عَلَيۡهِمۡ كِسَفٗا مِّنَ ٱلسَّمَآءِۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَأٓيَةٗ لِّكُلِّ عَبۡدٖ مُّنِيبٖ

Ya gene wong kafir padha ora deleng bumi lan langitk kang ana ngarepe lan burine? Kabeh kagungane Ingsun. Menawa ana parenge Ingsun wong kafir mau diuntal bumi, utawa diudane gempalaning langti, mesthi kelakon. Kang kaya mangkono mahu tumrap kawulaningsun kang sumungkem, mesthi dadi tandha yekti kuwasaningsun
Surah Saba, Verse 9


۞وَلَقَدۡ ءَاتَيۡنَا دَاوُۥدَ مِنَّا فَضۡلٗاۖ يَٰجِبَالُ أَوِّبِي مَعَهُۥ وَٱلطَّيۡرَۖ وَأَلَنَّا لَهُ ٱلۡحَدِيدَ

Ingsun maringi kaluwihan marang Dawud (Pangandikaningsun), "He gunung lan manuk kabeh sira melha Dawud padha nyebuta Maha Suci marang Ingsun." Lan anglemesake wesi ana ing tangane (Dawud)
Surah Saba, Verse 10


أَنِ ٱعۡمَلۡ سَٰبِغَٰتٖ وَقَدِّرۡ فِي ٱلسَّرۡدِۖ وَٱعۡمَلُواْ صَٰلِحًاۖ إِنِّي بِمَا تَعۡمَلُونَ بَصِيرٞ

Yaiku gawea kelambi wesi tranjangane kang rapet. Sira lan kancanira padha nglakonono penggawe becik. Ingsun iki mirsani samu barang kang padha sira lakoni
Surah Saba, Verse 11


وَلِسُلَيۡمَٰنَ ٱلرِّيحَ غُدُوُّهَا شَهۡرٞ وَرَوَاحُهَا شَهۡرٞۖ وَأَسَلۡنَا لَهُۥ عَيۡنَ ٱلۡقِطۡرِۖ وَمِنَ ٱلۡجِنِّ مَن يَعۡمَلُ بَيۡنَ يَدَيۡهِ بِإِذۡنِ رَبِّهِۦۖ وَمَن يَزِغۡ مِنۡهُمۡ عَنۡ أَمۡرِنَا نُذِقۡهُ مِنۡ عَذَابِ ٱلسَّعِيرِ

Ingsun maringi bala angin marang Sulaiman, lakune angin mau satengah dina wiwit esuk padha lelakon sesasi, awit tengahe tekan surup uga kelakon sesai. Lan maneh Ingsun ndhelikake tembaga mili saka ing pelikane kaya kali (kanggo butuhe Sulaiman) apa dene Sulaiman Ingsun wenangake marintah sarupaning Jin. Sawenehing jin mahu ana kang nyambut gawe ngelakoni perintahe Sulaiman kelawan izining Pangerane. Jin mau sing sapa hambangkan parintah Ingsun, banjur Ingsun weruhake siksane neraka Sa'ir
Surah Saba, Verse 12


يَعۡمَلُونَ لَهُۥ مَا يَشَآءُ مِن مَّحَٰرِيبَ وَتَمَٰثِيلَ وَجِفَانٖ كَٱلۡجَوَابِ وَقُدُورٖ رَّاسِيَٰتٍۚ ٱعۡمَلُوٓاْ ءَالَ دَاوُۥدَ شُكۡرٗاۚ وَقَلِيلٞ مِّنۡ عِبَادِيَ ٱلشَّكُورُ

Jin mahu padha ngestokake dhawuhe SUlaiman, kang gawekake pirang - pirang masjid, reca, belumbang, kendhil gedhe banget, nganti ora kena dielih. He para kawula-wargane nabi Dawud sira padha ngelakonana syukur ing Allah. Para kawulaningsun kang syukur mung sethithik
Surah Saba, Verse 13


فَلَمَّا قَضَيۡنَا عَلَيۡهِ ٱلۡمَوۡتَ مَا دَلَّهُمۡ عَلَىٰ مَوۡتِهِۦٓ إِلَّا دَآبَّةُ ٱلۡأَرۡضِ تَأۡكُلُ مِنسَأَتَهُۥۖ فَلَمَّا خَرَّ تَبَيَّنَتِ ٱلۡجِنُّ أَن لَّوۡ كَانُواْ يَعۡلَمُونَ ٱلۡغَيۡبَ مَا لَبِثُواْ فِي ٱلۡعَذَابِ ٱلۡمُهِينِ

Bareng Sulaiman wis Ingsun kersakake mati ora ana kang weruh yen wis mati, konangan awit tekne dipangan rayap. Bareng tekene tugel Sulaiman banjur ambruk, Ing kono jin kang ngaku weruh barang ghoib tetela goroh. Awit menawa jin weruh barang ghoib banjur ora gelem ngelakoni pegaweyan abot, prasasat ana sajeroning siksa kang ngremehake
Surah Saba, Verse 14


لَقَدۡ كَانَ لِسَبَإٖ فِي مَسۡكَنِهِمۡ ءَايَةٞۖ جَنَّتَانِ عَن يَمِينٖ وَشِمَالٖۖ كُلُواْ مِن رِّزۡقِ رَبِّكُمۡ وَٱشۡكُرُواْ لَهُۥۚ بَلۡدَةٞ طَيِّبَةٞ وَرَبٌّ غَفُورٞ

Palemahan ing tanah Saba' kang dienggoni, ana tandha yekti kuwasaning Allah, ing kono ana sisih tengen lan kiwa. Ing kono padha didhawuhi (dening Nabi terang saka Allah), "Kowe padha mangan rizki peparenging Allah Pangeranmu, lan padha syukura ing Pangeranmu." (Negaramu) mau negara kang becik, lan (Pangeranmu) iku Pangeran kang ngapura dosa
Surah Saba, Verse 15


فَأَعۡرَضُواْ فَأَرۡسَلۡنَا عَلَيۡهِمۡ سَيۡلَ ٱلۡعَرِمِ وَبَدَّلۡنَٰهُم بِجَنَّتَيۡهِمۡ جَنَّتَيۡنِ ذَوَاتَيۡ أُكُلٍ خَمۡطٖ وَأَثۡلٖ وَشَيۡءٖ مِّن سِدۡرٖ قَلِيلٖ

Wong ing kono padha malengos, mulane banjur Ingsun tekani banjur gedhe. Palemahe kang loh rong panggonan mahu, Ingsun dadekake palemahan cengkar kang metokake woh - wohan pahit lan woh Atsl lan sethithik woh Sidr
Surah Saba, Verse 16


ذَٰلِكَ جَزَيۡنَٰهُم بِمَا كَفَرُواْۖ وَهَلۡ نُجَٰزِيٓ إِلَّا ٱلۡكَفُورَ

Kang mangkono mahu Ingsun anggo matrapi para turunane Saba'. Marga anggone kafir. Sapata kang Ingsun patrapi mangkono kajaba wong kafir
Surah Saba, Verse 17


وَجَعَلۡنَا بَيۡنَهُمۡ وَبَيۡنَ ٱلۡقُرَى ٱلَّتِي بَٰرَكۡنَا فِيهَا قُرٗى ظَٰهِرَةٗ وَقَدَّرۡنَا فِيهَا ٱلسَّيۡرَۖ سِيرُواْ فِيهَا لَيَالِيَ وَأَيَّامًا ءَامِنِينَ

Ingsun ndokoki desa pirang - pirang kang urut - urutan. Apa antarane desa panggonane wong turun Saba' lan negara kang Ingsun berkahi (iku negara Syam). Adoh cedhake siji - sijine desa watara sapelerene wong mlaku. Sira padha melaku ana ing dalan iku pirang - pirang dina lan wengi kelawan tentrem
Surah Saba, Verse 18


فَقَالُواْ رَبَّنَا بَٰعِدۡ بَيۡنَ أَسۡفَارِنَا وَظَلَمُوٓاْ أَنفُسَهُمۡ فَجَعَلۡنَٰهُمۡ أَحَادِيثَ وَمَزَّقۡنَٰهُمۡ كُلَّ مُمَزَّقٍۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَأٓيَٰتٖ لِّكُلِّ صَبَّارٖ شَكُورٖ

(Wong Saba') banjur padha munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, paduka mugi nebihna lelampahan kawula punika". (Wong Saba') mahu padha nganiaya awake dhewe. Mulane banjur Ingsun buyarake dadi pada pating blesar marang negara liya. Lelakone mahu Ingsun dadekake ceritera marang sapungkure, tumrap wong kang teguh atine sarta syukur ing Allah, mesthi dadi tandha yekti kuwasaningsun
Surah Saba, Verse 19


وَلَقَدۡ صَدَّقَ عَلَيۡهِمۡ إِبۡلِيسُ ظَنَّهُۥ فَٱتَّبَعُوهُ إِلَّا فَرِيقٗا مِّنَ ٱلۡمُؤۡمِنِينَ

Iblis wis gawe kanyataan, titis kaya panyanane wong Saba'. Wong Saba' banjur padha manut laku jantrane Iblis. Kajaba mung wong mukmin sathihik
Surah Saba, Verse 20


وَمَا كَانَ لَهُۥ عَلَيۡهِم مِّن سُلۡطَٰنٍ إِلَّا لِنَعۡلَمَ مَن يُؤۡمِنُ بِٱلۡأٓخِرَةِ مِمَّنۡ هُوَ مِنۡهَا فِي شَكّٖۗ وَرَبُّكَ عَلَىٰ كُلِّ شَيۡءٍ حَفِيظٞ

Iblis anggone INgsun gadhuhi panguawasa bisa anggoda manungsa, iku ora liya mung supaya Ingsun bisa nguningani kelawan gumelar sapa kang temen pracaya lan sapa kang mamang anane dina akherat mau, Allah Pangeranira iku nyatethi samu barang
Surah Saba, Verse 21


قُلِ ٱدۡعُواْ ٱلَّذِينَ زَعَمۡتُم مِّن دُونِ ٱللَّهِ لَا يَمۡلِكُونَ مِثۡقَالَ ذَرَّةٖ فِي ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَلَا فِي ٱلۡأَرۡضِ وَمَا لَهُمۡ فِيهِمَا مِن شِرۡكٖ وَمَا لَهُۥ مِنۡهُم مِّن ظَهِيرٖ

(Muhammad) Sira dhawuha marang wong kafir, mara padha njaluka marang brahala kang padha kok anggep pangeran liyane Allah. Brahala mau ora dhuwe isining bumi lan langit sabotoning semut. Melu duwe bae ora. Allah anggone yasa samubarang kang dumadi, tanpa pitulunganing brahala
Surah Saba, Verse 22


وَلَا تَنفَعُ ٱلشَّفَٰعَةُ عِندَهُۥٓ إِلَّا لِمَنۡ أَذِنَ لَهُۥۚ حَتَّىٰٓ إِذَا فُزِّعَ عَن قُلُوبِهِمۡ قَالُواْ مَاذَا قَالَ رَبُّكُمۡۖ قَالُواْ ٱلۡحَقَّۖ وَهُوَ ٱلۡعَلِيُّ ٱلۡكَبِيرُ

Lan ora ana gunane syafa'at ana ngarsane Allah, kacoba barang wong kang wis diaprengake oleh syafa'at mau, malah besuk yen wong kang arep duwe syafa'at wis ilang wedine lan girising atine banjur padha tinakon, "Allah Pangeran sampeyan, ngandika punapa?" Kang tinakonan mangsuli, "Allah ngandika kaliyan nyata", Allah punika Maha Luhur tur Agung
Surah Saba, Verse 23


۞قُلۡ مَن يَرۡزُقُكُم مِّنَ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضِۖ قُلِ ٱللَّهُۖ وَإِنَّآ أَوۡ إِيَّاكُمۡ لَعَلَىٰ هُدًى أَوۡ فِي ضَلَٰلٖ مُّبِينٖ

(Muhammad) Sira dhawuha, "Sapa kang aweh rizki marang kowe, rupa banyu udan saka langit, lan thetukulan saka bumi?" Dhawuha, "Allah". Dene aku lan kowe iki salah siji oleh pituduh bener, sijine kesasar temenenan
Surah Saba, Verse 24


قُل لَّا تُسۡـَٔلُونَ عَمَّآ أَجۡرَمۡنَا وَلَا نُسۡـَٔلُ عَمَّا تَعۡمَلُونَ

SIra dhawuha, "Kowe ora bakal diganggun (tanggung jawab) dening Allah bab kaluputanku. Aku hiya ora bakal didangu prakara kang wis padha kok lakoni
Surah Saba, Verse 25


قُلۡ يَجۡمَعُ بَيۡنَنَا رَبُّنَا ثُمَّ يَفۡتَحُ بَيۡنَنَا بِٱلۡحَقِّ وَهُوَ ٱلۡفَتَّاحُ ٱلۡعَلِيمُ

Sira dhawuha, "Besuk dina qiyamat Pangeranku bakal ngelumpukake aku lan kowe banjur ngrampungi prakaraku lan kwe kelawan bener. Allah iku kang kawasa ngrampungi prakara tur Maha Pirsa
Surah Saba, Verse 26


قُلۡ أَرُونِيَ ٱلَّذِينَ أَلۡحَقۡتُم بِهِۦ شُرَكَآءَۖ كَلَّاۚ بَلۡ هُوَ ٱللَّهُ ٱلۡعَزِيزُ ٱلۡحَكِيمُ

Sira dhawuha, "Mara aku tuduhna barang kang padha kok golongake ing Allah kanggo mangro-tingal. Ora ta, wis ora bae y en padha Allah. Sabenere Allah iku Maha Mulya tur wicaksana
Surah Saba, Verse 27


وَمَآ أَرۡسَلۡنَٰكَ إِلَّا كَآفَّةٗ لِّلنَّاسِ بَشِيرٗا وَنَذِيرٗا وَلَٰكِنَّ أَكۡثَرَ ٱلنَّاسِ لَا يَعۡلَمُونَ

Anggoningsun ngutus sira Muhammad, sumarambah marang manungsa sajagat hambebungah kelawan bakal holeh ganjaran suwarga, sarta gawe pepeling. Ewadene manungsa iku kang akeh padha ora weruh
Surah Saba, Verse 28


وَيَقُولُونَ مَتَىٰ هَٰذَا ٱلۡوَعۡدُ إِن كُنتُمۡ صَٰدِقِينَ

Wong kafir padha celathu, "Benjing punapa kelampahanipun (siksa neraka ingkang dipun ancamaken punika) manawi ngendika panjenengan leres
Surah Saba, Verse 29


قُل لَّكُم مِّيعَادُ يَوۡمٖ لَّا تَسۡتَـٔۡخِرُونَ عَنۡهُ سَاعَةٗ وَلَا تَسۡتَقۡدِمُونَ

Dhwuha, "Kowe wis padha diwangeni ing dina bakal matimu, ora bisa maju utawa mundur sak jam bae
Surah Saba, Verse 30


وَقَالَ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ لَن نُّؤۡمِنَ بِهَٰذَا ٱلۡقُرۡءَانِ وَلَا بِٱلَّذِي بَيۡنَ يَدَيۡهِۗ وَلَوۡ تَرَىٰٓ إِذِ ٱلظَّـٰلِمُونَ مَوۡقُوفُونَ عِندَ رَبِّهِمۡ يَرۡجِعُ بَعۡضُهُمۡ إِلَىٰ بَعۡضٍ ٱلۡقَوۡلَ يَقُولُ ٱلَّذِينَ ٱسۡتُضۡعِفُواْ لِلَّذِينَ ٱسۡتَكۡبَرُواْ لَوۡلَآ أَنتُمۡ لَكُنَّا مُؤۡمِنِينَ

WOng kafir padha ngucap, "AKu ora ngandel hunine al-Qur'an lan kitab - kitab sadurunge". Besuk sira handeleng para wong kafir nalikane padha dijejer - jejer ana ngarsane Pangeran. Siji - sijining wong padha tutur tinutuh karo kancane; pitutuhe kang cilik marang panggehene, "AKu aja kok ajak kafir, mesthi ngandel Allah lan utusane
Surah Saba, Verse 31


قَالَ ٱلَّذِينَ ٱسۡتَكۡبَرُواْ لِلَّذِينَ ٱسۡتُضۡعِفُوٓاْ أَنَحۡنُ صَدَدۡنَٰكُمۡ عَنِ ٱلۡهُدَىٰ بَعۡدَ إِذۡ جَآءَكُمۖ بَلۡ كُنتُم مُّجۡرِمِينَ

Para panggehene mangsuli pinutuhing wong cilik, "Apa aku nyegah anggonmu arep hangelakoni pituduh bener sawise kowe didhawuhi ing Rasul". (aku ora rumangsa). Nanging kowe padha kafir saka karepmu dhewe
Surah Saba, Verse 32


وَقَالَ ٱلَّذِينَ ٱسۡتُضۡعِفُواْ لِلَّذِينَ ٱسۡتَكۡبَرُواْ بَلۡ مَكۡرُ ٱلَّيۡلِ وَٱلنَّهَارِ إِذۡ تَأۡمُرُونَنَآ أَن نَّكۡفُرَ بِٱللَّهِ وَنَجۡعَلَ لَهُۥٓ أَندَادٗاۚ وَأَسَرُّواْ ٱلنَّدَامَةَ لَمَّا رَأَوُاْ ٱلۡعَذَابَۚ وَجَعَلۡنَا ٱلۡأَغۡلَٰلَ فِيٓ أَعۡنَاقِ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْۖ هَلۡ يُجۡزَوۡنَ إِلَّا مَا كَانُواْ يَعۡمَلُونَ

Celathune wong cilik marang panggedhene, "Kang nyegah anggonku arep ngelakoni pituduh bener, pambujukmu marang aku tanpa kendat, rina lan wengi. AKu tansah kok purih maido ing Allah, kok purih nyembah brahala Pangeran liyane Allah." Hewa dene wong kafir mau nalikane padha handeleng siksa padha nutupi kaduwunge. Gulune wong kafir padha Ingsun blenggu. Kang mangkono mahu mung tumanja patrapaning kaluputan kang wis padha dilakoni
Surah Saba, Verse 33


وَمَآ أَرۡسَلۡنَا فِي قَرۡيَةٖ مِّن نَّذِيرٍ إِلَّا قَالَ مُتۡرَفُوهَآ إِنَّا بِمَآ أُرۡسِلۡتُم بِهِۦ كَٰفِرُونَ

Menawa Ingsun ngutus rasul ana sawijining desa, panggehdne desa kono mesthi celathu prentah ingkang sampyan dhawuhaken punika kula mahiben
Surah Saba, Verse 34


وَقَالُواْ نَحۡنُ أَكۡثَرُ أَمۡوَٰلٗا وَأَوۡلَٰدٗا وَمَا نَحۡنُ بِمُعَذَّبِينَ

Wong kafir padha ngucap, "Kula sugih bondho lan anak punika (tanda yen lampa kula punika sampun dipun parengaken dening Pangeran) lan kula boten padhe dipun siksa
Surah Saba, Verse 35


قُلۡ إِنَّ رَبِّي يَبۡسُطُ ٱلرِّزۡقَ لِمَن يَشَآءُ وَيَقۡدِرُ وَلَٰكِنَّ أَكۡثَرَ ٱلنَّاسِ لَا يَعۡلَمُونَ

Sira mangusalana, "Iku dudu tanda yekti, Satemene Allah Pangeranku iku paring rizki akeh marang owng kang dadi parenging karsane, lan ana uga kang diparingi mung cumpen, Hewa dene akeh wong kang padha ora weruh
Surah Saba, Verse 36


وَمَآ أَمۡوَٰلُكُمۡ وَلَآ أَوۡلَٰدُكُم بِٱلَّتِي تُقَرِّبُكُمۡ عِندَنَا زُلۡفَىٰٓ إِلَّا مَنۡ ءَامَنَ وَعَمِلَ صَٰلِحٗا فَأُوْلَـٰٓئِكَ لَهُمۡ جَزَآءُ ٱلضِّعۡفِ بِمَا عَمِلُواْ وَهُمۡ فِي ٱلۡغُرُفَٰتِ ءَامِنُونَ

Kang nyedhakake sira marang Ingsun iku dudu bandhanira lan anakira, kejawa owng kang pracaya marang Ingsun lan hangelakoni panggawe becik, iku bakal paha oleh ganjaran tikel tinimbang murwating kabecikan kang wis padha dilakoni, wong mahu ana suwarga padha tentrem atine
Surah Saba, Verse 37


وَٱلَّذِينَ يَسۡعَوۡنَ فِيٓ ءَايَٰتِنَا مُعَٰجِزِينَ أُوْلَـٰٓئِكَ فِي ٱلۡعَذَابِ مُحۡضَرُونَ

Sarupane wong kang tumandang ngarah jugare al-Quran ayatingsun, ngira yen Ingsun iki apes ora bisa niksa marang wong mahu. WOng mahu ing tembe bakal dihajokake marang neraka, panggonane siksa
Surah Saba, Verse 38


قُلۡ إِنَّ رَبِّي يَبۡسُطُ ٱلرِّزۡقَ لِمَن يَشَآءُ مِنۡ عِبَادِهِۦ وَيَقۡدِرُ لَهُۥۚ وَمَآ أَنفَقۡتُم مِّن شَيۡءٖ فَهُوَ يُخۡلِفُهُۥۖ وَهُوَ خَيۡرُ ٱلرَّـٰزِقِينَ

Sira dhawuha, "Satemene Allah Pangeranku paring rizki akeh marang para kawulane, hendi kang dadi parenging kersane, lan ana uga kang mung dicumpeni. Samu barang kang kok wehake marang wong, Allah bakal paring lirune barang mahu. Allah iku becik - becike paring rizki
Surah Saba, Verse 39


وَيَوۡمَ يَحۡشُرُهُمۡ جَمِيعٗا ثُمَّ يَقُولُ لِلۡمَلَـٰٓئِكَةِ أَهَـٰٓؤُلَآءِ إِيَّاكُمۡ كَانُواْ يَعۡبُدُونَ

Lan sira nyaritakna dina qiyamat nalikane Ingsun ngimpun para wong kafir padha ngalumpuk dadi siji. Allah banjur handangu marang para malaikat, "Opo wong kafir iku padha bekti/nyembah marang Ingsun
Surah Saba, Verse 40


قَالُواْ سُبۡحَٰنَكَ أَنتَ وَلِيُّنَا مِن دُونِهِمۖ بَلۡ كَانُواْ يَعۡبُدُونَ ٱلۡجِنَّۖ أَكۡثَرُهُم بِهِم مُّؤۡمِنُونَ

Para malaikat padha munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, Paduka punika Maha Suci, Tujuning manah kawula punika dhateng Paduka, boten dhateng tiyang kafir. Sahestunipun tiyang kafir punika ingkang kathah sami ngandel dhateng Jin(Syetan)
Surah Saba, Verse 41


فَٱلۡيَوۡمَ لَا يَمۡلِكُ بَعۡضُكُمۡ لِبَعۡضٖ نَّفۡعٗا وَلَا ضَرّٗا وَنَقُولُ لِلَّذِينَ ظَلَمُواْ ذُوقُواْ عَذَابَ ٱلنَّارِ ٱلَّتِي كُنتُم بِهَا تُكَذِّبُونَ

Ing dina iku ora ana wong bisa mekolehake utawa maheka marang liyane. Lan Ingsun dhawuh marang para wong kafir, "Padha ngrasakna siksa neraka, kang padha sira paido biyen
Surah Saba, Verse 42


وَإِذَا تُتۡلَىٰ عَلَيۡهِمۡ ءَايَٰتُنَا بَيِّنَٰتٖ قَالُواْ مَا هَٰذَآ إِلَّا رَجُلٞ يُرِيدُ أَن يَصُدَّكُمۡ عَمَّا كَانَ يَعۡبُدُ ءَابَآؤُكُمۡ وَقَالُواْ مَا هَٰذَآ إِلَّآ إِفۡكٞ مُّفۡتَرٗىۚ وَقَالَ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ لِلۡحَقِّ لَمَّا جَآءَهُمۡ إِنۡ هَٰذَآ إِلَّا سِحۡرٞ مُّبِينٞ

WOng kafir mau menawa diwacakne ayatingsun (al-Qur'an) kelawan cetha (terang) padha ngucap, "Wong iki (Muhammad) ora liwat mung wong lanang sumedya ngalang - alangi anggonmu nyembah brahala sesembahane para leluhurmu biyen. al-Qur'an iki ora liwat mung pangucap goroh," wong kafir mau nalikane didhawuhi al-Qur'an kang nayata bener padha ngucap, "Iki ora liwat mung sihir kang tetela
Surah Saba, Verse 43


وَمَآ ءَاتَيۡنَٰهُم مِّن كُتُبٖ يَدۡرُسُونَهَاۖ وَمَآ أَرۡسَلۡنَآ إِلَيۡهِمۡ قَبۡلَكَ مِن نَّذِيرٖ

Wong kafir ora Ingsun paringi Kitab wacan kang mratelakake yen mangro-tingal iku bener. Lan Ingsun ora ngutus nabi sadurunge sira, kang handhawuhake yen mangro-tingal iku bener
Surah Saba, Verse 44


وَكَذَّبَ ٱلَّذِينَ مِن قَبۡلِهِمۡ وَمَا بَلَغُواْ مِعۡشَارَ مَآ ءَاتَيۡنَٰهُمۡ فَكَذَّبُواْ رُسُلِيۖ فَكَيۡفَ كَانَ نَكِيرِ

Para ummat zman kuna iku hiya padha maido, lan wong kafir ing Mekkah durung madane saparo sepuluhe peparing Ingsun marang ummat sadurunge (kyata dawane ngumur, sugihe bandha lan anak) nanging para ummat mau padha maido marang utusaningsun. Kapriyeta dudukaningsun marang wong mahu. Mesthi Ingsun siksa kang banget
Surah Saba, Verse 45


۞قُلۡ إِنَّمَآ أَعِظُكُم بِوَٰحِدَةٍۖ أَن تَقُومُواْ لِلَّهِ مَثۡنَىٰ وَفُرَٰدَىٰ ثُمَّ تَتَفَكَّرُواْۚ مَا بِصَاحِبِكُم مِّن جِنَّةٍۚ إِنۡ هُوَ إِلَّا نَذِيرٞ لَّكُم بَيۡنَ يَدَيۡ عَذَابٖ شَدِيدٖ

Sira dhawuha, "Anggonku pitutur marang kowe mung saprakara bahe, hiya iku saiki mundura saka ing kene, nanging banjur padha marsudiya kang bener mungguhing Allah. Rembuka wong loro utawa mikira ijen. Sawise oleh panemu banjur padha kumpula mufakatan anggonmu ngarane yen Muhammad duwe lara owah, kapriye katerangane msthi ora nyata. Muhammad iku Nabi kang ngelengake marang kowe ana ngarepe siksa kang abot
Surah Saba, Verse 46


قُلۡ مَا سَأَلۡتُكُم مِّنۡ أَجۡرٖ فَهُوَ لَكُمۡۖ إِنۡ أَجۡرِيَ إِلَّا عَلَى ٱللَّهِۖ وَهُوَ عَلَىٰ كُلِّ شَيۡءٖ شَهِيدٞ

Sira dhawuha, "Anggonku ngundangake dhawuhing Allah ora jajaluk pituwas apa - apa marang kowe, kang mesthi paring ganjarang marang aku mung Allah piyambak, Allah iku mirsani samu barang
Surah Saba, Verse 47


قُلۡ إِنَّ رَبِّي يَقۡذِفُ بِٱلۡحَقِّ عَلَّـٰمُ ٱلۡغُيُوبِ

Sira dhawuha, "Satemene Allah pangeranku dhawuhake parintah kang bener tur nguningani samu barang kang samar - samar
Surah Saba, Verse 48


قُلۡ جَآءَ ٱلۡحَقُّ وَمَا يُبۡدِئُ ٱلۡبَٰطِلُ وَمَا يُعِيدُ

Sira dhawuha, "Saiki kebeneran al-Quran kang hanggelarake Islam dhumawuh, Dene barang kang luput saiki sirna lan ora bakal thukul maneh
Surah Saba, Verse 49


قُلۡ إِن ضَلَلۡتُ فَإِنَّمَآ أَضِلُّ عَلَىٰ نَفۡسِيۖ وَإِنِ ٱهۡتَدَيۡتُ فَبِمَا يُوحِيٓ إِلَيَّ رَبِّيٓۚ إِنَّهُۥ سَمِيعٞ قَرِيبٞ

Sira dhawuha, "Menawa aku nasar, sangsarane (madharate) marang awakku dhewe. Dene manawa aku netepi pituduh bener, iku marga saka al-Quran kang wis didhawuhake Allah Pangeranku marang aku. Satemene Allah iku miyarsa tur cedhak
Surah Saba, Verse 50


وَلَوۡ تَرَىٰٓ إِذۡ فَزِعُواْ فَلَا فَوۡتَ وَأُخِذُواْ مِن مَّكَانٖ قَرِيبٖ

(Muhammad) Manawa sira handeleng nalikane wong kafir padha giris weruh siksa neraka, iku sira weruh perkara gedhe. Wong kafir wis ora bisa melayu nguncati siksa, padha kapikut saka panggonan cedhak
Surah Saba, Verse 51


وَقَالُوٓاْ ءَامَنَّا بِهِۦ وَأَنَّىٰ لَهُمُ ٱلتَّنَاوُشُ مِن مَّكَانِۭ بَعِيدٖ

Wong kafir padha ngucap, "Sapunika kula ngandel dhateng Allah, (Pangucape mangkono mahu tanpa gawe). Kapriye bisane katrimo tobate saka panggonan kanggo adoe tanpa wangena". (tegese katrimane tobat iku ana donya, kang mangka wong kafir mau wis ana ing akherat)
Surah Saba, Verse 52


وَقَدۡ كَفَرُواْ بِهِۦ مِن قَبۡلُۖ وَيَقۡذِفُونَ بِٱلۡغَيۡبِ مِن مَّكَانِۭ بَعِيدٖ

Lan satemene wong kafir wis padha maido ing Allah sadurung handeleng siksa. Apa dene padha nandukake pangala - ala ngango barang kang ghoib. Celathune mangkono mau adoh banget
Surah Saba, Verse 53


وَحِيلَ بَيۡنَهُمۡ وَبَيۡنَ مَا يَشۡتَهُونَ كَمَا فُعِلَ بِأَشۡيَاعِهِم مِّن قَبۡلُۚ إِنَّهُمۡ كَانُواْ فِي شَكّٖ مُّرِيبِۭ

Wong kafir mahu padha dialing - alingi ora bisa kelakon samu - barang kang dikepingin, kaya kanca - kancane ing zaman kuna, awit padha mamang kang banget (mamang marang Rasul lan dina Qiyamat)
Surah Saba, Verse 54


Author: Unknown


<< Surah 33
>> Surah 35

Javanese Translations by other Authors


Javanese Translation By Unknown
Javanese Translation By Unknown
Popular Areas
Apartments for rent in Dubai Apartments for rent Abu Dhabi Villas for rent in Dubai House for rent Abu Dhabi Apartments for sale in Dubai Apartments for sale in Abu Dhabi Flat for rent Sharjah
Popular Searches
Studios for rent in UAE Apartments for rent in UAE Villas for rent in UAE Apartments for sale in UAE Villas for sale in UAE Land for sale in UAE Dubai Real Estate
Trending Areas
Apartments for rent in Dubai Marina Apartments for sale in Dubai Marina Villa for rent in Sharjah Villa for sale in Dubai Flat for rent in Ajman Studio for rent in Abu Dhabi Villa for rent in Ajman
Trending Searches
Villa for rent in Abu Dhabi Shop for rent in Dubai Villas for sale in Ajman Studio for rent in Sharjah 1 Bedroom Apartment for rent in Dubai Property for rent in Abu Dhabi Commercial properties for sale
© Copyright Dubai Prayer Time. All Rights Reserved
Designed by Prayer Time In Dubai