Surah Ya-Seen - Javanese Translation by Unknown
يسٓ
YaaSiin(Allah piyambak kang wuninga tegese lan karepe)
Surah Ya-Seen, Verse 1
وَٱلۡقُرۡءَانِ ٱلۡحَكِيمِ
Demi Al-Quran kang hisi kawicaksanaan
Surah Ya-Seen, Verse 2
إِنَّكَ لَمِنَ ٱلۡمُرۡسَلِينَ
(Muhammad) satemene sira iku hewone para utusane Allah
Surah Ya-Seen, Verse 3
عَلَىٰ صِرَٰطٖ مُّسۡتَقِيمٖ
Netepe lan mulang ana dalan kang bener
Surah Ya-Seen, Verse 4
تَنزِيلَ ٱلۡعَزِيزِ ٱلرَّحِيمِ
Hiya iku Quran kang wis didhawuhake dening Allah kang Maha Mulya tur Maha Asih
Surah Ya-Seen, Verse 5
لِتُنذِرَ قَوۡمٗا مَّآ أُنذِرَ ءَابَآؤُهُمۡ فَهُمۡ غَٰفِلُونَ
Supaya sira ngelingake marang wong akeh. Para leluhure biyen, salowonge para Nabi ora ana kang ngelengake mulane padha lali (ngabekti ing Allah)
Surah Ya-Seen, Verse 6
لَقَدۡ حَقَّ ٱلۡقَوۡلُ عَلَىٰٓ أَكۡثَرِهِمۡ فَهُمۡ لَا يُؤۡمِنُونَ
Wong mahu kang akeh padha tinamtokake nandhang siksa awit padha ora percaya
Surah Ya-Seen, Verse 7
إِنَّا جَعَلۡنَا فِيٓ أَعۡنَٰقِهِمۡ أَغۡلَٰلٗا فَهِيَ إِلَى ٱلۡأَذۡقَانِ فَهُم مُّقۡمَحُونَ
Gulune wong mau padha Ingsun kalungi blenggu, wong mau padha handhangak
Surah Ya-Seen, Verse 8
وَجَعَلۡنَا مِنۢ بَيۡنِ أَيۡدِيهِمۡ سَدّٗا وَمِنۡ خَلۡفِهِمۡ سَدّٗا فَأَغۡشَيۡنَٰهُمۡ فَهُمۡ لَا يُبۡصِرُونَ
Ing ngarepe lan burine wong mau. Ingsun dokoki tutup kang mepeti anggone arep ngandel ing Allah, pandelenge Ingsun gawe peteng. Mulane padha ora handeleng dalan kang bener
Surah Ya-Seen, Verse 9
وَسَوَآءٌ عَلَيۡهِمۡ ءَأَنذَرۡتَهُمۡ أَمۡ لَمۡ تُنذِرۡهُمۡ لَا يُؤۡمِنُونَ
Wong kang mangkono mau sanadiyan sira elingake utawa ora padha bahe, mesthi ora gelem percaya Allah
Surah Ya-Seen, Verse 10
إِنَّمَا تُنذِرُ مَنِ ٱتَّبَعَ ٱلذِّكۡرَ وَخَشِيَ ٱلرَّحۡمَٰنَ بِٱلۡغَيۡبِۖ فَبَشِّرۡهُ بِمَغۡفِرَةٖ وَأَجۡرٖ كَرِيمٍ
Anggonira ngelingake manungsa iku kang mesthi tumama lan migunani marang wong kang ngestokake dhawuhing al-Qu'ran. Sarta bekti marang Pangeran kankg Maha Murah sanadiyan ana pasepen. Wong kang mangkono mahu sira bebungaha bakal oleh pangapuraning Allah lan oleh ganjaran mulya
Surah Ya-Seen, Verse 11
إِنَّا نَحۡنُ نُحۡيِ ٱلۡمَوۡتَىٰ وَنَكۡتُبُ مَا قَدَّمُواْ وَءَاثَٰرَهُمۡۚ وَكُلَّ شَيۡءٍ أَحۡصَيۡنَٰهُ فِيٓ إِمَامٖ مُّبِينٖ
Satemene Ingsun besuk bakal nguripake sarupaning wong kang wis padha mati. Sarta nyatethi laku hala lan becik kang wis padha dilakoni dening wong mahu. Apa dene lelabetane wong mahu. Samu barang iku kabeh Ingsun cacahake teliti lan diterangake, tinulis ana ing Lauh Mahfudz
Surah Ya-Seen, Verse 12
وَٱضۡرِبۡ لَهُم مَّثَلًا أَصۡحَٰبَ ٱلۡقَرۡيَةِ إِذۡ جَآءَهَا ٱلۡمُرۡسَلُونَ
Lan sira anggelara upama marang para ummatira (ing negara Inthoqiyah) nalika ditekani para kongkonane Nabi (Isa)
Surah Ya-Seen, Verse 13
إِذۡ أَرۡسَلۡنَآ إِلَيۡهِمُ ٱثۡنَيۡنِ فَكَذَّبُوهُمَا فَعَزَّزۡنَا بِثَالِثٖ فَقَالُوٓاْ إِنَّآ إِلَيۡكُم مُّرۡسَلُونَ
Dehek samana Ingsun ngutus wong loro (aran Yuhana lan Baulus) wong ing kono padha maido marang utusaningsun loro mahu. Mulane Ingsun banjur ngutus wong siji maneh dadi wong telu. Wong telu mau banjur padha pratela, "Aku iki utusaning Allah dikersakake mulang marang kowe kabeh
Surah Ya-Seen, Verse 14
قَالُواْ مَآ أَنتُمۡ إِلَّا بَشَرٞ مِّثۡلُنَا وَمَآ أَنزَلَ ٱلرَّحۡمَٰنُ مِن شَيۡءٍ إِنۡ أَنتُمۡ إِلَّا تَكۡذِبُونَ
Padha mangsuli, "Pamanggih kula sampeyan niku inggih sami kaliyan kula kemawon, Pangeran Ingkang Maha Murah inggih boten dhawuh punapa - punapa. Dados sampeyan punika tetela dora
Surah Ya-Seen, Verse 15
قَالُواْ رَبُّنَا يَعۡلَمُ إِنَّآ إِلَيۡكُمۡ لَمُرۡسَلُونَ
(Rasul telu) padha mangsuli, "Sanadiyan kowe padha maido, nanging Allah Pangeranku nguningani anggonku temen diutus Allah nyurub-nyurubake marang kowe
Surah Ya-Seen, Verse 16
وَمَا عَلَيۡنَآ إِلَّا ٱلۡبَلَٰغُ ٱلۡمُبِينُ
Wajibku ora ana maneh mung handhawuhake parentahing Allah
Surah Ya-Seen, Verse 17
قَالُوٓاْ إِنَّا تَطَيَّرۡنَا بِكُمۡۖ لَئِن لَّمۡ تَنتَهُواْ لَنَرۡجُمَنَّكُمۡ وَلَيَمَسَّنَّكُم مِّنَّا عَذَابٌ أَلِيمٞ
(ummate) padha mangsuli, "Sapunika kula sami kenging weweleh kadhawan jawah jalaran pandamel panjenengan. Mila manawi mboten panjenengan mantuni anggen panjenengan makaten punika., panjenengan mesthi kulo balangi ngantos pejah sarta kulo sakiti
Surah Ya-Seen, Verse 18
قَالُواْ طَـٰٓئِرُكُم مَّعَكُمۡ أَئِن ذُكِّرۡتُمۚ بَلۡ أَنتُمۡ قَوۡمٞ مُّسۡرِفُونَ
(Rasul telu) padha mangsuli, "Weruhana anggonmu padha kena wewalak marga saka awakmu dhe. Hiya iku anggonmu padha kafir, ora marga tak elingake (tak ajak Islam), nanging pancen kowe kebangetan anggonmu padha duraka
Surah Ya-Seen, Verse 19
وَجَآءَ مِنۡ أَقۡصَا ٱلۡمَدِينَةِ رَجُلٞ يَسۡعَىٰ قَالَ يَٰقَوۡمِ ٱتَّبِعُواْ ٱلۡمُرۡسَلِينَ
Dumadakan ana wong lanang (krungu wong Inthiqonah maido rasul) banjur gagancangan melayu saka panggonane (watesing negara) tekan kono banjur celathu, "Para kancaku (Ing Inthiqonah) kowe padha ngestokna para rasul iku
Surah Ya-Seen, Verse 20
ٱتَّبِعُواْ مَن لَّا يَسۡـَٔلُكُمۡ أَجۡرٗا وَهُم مُّهۡتَدُونَ
Padha manuta bahe marang wong kang ora amrih pituwas saka kowe. Rasul telu mahu tetela netepi pituduh bener
Surah Ya-Seen, Verse 21
وَمَالِيَ لَآ أَعۡبُدُ ٱلَّذِي فَطَرَنِي وَإِلَيۡهِ تُرۡجَعُونَ
Ya gene aku ora nyembah marang Pangeran kang gawe awaku ing tembe yen kowe wis padha mati, mesthi padha bali ing ngarsane Allah
Surah Ya-Seen, Verse 22
ءَأَتَّخِذُ مِن دُونِهِۦٓ ءَالِهَةً إِن يُرِدۡنِ ٱلرَّحۡمَٰنُ بِضُرّٖ لَّا تُغۡنِ عَنِّي شَفَٰعَتُهُمۡ شَيۡـٔٗا وَلَا يُنقِذُونِ
Apa aku ngedegake Pangeran liyane Allah? (mangsa gelema). Menawa Allah kang maha murah ngersakake kemelaran marang aku, berhala kang kok kira bisa migunani, iku mangsa migunana apa - apa marang aku, lan mangsa bisaha gawe slamet marang aku
Surah Ya-Seen, Verse 23
إِنِّيٓ إِذٗا لَّفِي ضَلَٰلٖ مُّبِينٍ
Manawa aku nganti mangkono tetela aku iki wong kesasar
Surah Ya-Seen, Verse 24
إِنِّيٓ ءَامَنتُ بِرَبِّكُمۡ فَٱسۡمَعُونِ
Dhuh para Rasul mugi sampeya sekseni kula punika pitados dhateng Allah pangeran panjenengan
Surah Ya-Seen, Verse 25
قِيلَ ٱدۡخُلِ ٱلۡجَنَّةَۖ قَالَ يَٰلَيۡتَ قَوۡمِي يَعۡلَمُونَ
(Wong mau banjur dipateni dening wong Intoqiah, bareng wis mate) wong mau tompa dhawuh, "Sira malebua ing suwarga". Wong mau banjur celathu, "Para kancaku sapungkurku muga - muga padha weruha
Surah Ya-Seen, Verse 26
بِمَا غَفَرَ لِي رَبِّي وَجَعَلَنِي مِنَ ٱلۡمُكۡرَمِينَ
Allah anggone wis paring pangapura marang aku, lan handadekake aku hewone wong mulya
Surah Ya-Seen, Verse 27
۞وَمَآ أَنزَلۡنَا عَلَىٰ قَوۡمِهِۦ مِنۢ بَعۡدِهِۦ مِن جُندٖ مِّنَ ٱلسَّمَآءِ وَمَا كُنَّا مُنزِلِينَ
Sawise mati (Ingsun numpes ummat mau) tanpa nurunake bala saka langit, mulane Ingsun hiya ora nurunake bala saka langit (Malaikat)
Surah Ya-Seen, Verse 28
إِن كَانَتۡ إِلَّا صَيۡحَةٗ وَٰحِدَةٗ فَإِذَا هُمۡ خَٰمِدُونَ
Panumpase (ummat mahu) mung sarana pathake (Malaikat Jibril) sapisan bahe, tumuli dheweke wis padha mati kabeh
Surah Ya-Seen, Verse 29
يَٰحَسۡرَةً عَلَى ٱلۡعِبَادِۚ مَا يَأۡتِيهِم مِّن رَّسُولٍ إِلَّا كَانُواْ بِهِۦ يَسۡتَهۡزِءُونَ
Para kawulaning Allah (kang getun sajeke) saben katekan rasul mesthi padha anggeguyu marang rasul mahu
Surah Ya-Seen, Verse 30
أَلَمۡ يَرَوۡاْ كَمۡ أَهۡلَكۡنَا قَبۡلَهُم مِّنَ ٱلۡقُرُونِ أَنَّهُمۡ إِلَيۡهِمۡ لَا يَرۡجِعُونَ
Wong kafir apa ora padha handeleng, pira bahe akehe para ummat ing zaman kuna, sadurunge kang padha Ingsun tumpes, dheweke mahu ora pisan bali (marang donya)
Surah Ya-Seen, Verse 31
وَإِن كُلّٞ لَّمَّا جَمِيعٞ لَّدَيۡنَا مُحۡضَرُونَ
Sarupane kang dumadi sawise sirna, ora banjur tulus sirnane, nanging kabeh mahu ing tembe bakal dihimpun marang ngarsaningsun
Surah Ya-Seen, Verse 32
وَءَايَةٞ لَّهُمُ ٱلۡأَرۡضُ ٱلۡمَيۡتَةُ أَحۡيَيۡنَٰهَا وَأَخۡرَجۡنَا مِنۡهَا حَبّٗا فَمِنۡهُ يَأۡكُلُونَ
Lan saweneh tandha yekti kuasane Allah yaiku bumi kang mati (bera) Ingsun uripake lan wetokake pametune wiji kang padha dipangan dening dheweke
Surah Ya-Seen, Verse 33
وَجَعَلۡنَا فِيهَا جَنَّـٰتٖ مِّن نَّخِيلٖ وَأَعۡنَٰبٖ وَفَجَّرۡنَا فِيهَا مِنَ ٱلۡعُيُونِ
Bumi mahu Ingsun dekeki pakebonan kang isi wit kurma lan anggur, sarta Ingsun wetokake semu barang pirang - pirang
Surah Ya-Seen, Verse 34
لِيَأۡكُلُواْ مِن ثَمَرِهِۦ وَمَا عَمِلَتۡهُ أَيۡدِيهِمۡۚ أَفَلَا يَشۡكُرُونَ
Supaya (dheweke) padha mangana wohe kurma sapanunggalane, tur wong kafir ora gawe woh - wohan mahu. Yohene dheweke ora gelem syukur
Surah Ya-Seen, Verse 35
سُبۡحَٰنَ ٱلَّذِي خَلَقَ ٱلۡأَزۡوَٰجَ كُلَّهَا مِمَّا تُنۢبِتُ ٱلۡأَرۡضُ وَمِنۡ أَنفُسِهِمۡ وَمِمَّا لَا يَعۡلَمُونَ
Maha suci allah kang wis nyiptaaken (menciptakan) sakabehaning thetukulan ing bumi warna - warna. Lan uga wis gawe awake manugnsa kabeh (warna - warna lanang lan wadon) apa dene wis gawe semu barang kang wong ora weruh
Surah Ya-Seen, Verse 36
وَءَايَةٞ لَّهُمُ ٱلَّيۡلُ نَسۡلَخُ مِنۡهُ ٱلنَّهَارَ فَإِذَا هُم مُّظۡلِمُونَ
Lan saweneh tandha yekti maneh kang mratandhani yen kuwasaning Allah iuk sampurna. Hiya iku anane wengi kanggo nyalinni awan. Ing kono (wong kafir) padha kapetengan
Surah Ya-Seen, Verse 37
وَٱلشَّمۡسُ تَجۡرِي لِمُسۡتَقَرّٖ لَّهَاۚ ذَٰلِكَ تَقۡدِيرُ ٱلۡعَزِيزِ ٱلۡعَلِيمِ
Lan maneh srengenge anggone lumaku tekan panggonane kang tetep. Kelakone mangkon omahu saka kawusane Allah kang Maha Mulya tur nguningani samu barang
Surah Ya-Seen, Verse 38
وَٱلۡقَمَرَ قَدَّرۡنَٰهُ مَنَازِلَ حَتَّىٰ عَادَ كَٱلۡعُرۡجُونِ ٱلۡقَدِيمِ
Lan amneh rembulan Ingsun temtokake mlaku ana ing manazil (dalaning rembulan/peredaran) nganti bali wangune kaya mancunge kurma kang wis tuwa lan garing
Surah Ya-Seen, Verse 39
لَا ٱلشَّمۡسُ يَنۢبَغِي لَهَآ أَن تُدۡرِكَ ٱلۡقَمَرَ وَلَا ٱلَّيۡلُ سَابِقُ ٱلنَّهَارِۚ وَكُلّٞ فِي فَلَكٖ يَسۡبَحُونَ
Strengenge ora bisa nutupi rembulan banjur kumpul ing wayah wengi, mangkono maneh wengi ora bisa nengah - nengahi awan. Dene srengenge, rembulan lan lintang - lintang padha mlaku kalangan ana cakrawalane dhewe - dhewe
Surah Ya-Seen, Verse 40
وَءَايَةٞ لَّهُمۡ أَنَّا حَمَلۡنَا ذُرِّيَّتَهُمۡ فِي ٱلۡفُلۡكِ ٱلۡمَشۡحُونِ
Lan maneh kanggo dheweke tandha yektining kuwasaningsun, hiya iku anggoningsun ngemot para leluhure ana ing perahu kang kebak (zaman Nabi Nuh a.s)
Surah Ya-Seen, Verse 41
وَخَلَقۡنَا لَهُم مِّن مِّثۡلِهِۦ مَا يَرۡكَبُونَ
Ingsun gawekake (kanggo dheweke) tunggangan kang ngemperi perahune (Nabi Nuh)
Surah Ya-Seen, Verse 42
وَإِن نَّشَأۡ نُغۡرِقۡهُمۡ فَلَا صَرِيخَ لَهُمۡ وَلَا هُمۡ يُنقَذُونَ
Menawa ana kersane (Pangeran) wong kafir dak kelemake ana segara mesthi kelakon sarta ora ana kang bisa nulungi wong mahi ora bisa selamet
Surah Ya-Seen, Verse 43
إِلَّا رَحۡمَةٗ مِّنَّا وَمَتَٰعًا إِلَىٰ حِينٖ
Kajaba marga saka rohmatingsun lan Ingsun paringi kabungahan nganti tekan wawangene patine
Surah Ya-Seen, Verse 44
وَإِذَا قِيلَ لَهُمُ ٱتَّقُواْ مَا بَيۡنَ أَيۡدِيكُمۡ وَمَا خَلۡفَكُمۡ لَعَلَّكُمۡ تُرۡحَمُونَ
(Wong kafir) Nalikane padha didhawuhi mangkene, "Sira padha wediya patrapane dosa kang ana ngarepira, (hiya iku patrapan kencengan ana donya) Lan patrapan kang ana burinira (hiya iku patrapan besok ana akhirat) supaya sira padha holeh asihing Allah
Surah Ya-Seen, Verse 45
وَمَا تَأۡتِيهِم مِّنۡ ءَايَةٖ مِّنۡ ءَايَٰتِ رَبِّهِمۡ إِلَّا كَانُواْ عَنۡهَا مُعۡرِضِينَ
Wong kafir saben didhawuhi ayat pangandikaning Pangeran, mesthi padha melengos
Surah Ya-Seen, Verse 46
وَإِذَا قِيلَ لَهُمۡ أَنفِقُواْ مِمَّا رَزَقَكُمُ ٱللَّهُ قَالَ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ لِلَّذِينَ ءَامَنُوٓاْ أَنُطۡعِمُ مَن لَّوۡ يَشَآءُ ٱللَّهُ أَطۡعَمَهُۥٓ إِنۡ أَنتُمۡ إِلَّا فِي ضَلَٰلٖ مُّبِينٖ
Nalikane padha didhawuhi mangkene, "Kowe padha mewehana rizki kang wis padha diparengake dening Allah marang kowe." Wong kang padha kafir banjur padha mangsuli marang wong mukmin, "Ya gene aku aweh pangan marang sawijining wong, kang manawa ana parenge kersane Allah, Allah paring rizki marang wong mau, anggomu akon meweh marang wong mahu, tetela kesasar
Surah Ya-Seen, Verse 47
وَيَقُولُونَ مَتَىٰ هَٰذَا ٱلۡوَعۡدُ إِن كُنتُمۡ صَٰدِقِينَ
(Wong kafir) padha celathu, "Menawa kandamu yen wong kanf wis padha mati bakal padha diuripake maneh iku temen, mara besuk apa kelakone
Surah Ya-Seen, Verse 48
مَا يَنظُرُونَ إِلَّا صَيۡحَةٗ وَٰحِدَةٗ تَأۡخُذُهُمۡ وَهُمۡ يَخِصِّمُونَ
(Wong kafir mau) ora liwat mung ngenteni pathakke (malaikat Israfil) pathak kang sapisan bahe wong sahisine jagad mati kabeh, ketungkul anggone padha grejegan
Surah Ya-Seen, Verse 49
فَلَا يَسۡتَطِيعُونَ تَوۡصِيَةٗ وَلَآ إِلَىٰٓ أَهۡلِهِمۡ يَرۡجِعُونَ
Mulane padha ora bisa mekas apa - apa, lan sawise mati padha ora bisa bali marang donya ketemu sanak sedulure
Surah Ya-Seen, Verse 50
وَنُفِخَ فِي ٱلصُّورِ فَإِذَا هُم مِّنَ ٱلۡأَجۡدَاثِ إِلَىٰ رَبِّهِمۡ يَنسِلُونَ
(Malaikat Israfil) banjur handamu sempronge kang hisi nyawane para manungsa, ingkono wong kang mati padha tangi kabeh, metu saka ing kuburane padha digiring seba ing ngeyunaning Pangeran
Surah Ya-Seen, Verse 51
قَالُواْ يَٰوَيۡلَنَا مَنۢ بَعَثَنَا مِن مَّرۡقَدِنَاۜۗ هَٰذَا مَا وَعَدَ ٱلرَّحۡمَٰنُ وَصَدَقَ ٱلۡمُرۡسَلُونَ
Banjur padha celathu (wong kafir), "Haduh, cilaka temen aku sapa kang nangekake aku saka anggonku turu", Hiya kang diprasetyakake dening Pangeran kang Maha Murah, saiki tetela pangandikaning para rasul biyen temen
Surah Ya-Seen, Verse 52
إِن كَانَتۡ إِلَّا صَيۡحَةٗ وَٰحِدَةٗ فَإِذَا هُمۡ جَمِيعٞ لَّدَيۡنَا مُحۡضَرُونَ
Pandamuning semprong (Malaikat Israfil) mung sak kempusan bahe. Sarupaning manungsa teka kabeh padha seba ing ngarsaningsun
Surah Ya-Seen, Verse 53
فَٱلۡيَوۡمَ لَا تُظۡلَمُ نَفۡسٞ شَيۡـٔٗا وَلَا تُجۡزَوۡنَ إِلَّا مَا كُنتُمۡ تَعۡمَلُونَ
Ing dina iku ora ana kang dianiaya sethithik - thithika, lan sira ora diwales apa - apa, kajaba diwales semu barang kang wis dilakoni
Surah Ya-Seen, Verse 54
إِنَّ أَصۡحَٰبَ ٱلۡجَنَّةِ ٱلۡيَوۡمَ فِي شُغُلٖ فَٰكِهُونَ
Sejatine ing dina iku wong ing suwarga padha mangan suka
Surah Ya-Seen, Verse 55
هُمۡ وَأَزۡوَٰجُهُمۡ فِي ظِلَٰلٍ عَلَى ٱلۡأَرَآئِكِ مُتَّكِـُٔونَ
Wong ing suwarga dalah para rabine padha linggih sendhen ana kursi ing ngeyuban
Surah Ya-Seen, Verse 56
لَهُمۡ فِيهَا فَٰكِهَةٞ وَلَهُم مَّا يَدَّعُونَ
Padha duwe suwarganing woh - wohan, sarta ketekan semu barang kang dipengini
Surah Ya-Seen, Verse 57
سَلَٰمٞ قَوۡلٗا مِّن رَّبّٖ رَّحِيمٖ
Padha dibagekake selamet kelawan pangandikaning kang Maha Asih
Surah Ya-Seen, Verse 58
وَٱمۡتَٰزُواْ ٱلۡيَوۡمَ أَيُّهَا ٱلۡمُجۡرِمُونَ
Para wong kafir kabeh, dina iki sira padha dheweya aja awor wong mukmin
Surah Ya-Seen, Verse 59
۞أَلَمۡ أَعۡهَدۡ إِلَيۡكُمۡ يَٰبَنِيٓ ءَادَمَ أَن لَّا تَعۡبُدُواْ ٱلشَّيۡطَٰنَۖ إِنَّهُۥ لَكُمۡ عَدُوّٞ مُّبِينٞ
Para turune Adam, Ingsun apa ora wis macuh marang sira? aja padha nyembah syetan, wis tetela (cetha) syetan iku musuhira
Surah Ya-Seen, Verse 60
وَأَنِ ٱعۡبُدُونِيۚ هَٰذَا صِرَٰطٞ مُّسۡتَقِيمٞ
Ingsun parentahi, "Sir anyembaha Ingsun, Iki dalan bener
Surah Ya-Seen, Verse 61
وَلَقَدۡ أَضَلَّ مِنكُمۡ جِبِلّٗا كَثِيرًاۖ أَفَلَمۡ تَكُونُواْ تَعۡقِلُونَ
Sejatine syetan wis nasarake wong akeh tunggalanira. Ya gene sira padha ora mikir kang mangkono mahu
Surah Ya-Seen, Verse 62
هَٰذِهِۦ جَهَنَّمُ ٱلَّتِي كُنتُمۡ تُوعَدُونَ
Iki neraka jahannam kand di ancamake marang sira biyen
Surah Ya-Seen, Verse 63
ٱصۡلَوۡهَا ٱلۡيَوۡمَ بِمَا كُنتُمۡ تَكۡفُرُونَ
Dina iku sira nyemplunga neraka jahannam minongka patrapane anggonira padha maido marang Ingsun
Surah Ya-Seen, Verse 64
ٱلۡيَوۡمَ نَخۡتِمُ عَلَىٰٓ أَفۡوَٰهِهِمۡ وَتُكَلِّمُنَآ أَيۡدِيهِمۡ وَتَشۡهَدُ أَرۡجُلُهُم بِمَا كَانُواْ يَكۡسِبُونَ
Ing dina iku sira ngunci cangkeme wong kafir kabeh (dadi ora bisa selak), tangane padha munjuk marang Ingsun dene sikile padha nekseni ngandhakake kabeh barang kang wis padha dilakoni nalika ing donya
Surah Ya-Seen, Verse 65
وَلَوۡ نَشَآءُ لَطَمَسۡنَا عَلَىٰٓ أَعۡيُنِهِمۡ فَٱسۡتَبَقُواْ ٱلصِّرَٰطَ فَأَنَّىٰ يُبۡصِرُونَ
Upama ana parenge karsaningsung, wong kafir mau padha Ingsun cuplaki matane, ing kono kelakon padha melaku ing dalan, kapriye anggone bisa weruh dalan
Surah Ya-Seen, Verse 66
وَلَوۡ نَشَآءُ لَمَسَخۡنَٰهُمۡ عَلَىٰ مَكَانَتِهِمۡ فَمَا ٱسۡتَطَٰعُواْ مُضِيّٗا وَلَا يَرۡجِعُونَ
Upama ana kersaningsun, wong kafir mau Ingsun salini rupa (dadi kethek, celeng, utawa watu) mesthi kelako ana panggonane banjur padha ora bisa mlaku utawa bali dadi wong maneh
Surah Ya-Seen, Verse 67
وَمَن نُّعَمِّرۡهُ نُنَكِّسۡهُ فِي ٱلۡخَلۡقِۚ أَفَلَا يَعۡقِلُونَ
Sing sapa Ingsun paringi dawa umure, sawise katok rasane lan kabeh bahe, banjur Ingsun balekake dadi bocah maneh. Ya gene padha ora anggagas
Surah Ya-Seen, Verse 68
وَمَا عَلَّمۡنَٰهُ ٱلشِّعۡرَ وَمَا يَنۢبَغِي لَهُۥٓۚ إِنۡ هُوَ إِلَّا ذِكۡرٞ وَقُرۡءَانٞ مُّبِينٞ
Ingsun ora mulang tembang/syair (marang Muhammad), saiba dheweke (Muhammad) ora bisa nganggit tembang. Dene kang didhawuhake iki dudu tembang, nanging Kitab al-Qur'an isi dhawuhing Allah marang manungsa
Surah Ya-Seen, Verse 69
لِّيُنذِرَ مَن كَانَ حَيّٗا وَيَحِقَّ ٱلۡقَوۡلُ عَلَى ٱلۡكَٰفِرِينَ
Kanggo ngelingake wongkang akale urip, lan majibake siksa wong kang atine mati yaiku para wong kafir
Surah Ya-Seen, Verse 70
أَوَلَمۡ يَرَوۡاْ أَنَّا خَلَقۡنَا لَهُم مِّمَّا عَمِلَتۡ أَيۡدِينَآ أَنۡعَٰمٗا فَهُمۡ لَهَا مَٰلِكُونَ
Wong kafir padha ora ndeleng yen sarupaning rajakaya iku gawene Ingsun dhewe, mongka Ingsun parengake migunani marang manugnsa, banjur handarbeni
Surah Ya-Seen, Verse 71
وَذَلَّلۡنَٰهَا لَهُمۡ فَمِنۡهَا رَكُوبُهُمۡ وَمِنۡهَا يَأۡكُلُونَ
Rajakaya mau Ingsun gawe manut miturut marang manungsa, malah ana kang dadi tetunggangane, lan ana kang dibeleh, daginge dipangan
Surah Ya-Seen, Verse 72
وَلَهُمۡ فِيهَا مَنَٰفِعُ وَمَشَارِبُۚ أَفَلَا يَشۡكُرُونَ
Perangane rajakaya akeh kang migunani marang manungsa (wulune kena ginawe sandhangan) pohane dadi omben - ombene, ya gene padha syukur
Surah Ya-Seen, Verse 73
وَٱتَّخَذُواْ مِن دُونِ ٱللَّهِ ءَالِهَةٗ لَّعَلَّهُمۡ يُنصَرُونَ
Wong kafir padha ngadegake pangeran saliyane Allah, (brahala). Padha ngarep - arep oleh pitulungane
Surah Ya-Seen, Verse 74
لَا يَسۡتَطِيعُونَ نَصۡرَهُمۡ وَهُمۡ لَهُمۡ جُندٞ مُّحۡضَرُونَ
(Brahala mau) ing tembe ora bisa weh tetulung marang wong kafir, dheweke padha digiring marang neraka, memper kaya balane
Surah Ya-Seen, Verse 75
فَلَا يَحۡزُنكَ قَوۡلُهُمۡۘ إِنَّا نَعۡلَمُ مَا يُسِرُّونَ وَمَا يُعۡلِنُونَ
(Muhammad) sira aja sedhih miris dening sumbare wong kafir. Ingsun nguningani kang padha dibathin utawa dilahirake dening wong kafir
Surah Ya-Seen, Verse 76
أَوَلَمۡ يَرَ ٱلۡإِنسَٰنُ أَنَّا خَلَقۡنَٰهُ مِن نُّطۡفَةٖ فَإِذَا هُوَ خَصِيمٞ مُّبِينٞ
Manungsa apa padha ora deleng anggoningsun gawe manungsa mahu saka nutfah? bareng wis dadi manungsa banjur padha madone dhawuh Ingsun
Surah Ya-Seen, Verse 77
وَضَرَبَ لَنَا مَثَلٗا وَنَسِيَ خَلۡقَهُۥۖ قَالَ مَن يُحۡيِ ٱلۡعِظَٰمَ وَهِيَ رَمِيمٞ
Wong kafir lali kawitane anggoningsun dadekake manungsa, malah padha angelar upama anggone maido yen ing tembe bakal Ingsun tangekake saka pati. Pangucape, "Sapa kang bisa nguripake balug kang wis ajur dadi wong maneh
Surah Ya-Seen, Verse 78
قُلۡ يُحۡيِيهَا ٱلَّذِيٓ أَنشَأَهَآ أَوَّلَ مَرَّةٖۖ وَهُوَ بِكُلِّ خَلۡقٍ عَلِيمٌ
(Muhammad) Dhawuha, "Kang bakal nguripake iku Pangeran kang murwani gawe balung mahu, diuripake dadi wong. Pangeran nguningani semu barang kang dumadi
Surah Ya-Seen, Verse 79
ٱلَّذِي جَعَلَ لَكُم مِّنَ ٱلشَّجَرِ ٱلۡأَخۡضَرِ نَارٗا فَإِذَآ أَنتُم مِّنۡهُ تُوقِدُونَ
Kang metokake geni migunani marang kowe, diwerokake saka kayu kang teles tur ijo. Ing kono kowe bajur ngumbakake geni mahu
Surah Ya-Seen, Verse 80
أَوَلَيۡسَ ٱلَّذِي خَلَقَ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضَ بِقَٰدِرٍ عَلَىٰٓ أَن يَخۡلُقَ مِثۡلَهُمۚ بَلَىٰ وَهُوَ ٱلۡخَلَّـٰقُ ٱلۡعَلِيمُ
Pangeran kang gawe geni lan langit kang semene gedhene, apa ora kkuwasa gawe barang kang cilik (Hiya iku manungsa)? Allah iku kang gawe samu barang kang dumadi tur nguningani
Surah Ya-Seen, Verse 81
إِنَّمَآ أَمۡرُهُۥٓ إِذَآ أَرَادَ شَيۡـًٔا أَن يَقُولَ لَهُۥ كُن فَيَكُونُ
Kanyataning Allah, manawa kersa gawe sadhengah barang mung ngandika, "Sira anaa", sanalika banjur ana
Surah Ya-Seen, Verse 82
فَسُبۡحَٰنَ ٱلَّذِي بِيَدِهِۦ مَلَكُوتُ كُلِّ شَيۡءٖ وَإِلَيۡهِ تُرۡجَعُونَ
Allah iku Maha Suci, Panguwasane samu barang kawengku ing Allah. Besuk ana akherat samu barang padha bali marang ngarsane Allah
Surah Ya-Seen, Verse 83