UAE Prayer Times

  • Dubai
  • Abu Dhabi
  • Sharjah
  • Ajman
  • Fujairah
  • Umm Al Quwain
  • Ras Al Khaimah
  • Quran Translations

Surah Az-Zumar - Javanese Translation by Unknown


تَنزِيلُ ٱلۡكِتَٰبِ مِنَ ٱللَّهِ ٱلۡعَزِيزِ ٱلۡحَكِيمِ

Tumuruning Kitab al-Quran iku terang saka Allah kang Mulya tur wicaksana
Surah Az-Zumar, Verse 1


إِنَّآ أَنزَلۡنَآ إِلَيۡكَ ٱلۡكِتَٰبَ بِٱلۡحَقِّ فَٱعۡبُدِ ٱللَّهَ مُخۡلِصٗا لَّهُ ٱلدِّينَ

(Muhammad) Ingsun handhawuhake kitab al-Quran kelawan nyata marang sira, Mulane nembaha lan ngestokna ing Allah kelawan ati resik, ngelakoni Agama Islam (sumungkeng ing Allah)
Surah Az-Zumar, Verse 2


أَلَا لِلَّهِ ٱلدِّينُ ٱلۡخَالِصُۚ وَٱلَّذِينَ ٱتَّخَذُواْ مِن دُونِهِۦٓ أَوۡلِيَآءَ مَا نَعۡبُدُهُمۡ إِلَّا لِيُقَرِّبُونَآ إِلَى ٱللَّهِ زُلۡفَىٰٓ إِنَّ ٱللَّهَ يَحۡكُمُ بَيۡنَهُمۡ فِي مَا هُمۡ فِيهِ يَخۡتَلِفُونَۗ إِنَّ ٱللَّهَ لَا يَهۡدِي مَنۡ هُوَ كَٰذِبٞ كَفَّارٞ

Agama Islam kang resik, apa dudu kagungane Allah? (Mesthi). Sarupane wong kang padha ngadegake Pangeran liyane Allah, hiya iku brahala. Pangucape, "Anggone nyembah brahala iki karepku dadi jalarane anggonku kacedak ing Allah". Ing tembe Allah bakal mancas (wong nyembah brahala lan wong Islam) kang apdha dienggo pasulayan. Satemene Allah ora kersa paring pituduh marang wong kang goroh tur kafir
Surah Az-Zumar, Verse 3


لَّوۡ أَرَادَ ٱللَّهُ أَن يَتَّخِذَ وَلَدٗا لَّٱصۡطَفَىٰ مِمَّا يَخۡلُقُ مَا يَشَآءُۚ سُبۡحَٰنَهُۥۖ هُوَ ٱللَّهُ ٱلۡوَٰحِدُ ٱلۡقَهَّارُ

Saupama Allah kersa peputra mesthi milih dedamelane kang dadi parenge kersane. Allah Maha Suci, hiya iku Allah kang Esa tur Masesa
Surah Az-Zumar, Verse 4


خَلَقَ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضَ بِٱلۡحَقِّۖ يُكَوِّرُ ٱلَّيۡلَ عَلَى ٱلنَّهَارِ وَيُكَوِّرُ ٱلنَّهَارَ عَلَى ٱلَّيۡلِۖ وَسَخَّرَ ٱلشَّمۡسَ وَٱلۡقَمَرَۖ كُلّٞ يَجۡرِي لِأَجَلٖ مُّسَمًّىۗ أَلَا هُوَ ٱلۡعَزِيزُ ٱلۡغَفَّـٰرُ

Allah iku nyata gawe bumi lan langit, sarta kang ngelojokake awan marang wengi. Apadene nyengkemake srengenge lan rembulan padha ngestokake kersaning Allah. Kabeh padha melaku ana cakrawalane dhewe - dhewe nganti tekan wewangen kang tinamtokake (qiyamat). Pangeran kang mangkono iku apa dudu Pangeran kang menang tur kang wenang ngapura dosa
Surah Az-Zumar, Verse 5


خَلَقَكُم مِّن نَّفۡسٖ وَٰحِدَةٖ ثُمَّ جَعَلَ مِنۡهَا زَوۡجَهَا وَأَنزَلَ لَكُم مِّنَ ٱلۡأَنۡعَٰمِ ثَمَٰنِيَةَ أَزۡوَٰجٖۚ يَخۡلُقُكُمۡ فِي بُطُونِ أُمَّهَٰتِكُمۡ خَلۡقٗا مِّنۢ بَعۡدِ خَلۡقٖ فِي ظُلُمَٰتٖ ثَلَٰثٖۚ ذَٰلِكُمُ ٱللَّهُ رَبُّكُمۡ لَهُ ٱلۡمُلۡكُۖ لَآ إِلَٰهَ إِلَّا هُوَۖ فَأَنَّىٰ تُصۡرَفُونَ

Allah gawe awakira saka awak siji (Adam) banjur gawe jodhone sarta gawe rajakaya kang maedhahi sira cacah wolu lanang wadon. Allah gawe awakira ana guwa garbane biyungira, dadi titah, sawise mangkono ana ing pepeteng warna, Pangeran kang kaya mangkono kuasane iku Allah kang kagungan kraton. Ora ana sesembahan kang bener kajaba mung Allah. Manungsa kapriye anggone arep nyimpang saka dalan kang bener
Surah Az-Zumar, Verse 6


إِن تَكۡفُرُواْ فَإِنَّ ٱللَّهَ غَنِيٌّ عَنكُمۡۖ وَلَا يَرۡضَىٰ لِعِبَادِهِ ٱلۡكُفۡرَۖ وَإِن تَشۡكُرُواْ يَرۡضَهُ لَكُمۡۗ وَلَا تَزِرُ وَازِرَةٞ وِزۡرَ أُخۡرَىٰۚ ثُمَّ إِلَىٰ رَبِّكُم مَّرۡجِعُكُمۡ فَيُنَبِّئُكُم بِمَا كُنتُمۡ تَعۡمَلُونَۚ إِنَّهُۥ عَلِيمُۢ بِذَاتِ ٱلصُّدُورِ

Manawa sira padha kafir, tumraping Allah ora butuh marang sira (marang Imanmu). Dene Allah ora pareng yen kawulane padha kafir. Dene yen sira padha syukur ngestokake parentah Allah ngelilani kesyukuranmu mau, lan wong kang nandhang dosa kang mesthi disongga patrapane hiya mung dosane dhewe, ora bakal nyongga dosane liyane, besuk ing akherat. Sira bakal bali ing Allah Pangeranira ing kono Allah bakal hanjelentrehake samu barang kang wis padha sira lakoni, hala lan becik. Satemene Allah iku nguningani sakrenteking ati
Surah Az-Zumar, Verse 7


۞وَإِذَا مَسَّ ٱلۡإِنسَٰنَ ضُرّٞ دَعَا رَبَّهُۥ مُنِيبًا إِلَيۡهِ ثُمَّ إِذَا خَوَّلَهُۥ نِعۡمَةٗ مِّنۡهُ نَسِيَ مَا كَانَ يَدۡعُوٓاْ إِلَيۡهِ مِن قَبۡلُ وَجَعَلَ لِلَّهِ أَندَادٗا لِّيُضِلَّ عَن سَبِيلِهِۦۚ قُلۡ تَمَتَّعۡ بِكُفۡرِكَ قَلِيلًا إِنَّكَ مِنۡ أَصۡحَٰبِ ٱلنَّارِ

Manungsa iku manawa pinuju kambah ing reribet banjur nyenyuwun ing ALlah Pangerane (mantheng panyuwune). Sawise mangkono manawa banjur diparingi kabungan saka Pangeran banjur lali anggone konjem nyenyuwun ing Allah. Banjur ngadegake brahala ginawe ngembari Allah. Banjur nasarake saka dalaning Allah. (Muhammad) dhawuha marang owng kang mangkono mau, "Padha bungah - bungah anggonmu kafir sawatara. Besuk kowe padha dadi kancane neraka
Surah Az-Zumar, Verse 8


أَمَّنۡ هُوَ قَٰنِتٌ ءَانَآءَ ٱلَّيۡلِ سَاجِدٗا وَقَآئِمٗا يَحۡذَرُ ٱلۡأٓخِرَةَ وَيَرۡجُواْ رَحۡمَةَ رَبِّهِۦۗ قُلۡ هَلۡ يَسۡتَوِي ٱلَّذِينَ يَعۡلَمُونَ وَٱلَّذِينَ لَا يَعۡلَمُونَۗ إِنَّمَا يَتَذَكَّرُ أُوْلُواْ ٱلۡأَلۡبَٰبِ

Wong kang ngabekti Allah ana wayah wengi ngadek lan sujud saking wedi marang (adzab) akherat, hiya nyandhong rahmating Pangerane, apa padha karo wong kafir? (Mesthi beda banget). Sira handanguwa, "Wong kang duwe kaweruh iku apa padha wae karo wong kang ora duwe kaweruh?" Dene wong kang kataman piwulang iki banjur elin giku mung wong kang pepak ngakale
Surah Az-Zumar, Verse 9


قُلۡ يَٰعِبَادِ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱتَّقُواْ رَبَّكُمۡۚ لِلَّذِينَ أَحۡسَنُواْ فِي هَٰذِهِ ٱلدُّنۡيَا حَسَنَةٞۗ وَأَرۡضُ ٱللَّهِ وَٰسِعَةٌۗ إِنَّمَا يُوَفَّى ٱلصَّـٰبِرُونَ أَجۡرَهُم بِغَيۡرِ حِسَابٖ

(Muhammad) dhawuha, Pangandikaning Allah mangkene, "He pawa kawulaningsun, sira padha bektia ing Allah Pangeranira. Sarupane wong kang padha ngelakoni panggawe becik ana donya iku, besuk ana akherat hiya oleh becik diganjar suwarga. Bumine Allah iku jembar. Sing sapa ora gawe becik ana ing panggonane, ngaliya ing panggonan liya. Wong kang teguh atine mesthi diparingi ganjaran kang tanpa kira - kira
Surah Az-Zumar, Verse 10


قُلۡ إِنِّيٓ أُمِرۡتُ أَنۡ أَعۡبُدَ ٱللَّهَ مُخۡلِصٗا لَّهُ ٱلدِّينَ

Sira dhawuha, "Aku iki didhawuhi supaya nyembag ing Allah, (nglakoni agama Islam) kelawan ati resik maligi ngelakoni parentahing Allah
Surah Az-Zumar, Verse 11


وَأُمِرۡتُ لِأَنۡ أَكُونَ أَوَّلَ ٱلۡمُسۡلِمِينَ

Apadene didawuhi dadiya kawitane para wong Islam
Surah Az-Zumar, Verse 12


قُلۡ إِنِّيٓ أَخَافُ إِنۡ عَصَيۡتُ رَبِّي عَذَابَ يَوۡمٍ عَظِيمٖ

Sira dhawuha, "Menawa aku duraka ing Allah Pangeranku, aku wedi patrapaning Allah besuk Qiyamat
Surah Az-Zumar, Verse 13


قُلِ ٱللَّهَ أَعۡبُدُ مُخۡلِصٗا لَّهُۥ دِينِي

Sira dhawuha, "Aku iki mligi nyembah Allah sawiji (ngelakoni Islam) kelawan ati resik
Surah Az-Zumar, Verse 14


فَٱعۡبُدُواْ مَا شِئۡتُم مِّن دُونِهِۦۗ قُلۡ إِنَّ ٱلۡخَٰسِرِينَ ٱلَّذِينَ خَسِرُوٓاْ أَنفُسَهُمۡ وَأَهۡلِيهِمۡ يَوۡمَ ٱلۡقِيَٰمَةِۗ أَلَا ذَٰلِكَ هُوَ ٱلۡخُسۡرَانُ ٱلۡمُبِينُ

Hiyata padha nyembaha liyane Allah sakarepmu dhewe (para wong musyrik). Siraaa dhawuha (Muhammad): "Wong kang padha kapitunan nemahi gawe kapitunan ing awake dhewe lan para batihe besuk qiyamat", wis tetela kapitunan temenan
Surah Az-Zumar, Verse 15


لَهُم مِّن فَوۡقِهِمۡ ظُلَلٞ مِّنَ ٱلنَّارِ وَمِن تَحۡتِهِمۡ ظُلَلٞۚ ذَٰلِكَ يُخَوِّفُ ٱللَّهُ بِهِۦ عِبَادَهُۥۚ يَٰعِبَادِ فَٱتَّقُونِ

Besuk ana akherat, ing dhuwure lan ngisore wong mahu ana geni kang tumpa - tumpa. Allah medeni kawulane ing geni mau. Pangandikane, "Pawa kawulaningsun mulane sira padha bektia marang Ingsun
Surah Az-Zumar, Verse 16


وَٱلَّذِينَ ٱجۡتَنَبُواْ ٱلطَّـٰغُوتَ أَن يَعۡبُدُوهَا وَأَنَابُوٓاْ إِلَى ٱللَّهِ لَهُمُ ٱلۡبُشۡرَىٰۚ فَبَشِّرۡ عِبَادِ

Sarupane wong kang ngungkiri panggodhaning syetan, suthik nyembah brahala. Ming sumungkem nyembah ing Allah wong mangkono mau padha dibebungah bakal oleh ganjaran suwarga
Surah Az-Zumar, Verse 17


ٱلَّذِينَ يَسۡتَمِعُونَ ٱلۡقَوۡلَ فَيَتَّبِعُونَ أَحۡسَنَهُۥٓۚ أُوْلَـٰٓئِكَ ٱلَّذِينَ هَدَىٰهُمُ ٱللَّهُۖ وَأُوْلَـٰٓئِكَ هُمۡ أُوْلُواْ ٱلۡأَلۡبَٰبِ

(Muhammad) sira hambebungah kawulaningsun. Kang padha ngrungokake dhawuhing al-Quran banjur milih ngelakoni dhawuh kang padha diparingi pituduh bener. Wong kang mangkono iku wong kang duwe akal
Surah Az-Zumar, Verse 18


أَفَمَنۡ حَقَّ عَلَيۡهِ كَلِمَةُ ٱلۡعَذَابِ أَفَأَنتَ تُنقِذُ مَن فِي ٱلنَّارِ

Wong kang wis dirampungi kabener nandhang patrapan siksa, apa sira bisa minangkani selamete, ngeluwari wong kang ana sajerone neraka
Surah Az-Zumar, Verse 19


لَٰكِنِ ٱلَّذِينَ ٱتَّقَوۡاْ رَبَّهُمۡ لَهُمۡ غُرَفٞ مِّن فَوۡقِهَا غُرَفٞ مَّبۡنِيَّةٞ تَجۡرِي مِن تَحۡتِهَا ٱلۡأَنۡهَٰرُۖ وَعۡدَ ٱللَّهِ لَا يُخۡلِفُ ٱللَّهُ ٱلۡمِيعَادَ

Nanging sarupaning wong kang bekti ing Pangerane, iku duwe panggonan mulya ana suwarga. Kang ing dhuwure ana panggone maneh. Ing ngisore panggonan mau ana bengawane mili. Kang mangkono mau wis diprasetyakake dening Allah. Allah ora pisan nyidrani janji
Surah Az-Zumar, Verse 20


أَلَمۡ تَرَ أَنَّ ٱللَّهَ أَنزَلَ مِنَ ٱلسَّمَآءِ مَآءٗ فَسَلَكَهُۥ يَنَٰبِيعَ فِي ٱلۡأَرۡضِ ثُمَّ يُخۡرِجُ بِهِۦ زَرۡعٗا مُّخۡتَلِفًا أَلۡوَٰنُهُۥ ثُمَّ يَهِيجُ فَتَرَىٰهُ مُصۡفَرّٗا ثُمَّ يَجۡعَلُهُۥ حُطَٰمًاۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَذِكۡرَىٰ لِأُوْلِي ٱلۡأَلۡبَٰبِ

Opo siro ora handeleng Allah anggone nurunake banyu udan saka langit. Banjur nglakokake banyu mau wusana dadi tuk pirang - pirang ana bumi. Banjur dianggo lantaran uriping tetanduran utawa wit - witan kang beda - beda, warna lan wohe. Sawise warnane banjur malih kuning Ora suwe nuli runtuh saka uwit. Kang mangkono mau tumrap wong kang ana akale, mesthi dadi wewulang becik
Surah Az-Zumar, Verse 21


أَفَمَن شَرَحَ ٱللَّهُ صَدۡرَهُۥ لِلۡإِسۡلَٰمِ فَهُوَ عَلَىٰ نُورٖ مِّن رَّبِّهِۦۚ فَوَيۡلٞ لِّلۡقَٰسِيَةِ قُلُوبُهُم مِّن ذِكۡرِ ٱللَّهِۚ أُوْلَـٰٓئِكَ فِي ضَلَٰلٖ مُّبِينٍ

Wong kang duparingi padhang atine dening Allah. dhangan ngelakoni agama Islam. iku tetela wong ngambah pepadhang saka Pangerane. Nanging wong kang atine wangkont (ora eling ing Allah) suthik ngestokake al-Quran, tetela wong kang cilaka kesasar dalan kang bener
Surah Az-Zumar, Verse 22


ٱللَّهُ نَزَّلَ أَحۡسَنَ ٱلۡحَدِيثِ كِتَٰبٗا مُّتَشَٰبِهٗا مَّثَانِيَ تَقۡشَعِرُّ مِنۡهُ جُلُودُ ٱلَّذِينَ يَخۡشَوۡنَ رَبَّهُمۡ ثُمَّ تَلِينُ جُلُودُهُمۡ وَقُلُوبُهُمۡ إِلَىٰ ذِكۡرِ ٱللَّهِۚ ذَٰلِكَ هُدَى ٱللَّهِ يَهۡدِي بِهِۦ مَن يَشَآءُۚ وَمَن يُضۡلِلِ ٱللَّهُ فَمَا لَهُۥ مِنۡ هَادٍ

Allah iku handhawuhake cerita becik kitab al-Quran kang rampak becik. Sarta siji-sijining cerita: wewulang, pengancam, larangan lan sapinunggalane nganggo dipindhoni utawa diping teloni. Wong kang padha wedhi ing Pangerane manawa ngrungokake pangancam, padha mengkirik gethoke. Dene yen ngerongake larangan, kulite padha putih lemes, sarta atine eling ing Allah. al-Quran iku pituduhing Allah kanggo nuduhake dalan bener marang wong kang dadi parenging kersane. Dene sing sapa dikersakake kesasar dening Allah mesthi ora ana kang bisa nuduhake dalan bener
Surah Az-Zumar, Verse 23


أَفَمَن يَتَّقِي بِوَجۡهِهِۦ سُوٓءَ ٱلۡعَذَابِ يَوۡمَ ٱلۡقِيَٰمَةِۚ وَقِيلَ لِلظَّـٰلِمِينَ ذُوقُواْ مَا كُنتُمۡ تَكۡسِبُونَ

Wong kang besuk qiyamat rahine disugokake marang siksa neraka kang abot (apa padha wae) lan wong kang selamet saka siksa (mesthi beda). Wong kafir bakal padha didhawuhi, "Mara padha rasakna patrapane kaluputan kang padha sira lakoni biyen
Surah Az-Zumar, Verse 24


كَذَّبَ ٱلَّذِينَ مِن قَبۡلِهِمۡ فَأَتَىٰهُمُ ٱلۡعَذَابُ مِنۡ حَيۡثُ لَا يَشۡعُرُونَ

Para wong kang sadurunge kafir, padha maido rasul banjur padha tinempuh ing siksa kang ngagetake, ora kanyanan
Surah Az-Zumar, Verse 25


فَأَذَاقَهُمُ ٱللَّهُ ٱلۡخِزۡيَ فِي ٱلۡحَيَوٰةِ ٱلدُّنۡيَاۖ وَلَعَذَابُ ٱلۡأٓخِرَةِ أَكۡبَرُۚ لَوۡ كَانُواْ يَعۡلَمُونَ

Wong kafir mau padha diparingi weruh rasaning siksa dening Allah kancengan ana donya. Dene siksane besuk apa ing akherat, luwih abot maneh upama wong kafir weruh kang mangkono mahu
Surah Az-Zumar, Verse 26


وَلَقَدۡ ضَرَبۡنَا لِلنَّاسِ فِي هَٰذَا ٱلۡقُرۡءَانِ مِن كُلِّ مَثَلٖ لَّعَلَّهُمۡ يَتَذَكَّرُونَ

Ingsun wis hanggelar sakehing upama marang manungsa bab al-Quran iku supaya manungsa mau padha elinga ngestokake dhawuhing al-Quran
Surah Az-Zumar, Verse 27


قُرۡءَانًا عَرَبِيًّا غَيۡرَ ذِي عِوَجٖ لَّعَلَّهُمۡ يَتَّقُونَ

Hiya iku al-Quran basa Arab, surasane ora ana kang cengkah, supaya manungsa padha bekti ing Allah
Surah Az-Zumar, Verse 28


ضَرَبَ ٱللَّهُ مَثَلٗا رَّجُلٗا فِيهِ شُرَكَآءُ مُتَشَٰكِسُونَ وَرَجُلٗا سَلَمٗا لِّرَجُلٍ هَلۡ يَسۡتَوِيَانِ مَثَلًاۚ ٱلۡحَمۡدُ لِلَّهِۚ بَلۡ أَكۡثَرُهُمۡ لَا يَعۡلَمُونَ

Allah hanggelar upama tumrap wong kang mangro tingal lan wong mukmin mangkene: ana wong lanang (budhak) kang di darbeki dening wong akeh kang padha kekancan (sarekat) lagi pasulayan. Lan ana maneh wong lanang (budhak) kang dadi darbeke wong siji. Wong lanang (budhak) loro maua apa padha wae? Sakabehing puji kagungane Allah piyambak, hewa dene wong - wong iki kang akeh padha ora weruh
Surah Az-Zumar, Verse 29


إِنَّكَ مَيِّتٞ وَإِنَّهُم مَّيِّتُونَ

(Muhammad) sira iku bakal mati, dheweke (Si kafir) bakal padha mati uga
Surah Az-Zumar, Verse 30


ثُمَّ إِنَّكُمۡ يَوۡمَ ٱلۡقِيَٰمَةِ عِندَ رَبِّكُمۡ تَخۡتَصِمُونَ

(Manungsa) satemene sawise mangkono besuk qiyamat, sira padha bantah - bantahan prakaran (diadili) ana ngarsane Allah
Surah Az-Zumar, Verse 31


۞فَمَنۡ أَظۡلَمُ مِمَّن كَذَبَ عَلَى ٱللَّهِ وَكَذَّبَ بِٱلصِّدۡقِ إِذۡ جَآءَهُۥٓۚ أَلَيۡسَ فِي جَهَنَّمَ مَثۡوٗى لِّلۡكَٰفِرِينَ

Ora ana wong kang luwih nganiaya awake dhewe, tinimbang wong kang goroh marang Allah, apadene yen didhawuhi barang kang mesthi bener (al-Quran) banjur maido. Panggonane wong kafir apa ora ana jahannam
Surah Az-Zumar, Verse 32


وَٱلَّذِي جَآءَ بِٱلصِّدۡقِ وَصَدَّقَ بِهِۦٓ أُوْلَـٰٓئِكَ هُمُ ٱلۡمُتَّقُونَ

(Muhammad) kang handhawuhake (al-Quran) kang mesthi bener lan wong kang padha percaya sarta ngestokake dhawuh, iku kabeh wong kang becik ing Allah
Surah Az-Zumar, Verse 33


لَهُم مَّا يَشَآءُونَ عِندَ رَبِّهِمۡۚ ذَٰلِكَ جَزَآءُ ٱلۡمُحۡسِنِينَ

Wong mangkono mahu bakal padha tompo ganjaran suwarga ana ngarsane Pangerane, ing kono katutugake semu barang kang dikarepake. Hiya iku ganjaran wong kang padha gawe becik
Surah Az-Zumar, Verse 34


لِيُكَفِّرَ ٱللَّهُ عَنۡهُمۡ أَسۡوَأَ ٱلَّذِي عَمِلُواْ وَيَجۡزِيَهُمۡ أَجۡرَهُم بِأَحۡسَنِ ٱلَّذِي كَانُواْ يَعۡمَلُونَ

Wekasane Allah nutupi anggone ngelakoni sakehing pihala. Sarta angganjar lakune kang becik, kelawan ganjaran kang luwih saka takering kabecikane
Surah Az-Zumar, Verse 35


أَلَيۡسَ ٱللَّهُ بِكَافٍ عَبۡدَهُۥۖ وَيُخَوِّفُونَكَ بِٱلَّذِينَ مِن دُونِهِۦۚ وَمَن يُضۡلِلِ ٱللَّهُ فَمَا لَهُۥ مِنۡ هَادٖ

Allah apa ora wis aweh pitulung marang para kawulane kalis saka pihalaning saterune, malah saka pangancame para kafir. Sira diweca bakal kena sisikuning brahala Sing sapa dipesthi kesasar dening Allah, ora ana kang bisa nudhuhake dalan bener
Surah Az-Zumar, Verse 36


وَمَن يَهۡدِ ٱللَّهُ فَمَا لَهُۥ مِن مُّضِلٍّۗ أَلَيۡسَ ٱللَّهُ بِعَزِيزٖ ذِي ٱنتِقَامٖ

Dene sing sapa pinesthi oleh dalan bener dening Allah ora ana wong kang bisa nasarakae. Yen ora mangkono, apa Allah iku dudu Pangeran kang menang tur kuwasa
Surah Az-Zumar, Verse 37


وَلَئِن سَأَلۡتَهُم مَّنۡ خَلَقَ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضَ لَيَقُولُنَّ ٱللَّهُۚ قُلۡ أَفَرَءَيۡتُم مَّا تَدۡعُونَ مِن دُونِ ٱللَّهِ إِنۡ أَرَادَنِيَ ٱللَّهُ بِضُرٍّ هَلۡ هُنَّ كَٰشِفَٰتُ ضُرِّهِۦٓ أَوۡ أَرَادَنِي بِرَحۡمَةٍ هَلۡ هُنَّ مُمۡسِكَٰتُ رَحۡمَتِهِۦۚ قُلۡ حَسۡبِيَ ٱللَّهُۖ عَلَيۡهِ يَتَوَكَّلُ ٱلۡمُتَوَكِّلُونَ

Upama sira handangu (marang si kafir), "Sapa kang gawe bumi lan langit", mesthi padha matur, "Ingkang damel inggih Allah". Sira dhawuha saiki piye mungguh panemumu barang liyane Allah kang padha kok sembah (brahala) manawa Allah bakal maringi reribet mau? Utawa menawa aku diparingi kabungahan dening Allah, brahala apa bisa murungake? (Muhammad) dhawuha, "Kang nyukupi aku mung Allah piyambak, wong kang padha ngandhel mesthi padha nyumanggakake sakarsaning Allah
Surah Az-Zumar, Verse 38


قُلۡ يَٰقَوۡمِ ٱعۡمَلُواْ عَلَىٰ مَكَانَتِكُمۡ إِنِّي عَٰمِلٞۖ فَسَوۡفَ تَعۡلَمُونَ

(Muhammad) dhawuha, "Para ummatku padha banjurna anggonmu padha ngelakoni panggawean kang cocok karo panggonanmu, aku uga nglestarekake anggonku ngelakoni panggawean. Ing tembe kowe padha weruh
Surah Az-Zumar, Verse 39


مَن يَأۡتِيهِ عَذَابٞ يُخۡزِيهِ وَيَحِلُّ عَلَيۡهِ عَذَابٞ مُّقِيمٌ

Pangeran kang nekakake siksa kang ngremehake marang wong kafir, bakal manggon ana siksa kang langgeng
Surah Az-Zumar, Verse 40


إِنَّآ أَنزَلۡنَا عَلَيۡكَ ٱلۡكِتَٰبَ لِلنَّاسِ بِٱلۡحَقِّۖ فَمَنِ ٱهۡتَدَىٰ فَلِنَفۡسِهِۦۖ وَمَن ضَلَّ فَإِنَّمَا يَضِلُّ عَلَيۡهَاۖ وَمَآ أَنتَ عَلَيۡهِم بِوَكِيلٍ

Ingsun nurunake Kitab (al-Quran) marang sira (Muhammad) kelawan nyata kanggo nerangake marang manungsa. Sapa wonge oleh pituduh bener pakolehe marang awake dhewe, sapa sing malah kesasar patrapane hiya tumrap awake dhewe. Sira ora kuwajiban nanggung marang dheweke
Surah Az-Zumar, Verse 41


ٱللَّهُ يَتَوَفَّى ٱلۡأَنفُسَ حِينَ مَوۡتِهَا وَٱلَّتِي لَمۡ تَمُتۡ فِي مَنَامِهَاۖ فَيُمۡسِكُ ٱلَّتِي قَضَىٰ عَلَيۡهَا ٱلۡمَوۡتَ وَيُرۡسِلُ ٱلۡأُخۡرَىٰٓ إِلَىٰٓ أَجَلٖ مُّسَمًّىۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَأٓيَٰتٖ لِّقَوۡمٖ يَتَفَكَّرُونَ

Allah iku ngelulus nyawa (wong) nalikane matine. Dene wong kang durung wayahe mati, anggone ngelulus nalikane turu. Allah iku banjur nyimpeni nyawane wong kang dikersakake mati dene wong kang durung dikersakake mati nyawane dibalekake maneh ngenteni wewangen kang tinamtokake matine. Kang mangkono mahu tumrap wong kang gunakake pikire dadi tandha yekti kuwasaning Allah
Surah Az-Zumar, Verse 42


أَمِ ٱتَّخَذُواْ مِن دُونِ ٱللَّهِ شُفَعَآءَۚ قُلۡ أَوَلَوۡ كَانُواْ لَا يَمۡلِكُونَ شَيۡـٔٗا وَلَا يَعۡقِلُونَ

Wong kagir padha ngadegake Pangeran liyane Allah (brahala) dikira ing tembe bisa mitulungi ana ngersane Allah. (Muhammad) dhawuha, "Apa nyata berhala iku bisa mitulungi, sanadyan ora duwe barang - barang sarta ora duwe akal
Surah Az-Zumar, Verse 43


قُل لِّلَّهِ ٱلشَّفَٰعَةُ جَمِيعٗاۖ لَّهُۥ مُلۡكُ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضِۖ ثُمَّ إِلَيۡهِ تُرۡجَعُونَ

Sira dhawuha, "Pitulung iku kabeh kang kagungan mung Allah piyambak. Allah kagungan karaton bumi lan langit ing tembe bakal padha dihimpun bali marang ngarsaning Allah
Surah Az-Zumar, Verse 44


وَإِذَا ذُكِرَ ٱللَّهُ وَحۡدَهُ ٱشۡمَأَزَّتۡ قُلُوبُ ٱلَّذِينَ لَا يُؤۡمِنُونَ بِٱلۡأٓخِرَةِۖ وَإِذَا ذُكِرَ ٱلَّذِينَ مِن دُونِهِۦٓ إِذَا هُمۡ يَسۡتَبۡشِرُونَ

Manawa asmaning Allah piyambak disebut (tanpa nyebut brahala) ing kono wong kang ora ngandel bakal anane akherat, atine padha ewo. Dene yen liyane Allah kang disebut wong mahu padha bungah
Surah Az-Zumar, Verse 45


قُلِ ٱللَّهُمَّ فَاطِرَ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضِ عَٰلِمَ ٱلۡغَيۡبِ وَٱلشَّهَٰدَةِ أَنتَ تَحۡكُمُ بَيۡنَ عِبَادِكَ فِي مَا كَانُواْ فِيهِ يَخۡتَلِفُونَ

(Muhammad) Munjukka mangkene, "Dhuh Allah ingkang damel bumi lan langit, ingkang nguningani semu kawis ingkang samar saha kasat mata. Paduka ingkang kuwasa ngrampungi prakawisipun para kawula paduka anggenipun sami pasulayan
Surah Az-Zumar, Verse 46


وَلَوۡ أَنَّ لِلَّذِينَ ظَلَمُواْ مَا فِي ٱلۡأَرۡضِ جَمِيعٗا وَمِثۡلَهُۥ مَعَهُۥ لَٱفۡتَدَوۡاْ بِهِۦ مِن سُوٓءِ ٱلۡعَذَابِ يَوۡمَ ٱلۡقِيَٰمَةِۚ وَبَدَا لَهُم مِّنَ ٱللَّهِ مَا لَمۡ يَكُونُواْ يَحۡتَسِبُونَ

Besuk qiyamat wong kafir padha handeleng siksa kang ora pisan dikira bakal ana siksa kang mangkono. Upama dheweke duweya barang saisining bumi iki ditambah sakmono maneh mesthi keduga ngelungakake dianggo nebusi awake supaya aja nganti kacemplung siksa kang abot
Surah Az-Zumar, Verse 47


وَبَدَا لَهُمۡ سَيِّـَٔاتُ مَا كَسَبُواْ وَحَاقَ بِهِم مَّا كَانُواْ بِهِۦ يَسۡتَهۡزِءُونَ

Dina iku wong kafir padha weruh halane barang kang wis padha dilakoni ing donya, sarta tinempuh siksa kang padha digeguyu nalika ing donya
Surah Az-Zumar, Verse 48


فَإِذَا مَسَّ ٱلۡإِنسَٰنَ ضُرّٞ دَعَانَا ثُمَّ إِذَا خَوَّلۡنَٰهُ نِعۡمَةٗ مِّنَّا قَالَ إِنَّمَآ أُوتِيتُهُۥ عَلَىٰ عِلۡمِۭۚ بَلۡ هِيَ فِتۡنَةٞ وَلَٰكِنَّ أَكۡثَرَهُمۡ لَا يَعۡلَمُونَ

Manungsa iku manawa kambuh reribet, banjur nyenyuwun marang Ingsun (Allah) bareng wis luwar saka reribet, sarta banjur diparingi kabungahan banjur ngucap, "Angonku oleh kabungahan iki amarga kepinteranku dhewe". Kang mangkono mahu hewone coba, nanging kang akeh dheweke padha ora ngerti
Surah Az-Zumar, Verse 49


قَدۡ قَالَهَا ٱلَّذِينَ مِن قَبۡلِهِمۡ فَمَآ أَغۡنَىٰ عَنۡهُم مَّا كَانُواْ يَكۡسِبُونَ

Kang ngucap mangkono mahu para ummat kuna, sadurunge wong kafir mahu (Qarun sakancane), bondho kang diklumpukake ora bisa murungake siksa
Surah Az-Zumar, Verse 50


فَأَصَابَهُمۡ سَيِّـَٔاتُ مَا كَسَبُواْۚ وَٱلَّذِينَ ظَلَمُواْ مِنۡ هَـٰٓؤُلَآءِ سَيُصِيبُهُمۡ سَيِّـَٔاتُ مَا كَسَبُواْ وَمَا هُم بِمُعۡجِزِينَ

Mula dheweke (Qarun) banjur tinempuh siksa, patrapane pihala kang wis dilakoni, dene wong kang padha kafir uga bakal padha tinempuh siksa, patrapaning pihala kang wis padha dilakoni, ora ana kang bisa ngoncati siksaningsun
Surah Az-Zumar, Verse 51


أَوَلَمۡ يَعۡلَمُوٓاْ أَنَّ ٱللَّهَ يَبۡسُطُ ٱلرِّزۡقَ لِمَن يَشَآءُ وَيَقۡدِرُۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَأٓيَٰتٖ لِّقَوۡمٖ يُؤۡمِنُونَ

Dheweke padha ora weruh yen Allah paring rizki akeh marang wong kang dadi parenging kersane lan ana uga kang diparingi rizki sethithik. Kang mangkono mahu tumrap wong kang padha percaya ing Allah, mesthi dadi tandha yekti
Surah Az-Zumar, Verse 52


۞قُلۡ يَٰعِبَادِيَ ٱلَّذِينَ أَسۡرَفُواْ عَلَىٰٓ أَنفُسِهِمۡ لَا تَقۡنَطُواْ مِن رَّحۡمَةِ ٱللَّهِۚ إِنَّ ٱللَّهَ يَغۡفِرُ ٱلذُّنُوبَ جَمِيعًاۚ إِنَّهُۥ هُوَ ٱلۡغَفُورُ ٱلرَّحِيمُ

(Muhammad) dhawuha, "Para kawulaningsun kang wis padha kebangeten (nglakoni panggawe hala) sira aja padha mutung ora ngarep - arep rahmating Allah. Satemene Allah kuwasa ngapura dosa kabeh. Allah iku kapareng ngapura dosa tur maha asih
Surah Az-Zumar, Verse 53


وَأَنِيبُوٓاْ إِلَىٰ رَبِّكُمۡ وَأَسۡلِمُواْ لَهُۥ مِن قَبۡلِ أَن يَأۡتِيَكُمُ ٱلۡعَذَابُ ثُمَّ لَا تُنصَرُونَ

Sira padha balia marang ngarsane Allah Pangeranira kelawan tobat, manut miturut dhawuhing Allah kelawan ati resik, mumpung durung katekan siksa. Yen nganti kasep tobatira, ora bakal oleh pitulung
Surah Az-Zumar, Verse 54


وَٱتَّبِعُوٓاْ أَحۡسَنَ مَآ أُنزِلَ إِلَيۡكُم مِّن رَّبِّكُم مِّن قَبۡلِ أَن يَأۡتِيَكُمُ ٱلۡعَذَابُ بَغۡتَةٗ وَأَنتُمۡ لَا تَشۡعُرُونَ

Padha ngelakonana dhawuh kang tinurunake Allah marang siksa (al-Quran). Miliha kang becik dhewe, mumpung durung katekan siksa kelawan ngagetake, sira ora nyana tekane siksa mahu
Surah Az-Zumar, Verse 55


أَن تَقُولَ نَفۡسٞ يَٰحَسۡرَتَىٰ عَلَىٰ مَا فَرَّطتُ فِي جَنۢبِ ٱللَّهِ وَإِن كُنتُ لَمِنَ ٱلسَّـٰخِرِينَ

Supaya aja ana wong sesambat mangkene, "Cilaka temen aku marga kahinan, ora ngistokake dhawuhing Allah. Biyen aku mung geguyon bae
Surah Az-Zumar, Verse 56


أَوۡ تَقُولَ لَوۡ أَنَّ ٱللَّهَ هَدَىٰنِي لَكُنتُ مِنَ ٱلۡمُتَّقِينَ

Utawa supaya aja kang ngucap mangkene, "Upama Allah paring pituduh bener marang aku, mesthi aku kalebu hewone wong kang padha bekti ing Allah
Surah Az-Zumar, Verse 57


أَوۡ تَقُولَ حِينَ تَرَى ٱلۡعَذَابَ لَوۡ أَنَّ لِي كَرَّةٗ فَأَكُونَ مِنَ ٱلۡمُحۡسِنِينَ

Utawa bareng handeleng siksa banjur ngucap mangkene, "Upama kau diparengake bali marang donya, mesthi kelebu golongane wong kang padha ngelakoni penggawe becik
Surah Az-Zumar, Verse 58


بَلَىٰ قَدۡ جَآءَتۡكَ ءَايَٰتِي فَكَذَّبۡتَ بِهَا وَٱسۡتَكۡبَرۡتَ وَكُنتَ مِنَ ٱلۡكَٰفِرِينَ

Ing kono banjur ana dhawuhing Allah mangkene, "Hiya sira wis katekan al-Quran ayatingsun, nanging sira maido, sarta gumedhe ora percaya. Banjur dadi golongane wong kafir
Surah Az-Zumar, Verse 59


وَيَوۡمَ ٱلۡقِيَٰمَةِ تَرَى ٱلَّذِينَ كَذَبُواْ عَلَى ٱللَّهِ وُجُوهُهُم مُّسۡوَدَّةٌۚ أَلَيۡسَ فِي جَهَنَّمَ مَثۡوٗى لِّلۡمُتَكَبِّرِينَ

Lan ing besuk dina qiyamat sira deleng sarupane wong kang celathu goroh ngarani Allah ana kang ngembari rahine padha ireng. Panggonane wong kang padha gumedhe iku apa ora ana neraka jahannam
Surah Az-Zumar, Verse 60


وَيُنَجِّي ٱللَّهُ ٱلَّذِينَ ٱتَّقَوۡاْ بِمَفَازَتِهِمۡ لَا يَمَسُّهُمُ ٱلسُّوٓءُ وَلَا هُمۡ يَحۡزَنُونَ

Allah paring selamet marang para wong kang bekti ing Allah. Marga saka bagjane dadi ora kambah barang kang hala. Sarta ora ana kang kasusahan
Surah Az-Zumar, Verse 61


ٱللَّهُ خَٰلِقُ كُلِّ شَيۡءٖۖ وَهُوَ عَلَىٰ كُلِّ شَيۡءٖ وَكِيلٞ

Allah iku kang gawe samu barang. hiya kang ngreksa samu barang lan nindakake sakarsa-karsane
Surah Az-Zumar, Verse 62


لَّهُۥ مَقَالِيدُ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضِۗ وَٱلَّذِينَ كَفَرُواْ بِـَٔايَٰتِ ٱللَّهِ أُوْلَـٰٓئِكَ هُمُ ٱلۡخَٰسِرُونَ

Allah iku kang ngasta simpenane langit lan bumi, dene sarupane wong kang maido ayat - ayating Allah, iku tetep wong kapitunan
Surah Az-Zumar, Verse 63


قُلۡ أَفَغَيۡرَ ٱللَّهِ تَأۡمُرُوٓنِّيٓ أَعۡبُدُ أَيُّهَا ٱلۡجَٰهِلُونَ

(Muhammad) dhawuha, "Hai para wong bodho! Apa kowe akon marang aku supaya nyembah liyane Allah
Surah Az-Zumar, Verse 64


وَلَقَدۡ أُوحِيَ إِلَيۡكَ وَإِلَى ٱلَّذِينَ مِن قَبۡلِكَ لَئِنۡ أَشۡرَكۡتَ لَيَحۡبَطَنَّ عَمَلُكَ وَلَتَكُونَنَّ مِنَ ٱلۡخَٰسِرِينَ

Sira lan para ummat sadurungmu wis padha diparingi dhawuh, "Manawa sira mangro tingal lakunira kang becik sirna kabeh, sira mesthi dadi wong kapitunan
Surah Az-Zumar, Verse 65


بَلِ ٱللَّهَ فَٱعۡبُدۡ وَكُن مِّنَ ٱلشَّـٰكِرِينَ

Balik sira mung nyembaha ing Allah wae, lan sira kalebu hewone wong kang padha syukur
Surah Az-Zumar, Verse 66


وَمَا قَدَرُواْ ٱللَّهَ حَقَّ قَدۡرِهِۦ وَٱلۡأَرۡضُ جَمِيعٗا قَبۡضَتُهُۥ يَوۡمَ ٱلۡقِيَٰمَةِ وَٱلسَّمَٰوَٰتُ مَطۡوِيَّـٰتُۢ بِيَمِينِهِۦۚ سُبۡحَٰنَهُۥ وَتَعَٰلَىٰ عَمَّا يُشۡرِكُونَ

Lan dheweke ora ngluhurake Allah kelawan ngegungake kang sayektine. Bumi iki kabeh besuk qiyamat katekem lan langit digulung kelawan panguwasaning Allah, Allah maha suci lan Maha Luhur, adoh banget karo panemumu para wong mangro tingal
Surah Az-Zumar, Verse 67


وَنُفِخَ فِي ٱلصُّورِ فَصَعِقَ مَن فِي ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَمَن فِي ٱلۡأَرۡضِ إِلَّا مَن شَآءَ ٱللَّهُۖ ثُمَّ نُفِخَ فِيهِ أُخۡرَىٰ فَإِذَا هُمۡ قِيَامٞ يَنظُرُونَ

Besuk qiyamat, slomprete malaikat Isrofil didamu. Ing kono sahisining bumi lan langit banjur padha mati kabeh. Kajaba kang dikersakake Allah. Sawise mangkono banjur didamu maneh ing kono kang wis padha mati banjur tangi urip maneh padha ndeleng kahanane
Surah Az-Zumar, Verse 68


وَأَشۡرَقَتِ ٱلۡأَرۡضُ بِنُورِ رَبِّهَا وَوُضِعَ ٱلۡكِتَٰبُ وَجِاْيٓءَ بِٱلنَّبِيِّـۧنَ وَٱلشُّهَدَآءِ وَقُضِيَ بَيۡنَهُم بِٱلۡحَقِّ وَهُمۡ لَا يُظۡلَمُونَ

Salumahing bumi banjur padhang dening cahyaning Pangerane. Sarupaning wong banjur diparingi tulisan (cathetan) barang kang wis padha dilakoni, ditekakake para nabi - nabi lan seksi - seksi banjur padha dirampungi perkarane kanthi adil ora ana kang nandhang panganihaya
Surah Az-Zumar, Verse 69


وَوُفِّيَتۡ كُلُّ نَفۡسٖ مَّا عَمِلَتۡ وَهُوَ أَعۡلَمُ بِمَا يَفۡعَلُونَ

Siji - sijining wong padha diparingi wewales pituwse barang kang wis dilakoni nalika ing donya, Allah nguningani barang kang wis dilakoni
Surah Az-Zumar, Verse 70


وَسِيقَ ٱلَّذِينَ كَفَرُوٓاْ إِلَىٰ جَهَنَّمَ زُمَرًاۖ حَتَّىٰٓ إِذَا جَآءُوهَا فُتِحَتۡ أَبۡوَٰبُهَا وَقَالَ لَهُمۡ خَزَنَتُهَآ أَلَمۡ يَأۡتِكُمۡ رُسُلٞ مِّنكُمۡ يَتۡلُونَ عَلَيۡكُمۡ ءَايَٰتِ رَبِّكُمۡ وَيُنذِرُونَكُمۡ لِقَآءَ يَوۡمِكُمۡ هَٰذَاۚ قَالُواْ بَلَىٰ وَلَٰكِنۡ حَقَّتۡ كَلِمَةُ ٱلۡعَذَابِ عَلَى ٱلۡكَٰفِرِينَ

Para kafir padha dituntun marang neraka jahannam gegolongan. Bareng tekan pinggiring neraka lawanging neraka dibukak. Ing kono malaikat kang rumeksa padha takon marang dheweke, "Apa kowe biyen ora katekan rasul, pethilan saka kancamu, kang ngundhangake ayat dhawuhing Allah? Sarta ngelingake marang kowe bakal kelakone qiyamat?" Banjur padha mangsuli, "Inggih sampun kedhatengan rasul nanging kula phiben, mila sampun lereng pangandikaning Allah nemtokaken siksa neraka dhateng tiyang kafir
Surah Az-Zumar, Verse 71


قِيلَ ٱدۡخُلُوٓاْ أَبۡوَٰبَ جَهَنَّمَ خَٰلِدِينَ فِيهَاۖ فَبِئۡسَ مَثۡوَى ٱلۡمُتَكَبِّرِينَ

Para wong kafir banjur padha didhawuhi, "Padha mlebua lawanging neraka jahannam langgeng salawase". Hala temen panggonane wong kafir kang padha gumedhe
Surah Az-Zumar, Verse 72


وَسِيقَ ٱلَّذِينَ ٱتَّقَوۡاْ رَبَّهُمۡ إِلَى ٱلۡجَنَّةِ زُمَرًاۖ حَتَّىٰٓ إِذَا جَآءُوهَا وَفُتِحَتۡ أَبۡوَٰبُهَا وَقَالَ لَهُمۡ خَزَنَتُهَا سَلَٰمٌ عَلَيۡكُمۡ طِبۡتُمۡ فَٱدۡخُلُوهَا خَٰلِدِينَ

Dene wong kang padha bekti ing Allah Pangerane, padha dhirit marang suwarga pantahn - panthan. Bareng wis tekan pinggiring suwarga, lawange dingakake malaikat kang ngreksa suwarga banjur hambagekake, "Sami sugenga, begja temen panjenengan, sumonggo sami lumebeta langgeng salaminipun
Surah Az-Zumar, Verse 73


وَقَالُواْ ٱلۡحَمۡدُ لِلَّهِ ٱلَّذِي صَدَقَنَا وَعۡدَهُۥ وَأَوۡرَثَنَا ٱلۡأَرۡضَ نَتَبَوَّأُ مِنَ ٱلۡجَنَّةِ حَيۡثُ نَشَآءُۖ فَنِعۡمَ أَجۡرُ ٱلۡعَٰمِلِينَ

Banjur padha memuji, "Sakabehing puji kagungane Allah kang prasetyane biyen saiki wis kanyatan temenenan. Allah wis paring panduman bumi suwarga marang aku, saiki aku manggon sak karepku. Becik temen ganjaran wong kang ngestokake dhawuh
Surah Az-Zumar, Verse 74


وَتَرَى ٱلۡمَلَـٰٓئِكَةَ حَآفِّينَ مِنۡ حَوۡلِ ٱلۡعَرۡشِ يُسَبِّحُونَ بِحَمۡدِ رَبِّهِمۡۚ وَقُضِيَ بَيۡنَهُم بِٱلۡحَقِّۚ وَقِيلَ ٱلۡحَمۡدُ لِلَّهِ رَبِّ ٱلۡعَٰلَمِينَ

Besuk sira ndeleng para malaikat padha baris ana kiwa tengene. Ngaras padha nyebut maha suci memuji Allah. Sarupane titah padha dirampungi perkarane kelawan adil (diparingi wewales pituwasing lakune dhewe - dhewe hala utawa becik). Sakabehing puji kagungane Allah Pangerane alam kabeh
Surah Az-Zumar, Verse 75


Author: Unknown


<< Surah 38
>> Surah 40

Javanese Translations by other Authors


Javanese Translation By Unknown
Javanese Translation By Unknown
Popular Areas
Apartments for rent in Dubai Apartments for rent Abu Dhabi Villas for rent in Dubai House for rent Abu Dhabi Apartments for sale in Dubai Apartments for sale in Abu Dhabi Flat for rent Sharjah
Popular Searches
Studios for rent in UAE Apartments for rent in UAE Villas for rent in UAE Apartments for sale in UAE Villas for sale in UAE Land for sale in UAE Dubai Real Estate
Trending Areas
Apartments for rent in Dubai Marina Apartments for sale in Dubai Marina Villa for rent in Sharjah Villa for sale in Dubai Flat for rent in Ajman Studio for rent in Abu Dhabi Villa for rent in Ajman
Trending Searches
Villa for rent in Abu Dhabi Shop for rent in Dubai Villas for sale in Ajman Studio for rent in Sharjah 1 Bedroom Apartment for rent in Dubai Property for rent in Abu Dhabi Commercial properties for sale
© Copyright Dubai Prayer Time. All Rights Reserved
Designed by Prayer Time In Dubai