Surah An-Nisa Verse 140 - Javanese Translation by Unknown
Surah An-Nisaوَقَدۡ نَزَّلَ عَلَيۡكُمۡ فِي ٱلۡكِتَٰبِ أَنۡ إِذَا سَمِعۡتُمۡ ءَايَٰتِ ٱللَّهِ يُكۡفَرُ بِهَا وَيُسۡتَهۡزَأُ بِهَا فَلَا تَقۡعُدُواْ مَعَهُمۡ حَتَّىٰ يَخُوضُواْ فِي حَدِيثٍ غَيۡرِهِۦٓ إِنَّكُمۡ إِذٗا مِّثۡلُهُمۡۗ إِنَّ ٱللَّهَ جَامِعُ ٱلۡمُنَٰفِقِينَ وَٱلۡكَٰفِرِينَ فِي جَهَنَّمَ جَمِيعًا
Lan temen Panjenengané wus andhawuhaké marang sira ana ing dalem Kitab, dhawuh-É: Manawa sira padha angrungu timbalan-timbalaning Allah padha dikafiri lan padha diguguyu, lah aja sira padha lulungguhan karo dhèwèké, nganti padha lumebu ing gunem liyané; sayekti, mengko mundhak sira dadi papadhané; sayekti Allah bakal angumpulaké para lamis lan para kafir kabèh ana ing naraka