Surah An-Nisa Verse 176 - Javanese Translation by Unknown
Surah An-Nisaيَسۡتَفۡتُونَكَ قُلِ ٱللَّهُ يُفۡتِيكُمۡ فِي ٱلۡكَلَٰلَةِۚ إِنِ ٱمۡرُؤٌاْ هَلَكَ لَيۡسَ لَهُۥ وَلَدٞ وَلَهُۥٓ أُخۡتٞ فَلَهَا نِصۡفُ مَا تَرَكَۚ وَهُوَ يَرِثُهَآ إِن لَّمۡ يَكُن لَّهَا وَلَدٞۚ فَإِن كَانَتَا ٱثۡنَتَيۡنِ فَلَهُمَا ٱلثُّلُثَانِ مِمَّا تَرَكَۚ وَإِن كَانُوٓاْ إِخۡوَةٗ رِّجَالٗا وَنِسَآءٗ فَلِلذَّكَرِ مِثۡلُ حَظِّ ٱلۡأُنثَيَيۡنِۗ يُبَيِّنُ ٱللَّهُ لَكُمۡ أَن تَضِلُّواْۗ وَٱللَّهُ بِكُلِّ شَيۡءٍ عَلِيمُۢ
Dheweke padha anerang marang sira putusaning angger. Dhawuha: Allah aparing putusan marang sira prakara wong kang ora duwe bapa biyung sapandhuwur sarta anak sapangisor; manawa ana wong mati ora duwe anak lanang lan duwe sadulur wadon siji, iki oleh saparo- ning barang tinggalan, lan sadulur lanang bakal ngukup warisane sadulur wadon manawa sadulur wadon iki ora duwe anak lanang; ananging manawa sadulur wadon mau loro, iki oleh bagean rong pratelone barang tinggalan; lan manawa sadulur mau ana lanang wadon, lah pandumaning lanang siji padhane bageaning wadon lo- ro; Allah anerangake marang sira, supaya sira aja padha sasar, lan Allah iku Anguningani samubarang