Surah An-Nisa Verse 19 - Javanese Translation by Unknown
Surah An-Nisaيَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ لَا يَحِلُّ لَكُمۡ أَن تَرِثُواْ ٱلنِّسَآءَ كَرۡهٗاۖ وَلَا تَعۡضُلُوهُنَّ لِتَذۡهَبُواْ بِبَعۡضِ مَآ ءَاتَيۡتُمُوهُنَّ إِلَّآ أَن يَأۡتِينَ بِفَٰحِشَةٖ مُّبَيِّنَةٖۚ وَعَاشِرُوهُنَّ بِٱلۡمَعۡرُوفِۚ فَإِن كَرِهۡتُمُوهُنَّ فَعَسَىٰٓ أَن تَكۡرَهُواْ شَيۡـٔٗا وَيَجۡعَلَ ٱللَّهُ فِيهِ خَيۡرٗا كَثِيرٗا
He wong kang mukmin kabeh, tumrap sira ora bakal halal maris bandhane para wanita kelawan peksan. Lan sira aja padha nyegah wong wadon mau manawa arep omah-omah maneh. Pamrihe supaya sira bisa ngilangake seperangane bandha kang sira wenehake marang dheweke, kajaba yen wanita-wanita mau wis terang anggone nindakake laku ala (zina). Lan sira supaya nyrawungi marang wanita-wanita mau kelawan becik. Dene manawa sira ora dhemen marang wong wadon mau, (sira antekna dhisik) mbokmanawa sira gething marang sawijining barang, nanging Allah nitahake kabecikan pirang-pirang ana ing barang kang sira gethingi