Surah An-Nisa Verse 92 - Javanese Translation by Unknown
Surah An-Nisaوَمَا كَانَ لِمُؤۡمِنٍ أَن يَقۡتُلَ مُؤۡمِنًا إِلَّا خَطَـٔٗاۚ وَمَن قَتَلَ مُؤۡمِنًا خَطَـٔٗا فَتَحۡرِيرُ رَقَبَةٖ مُّؤۡمِنَةٖ وَدِيَةٞ مُّسَلَّمَةٌ إِلَىٰٓ أَهۡلِهِۦٓ إِلَّآ أَن يَصَّدَّقُواْۚ فَإِن كَانَ مِن قَوۡمٍ عَدُوّٖ لَّكُمۡ وَهُوَ مُؤۡمِنٞ فَتَحۡرِيرُ رَقَبَةٖ مُّؤۡمِنَةٖۖ وَإِن كَانَ مِن قَوۡمِۭ بَيۡنَكُمۡ وَبَيۡنَهُم مِّيثَٰقٞ فَدِيَةٞ مُّسَلَّمَةٌ إِلَىٰٓ أَهۡلِهِۦ وَتَحۡرِيرُ رَقَبَةٖ مُّؤۡمِنَةٖۖ فَمَن لَّمۡ يَجِدۡ فَصِيَامُ شَهۡرَيۡنِ مُتَتَابِعَيۡنِ تَوۡبَةٗ مِّنَ ٱللَّهِۗ وَكَانَ ٱللَّهُ عَلِيمًا حَكِيمٗا
Lan ora mungguh tumrapé mukmin yèn ta matènana mukmin, kajaba klèru; lan sapa sing matèni mukmin ora kalawan dijarag, lah amardikakna kawula mukmin siji sarta tetempuh kudu kabayar marang ahliné, kaja- ba yèn iki anglilakaké; ananging manawa dhèwèké iku asal saka golongan kang amungsuhi sira, sarta dhèwèké iku mukmin, lah amardikakaké kawula mukmin siji , lan manawa dhè-wèké iku asal saka ing golongan kang aprajanjian kalawan sira, lah tetempuh kudu dibayar marang ahliné karo amardikakaké kawula mukmin siji; ananging manawa ora bisa éntuk lah kudu puwasa rong sasi tumaruntun: pitobat saka ing Allah, lan Allah iku Anguningani, Wicaksana