UAE Prayer Times

  • Dubai
  • Abu Dhabi
  • Sharjah
  • Ajman
  • Fujairah
  • Umm Al Quwain
  • Ras Al Khaimah
  • Quran Translations

Surah Ghafir - Javanese Translation by Unknown


حمٓ

Haa Miim
Surah Ghafir, Verse 1


تَنزِيلُ ٱلۡكِتَٰبِ مِنَ ٱللَّهِ ٱلۡعَزِيزِ ٱلۡعَلِيمِ

Tumurune al-Quran iki terang saka Allah kang Maha Mulia tur nguningani samu barang
Surah Ghafir, Verse 2


غَافِرِ ٱلذَّنۢبِ وَقَابِلِ ٱلتَّوۡبِ شَدِيدِ ٱلۡعِقَابِ ذِي ٱلطَّوۡلِۖ لَآ إِلَٰهَ إِلَّا هُوَۖ إِلَيۡهِ ٱلۡمَصِيرُ

Kang kuasa ngapura dosa lan narima tobat, tur kang siksane abot. Kang kagungan kasugihan tur kepareng paring kabungahan warna - warna. Ora ana sesembahan kang bener kajaba Allah piyambak. Samu barang iki ing tembe padha bali marang ngarsane Allah
Surah Ghafir, Verse 3


مَا يُجَٰدِلُ فِيٓ ءَايَٰتِ ٱللَّهِ إِلَّا ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ فَلَا يَغۡرُرۡكَ تَقَلُّبُهُمۡ فِي ٱلۡبِلَٰدِ

Ora ana kang madoni al-Quran kajaba wong kafir, mulane sira aja kalorob anggone lunga-teka (bebas) saka kutho siji marang kutho liyane
Surah Ghafir, Verse 4


كَذَّبَتۡ قَبۡلَهُمۡ قَوۡمُ نُوحٖ وَٱلۡأَحۡزَابُ مِنۢ بَعۡدِهِمۡۖ وَهَمَّتۡ كُلُّ أُمَّةِۭ بِرَسُولِهِمۡ لِيَأۡخُذُوهُۖ وَجَٰدَلُواْ بِٱلۡبَٰطِلِ لِيُدۡحِضُواْ بِهِ ٱلۡحَقَّ فَأَخَذۡتُهُمۡۖ فَكَيۡفَ كَانَ عِقَابِ

Sakdurunge dheweke, para ummate Nuh lan para kumpulan sawuse padha maido marang Rosule, siji - sijining ummat mahu padha madoni kelawan nasar murih sirnane agama kang bener. Wusana ummat mau padha Ingsun tumpes. Mara sira pikira kapriye kahanane siksaningsun
Surah Ghafir, Verse 5


وَكَذَٰلِكَ حَقَّتۡ كَلِمَتُ رَبِّكَ عَلَى ٱلَّذِينَ كَفَرُوٓاْ أَنَّهُمۡ أَصۡحَٰبُ ٱلنَّارِ

Wis mangkono Pangandikane Allah Pangeranira, nemtokake saruane wong kafir padha dadi hisining neraka
Surah Ghafir, Verse 6


ٱلَّذِينَ يَحۡمِلُونَ ٱلۡعَرۡشَ وَمَنۡ حَوۡلَهُۥ يُسَبِّحُونَ بِحَمۡدِ رَبِّهِمۡ وَيُؤۡمِنُونَ بِهِۦ وَيَسۡتَغۡفِرُونَ لِلَّذِينَ ءَامَنُواْۖ رَبَّنَا وَسِعۡتَ كُلَّ شَيۡءٖ رَّحۡمَةٗ وَعِلۡمٗا فَٱغۡفِرۡ لِلَّذِينَ تَابُواْ وَٱتَّبَعُواْ سَبِيلَكَ وَقِهِمۡ عَذَابَ ٱلۡجَحِيمِ

(Malaikat) kang padha mikul 'Arsy lan kang padha baris ana kiwa tengene padha nyebut Maha Suci memuji ing Allah Pangerane, padha setiya tuhu ing Allah, sarta padha nyuwunake pangapura kaluputane wong kang padha percaya Allah tembunge, "Pangeran kawula pangawikan saha ramat paduka langkung jembar maradini samu kawis. Paduka mugi ngapuraha kaleparanipun para kawula ingkang sami tobat, sarta sami manut margi panjenengan (agama Islam).Mugi kareksa saking siksa neraka Jahim
Surah Ghafir, Verse 7


رَبَّنَا وَأَدۡخِلۡهُمۡ جَنَّـٰتِ عَدۡنٍ ٱلَّتِي وَعَدتَّهُمۡ وَمَن صَلَحَ مِنۡ ءَابَآئِهِمۡ وَأَزۡوَٰجِهِمۡ وَذُرِّيَّـٰتِهِمۡۚ إِنَّكَ أَنتَ ٱلۡعَزِيزُ ٱلۡحَكِيمُ

Pangeran, kawula para Mukmin sadaya dalah para leluhuripun bojonipun para turunipun ingkang alampah sahe, mugi paduka parengaken mlebet suwarga. Ingkang sampun Paduka prasetyakaken badhe kaparingaken dhumateng kula sadaya. Paduka punika Maha mulya tur wicaksana
Surah Ghafir, Verse 8


وَقِهِمُ ٱلسَّيِّـَٔاتِۚ وَمَن تَقِ ٱلسَّيِّـَٔاتِ يَوۡمَئِذٖ فَقَدۡ رَحِمۡتَهُۥۚ وَذَٰلِكَ هُوَ ٱلۡفَوۡزُ ٱلۡعَظِيمُ

Para luhuripun, turunipun, bojonipun para mukmin mugi paduka reksa sampun ngantos kenging patrapipun tiyang nglampahi awon. Patrapan dinten punika sinten ngatos - ngatos boten nglampahi pihawon, temtu angsal sih paduka. Makaten punika nama kabegjan ageng
Surah Ghafir, Verse 9


إِنَّ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ يُنَادَوۡنَ لَمَقۡتُ ٱللَّهِ أَكۡبَرُ مِن مَّقۡتِكُمۡ أَنفُسَكُمۡ إِذۡ تُدۡعَوۡنَ إِلَى ٱلۡإِيمَٰنِ فَتَكۡفُرُونَ

Sarupane wong kafir padha didhawuhi mangkene: "Siksaning Allah marang kowe luwih abot tinimbang anggonmu nyiksa marang awakmu dhewe. Awit biyen kowe didhawuhi percaya ing Allah nanging padha maido
Surah Ghafir, Verse 10


قَالُواْ رَبَّنَآ أَمَتَّنَا ٱثۡنَتَيۡنِ وَأَحۡيَيۡتَنَا ٱثۡنَتَيۡنِ فَٱعۡتَرَفۡنَا بِذُنُوبِنَا فَهَلۡ إِلَىٰ خُرُوجٖ مِّن سَبِيلٖ

Wong kafir matur, "Pangeran, kawula punika paduka pejahi rambah kaping kalih, sarta panjenengan gesangaken ugi kaping kalih. Sapunika kula ngakeni kalepatan kawula sadaya. Punapa kepareng sakpunika nyuwun medal saking neraka. Lajeng wangsul dhateng donya
Surah Ghafir, Verse 11


ذَٰلِكُم بِأَنَّهُۥٓ إِذَا دُعِيَ ٱللَّهُ وَحۡدَهُۥ كَفَرۡتُمۡ وَإِن يُشۡرَكۡ بِهِۦ تُؤۡمِنُواْۚ فَٱلۡحُكۡمُ لِلَّهِ ٱلۡعَلِيِّ ٱلۡكَبِيرِ

Anane siksa mangkono mahu marga manawa Allah piyambak disebut tanpa nyebut brahala, sira padha maido. Nanging manawa anggone nyebut Allah mau dibarengi nyebut brahala sira padha percaya. Dene hukum siksa iku ana panguasane Allah kang Maha Luhur tur Maha Agung
Surah Ghafir, Verse 12


هُوَ ٱلَّذِي يُرِيكُمۡ ءَايَٰتِهِۦ وَيُنَزِّلُ لَكُم مِّنَ ٱلسَّمَآءِ رِزۡقٗاۚ وَمَا يَتَذَكَّرُ إِلَّا مَن يُنِيبُ

Allah kang nuntun sira marang tandha yekti pirang - pirang. Sarta nurunake rizki saka langit. Dene kang ngestokake pitutur iki kajaba wong - wong kang padha bali (marang Allah)
Surah Ghafir, Verse 13


فَٱدۡعُواْ ٱللَّهَ مُخۡلِصِينَ لَهُ ٱلدِّينَ وَلَوۡ كَرِهَ ٱلۡكَٰفِرُونَ

Mula sira padha nyembaha Allah kalawan suci murni ngawula marang Panjenengane, sanadiyan wong kafir padha gething
Surah Ghafir, Verse 14


رَفِيعُ ٱلدَّرَجَٰتِ ذُو ٱلۡعَرۡشِ يُلۡقِي ٱلرُّوحَ مِنۡ أَمۡرِهِۦ عَلَىٰ مَن يَشَآءُ مِنۡ عِبَادِهِۦ لِيُنذِرَ يَوۡمَ ٱلتَّلَاقِ

Allah iku kang junjung derajat wong mukmin ana suwarga tur kang yasa 'Ars, kang ngutus Jibril kanthi ngasta dhawuhe (pangandikane Allah) marang kawulane kang dadi parenging kersane, supaya ngelingake marang manungsa bakal kelakone Qiyamat
Surah Ghafir, Verse 15


يَوۡمَ هُم بَٰرِزُونَۖ لَا يَخۡفَىٰ عَلَى ٱللَّهِ مِنۡهُمۡ شَيۡءٞۚ لِّمَنِ ٱلۡمُلۡكُ ٱلۡيَوۡمَۖ لِلَّهِ ٱلۡوَٰحِدِ ٱلۡقَهَّارِ

Hiya iku dina nalikane wong kang wis mati padha tangi saka kubure. Ing kono Allah ora kasamaran sethithik - thithika marang wong kang padha tangi saka kubur mau. Ing dina iku kang nguwasani (jumeneng - marintah) mung Allah kang Esa lan Masesa
Surah Ghafir, Verse 16


ٱلۡيَوۡمَ تُجۡزَىٰ كُلُّ نَفۡسِۭ بِمَا كَسَبَتۡۚ لَا ظُلۡمَ ٱلۡيَوۡمَۚ إِنَّ ٱللَّهَ سَرِيعُ ٱلۡحِسَابِ

Ing dina iku sarupane wong padha diwales miturut kang wis dilakoni nalika ing donya. Ora ana wong kang kinaniaya. Satemene Allah rikat panimbange
Surah Ghafir, Verse 17


وَأَنذِرۡهُمۡ يَوۡمَ ٱلۡأٓزِفَةِ إِذِ ٱلۡقُلُوبُ لَدَى ٱلۡحَنَاجِرِ كَٰظِمِينَۚ مَا لِلظَّـٰلِمِينَ مِنۡ حَمِيمٖ وَلَا شَفِيعٖ يُطَاعُ

Manungsa padha sira elinga dina Qiyamat, nalika atine manjuluk tekan gulu saking weine, sakehing wong padha nekem gulune. Sarupane wong kafir ora duwe mitra lan handel - handel kang mikolehake
Surah Ghafir, Verse 18


يَعۡلَمُ خَآئِنَةَ ٱلۡأَعۡيُنِ وَمَا تُخۡفِي ٱلصُّدُورُ

Allah nguningani (pandelenging) mripat kang khianat lan krenteking ati
Surah Ghafir, Verse 19


وَٱللَّهُ يَقۡضِي بِٱلۡحَقِّۖ وَٱلَّذِينَ يَدۡعُونَ مِن دُونِهِۦ لَا يَقۡضُونَ بِشَيۡءٍۗ إِنَّ ٱللَّهَ هُوَ ٱلسَّمِيعُ ٱلۡبَصِيرُ

Allah ngukumi kelawan 'adil. Dene brahala kang disembah dening wong kafir ora bisa ngukumi apa - apa, Allah iku miyarsa tur ningali sapari polahe lan pangucape
Surah Ghafir, Verse 20


۞أَوَلَمۡ يَسِيرُواْ فِي ٱلۡأَرۡضِ فَيَنظُرُواْ كَيۡفَ كَانَ عَٰقِبَةُ ٱلَّذِينَ كَانُواْ مِن قَبۡلِهِمۡۚ كَانُواْ هُمۡ أَشَدَّ مِنۡهُمۡ قُوَّةٗ وَءَاثَارٗا فِي ٱلۡأَرۡضِ فَأَخَذَهُمُ ٱللَّهُ بِذُنُوبِهِمۡ وَمَا كَانَ لَهُم مِّنَ ٱللَّهِ مِن وَاقٖ

Apa dheweke (kafir) padha ora hanjajah bumi, yen hanjajah mesthi weruh patilasane wong kuna pirang - pirang kang padha dirusak dening Allah marga dosane. Kapriye wekasane para ummat zaman kuna sadurunge wong kafir. Dheweke duwe kekuatan luwih hebat lan (luwih akeh) patilasane ana ing bumi. Hewadene Allah nyiksa wong mau marga dosane. Dheweke tanpa daya lan ora duwe mitra kang ngreksa awake nulak siksane Allah
Surah Ghafir, Verse 21


ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمۡ كَانَت تَّأۡتِيهِمۡ رُسُلُهُم بِٱلۡبَيِّنَٰتِ فَكَفَرُواْ فَأَخَذَهُمُ ٱللَّهُۚ إِنَّهُۥ قَوِيّٞ شَدِيدُ ٱلۡعِقَابِ

Anane siksa mangkono mau, awit para ummat kuna katekan rasule kanthi tandha yekti pirang - pirang nanging padha maido mulane Allah ngrusak ummat mau. Satemene Allah iku santosa sarta siksane abot
Surah Ghafir, Verse 22


وَلَقَدۡ أَرۡسَلۡنَا مُوسَىٰ بِـَٔايَٰتِنَا وَسُلۡطَٰنٖ مُّبِينٍ

Ingsun temen wis ngutus Musa kanthi tonda yekti pirang - pirang lan wewaton kang nyata
Surah Ghafir, Verse 23


إِلَىٰ فِرۡعَوۡنَ وَهَٰمَٰنَ وَقَٰرُونَ فَقَالُواْ سَٰحِرٞ كَذَّابٞ

Ingsun utus nyurup - nyurupake marang Fir'aun lan Haman lan Qarun. Nanging kabeh padha ngucap, "Musa iku jur sihir, pangucape kabeh goroh
Surah Ghafir, Verse 24


فَلَمَّا جَآءَهُم بِٱلۡحَقِّ مِنۡ عِندِنَا قَالُواْ ٱقۡتُلُوٓاْ أَبۡنَآءَ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ مَعَهُۥ وَٱسۡتَحۡيُواْ نِسَآءَهُمۡۚ وَمَا كَيۡدُ ٱلۡكَٰفِرِينَ إِلَّا فِي ضَلَٰلٖ

Bareng Musa menehi tandha yekti saka ngarsaningsun (Fir'aun lan Haman) banjur parintah balane, "Wong kang percaya marang Musa lan anake lanang padha patenana. Nanging anake wadon ben padha urip". Hewa dene pahekane wong kafir mau tanpa gawe
Surah Ghafir, Verse 25


وَقَالَ فِرۡعَوۡنُ ذَرُونِيٓ أَقۡتُلۡ مُوسَىٰ وَلۡيَدۡعُ رَبَّهُۥٓۖ إِنِّيٓ أَخَافُ أَن يُبَدِّلَ دِينَكُمۡ أَوۡ أَن يُظۡهِرَ فِي ٱلۡأَرۡضِ ٱلۡفَسَادَ

Fir'aun dhawuh, "Aku togna bae. Musa tak patenane. Hiya sambata Pangerane, aku mongsa wediya, awit aku kuatir bok menawa Musa bakal ngijoli agamamu lan gawe rusak ana bumi
Surah Ghafir, Verse 26


وَقَالَ مُوسَىٰٓ إِنِّي عُذۡتُ بِرَبِّي وَرَبِّكُم مِّن كُلِّ مُتَكَبِّرٖ لَّا يُؤۡمِنُ بِيَوۡمِ ٱلۡحِسَابِ

Musa dhawuh (marang Bani Israil), "Satemene aku ngayom ing Allah Pangeranku lan Pangeranmu. Supaya aja nganti kena pahekane wong kang padha gumedhe. Ora percaya marang Qiyamat
Surah Ghafir, Verse 27


وَقَالَ رَجُلٞ مُّؤۡمِنٞ مِّنۡ ءَالِ فِرۡعَوۡنَ يَكۡتُمُ إِيمَٰنَهُۥٓ أَتَقۡتُلُونَ رَجُلًا أَن يَقُولَ رَبِّيَ ٱللَّهُ وَقَدۡ جَآءَكُم بِٱلۡبَيِّنَٰتِ مِن رَّبِّكُمۡۖ وَإِن يَكُ كَٰذِبٗا فَعَلَيۡهِ كَذِبُهُۥۖ وَإِن يَكُ صَادِقٗا يُصِبۡكُم بَعۡضُ ٱلَّذِي يَعِدُكُمۡۖ إِنَّ ٱللَّهَ لَا يَهۡدِي مَنۡ هُوَ مُسۡرِفٞ كَذَّابٞ

Ing kono ana wong mukmin klebu sentanane Fir'aun, percaya ing Allah kelawan delikan, matur marang Fir'aun, "Manapa panjenegan padha mejahi tiyang jaler dupeh wicanten Pangeranku Allah. Ing mangkono sowanipun Musa dhateng panjenengan kanthi tandha yekti kehelokan pinten - pinten saking Pangeran. Manawi Musa dora temtu badhe tinempuh siksa patrapipun anggenipun dora (duraka). Dene menawi Musa wahu temen lan panjenengan pahiben badhe tinempuh dosa, ingkang dipun ancamaken Allah utawi Musa. Sayektosipun Allah boten kersa nedahaken margi ingkang leres dhateng tiyang ingkang kasangeten anggenipun mahiben
Surah Ghafir, Verse 28


يَٰقَوۡمِ لَكُمُ ٱلۡمُلۡكُ ٱلۡيَوۡمَ ظَٰهِرِينَ فِي ٱلۡأَرۡضِ فَمَن يَنصُرُنَا مِنۢ بَأۡسِ ٱللَّهِ إِن جَآءَنَاۚ قَالَ فِرۡعَوۡنُ مَآ أُرِيكُمۡ إِلَّا مَآ أَرَىٰ وَمَآ أَهۡدِيكُمۡ إِلَّا سَبِيلَ ٱلرَّشَادِ

(Musa ngandika), "Para sedherek, ing dinten punika sampyan sami luhur, menang wonten bumi Mesir. Kaluhuran sarta kamenangan ingkang samanten wahu, mugi sampun karisak piyambak. Bokmenawi kedhatengan siksaning Allah, sinten ingkang kuwawi tetulung dhateng kula?" Fir'aun mangsuli, "Anggonku gelarake rembug iki, meetu saka pamikir kang bening, aku ora nasarake nanging nuduhake dalan bener
Surah Ghafir, Verse 29


وَقَالَ ٱلَّذِيٓ ءَامَنَ يَٰقَوۡمِ إِنِّيٓ أَخَافُ عَلَيۡكُم مِّثۡلَ يَوۡمِ ٱلۡأَحۡزَابِ

Wong mukmin mau celathu, "Para sedherek, kula kuwatos bokmenawi panjenengan tinempuh siksa kados para ummat kina rumiyin ingkang pepanthan
Surah Ghafir, Verse 30


مِثۡلَ دَأۡبِ قَوۡمِ نُوحٖ وَعَادٖ وَثَمُودَ وَٱلَّذِينَ مِنۢ بَعۡدِهِمۡۚ وَمَا ٱللَّهُ يُرِيدُ ظُلۡمٗا لِّلۡعِبَادِ

Kados siksaning para ummatipun Nuh lan tiyang 'Aad, punapa dene tiyang Tsamud rumiyin". Sarta siksanipun para tiyang kafir sasampunipun ummat kina ingkang kasebat wahu. Allah punika boten pisan remen nganiaya para kawulanipun
Surah Ghafir, Verse 31


وَيَٰقَوۡمِ إِنِّيٓ أَخَافُ عَلَيۡكُمۡ يَوۡمَ ٱلتَّنَادِ

Para sadherek, kula nguwatosaken dhateng panjenengan kados pundi polah panjenengan benjing qiyamat
Surah Ghafir, Verse 32


يَوۡمَ تُوَلُّونَ مُدۡبِرِينَ مَا لَكُم مِّنَ ٱللَّهِ مِنۡ عَاصِمٖۗ وَمَن يُضۡلِلِ ٱللَّهُ فَمَا لَهُۥ مِنۡ هَادٖ

Nalika panjenengan mundur saking tampi karampunging Allah, nunten dipun cemplungaken neraka. Panjenengan boten gadhah handel - handel ingkang nulak siksaning Allah. Sinten ingkang dipun pesthi kesasar dening Allah, mesthi boten saged ingkang nedhahaken margi leres
Surah Ghafir, Verse 33


وَلَقَدۡ جَآءَكُمۡ يُوسُفُ مِن قَبۡلُ بِٱلۡبَيِّنَٰتِ فَمَا زِلۡتُمۡ فِي شَكّٖ مِّمَّا جَآءَكُم بِهِۦۖ حَتَّىٰٓ إِذَا هَلَكَ قُلۡتُمۡ لَن يَبۡعَثَ ٱللَّهُ مِنۢ بَعۡدِهِۦ رَسُولٗاۚ كَذَٰلِكَ يُضِلُّ ٱللَّهُ مَنۡ هُوَ مُسۡرِفٞ مُّرۡتَابٌ

Kala rumiyin panjenengan sampun kedhatengan Yusuf kanthi tandha yekti pinten - pinten nanging sampeyan maiben dhateng dhawuhipun. Sareng sampun seda sampeyan sami wicanten, "Sanadyan sapungkure Yusuf, Allah ora bakal ngutus Rasul". Inggih makaten punika Allah anggenipun nasaraken tiyang ingkang kasangaten mamang dhateng agama
Surah Ghafir, Verse 34


ٱلَّذِينَ يُجَٰدِلُونَ فِيٓ ءَايَٰتِ ٱللَّهِ بِغَيۡرِ سُلۡطَٰنٍ أَتَىٰهُمۡۖ كَبُرَ مَقۡتًا عِندَ ٱللَّهِ وَعِندَ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْۚ كَذَٰلِكَ يَطۡبَعُ ٱللَّهُ عَلَىٰ كُلِّ قَلۡبِ مُتَكَبِّرٖ جَبَّارٖ

Inggih punika tiyang ingkang sami mabeni ayating Allah tanpa wewantah tandha yekti paringing Allah. Pabenipun ingkang mekaten wahu menggahing Allah lan para mukmin badhe ageng siksanipun. Kados mekaten punika Allah anggenipun mesthi dhateng manahipun tiyang ingkang gumedhe sadaya
Surah Ghafir, Verse 35


وَقَالَ فِرۡعَوۡنُ يَٰهَٰمَٰنُ ٱبۡنِ لِي صَرۡحٗا لَّعَلِّيٓ أَبۡلُغُ ٱلۡأَسۡبَٰبَ

Fir'aun banjur dhawuh, "Hai Hama, aku gawekna panggung dhuwur supaya bisa munggah tekan lawang pirang - pirang
Surah Ghafir, Verse 36


أَسۡبَٰبَ ٱلسَّمَٰوَٰتِ فَأَطَّلِعَ إِلَىٰٓ إِلَٰهِ مُوسَىٰ وَإِنِّي لَأَظُنُّهُۥ كَٰذِبٗاۚ وَكَذَٰلِكَ زُيِّنَ لِفِرۡعَوۡنَ سُوٓءُ عَمَلِهِۦ وَصُدَّ عَنِ ٱلسَّبِيلِۚ وَمَا كَيۡدُ فِرۡعَوۡنَ إِلَّا فِي تَبَابٖ

Hiya iku lawang - lawang langit bok menawa bisa ketemu karo Pangerane Musa. Kiraku kandhane Musa mau goroh. Wis mangkono karsaning Allah. Fir'aun kena godha. Dhemen banget nglestarekake anggone nglakoni penggawe hala. Firaun disasarake saka ing dalan bener. Lekase Fir'aun ngreka daya (ngarah sirnane Musa) tanpa gawe
Surah Ghafir, Verse 37


وَقَالَ ٱلَّذِيٓ ءَامَنَ يَٰقَوۡمِ ٱتَّبِعُونِ أَهۡدِكُمۡ سَبِيلَ ٱلرَّشَادِ

Lan (wong kang percaya marang Musa) celathu, "Para sadherek, sampyan manut dhateng kula. Kula tedahaken margi ingkang leres
Surah Ghafir, Verse 38


يَٰقَوۡمِ إِنَّمَا هَٰذِهِ ٱلۡحَيَوٰةُ ٱلدُّنۡيَا مَتَٰعٞ وَإِنَّ ٱلۡأٓخِرَةَ هِيَ دَارُ ٱلۡقَرَارِ

Para sadherek, gesang wonten donya punika kabingahan namung sawatawis mongsa, dene gesang wonten akherat punika panggenan ingkang tetep sayektos
Surah Ghafir, Verse 39


مَنۡ عَمِلَ سَيِّئَةٗ فَلَا يُجۡزَىٰٓ إِلَّا مِثۡلَهَاۖ وَمَنۡ عَمِلَ صَٰلِحٗا مِّن ذَكَرٍ أَوۡ أُنثَىٰ وَهُوَ مُؤۡمِنٞ فَأُوْلَـٰٓئِكَ يَدۡخُلُونَ ٱلۡجَنَّةَ يُرۡزَقُونَ فِيهَا بِغَيۡرِ حِسَابٖ

Sinten ingkang nglampahi awon, patrapanipun boten langkung samurwating kalepatanipun. Nanging sinten ingkang ngelampahi kasahenan jaler utawi estri uger tiyang mukmin mesthi mlebet suwarga, wonten ing ngriku sami dipun paringi rizki tanpa wates
Surah Ghafir, Verse 40


۞وَيَٰقَوۡمِ مَا لِيٓ أَدۡعُوكُمۡ إِلَى ٱلنَّجَوٰةِ وَتَدۡعُونَنِيٓ إِلَى ٱلنَّارِ

Para sadherek, sampeyan sami kula jak wilujeng. Kenging punapa sampeyan sami ngajak kula dhateng neraka
Surah Ghafir, Verse 41


تَدۡعُونَنِي لِأَكۡفُرَ بِٱللَّهِ وَأُشۡرِكَ بِهِۦ مَا لَيۡسَ لِي بِهِۦ عِلۡمٞ وَأَنَا۠ أَدۡعُوكُمۡ إِلَى ٱلۡعَزِيزِ ٱلۡغَفَّـٰرِ

Sampeyan sami ngajak - ngajak kula supados kafir mahiben malih tingal ing Allah, nyembah brahala ingkang kula boten sumerap kateranganipun. Kang mongko kula ngajak - ajak dhateng sampeyan supados sumungkem nyembah Allah ingkang Maha Mulya tur ngapura dosa
Surah Ghafir, Verse 42


لَا جَرَمَ أَنَّمَا تَدۡعُونَنِيٓ إِلَيۡهِ لَيۡسَ لَهُۥ دَعۡوَةٞ فِي ٱلدُّنۡيَا وَلَا فِي ٱلۡأٓخِرَةِ وَأَنَّ مَرَدَّنَآ إِلَى ٱللَّهِ وَأَنَّ ٱلۡمُسۡرِفِينَ هُمۡ أَصۡحَٰبُ ٱلنَّارِ

Sampun mesthi kemawon anggen sampeyan ngajak kula nyembah brahala punika tanpa guna. Awit brahala punika wonten donya boten nedha dipun sembah, wonten akherat badhe nyelaki panyembah sampeyan ing benjing kula sampeyan badhe wangsul dhateng ngarsaning Allah. Dene para kafir sami dipun cemplungaken dhateng neraka
Surah Ghafir, Verse 43


فَسَتَذۡكُرُونَ مَآ أَقُولُ لَكُمۡۚ وَأُفَوِّضُ أَمۡرِيٓ إِلَى ٱللَّهِۚ إِنَّ ٱللَّهَ بَصِيرُۢ بِٱلۡعِبَادِ

Benjing yen sampeyan sampun ningali neraka mesthi kengetan atur kula. Kula nyumanggakaken kawontenanipun badan kula punika dhateng Allah. Sayektosipun Allah punika mirsani dhateng para kawulanipun
Surah Ghafir, Verse 44


فَوَقَىٰهُ ٱللَّهُ سَيِّـَٔاتِ مَا مَكَرُواْۖ وَحَاقَ بِـَٔالِ فِرۡعَوۡنَ سُوٓءُ ٱلۡعَذَابِ

Allah ngreksa marang wong lanang mukmin mahu, kalis saka pihalane Fir'aun anggone ngancam arep mateni. Fir'aun sabalane padha tinempuh siksa kang hala
Surah Ghafir, Verse 45


ٱلنَّارُ يُعۡرَضُونَ عَلَيۡهَا غُدُوّٗا وَعَشِيّٗاۚ وَيَوۡمَ تَقُومُ ٱلسَّاعَةُ أَدۡخِلُوٓاْ ءَالَ فِرۡعَوۡنَ أَشَدَّ ٱلۡعَذَابِ

(Pangandikaning Allah), Fir'aun sabalen sawise padha mati saben isuk lan sore padha dikon ngicipi siksa neraka, nganti Qiyamat. Dhawuhing Allah, "Fir'aun sabalane padha cemplungna ing neraka. Siksa kang luwih dening abot
Surah Ghafir, Verse 46


وَإِذۡ يَتَحَآجُّونَ فِي ٱلنَّارِ فَيَقُولُ ٱلضُّعَفَـٰٓؤُاْ لِلَّذِينَ ٱسۡتَكۡبَرُوٓاْ إِنَّا كُنَّا لَكُمۡ تَبَعٗا فَهَلۡ أَنتُم مُّغۡنُونَ عَنَّا نَصِيبٗا مِّنَ ٱلنَّارِ

(Muhammad) Sira nyeritakna ana akherat nalikane wong neraka padha grejegan karo kancane. Wong mong helu - helu bae. Padha celathu marang wong kang gumedhe, "Anggonku kafir biyen mung manut marang kowe. Saiki piye apa kowe bisa nulak neraka iki
Surah Ghafir, Verse 47


قَالَ ٱلَّذِينَ ٱسۡتَكۡبَرُوٓاْ إِنَّا كُلّٞ فِيهَآ إِنَّ ٱللَّهَ قَدۡ حَكَمَ بَيۡنَ ٱلۡعِبَادِ

Wong kang gumedhe padha mangsuli, "Apa kang kok ucapake kowe weruh dhewe. Aku lan kowe padha ana neraka. Satemene Alah wis nindakake kebenaran marang para kawulane
Surah Ghafir, Verse 48


وَقَالَ ٱلَّذِينَ فِي ٱلنَّارِ لِخَزَنَةِ جَهَنَّمَ ٱدۡعُواْ رَبَّكُمۡ يُخَفِّفۡ عَنَّا يَوۡمٗا مِّنَ ٱلۡعَذَابِ

Wong kang ana neraka padha matur marang para malaikat kang rumeksa neraka, "Kula panjenengan suwunaken dhateng Pangeran sampeyan supados kula dipun paringana mayar. Sadinten kemawon kula boten kuwawi awerating siksa
Surah Ghafir, Verse 49


قَالُوٓاْ أَوَلَمۡ تَكُ تَأۡتِيكُمۡ رُسُلُكُم بِٱلۡبَيِّنَٰتِۖ قَالُواْ بَلَىٰۚ قَالُواْ فَٱدۡعُواْۗ وَمَا دُعَـٰٓؤُاْ ٱلۡكَٰفِرِينَ إِلَّا فِي ضَلَٰلٍ

Para malaikat mangsuli, "Apa biyen kowe ora diterangake dening Rasulmu kanthi pirang - pirang tandha yekti?". Padha mangsuli, "Inggih sampun dipun terangake". Malaikat mangsuli, "Yen mangkono padha nyuwuna dhewe - dhewe ing Allah". Nanging panyuwune wong kafir ora bakal diparengake
Surah Ghafir, Verse 50


إِنَّا لَنَنصُرُ رُسُلَنَا وَٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ فِي ٱلۡحَيَوٰةِ ٱلدُّنۡيَا وَيَوۡمَ يَقُومُ ٱلۡأَشۡهَٰدُ

(Pangandikaning Allah), "Ingsn paring pitulung marang utusaningsun lan para mukmin ana donya lan besuk ana akherat
Surah Ghafir, Verse 51


يَوۡمَ لَا يَنفَعُ ٱلظَّـٰلِمِينَ مَعۡذِرَتُهُمۡۖ وَلَهُمُ ٱللَّعۡنَةُ وَلَهُمۡ سُوٓءُ ٱلدَّارِ

Hiya iku dina nalikane wong kang nganiaya ora ana gunane maneh padha nyuwun ngapura, padha kena bebendune Allah lan panggonan (neraka) mau panggonan kang hala dhewe tumrap dheweke
Surah Ghafir, Verse 52


وَلَقَدۡ ءَاتَيۡنَا مُوسَى ٱلۡهُدَىٰ وَأَوۡرَثۡنَا بَنِيٓ إِسۡرَـٰٓءِيلَ ٱلۡكِتَٰبَ

Ingsun wis paring pituduh bener marang Musa (hiya iku kitab Taurat). Sapungkure Musa wong Bani Israil padha Ingsun parengake lestari nganggo wewaton Kitab
Surah Ghafir, Verse 53


هُدٗى وَذِكۡرَىٰ لِأُوْلِي ٱلۡأَلۡبَٰبِ

Minangka pituduh bener lan dadi wewulang marang wong kang ana akale
Surah Ghafir, Verse 54


فَٱصۡبِرۡ إِنَّ وَعۡدَ ٱللَّهِ حَقّٞ وَٱسۡتَغۡفِرۡ لِذَنۢبِكَ وَسَبِّحۡ بِحَمۡدِ رَبِّكَ بِٱلۡعَشِيِّ وَٱلۡإِبۡكَٰرِ

(Muhammad) sira shabara, prasetyane Allah bakal paring pitulung marang para kekasihe iku temen. Sira mung nyuwuna pangapuraning dosanira. Lan nyebuta Maha Suci memuji ing Pangeranira ing wayah esuk lan sore
Surah Ghafir, Verse 55


إِنَّ ٱلَّذِينَ يُجَٰدِلُونَ فِيٓ ءَايَٰتِ ٱللَّهِ بِغَيۡرِ سُلۡطَٰنٍ أَتَىٰهُمۡ إِن فِي صُدُورِهِمۡ إِلَّا كِبۡرٞ مَّا هُم بِبَٰلِغِيهِۚ فَٱسۡتَعِذۡ بِٱللَّهِۖ إِنَّهُۥ هُوَ ٱلسَّمِيعُ ٱلۡبَصِيرُ

Sarupane wong kang madoni ayating Allah tanpa tandha yekti paparinging Allah. Wong mangkono mahu atine kisenan gumedhe kumudu ngungkuli sira. Sira banjur ngayom (nyuwun rineksa) ing Allah dikalisake saka pihalane wong gumedhe mahu. Allah iku miyarsa tur mirsani
Surah Ghafir, Verse 56


لَخَلۡقُ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضِ أَكۡبَرُ مِنۡ خَلۡقِ ٱلنَّاسِ وَلَٰكِنَّ أَكۡثَرَ ٱلنَّاسِ لَا يَعۡلَمُونَ

Gawe bumi lan langit kang samono gedhene iku luwih angel tinimbang gawe manungsa (ewa dene Allah kaleksanan) nanging akeh - akehing uwong ora weruh kang mangkono mau
Surah Ghafir, Verse 57


وَمَا يَسۡتَوِي ٱلۡأَعۡمَىٰ وَٱلۡبَصِيرُ وَٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَعَمِلُواْ ٱلصَّـٰلِحَٰتِ وَلَا ٱلۡمُسِيٓءُۚ قَلِيلٗا مَّا تَتَذَكَّرُونَ

Lan mesthi ora padha wong wuta lan wong awas, mengkono maneh wong mukmin kang padha ngelakoni penggawe becik hiya ora padha wong ala. Hewa dene wong kang pasrah pitutur iki mung sethithik banget
Surah Ghafir, Verse 58


إِنَّ ٱلسَّاعَةَ لَأٓتِيَةٞ لَّا رَيۡبَ فِيهَا وَلَٰكِنَّ أَكۡثَرَ ٱلنَّاسِ لَا يُؤۡمِنُونَ

Dina Qiyamat (inggal lawas) mesthi kelakon. Ora sumeleng bakal kelaksanane, hewa dene akeh wong kang ora ngandel
Surah Ghafir, Verse 59


وَقَالَ رَبُّكُمُ ٱدۡعُونِيٓ أَسۡتَجِبۡ لَكُمۡۚ إِنَّ ٱلَّذِينَ يَسۡتَكۡبِرُونَ عَنۡ عِبَادَتِي سَيَدۡخُلُونَ جَهَنَّمَ دَاخِرِينَ

Allah pangeranira ngandika, "Sira padha nyuwuna marang Ingsun, Ingsun bakal marengake panyuwunira". Sarupane wong kang gumedhe, ngemohi nyembah marang Ingsun, bakal dicemplungake neraka jahannam tanpa aji
Surah Ghafir, Verse 60


ٱللَّهُ ٱلَّذِي جَعَلَ لَكُمُ ٱلَّيۡلَ لِتَسۡكُنُواْ فِيهِ وَٱلنَّهَارَ مُبۡصِرًاۚ إِنَّ ٱللَّهَ لَذُو فَضۡلٍ عَلَى ٱلنَّاسِ وَلَٰكِنَّ أَكۡثَرَ ٱلنَّاسِ لَا يَشۡكُرُونَ

Allah iku kang nganakake wengi kanggo palerenan sarta nganakake awan padhang (kanggo nindhake sabarang panggawean). Allah iku paring kanugrahan marang manungsa, hewa dene akeh wong kang ora syukur
Surah Ghafir, Verse 61


ذَٰلِكُمُ ٱللَّهُ رَبُّكُمۡ خَٰلِقُ كُلِّ شَيۡءٖ لَّآ إِلَٰهَ إِلَّا هُوَۖ فَأَنَّىٰ تُؤۡفَكُونَ

Kang mangkono mahu Allah Pangeranira hiya iku kang gawe samubarang iki kabeh. Ora ana sesembahan kelawan bener kejaba mung Allah, kapriye anggonira arep ngemahi nyembah Allah
Surah Ghafir, Verse 62


كَذَٰلِكَ يُؤۡفَكُ ٱلَّذِينَ كَانُواْ بِـَٔايَٰتِ ٱللَّهِ يَجۡحَدُونَ

Mangkono mahu wong kang maido ayating Allah padha disingkirake saka rahmate Allah
Surah Ghafir, Verse 63


ٱللَّهُ ٱلَّذِي جَعَلَ لَكُمُ ٱلۡأَرۡضَ قَرَارٗا وَٱلسَّمَآءَ بِنَآءٗ وَصَوَّرَكُمۡ فَأَحۡسَنَ صُوَرَكُمۡ وَرَزَقَكُم مِّنَ ٱلطَّيِّبَٰتِۚ ذَٰلِكُمُ ٱللَّهُ رَبُّكُمۡۖ فَتَبَارَكَ ٱللَّهُ رَبُّ ٱلۡعَٰلَمِينَ

Allah iku kang ngenengake bumi kanggo papan panggonanira apa dene ngenekake langit prasasat dadi payon, wis ngenekake sira, gawe becik rupanira, paring rizki pangan kang enak - enak, mangkono iku Allah Pangeranira Allah Pangerane alam kabeh Maha Luhur
Surah Ghafir, Verse 64


هُوَ ٱلۡحَيُّ لَآ إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ فَٱدۡعُوهُ مُخۡلِصِينَ لَهُ ٱلدِّينَۗ ٱلۡحَمۡدُ لِلَّهِ رَبِّ ٱلۡعَٰلَمِينَ

Allah iku kang gesang, ora ana sesembahan kelawan bener kajaba mung Allah, sira padha nyembaha sarta nyuwuna ing Allah ngelakonona Agama mligi konjuk ing Allah. Sakehing puji kagungane Allah, Pangerane alam kabeh
Surah Ghafir, Verse 65


۞قُلۡ إِنِّي نُهِيتُ أَنۡ أَعۡبُدَ ٱلَّذِينَ تَدۡعُونَ مِن دُونِ ٱللَّهِ لَمَّا جَآءَنِيَ ٱلۡبَيِّنَٰتُ مِن رَّبِّي وَأُمِرۡتُ أَنۡ أُسۡلِمَ لِرَبِّ ٱلۡعَٰلَمِينَ

(Muhammad) Dhawuha, "Sawise aku diparingi tandha yekti yen Allah iku mung siji, aku dilarangi nyembah liyane Allah, sawise teka keterangan - keterangan saka Pangeranira lan aku didhawuhi manut ing Allah Pangerane alam kabeh
Surah Ghafir, Verse 66


هُوَ ٱلَّذِي خَلَقَكُم مِّن تُرَابٖ ثُمَّ مِن نُّطۡفَةٖ ثُمَّ مِنۡ عَلَقَةٖ ثُمَّ يُخۡرِجُكُمۡ طِفۡلٗا ثُمَّ لِتَبۡلُغُوٓاْ أَشُدَّكُمۡ ثُمَّ لِتَكُونُواْ شُيُوخٗاۚ وَمِنكُم مَّن يُتَوَفَّىٰ مِن قَبۡلُۖ وَلِتَبۡلُغُوٓاْ أَجَلٗا مُّسَمّٗى وَلَعَلَّكُمۡ تَعۡقِلُونَ

Allah iku kang gawe awakira saka lemah, tumuli gawe awakira saka "nutfah" nuli dadi getih kenthel, nuli metokake sira dadi bayi banjur dadi wong dewasa, sawise mempeng nuli dadi wong tua. Mulane ditindakake mangkono, supaya sira tekan ing titi mangsa kang tinemtokake patinira. Kang mangkono mau supaya sira ngrasakake (mikir)
Surah Ghafir, Verse 67


هُوَ ٱلَّذِي يُحۡيِۦ وَيُمِيتُۖ فَإِذَا قَضَىٰٓ أَمۡرٗا فَإِنَّمَا يَقُولُ لَهُۥ كُن فَيَكُونُ

Allah iku kang nguripi lan mateni. Manawa Allah ngersakake kelakone sawijining perkara, Allah mung ngandika, "Sira anaa, sanalika barang kang dikarsakake banjur ana
Surah Ghafir, Verse 68


أَلَمۡ تَرَ إِلَى ٱلَّذِينَ يُجَٰدِلُونَ فِيٓ ءَايَٰتِ ٱللَّهِ أَنَّىٰ يُصۡرَفُونَ

Apa sira ora handeleng wong kang padha madoni ayat - ayate Allah? Kapriye anggone sumingkir saka agama kang bener
Surah Ghafir, Verse 69


ٱلَّذِينَ كَذَّبُواْ بِٱلۡكِتَٰبِ وَبِمَآ أَرۡسَلۡنَا بِهِۦ رُسُلَنَاۖ فَسَوۡفَ يَعۡلَمُونَ

Kang padha maido Kitab al-Quran lan maido barang kang didhawuhake dening para utusaningsun, ing tembe wong mahu bakal weruh patrapane anggone padha maido
Surah Ghafir, Verse 70


إِذِ ٱلۡأَغۡلَٰلُ فِيٓ أَعۡنَٰقِهِمۡ وَٱلسَّلَٰسِلُ يُسۡحَبُونَ

Ing besuk blengguning Allah ana ing gulune wong kafir rantene sinambung ana blenggu mahu
Surah Ghafir, Verse 71


فِي ٱلۡحَمِيمِ ثُمَّ فِي ٱلنَّارِ يُسۡجَرُونَ

Dilebokake ing banyu panas, banjur dihurubake ing geni
Surah Ghafir, Verse 72


ثُمَّ قِيلَ لَهُمۡ أَيۡنَ مَا كُنتُمۡ تُشۡرِكُونَ

Wong kafir mau banjur di dangu, "Hendi rupane barang kang sira nggone mangro tingal biyen
Surah Ghafir, Verse 73


مِن دُونِ ٱللَّهِۖ قَالُواْ ضَلُّواْ عَنَّا بَل لَّمۡ نَكُن نَّدۡعُواْ مِن قَبۡلُ شَيۡـٔٗاۚ كَذَٰلِكَ يُضِلُّ ٱللَّهُ ٱلۡكَٰفِرِينَ

(Sing dianggo sesembahab) liyane Allah? Dheweke mangsuli, "Sami boten ketingal malih. Kala rumiyin kula boten rumaos nyembah punapa - punapa". Kaya mangkono uga Allah nasarake marang para wong kafir
Surah Ghafir, Verse 74


ذَٰلِكُم بِمَا كُنتُمۡ تَفۡرَحُونَ فِي ٱلۡأَرۡضِ بِغَيۡرِ ٱلۡحَقِّ وَبِمَا كُنتُمۡ تَمۡرَحُونَ

Siksa mangkono mahu amarga sira padha bungah - bungah kelawan barang kang ora bener ana bumi, lan marga anggonira padha banget bungah ngelakoni duraka
Surah Ghafir, Verse 75


ٱدۡخُلُوٓاْ أَبۡوَٰبَ جَهَنَّمَ خَٰلِدِينَ فِيهَاۖ فَبِئۡسَ مَثۡوَى ٱلۡمُتَكَبِّرِينَ

Mara padha malebua ing lawanging neraka Jahannam sira padha langgeng ana kono. Hala temen anggone wong kang padha gumedhe
Surah Ghafir, Verse 76


فَٱصۡبِرۡ إِنَّ وَعۡدَ ٱللَّهِ حَقّٞۚ فَإِمَّا نُرِيَنَّكَ بَعۡضَ ٱلَّذِي نَعِدُهُمۡ أَوۡ نَتَوَفَّيَنَّكَ فَإِلَيۡنَا يُرۡجَعُونَ

(Muhammad) Sira shabara, prasetiya lan pangancame Allah iku mesthi nyata. Terkadhang sawenehing kang wis Ingsun ancamake mahu ana uga kang Ingsun tontonake lan ana uga kang Ingsun tindakake sadurunge besuk dina Qiyamat wong kafir padha dihimpun bali marang ngarsaningsun
Surah Ghafir, Verse 77


وَلَقَدۡ أَرۡسَلۡنَا رُسُلٗا مِّن قَبۡلِكَ مِنۡهُم مَّن قَصَصۡنَا عَلَيۡكَ وَمِنۡهُم مَّن لَّمۡ نَقۡصُصۡ عَلَيۡكَۗ وَمَا كَانَ لِرَسُولٍ أَن يَأۡتِيَ بِـَٔايَةٍ إِلَّا بِإِذۡنِ ٱللَّهِۚ فَإِذَا جَآءَ أَمۡرُ ٱللَّهِ قُضِيَ بِٱلۡحَقِّ وَخَسِرَ هُنَالِكَ ٱلۡمُبۡطِلُونَ

Ingsun temen wis ngutus rasul pirang - pirang. Rasul mahu ana kang Ingsun kandhakake, lan ana uga kang ora Ingsun kandhakake. Siji - sijine rasul mau ora gelem handhawuhake ayat kajaba yen wis oleh dhawuhing Allah. Samongsa wis ana dhawuhing Allah pasulayaning Rasul lan kang maido banjur dirampungi kaliyan bener. Pangandikaning Allah, "Para wong kang maido iku tetela padha kapitunan
Surah Ghafir, Verse 78


ٱللَّهُ ٱلَّذِي جَعَلَ لَكُمُ ٱلۡأَنۡعَٰمَ لِتَرۡكَبُواْ مِنۡهَا وَمِنۡهَا تَأۡكُلُونَ

Allah iku kang aggawekake raja-kaya marang sira, supaya sira tunggangi lan kena sira pangan daginge
Surah Ghafir, Verse 79


وَلَكُمۡ فِيهَا مَنَٰفِعُ وَلِتَبۡلُغُواْ عَلَيۡهَا حَاجَةٗ فِي صُدُورِكُمۡ وَعَلَيۡهَا وَعَلَى ٱلۡفُلۡكِ تُحۡمَلُونَ

Raja kaya mau akeh paedahe tumrap sira, hiya iku kena dianggo nekani kekarepanira kang ana ing atinira (gawa barang abot marang liya negara). Sira bisa nunggang raja - kaya ana dharatan, utawa nunggang perahu ana ing segara
Surah Ghafir, Verse 80


وَيُرِيكُمۡ ءَايَٰتِهِۦ فَأَيَّ ءَايَٰتِ ٱللَّهِ تُنكِرُونَ

Allah hanuntunake ayate marang sira, kang nuduhake yen Allah iku mung siji. Lan endi ayate Allah kang sira paido
Surah Ghafir, Verse 81


أَفَلَمۡ يَسِيرُواْ فِي ٱلۡأَرۡضِ فَيَنظُرُواْ كَيۡفَ كَانَ عَٰقِبَةُ ٱلَّذِينَ مِن قَبۡلِهِمۡۚ كَانُوٓاْ أَكۡثَرَ مِنۡهُمۡ وَأَشَدَّ قُوَّةٗ وَءَاثَارٗا فِي ٱلۡأَرۡضِ فَمَآ أَغۡنَىٰ عَنۡهُم مَّا كَانُواْ يَكۡسِبُونَ

Manungsa apa ora padha hanjajah ing bumi, banjur padha handeleng patilasane wong kuna pirang - pirang. Kapriye wusanane wong kang padha duraka kafir biyen tur iku luwuh akeh gaweyane, hewa dene dirusak dening Allah. Gawiyane ora bisa nulak siksaning Allah
Surah Ghafir, Verse 82


فَلَمَّا جَآءَتۡهُمۡ رُسُلُهُم بِٱلۡبَيِّنَٰتِ فَرِحُواْ بِمَا عِندَهُم مِّنَ ٱلۡعِلۡمِ وَحَاقَ بِهِم مَّا كَانُواْ بِهِۦ يَسۡتَهۡزِءُونَ

Barang wong kafir mau katekan ing rasul kanthi mu'jizat kahelokan banjur bungah, nanging anggeguyu kaweruhe rasul mau Banjur tinempuk siksa anggone geguyu
Surah Ghafir, Verse 83


فَلَمَّا رَأَوۡاْ بَأۡسَنَا قَالُوٓاْ ءَامَنَّا بِٱللَّهِ وَحۡدَهُۥ وَكَفَرۡنَا بِمَا كُنَّا بِهِۦ مُشۡرِكِينَ

Bareng wong kafir padha weruh siksaningsun banjur ngucap, "Kula sapunika ngandel ing Allah piyambak lan mahiben dhateng brahala ingkang sami kula angge malih tingal
Surah Ghafir, Verse 84


فَلَمۡ يَكُ يَنفَعُهُمۡ إِيمَٰنُهُمۡ لَمَّا رَأَوۡاْ بَأۡسَنَاۖ سُنَّتَ ٱللَّهِ ٱلَّتِي قَدۡ خَلَتۡ فِي عِبَادِهِۦۖ وَخَسِرَ هُنَالِكَ ٱلۡكَٰفِرُونَ

Sarehne wong kafir mau wis handeleng siksaningsun mulane pangandele marang Ingsun wis ora migunani hiya iku prenataning Allah kang wis tumindak marang para kawulaning kunamakuna. Ing kono wong kafir padha kapitunan
Surah Ghafir, Verse 85


Author: Unknown


<< Surah 39
>> Surah 41

Javanese Translations by other Authors


Javanese Translation By Unknown
Javanese Translation By Unknown
Popular Areas
Apartments for rent in Dubai Apartments for rent Abu Dhabi Villas for rent in Dubai House for rent Abu Dhabi Apartments for sale in Dubai Apartments for sale in Abu Dhabi Flat for rent Sharjah
Popular Searches
Studios for rent in UAE Apartments for rent in UAE Villas for rent in UAE Apartments for sale in UAE Villas for sale in UAE Land for sale in UAE Dubai Real Estate
Trending Areas
Apartments for rent in Dubai Marina Apartments for sale in Dubai Marina Villa for rent in Sharjah Villa for sale in Dubai Flat for rent in Ajman Studio for rent in Abu Dhabi Villa for rent in Ajman
Trending Searches
Villa for rent in Abu Dhabi Shop for rent in Dubai Villas for sale in Ajman Studio for rent in Sharjah 1 Bedroom Apartment for rent in Dubai Property for rent in Abu Dhabi Commercial properties for sale
© Copyright Dubai Prayer Time. All Rights Reserved
Designed by Prayer Time In Dubai