UAE Prayer Times

  • Dubai
  • Abu Dhabi
  • Sharjah
  • Ajman
  • Fujairah
  • Umm Al Quwain
  • Ras Al Khaimah
  • Quran Translations

Surah Az-Zukhruf - Javanese Translation by Unknown


حمٓ

Haa Miim
Surah Az-Zukhruf, Verse 1


وَٱلۡكِتَٰبِ ٱلۡمُبِينِ

Demi Kitab al-Quran kang gelarake pituduh bener
Surah Az-Zukhruf, Verse 2


إِنَّا جَعَلۡنَٰهُ قُرۡءَٰنًا عَرَبِيّٗا لَّعَلَّكُمۡ تَعۡقِلُونَ

Al-Quran iku Ingsun pacak nganggo tembung Arab, supaya padha ngerteni karepe
Surah Az-Zukhruf, Verse 3


وَإِنَّهُۥ فِيٓ أُمِّ ٱلۡكِتَٰبِ لَدَيۡنَا لَعَلِيٌّ حَكِيمٌ

Al-Quran mau wis dipacak ana baboning Kitab (Lauhul Mahfudz) kang ana ngarsaningsun. Al-Quran mau luhur ngungkuli kitab kang kuna-kuna, tur isine wicaksana
Surah Az-Zukhruf, Verse 4


أَفَنَضۡرِبُ عَنكُمُ ٱلذِّكۡرَ صَفۡحًا أَن كُنتُمۡ قَوۡمٗا مُّسۡرِفِينَ

Apa Ingsun ora paring wahyu apa - apa marang sira dupeh kowe kabeh padha ngluwihi wates
Surah Az-Zukhruf, Verse 5


وَكَمۡ أَرۡسَلۡنَا مِن نَّبِيّٖ فِي ٱلۡأَوَّلِينَ

(Ing zaman biyen) Ingsun wis ngutus nabi pirang - pirang
Surah Az-Zukhruf, Verse 6


وَمَا يَأۡتِيهِم مِّن نَّبِيٍّ إِلَّا كَانُواْ بِهِۦ يَسۡتَهۡزِءُونَ

Para ummat kuna manawa katekan utusaningsun mesthi padha angeguyu
Surah Az-Zukhruf, Verse 7


فَأَهۡلَكۡنَآ أَشَدَّ مِنۡهُم بَطۡشٗا وَمَضَىٰ مَثَلُ ٱلۡأَوَّلِينَ

Wong kuna kang gagah prakosane ngungkuli wong kafir ing zaman iki padha Ingsun rusak kelawan siksa kayata kang wis kasebut ing ngarep
Surah Az-Zukhruf, Verse 8


وَلَئِن سَأَلۡتَهُم مَّنۡ خَلَقَ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضَ لَيَقُولُنَّ خَلَقَهُنَّ ٱلۡعَزِيزُ ٱلۡعَلِيمُ

Manawa sira takon marang wong kafir, "Sapa kang gawe bumi lan langit?". Mesthi padha mangsuli, "Ingkang damel Allah ingkang Maha Mulya tur nguningani samu kawis
Surah Az-Zukhruf, Verse 9


ٱلَّذِي جَعَلَ لَكُمُ ٱلۡأَرۡضَ مَهۡدٗا وَجَعَلَ لَكُمۡ فِيهَا سُبُلٗا لَّعَلَّكُمۡ تَهۡتَدُونَ

Allah iku kang dadekake bumi iki panggonanira, sarta gawe dalan pirang - pirang ana bumi supaya sira weruh ing ngendi panggonan kang sira sediya
Surah Az-Zukhruf, Verse 10


وَٱلَّذِي نَزَّلَ مِنَ ٱلسَّمَآءِ مَآءَۢ بِقَدَرٖ فَأَنشَرۡنَا بِهِۦ بَلۡدَةٗ مَّيۡتٗاۚ كَذَٰلِكَ تُخۡرَجُونَ

Lan kang nurunake banyu udan saka langit sacukupe kabutuhanira. Banyu udan mau banjur Ingsun ngerjakake palemahan kang bera. Dene ing besuk anggonira ditangekake saka ing kubur, hiya kaya mangkono pratingkahe
Surah Az-Zukhruf, Verse 11


وَٱلَّذِي خَلَقَ ٱلۡأَزۡوَٰجَ كُلَّهَا وَجَعَلَ لَكُم مِّنَ ٱلۡفُلۡكِ وَٱلۡأَنۡعَٰمِ مَا تَرۡكَبُونَ

Lan kang gawe barang warna - warna pasang - pasangan sakjodo lan gawe tetunggangan rupa prahu lan raja - kaya
Surah Az-Zukhruf, Verse 12


لِتَسۡتَوُۥاْ عَلَىٰ ظُهُورِهِۦ ثُمَّ تَذۡكُرُواْ نِعۡمَةَ رَبِّكُمۡ إِذَا ٱسۡتَوَيۡتُمۡ عَلَيۡهِ وَتَقُولُواْ سُبۡحَٰنَ ٱلَّذِي سَخَّرَ لَنَا هَٰذَا وَمَا كُنَّا لَهُۥ مُقۡرِنِينَ

Wekasan sira padha nunggang kapenak ana ing gegere raja-kaya mau banjur eling anggonira diparingi kabungahan ing Pangeranira. Sarta nalikane sira nunggang raja-kaya mau memuji mangkene, "Maha Suci Allah kang wis nyungkemake raja-kaya kang samene prakosane marang aku. Upama tanpa pitulung Allah aku rumongsa ora kaconggah ngembadhani hewan kang samene iki
Surah Az-Zukhruf, Verse 13


وَإِنَّآ إِلَىٰ رَبِّنَا لَمُنقَلِبُونَ

Dene aku iki ing tembe mesthi bali marang ngarsaning Allah Pangeranku
Surah Az-Zukhruf, Verse 14


وَجَعَلُواْ لَهُۥ مِنۡ عِبَادِهِۦ جُزۡءًاۚ إِنَّ ٱلۡإِنسَٰنَ لَكَفُورٞ مُّبِينٌ

Panganggepe para wong kafir ana kawulaning Allah kang kalebu paperangane Allah (hiya iku malaikat dianggep putrane Allah) kang duwe panganggep mangkono mau tetela wong kafir
Surah Az-Zukhruf, Verse 15


أَمِ ٱتَّخَذَ مِمَّا يَخۡلُقُ بَنَاتٖ وَأَصۡفَىٰكُم بِٱلۡبَنِينَ

Ya gene wong kafir iku duwe panemu yen malaikat gagaweyane Allah iku putrane Allah putri sarta awake dhewe milih anak lanang
Surah Az-Zukhruf, Verse 16


وَإِذَا بُشِّرَ أَحَدُهُم بِمَا ضَرَبَ لِلرَّحۡمَٰنِ مَثَلٗا ظَلَّ وَجۡهُهُۥ مُسۡوَدّٗا وَهُوَ كَظِيمٌ

Manawa ana kang duwe anak metu wadon madani anggone nganggep marang Allah kagungan putra-putri wong mau ulate banjur peteng lan susah banget
Surah Az-Zukhruf, Verse 17


أَوَمَن يُنَشَّؤُاْ فِي ٱلۡحِلۡيَةِ وَهُوَ فِي ٱلۡخِصَامِ غَيۡرُ مُبِينٖ

Ya gene padha netepake sifat cacad marang Allah lan ngaku sifat kang prayoga tumraping awake dhewe kang mangkon padune wong mau ora ana katerangane
Surah Az-Zukhruf, Verse 18


وَجَعَلُواْ ٱلۡمَلَـٰٓئِكَةَ ٱلَّذِينَ هُمۡ عِبَٰدُ ٱلرَّحۡمَٰنِ إِنَٰثًاۚ أَشَهِدُواْ خَلۡقَهُمۡۚ سَتُكۡتَبُ شَهَٰدَتُهُمۡ وَيُسۡـَٔلُونَ

Lan dheweke padha nganggep malaikat kawulaning Allah iku wadon. Anggone nganggep utawa nekseni mau bakal dicatheti lan besuk ana ing akherat bakal ditakoni
Surah Az-Zukhruf, Verse 19


وَقَالُواْ لَوۡ شَآءَ ٱلرَّحۡمَٰنُ مَا عَبَدۡنَٰهُمۗ مَّا لَهُم بِذَٰلِكَ مِنۡ عِلۡمٍۖ إِنۡ هُمۡ إِلَّا يَخۡرُصُونَ

Wong Mekkah padha celathu, "pama kersane Allah aku ora kepareng nyembah malaikat, Aku mesthi ora kelakon nyembah malaikat." Anggone kondho koyo kaya mengkono mahu ora weruh katerangane (bener utawa luput) dadi kandhane mau mung goroh lugu
Surah Az-Zukhruf, Verse 20


أَمۡ ءَاتَيۡنَٰهُمۡ كِتَٰبٗا مِّن قَبۡلِهِۦ فَهُم بِهِۦ مُسۡتَمۡسِكُونَ

Ap sadurunge ana al-Quran, wong mau padha Ingsun paringi kitab (lan nerangake kena nyembah liyane Allah) kang banjur dihestokake tekan saprene
Surah Az-Zukhruf, Verse 21


بَلۡ قَالُوٓاْ إِنَّا وَجَدۡنَآ ءَابَآءَنَا عَلَىٰٓ أُمَّةٖ وَإِنَّا عَلَىٰٓ ءَاثَٰرِهِم مُّهۡتَدُونَ

Nanging dheweke kondho, "Aku mung ngleluri (nutugake) para leluhurku biyen padha nglakoni agama iki aku ngarep - arep oleh pituduh bener sarana manut ara leluhurku
Surah Az-Zukhruf, Verse 22


وَكَذَٰلِكَ مَآ أَرۡسَلۡنَا مِن قَبۡلِكَ فِي قَرۡيَةٖ مِّن نَّذِيرٍ إِلَّا قَالَ مُتۡرَفُوهَآ إِنَّا وَجَدۡنَآ ءَابَآءَنَا عَلَىٰٓ أُمَّةٖ وَإِنَّا عَلَىٰٓ ءَاثَٰرِهِم مُّقۡتَدُونَ

Mangkono uga biyen, saben Ingsun ngutus nabi, nyurup - nyurupake wong ing padesan panggedhene padesan mau mesthi banjur mangsuli, "Kula punika namung ngleluri para leluhur kula". Sami nglampahi agami satunggal punika. Kula namung manut agamanipun para leluhur kula wahu
Surah Az-Zukhruf, Verse 23


۞قَٰلَ أَوَلَوۡ جِئۡتُكُم بِأَهۡدَىٰ مِمَّا وَجَدتُّمۡ عَلَيۡهِ ءَابَآءَكُمۡۖ قَالُوٓاْ إِنَّا بِمَآ أُرۡسِلۡتُم بِهِۦ كَٰفِرُونَ

(Muhammad) dhawuha, "Apa sanadyan aku nyurup - nyurupake marang kowe kang luwih bener, ngungkuli panemune para leluhurmu biyen, kowe hiya ora gelem manut." Wong kafir padha mangsuli, "Dhawuh ungkang sampyan waradinaken punika kula sami mahiben
Surah Az-Zukhruf, Verse 24


فَٱنتَقَمۡنَا مِنۡهُمۡۖ فَٱنظُرۡ كَيۡفَ كَانَ عَٰقِبَةُ ٱلۡمُكَذِّبِينَ

Wong kafir mau banjur padha Ingsun turuni siksa mara dira delenga, kapruye kadadeyane wong kang padha maido dhawuhing Allah kang dihemban para rasul
Surah Az-Zukhruf, Verse 25


وَإِذۡ قَالَ إِبۡرَٰهِيمُ لِأَبِيهِ وَقَوۡمِهِۦٓ إِنَّنِي بَرَآءٞ مِّمَّا تَعۡبُدُونَ

(Muhammad) Sira nyaritakna nalika Ibrahim matur marang bapakne lan pitutur marang para ummate tembunge, "Aku oramelu - melu anggonmu padha nyembah berhala
Surah Az-Zukhruf, Verse 26


إِلَّا ٱلَّذِي فَطَرَنِي فَإِنَّهُۥ سَيَهۡدِينِ

Kajaba mung nyembah ing Allah kang gawe awakku, iku kang nuduhake dalan keselamatan marang aku
Surah Az-Zukhruf, Verse 27


وَجَعَلَهَا كَلِمَةَۢ بَاقِيَةٗ فِي عَقِبِهِۦ لَعَلَّهُمۡ يَرۡجِعُونَ

Ibrahim nemtokake pituture mau dadi tetembungan kang linuruluri saturun - turune pangarep - arepe sarupane wong mangro tingal padha hambaleka manut marang Ibrahim
Surah Az-Zukhruf, Verse 28


بَلۡ مَتَّعۡتُ هَـٰٓؤُلَآءِ وَءَابَآءَهُمۡ حَتَّىٰ جَآءَهُمُ ٱلۡحَقُّ وَرَسُولٞ مُّبِينٞ

(Pangandikaning Allah) Para kafir (Mekkah) lan leluhure malah padha Ingsun paringi kabungahan urip nganti katekan al-Quran (dhawuhing Allah) lan para Rasul ngasta keterangan
Surah Az-Zukhruf, Verse 29


وَلَمَّا جَآءَهُمُ ٱلۡحَقُّ قَالُواْ هَٰذَا سِحۡرٞ وَإِنَّا بِهِۦ كَٰفِرُونَ

Bareng katekan al-Quran wong kafir padha celathu, "Iki sihir lan yen dikandhakake dhawuhing Allah aku maido
Surah Az-Zukhruf, Verse 30


وَقَالُواْ لَوۡلَا نُزِّلَ هَٰذَا ٱلۡقُرۡءَانُ عَلَىٰ رَجُلٖ مِّنَ ٱلۡقَرۡيَتَيۡنِ عَظِيمٍ

Pangucape, "Yen al-Quran iku nyata dhawuhing Allah ya gene ora didhawuhake metu wong lanang kang dadi panggedhening desa loro (Mekkah lan Thaif)
Surah Az-Zukhruf, Verse 31


أَهُمۡ يَقۡسِمُونَ رَحۡمَتَ رَبِّكَۚ نَحۡنُ قَسَمۡنَا بَيۡنَهُم مَّعِيشَتَهُمۡ فِي ٱلۡحَيَوٰةِ ٱلدُّنۡيَاۚ وَرَفَعۡنَا بَعۡضَهُمۡ فَوۡقَ بَعۡضٖ دَرَجَٰتٖ لِّيَتَّخِذَ بَعۡضُهُم بَعۡضٗا سُخۡرِيّٗاۗ وَرَحۡمَتُ رَبِّكَ خَيۡرٞ مِّمَّا يَجۡمَعُونَ

(Pangandikaning Allah), "Apa dheweke mau kang andum rahmating Allah Pangeranira? Ingsun kang mesthi andum kabegjan marang dheweke (wong Mekkah) ana donya. Lan anjunjung drajate sawijining wong ngungkuli liya - liyane supaya sawehene bisa marintah marang liyane. Dene rahmate Allah Pangernira iku luwih becik tinimbang bondho kang dikumpulake
Surah Az-Zukhruf, Verse 32


وَلَوۡلَآ أَن يَكُونَ ٱلنَّاسُ أُمَّةٗ وَٰحِدَةٗ لَّجَعَلۡنَا لِمَن يَكۡفُرُ بِٱلرَّحۡمَٰنِ لِبُيُوتِهِمۡ سُقُفٗا مِّن فِضَّةٖ وَمَعَارِجَ عَلَيۡهَا يَظۡهَرُونَ

Upama ora nguwatirake bok menawa manungsa iku dadi kafir kabeh marga saka kapengin andeleng kabegjane para wong kafir kang sampulur mesthi omahe wong kafir kang maido ing Pangeran kang Maha Murah Ingsun paringi payon salaka, lan ondho - ondho selaka kang padha dianggo mungguh mudhun
Surah Az-Zukhruf, Verse 33


وَلِبُيُوتِهِمۡ أَبۡوَٰبٗا وَسُرُرًا عَلَيۡهَا يَتَّكِـُٔونَ

Lan omahe won gkafir mau Ingsun dokoke lawan selaka, sarta Ingsun paringi amben dianggo sendhen
Surah Az-Zukhruf, Verse 34


وَزُخۡرُفٗاۚ وَإِن كُلُّ ذَٰلِكَ لَمَّا مَتَٰعُ ٱلۡحَيَوٰةِ ٱلدُّنۡيَاۚ وَٱلۡأٓخِرَةُ عِندَ رَبِّكَ لِلۡمُتَّقِينَ

Lan maneh Ingsun paringi rerenggan mas kabeh ora liya kabungahan ing donya. Dene ganjaran ing akherat ana ngarsaning Pangeranira. Wong kafir ora melu duwe mung tinamtokake marang wong kang padha bekti ing Allah
Surah Az-Zukhruf, Verse 35


وَمَن يَعۡشُ عَن ذِكۡرِ ٱلرَّحۡمَٰنِ نُقَيِّضۡ لَهُۥ شَيۡطَٰنٗا فَهُوَ لَهُۥ قَرِينٞ

Sing sapa nyulayani al-Quran dhawuhing Pangeran kang Maha Murah banjur Ingsun paringi setan - setan banjur dadi kancane
Surah Az-Zukhruf, Verse 36


وَإِنَّهُمۡ لَيَصُدُّونَهُمۡ عَنِ ٱلسَّبِيلِ وَيَحۡسَبُونَ أَنَّهُم مُّهۡتَدُونَ

Setan mau padha menging ngambah dalaning pituduh bener marang wong kang nyulayani al-Quran. Dene wong mau nyana yen wis ngambah dalan pituduh bener
Surah Az-Zukhruf, Verse 37


حَتَّىٰٓ إِذَا جَآءَنَا قَالَ يَٰلَيۡتَ بَيۡنِي وَبَيۡنَكَ بُعۡدَ ٱلۡمَشۡرِقَيۡنِ فَبِئۡسَ ٱلۡقَرِينُ

Manawa wis sowan ana ngarsaningsun banjur kandha marang syetan (wong sing nyulayani al-Quran), muga - muga aku didohna saka kowe, dohe saka panggonan mletheking srengenge tekan panggonan suruping srengenge. Konco kuwe iku hala temen
Surah Az-Zukhruf, Verse 38


وَلَن يَنفَعَكُمُ ٱلۡيَوۡمَ إِذ ظَّلَمۡتُمۡ أَنَّكُمۡ فِي ٱلۡعَذَابِ مُشۡتَرِكُونَ

(He wong kang nyulayani al-Quran) ing dina iki pangarep - arepira ora migunani marga sira wis tetela wong nganiaya awakira dhewe, sira lan setan kancaira mesthi padha disiksa
Surah Az-Zukhruf, Verse 39


أَفَأَنتَ تُسۡمِعُ ٱلصُّمَّ أَوۡ تَهۡدِي ٱلۡعُمۡيَ وَمَن كَانَ فِي ضَلَٰلٖ مُّبِينٖ

(Muhammad) Apa sira bisa andokoki pangrungu marang owng budheg, utawa meruhake marang wong wuto, utawa nuduhake dalan bener marang wong kang wis pesthi mati kesasar
Surah Az-Zukhruf, Verse 40


فَإِمَّا نَذۡهَبَنَّ بِكَ فَإِنَّا مِنۡهُم مُّنتَقِمُونَ

Manawa sira Ingsun pundhut dhisik, sapngkurira Ingsun mesthi nyiksa wong kang padha nyulayani al-Quran
Surah Az-Zukhruf, Verse 41


أَوۡ نُرِيَنَّكَ ٱلَّذِي وَعَدۡنَٰهُمۡ فَإِنَّا عَلَيۡهِم مُّقۡتَدِرُونَ

Utawa kena uga sira Ingsun nuntunake kelakoning siksa kang Ingsun pancasake marang wong kang padha nyulalayani al-Quran. Ingsun kuasa nyiksa
Surah Az-Zukhruf, Verse 42


فَٱسۡتَمۡسِكۡ بِٱلَّذِيٓ أُوحِيَ إِلَيۡكَۖ إِنَّكَ عَلَىٰ صِرَٰطٖ مُّسۡتَقِيمٖ

Saiki sira mung ngugemana pangandikaningsun kang wis didhawuhake, sira iku ngambah dalan kang bener
Surah Az-Zukhruf, Verse 43


وَإِنَّهُۥ لَذِكۡرٞ لَّكَ وَلِقَوۡمِكَۖ وَسَوۡفَ تُسۡـَٔلُونَ

Al-Quran iku kamulyan gedhe tumrap sira lan ummatira ing tembe manungsa padha didhangu (anggone nindhakake dhawuhing Allah)
Surah Az-Zukhruf, Verse 44


وَسۡـَٔلۡ مَنۡ أَرۡسَلۡنَا مِن قَبۡلِكَ مِن رُّسُلِنَآ أَجَعَلۡنَا مِن دُونِ ٱلرَّحۡمَٰنِ ءَالِهَةٗ يُعۡبَدُونَ

Takonna para rasul padha Ingsun utus sadurungira apa hiya Ingsun ngedekake Pangeran kang sinembah liyane Allah kang Maha Murah
Surah Az-Zukhruf, Verse 45


وَلَقَدۡ أَرۡسَلۡنَا مُوسَىٰ بِـَٔايَٰتِنَآ إِلَىٰ فِرۡعَوۡنَ وَمَلَإِيْهِۦ فَقَالَ إِنِّي رَسُولُ رَبِّ ٱلۡعَٰلَمِينَ

Biyen Ingsun wis ngutus Musa kanthi tondho yekti pirang - pirang, diutus nyurup - nyurupake marang Fir'aun sabalane. Dhawuhe, "Aku utusaning Allah Pangerane wong alam kabeh
Surah Az-Zukhruf, Verse 46


فَلَمَّا جَآءَهُم بِـَٔايَٰتِنَآ إِذَا هُم مِّنۡهَا يَضۡحَكُونَ

Bareng Musa wis teka gelarake tondho yekti kahelokan akeh ana ngarepe Fir'aun sabalane padha geguyu
Surah Az-Zukhruf, Verse 47


وَمَا نُرِيهِم مِّنۡ ءَايَةٍ إِلَّا هِيَ أَكۡبَرُ مِنۡ أُخۡتِهَاۖ وَأَخَذۡنَٰهُم بِٱلۡعَذَابِ لَعَلَّهُمۡ يَرۡجِعُونَ

Anggoningsun nontokake siji - sijining tandha yekti marang Fir'aun sabalane mesthi luwih gedhe lan gegirisi tinimbang kahelokan kang wis Ingsun tontonake sakdurunge. Lan padha Ingsun siksa supaya padha marenana anggone kafir (bali menyang dalan bener)
Surah Az-Zukhruf, Verse 48


وَقَالُواْ يَـٰٓأَيُّهَ ٱلسَّاحِرُ ٱدۡعُ لَنَا رَبَّكَ بِمَا عَهِدَ عِندَكَ إِنَّنَا لَمُهۡتَدُونَ

Fir'aun sabalane kondho, "He Musa juru sihir, kula mugi sampyan suwunaken dhateng Pangeran. Inggih punika manawi kula purun pitados badhe keparingan luar saking bebaya. Sapunika kula pitados dhateng sampeyan
Surah Az-Zukhruf, Verse 49


فَلَمَّا كَشَفۡنَا عَنۡهُمُ ٱلۡعَذَابَ إِذَا هُمۡ يَنكُثُونَ

Bareng Fir'aun Ingsun paringi luar saka siksa, banjur padha nyidrani kasangguhane (percaya)
Surah Az-Zukhruf, Verse 50


وَنَادَىٰ فِرۡعَوۡنُ فِي قَوۡمِهِۦ قَالَ يَٰقَوۡمِ أَلَيۡسَ لِي مُلۡكُ مِصۡرَ وَهَٰذِهِ ٱلۡأَنۡهَٰرُ تَجۡرِي مِن تَحۡتِيٓۚ أَفَلَا تُبۡصِرُونَ

Fir'aun kondho marang kawulane pangucape, "Para kaumku apa negara Mesik iki dudu duwekku? Padha delengan bengawan (Nil) iki mili ana ngisore panggonanku ngestokake parintahku
Surah Az-Zukhruf, Verse 51


أَمۡ أَنَا۠ خَيۡرٞ مِّنۡ هَٰذَا ٱلَّذِي هُوَ مَهِينٞ وَلَا يَكَادُ يُبِينُ

Dadi aku iki luwih becik tinimbang Musa kang wis tetela wong asor celathune cedhal (pelo) meh ora ana wong ngerti
Surah Az-Zukhruf, Verse 52


فَلَوۡلَآ أُلۡقِيَ عَلَيۡهِ أَسۡوِرَةٞ مِّن ذَهَبٍ أَوۡ جَآءَ مَعَهُ ٱلۡمَلَـٰٓئِكَةُ مُقۡتَرِنِينَ

Manawa Musa mau temen utusane Pangeran yagene ora digelangi mas, utawa ora diiringi malaikat kang padha nekseni yen dheweke utusaning Pangeran
Surah Az-Zukhruf, Verse 53


فَٱسۡتَخَفَّ قَوۡمَهُۥ فَأَطَاعُوهُۚ إِنَّهُمۡ كَانُواْ قَوۡمٗا فَٰسِقِينَ

Fir'aun bujuk kawulane kelawan diterangake, para kawulane banjur ngestokake mulan banjur dadi wong duroko
Surah Az-Zukhruf, Verse 54


فَلَمَّآ ءَاسَفُونَا ٱنتَقَمۡنَا مِنۡهُمۡ فَأَغۡرَقۡنَٰهُمۡ أَجۡمَعِينَ

Cekake bareng Fir'aun sabalane padha gawe dukaningsun banjur padha Ingsun siksa. Mulane Ingsun kelem kabeh ana ing segara
Surah Az-Zukhruf, Verse 55


فَجَعَلۡنَٰهُمۡ سَلَفٗا وَمَثَلٗا لِّلۡأٓخِرِينَ

Fir'aun sabalane mau banjur Ingsun dadekake upama tumrap marang para ummat kang keri
Surah Az-Zukhruf, Verse 56


۞وَلَمَّا ضُرِبَ ٱبۡنُ مَرۡيَمَ مَثَلًا إِذَا قَوۡمُكَ مِنۡهُ يَصِدُّونَ

(Muhammad) Bareng Isa anake Maryam dianggo paribasan (anggone disembah dening para wong Nashara) ing kono para ummatira wong turun Qurais padha bungah
Surah Az-Zukhruf, Verse 57


وَقَالُوٓاْ ءَأَٰلِهَتُنَا خَيۡرٌ أَمۡ هُوَۚ مَا ضَرَبُوهُ لَكَ إِلَّا جَدَلَۢاۚ بَلۡ هُمۡ قَوۡمٌ خَصِمُونَ

Pangucape, "Becik endi ta Pangeran (sesembahanku apa dheweke (Isa))?". Dheweke ora gawe paribasan mau marang kowe perlune ora liwat mung madoni, para ummatira kang mangkono mau tetep wong madoni weweton barang kang ora bener
Surah Az-Zukhruf, Verse 58


إِنۡ هُوَ إِلَّا عَبۡدٌ أَنۡعَمۡنَا عَلَيۡهِ وَجَعَلۡنَٰهُ مَثَلٗا لِّبَنِيٓ إِسۡرَـٰٓءِيلَ

Isa iku dudu barang - barang mung kawulaningsun kang diparingi kabungahan dadi nabi, sarta Ingsun anggo upama marang para turuning Israil
Surah Az-Zukhruf, Verse 59


وَلَوۡ نَشَآءُ لَجَعَلۡنَا مِنكُم مَّلَـٰٓئِكَةٗ فِي ٱلۡأَرۡضِ يَخۡلُفُونَ

Upama ana parenge kersaningsun, sira padha Ingsun sirnakake, banjur disalini para malaikat padha manggon ana ing bumi mesthi kelakon mangkono
Surah Az-Zukhruf, Verse 60


وَإِنَّهُۥ لَعِلۡمٞ لِّلسَّاعَةِ فَلَا تَمۡتَرُنَّ بِهَا وَٱتَّبِعُونِۚ هَٰذَا صِرَٰطٞ مُّسۡتَقِيمٞ

Lan satemene Isa mau yekti dadi tetengere kaweruh dina Qiyamat, sira aja mamang bakal tekane dina Qiyamat mau, sira mung ngistokna parintah Ingsun. Iki dalan kang bener
Surah Az-Zukhruf, Verse 61


وَلَا يَصُدَّنَّكُمُ ٱلشَّيۡطَٰنُۖ إِنَّهُۥ لَكُمۡ عَدُوّٞ مُّبِينٞ

Sira aja padha kena panggodhaning setan, awit tetela dadi saterunira
Surah Az-Zukhruf, Verse 62


وَلَمَّا جَآءَ عِيسَىٰ بِٱلۡبَيِّنَٰتِ قَالَ قَدۡ جِئۡتُكُم بِٱلۡحِكۡمَةِ وَلِأُبَيِّنَ لَكُم بَعۡضَ ٱلَّذِي تَخۡتَلِفُونَ فِيهِۖ فَٱتَّقُواْ ٱللَّهَ وَأَطِيعُونِ

Bareng Isa wis diutus dening Allah kanthi tondho yekti kahelokan pirang - pirang. Dhawuhe, "Tekaku iki dhawuhake Injil kang isine kawicaksanaan perlu nerangake anggonmu padha pasulayan bab surasaning Kitab Taurat. Kowe pada bektia ing Allah manuta marang aku
Surah Az-Zukhruf, Verse 63


إِنَّ ٱللَّهَ هُوَ رَبِّي وَرَبُّكُمۡ فَٱعۡبُدُوهُۚ هَٰذَا صِرَٰطٞ مُّسۡتَقِيمٞ

Satemene Allah iku Pangeranku lan Pangeranmu, mulane padha nyembaha Allah, iki dhalan bener
Surah Az-Zukhruf, Verse 64


فَٱخۡتَلَفَ ٱلۡأَحۡزَابُ مِنۢ بَيۡنِهِمۡۖ فَوَيۡلٞ لِّلَّذِينَ ظَلَمُواْ مِنۡ عَذَابِ يَوۡمٍ أَلِيمٍ

Padha pasulayan ing bab panemu antarane golongan - golongan (Nashara) antarane dheweke, cilaka banget (wong - wong nashara) kang panemune dadi kafir, awit besuk dina Qiyamat bakal kacemplung siksa kang nglarani
Surah Az-Zukhruf, Verse 65


هَلۡ يَنظُرُونَ إِلَّا ٱلسَّاعَةَ أَن تَأۡتِيَهُم بَغۡتَةٗ وَهُمۡ لَا يَشۡعُرُونَ

Wong mangkono mau mung ngenteni dina Qiyamat kang tekane bakal ngagetake ora kanyanan pisan - pisan
Surah Az-Zukhruf, Verse 66


ٱلۡأَخِلَّآءُ يَوۡمَئِذِۭ بَعۡضُهُمۡ لِبَعۡضٍ عَدُوٌّ إِلَّا ٱلۡمُتَّقِينَ

Ing dina iku sarupane pakumpulan duraka, wonge padha sesatron, kajaba wong kang padha bekti
Surah Az-Zukhruf, Verse 67


يَٰعِبَادِ لَا خَوۡفٌ عَلَيۡكُمُ ٱلۡيَوۡمَ وَلَآ أَنتُمۡ تَحۡزَنُونَ

Kawulaningsun, Ing dina iku sira ora duwe kuatir lan ora kasusahan
Surah Az-Zukhruf, Verse 68


ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ بِـَٔايَٰتِنَا وَكَانُواْ مُسۡلِمِينَ

Para wong Islam kang padha ngestokake dhawuhing al-Quran ayat Ingsun
Surah Az-Zukhruf, Verse 69


ٱدۡخُلُواْ ٱلۡجَنَّةَ أَنتُمۡ وَأَزۡوَٰجُكُمۡ تُحۡبَرُونَ

Sira lan rabinira padha malebua ing suwarga kelawan bungah lan diaji-aji
Surah Az-Zukhruf, Verse 70


يُطَافُ عَلَيۡهِم بِصِحَافٖ مِّن ذَهَبٖ وَأَكۡوَابٖۖ وَفِيهَا مَا تَشۡتَهِيهِ ٱلۡأَنفُسُ وَتَلَذُّ ٱلۡأَعۡيُنُۖ وَأَنتُمۡ فِيهَا خَٰلِدُونَ

Padha diladeni panganan kang wadahe emas, lan omben - omben winadhahan ing gelas. Wadhah emas mau isi panganan kang menginake ati lan ngresepake dineleng. Sira ana suwarga padha langgeng salawase
Surah Az-Zukhruf, Verse 71


وَتِلۡكَ ٱلۡجَنَّةُ ٱلَّتِيٓ أُورِثۡتُمُوهَا بِمَا كُنتُمۡ تَعۡمَلُونَ

Hiya iku suwarga pandumanira diparingake marang sira marga anggonira ngelakoni panggawe becik
Surah Az-Zukhruf, Verse 72


لَكُمۡ فِيهَا فَٰكِهَةٞ كَثِيرَةٞ مِّنۡهَا تَأۡكُلُونَ

Ana suwarga sira padha duwe woh - wohan pirang-pirang sira padha mangan hendi kang sira pengini
Surah Az-Zukhruf, Verse 73


إِنَّ ٱلۡمُجۡرِمِينَ فِي عَذَابِ جَهَنَّمَ خَٰلِدُونَ

Sarupane wong kafir padha disiksa ana neraka jahannam langgeng salawas - lawase
Surah Az-Zukhruf, Verse 74


لَا يُفَتَّرُ عَنۡهُمۡ وَهُمۡ فِيهِ مُبۡلِسُونَ

Tanpa kendhat lan kamayaran padha meneng dening wis sirna pangarep - arepe kamayaran
Surah Az-Zukhruf, Verse 75


وَمَا ظَلَمۡنَٰهُمۡ وَلَٰكِن كَانُواْ هُمُ ٱلظَّـٰلِمِينَ

Ingsun ora pisan nganiaya wong kafir, nanging dheweke nganiaya awake dhewe
Surah Az-Zukhruf, Verse 76


وَنَادَوۡاْ يَٰمَٰلِكُ لِيَقۡضِ عَلَيۡنَا رَبُّكَۖ قَالَ إِنَّكُم مَّـٰكِثُونَ

Wong kafir padha matur, "Malaikat Malik ingkang nguwasani neraka, munjuka ing Pangeran sampeyan, kula punika dipun pejahi kemawon". (Malaikat) mangsuli, "Kersaning Allah kowe disiksa langgeng salawas - lawase tanpa mati
Surah Az-Zukhruf, Verse 77


لَقَدۡ جِئۡنَٰكُم بِٱلۡحَقِّ وَلَٰكِنَّ أَكۡثَرَكُمۡ لِلۡحَقِّ كَٰرِهُونَ

Ingsun ngundangake parentah bener, nanging kang akeh sengit marang bener
Surah Az-Zukhruf, Verse 78


أَمۡ أَبۡرَمُوٓاْ أَمۡرٗا فَإِنَّا مُبۡرِمُونَ

Apa wong kafir (Mekkah) nyantosani anggone neja ngrusak (Muhammad) Ingsun hiya nyantosani
Surah Az-Zukhruf, Verse 79


أَمۡ يَحۡسَبُونَ أَنَّا لَا نَسۡمَعُ سِرَّهُمۡ وَنَجۡوَىٰهُمۚ بَلَىٰ وَرُسُلُنَا لَدَيۡهِمۡ يَكۡتُبُونَ

Apa wong kafir padha ngira yen Ingsun ora mireng pangucape kang mung dibathin lan kang dilahirake. Ingsun mireng lan nguningani malah para utusaningsun padha nulisi
Surah Az-Zukhruf, Verse 80


قُلۡ إِن كَانَ لِلرَّحۡمَٰنِ وَلَدٞ فَأَنَا۠ أَوَّلُ ٱلۡعَٰبِدِينَ

(Muhammad) dhawuha, Upama Allahkang Maha Murah kagungan putra mesthi aku dadi kawulane wong nyembah (putrane Allah mau)
Surah Az-Zukhruf, Verse 81


سُبۡحَٰنَ رَبِّ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضِ رَبِّ ٱلۡعَرۡشِ عَمَّا يَصِفُونَ

Allah iku Maha Suci Pangerane bumi lan langit uga 'Arsy, adoh banget yen kaya panemune wong kafir
Surah Az-Zukhruf, Verse 82


فَذَرۡهُمۡ يَخُوضُواْ وَيَلۡعَبُواْ حَتَّىٰ يُلَٰقُواْ يَوۡمَهُمُ ٱلَّذِي يُوعَدُونَ

Mulane wong kafir mau padha nengna wae, karo ben padha kebanjur - banjur anggone ngencengi barang kang luput. Anggone ana donya tanpaguna ngenteni tekan qiyamat kang diancamake Allah
Surah Az-Zukhruf, Verse 83


وَهُوَ ٱلَّذِي فِي ٱلسَّمَآءِ إِلَٰهٞ وَفِي ٱلۡأَرۡضِ إِلَٰهٞۚ وَهُوَ ٱلۡحَكِيمُ ٱلۡعَلِيمُ

Allah iku kang sinembah kelawan bener ana ing bumi lan langit. Allah iku wicaksana tur nguningani samu barang
Surah Az-Zukhruf, Verse 84


وَتَبَارَكَ ٱلَّذِي لَهُۥ مُلۡكُ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضِ وَمَا بَيۡنَهُمَا وَعِندَهُۥ عِلۡمُ ٱلسَّاعَةِ وَإِلَيۡهِ تُرۡجَعُونَ

Allah iku Maha Luhur, kang kagungan kraton bumi lan langit lan kagungan barang kang ana antarane bumi lan langit. Kaweruh bakal kelakone Qiyamat iku ana ngastane Allah piyambak. Ing tembe sira bakal bali padha sowan ana ngarsane Allah
Surah Az-Zukhruf, Verse 85


وَلَا يَمۡلِكُ ٱلَّذِينَ يَدۡعُونَ مِن دُونِهِ ٱلشَّفَٰعَةَ إِلَّا مَن شَهِدَ بِٱلۡحَقِّ وَهُمۡ يَعۡلَمُونَ

Barang liyane Allah kang padha disembah dening wong kafir ora duwe syafa'at, ora wenang nyuwunake pikoleh tumrap marang liyane. Kajaba kang ngucap, "Ora ana sesembahan kelawan bener kajaba mung Allah" sarta nganggep lan weruh surasane
Surah Az-Zukhruf, Verse 86


وَلَئِن سَأَلۡتَهُم مَّنۡ خَلَقَهُمۡ لَيَقُولُنَّ ٱللَّهُۖ فَأَنَّىٰ يُؤۡفَكُونَ

Menawa sira takon marang wong mangro tingal, "Sapa kang gawe kowe kabeh lan barahala - barahal mau?" Mesthi padha mangsuli, "Ingkang damel inggih Allah". Sawise kondha mangkono kapriye anggone selak anggone nyembah Allah
Surah Az-Zukhruf, Verse 87


وَقِيلِهِۦ يَٰرَبِّ إِنَّ هَـٰٓؤُلَآءِ قَوۡمٞ لَّا يُؤۡمِنُونَ

Lan maneh Allah nguningani hunjuke Muhammad, "Dhuh Pangeran kawula. tiyang kagir punika sami boten pitados ing Paduka
Surah Az-Zukhruf, Verse 88


فَٱصۡفَحۡ عَنۡهُمۡ وَقُلۡ سَلَٰمٞۚ فَسَوۡفَ يَعۡلَمُونَ

Dhawuhing Allah, "(Muhammad) sira mung malengosa marang wong kafir mau, Lan ngucapa, "Aku dhasar selamet". Ing tembe wong kafir bakal padha weruh kadadeyane awake
Surah Az-Zukhruf, Verse 89


Author: Unknown


<< Surah 42
>> Surah 44

Javanese Translations by other Authors


Javanese Translation By Unknown
Javanese Translation By Unknown
Popular Areas
Apartments for rent in Dubai Apartments for rent Abu Dhabi Villas for rent in Dubai House for rent Abu Dhabi Apartments for sale in Dubai Apartments for sale in Abu Dhabi Flat for rent Sharjah
Popular Searches
Studios for rent in UAE Apartments for rent in UAE Villas for rent in UAE Apartments for sale in UAE Villas for sale in UAE Land for sale in UAE Dubai Real Estate
Trending Areas
Apartments for rent in Dubai Marina Apartments for sale in Dubai Marina Villa for rent in Sharjah Villa for sale in Dubai Flat for rent in Ajman Studio for rent in Abu Dhabi Villa for rent in Ajman
Trending Searches
Villa for rent in Abu Dhabi Shop for rent in Dubai Villas for sale in Ajman Studio for rent in Sharjah 1 Bedroom Apartment for rent in Dubai Property for rent in Abu Dhabi Commercial properties for sale
© Copyright Dubai Prayer Time. All Rights Reserved
Designed by Prayer Time In Dubai