Surah Ad-Dukhan - Javanese Translation by Unknown
حمٓ
Haa miim
Surah Ad-Dukhan, Verse 1
وَٱلۡكِتَٰبِ ٱلۡمُبِينِ
Demi Kitab Al-Quran kang nerangake
Surah Ad-Dukhan, Verse 2
إِنَّآ أَنزَلۡنَٰهُ فِي لَيۡلَةٖ مُّبَٰرَكَةٍۚ إِنَّا كُنَّا مُنذِرِينَ
Ingsun nurunake kitab al-Quran mau ana ing wengi kang berkah, Ingsun ngelingake manungsa kelawan al-Quran
Surah Ad-Dukhan, Verse 3
فِيهَا يُفۡرَقُ كُلُّ أَمۡرٍ حَكِيمٍ
Sarupaning perkara kang tinamtokake padha dipilah - pilan kanthi wicaksana
Surah Ad-Dukhan, Verse 4
أَمۡرٗا مِّنۡ عِندِنَآۚ إِنَّا كُنَّا مُرۡسِلِينَ
Dipilah - pilah terang saka Ingsun, Ingsun kang ngutus para Rasul
Surah Ad-Dukhan, Verse 5
رَحۡمَةٗ مِّن رَّبِّكَۚ إِنَّهُۥ هُوَ ٱلسَّمِيعُ ٱلۡعَلِيمُ
Minangka sih piwalesing Pangeranira, satemene Allah iku mireng tur nguningani samu barang
Surah Ad-Dukhan, Verse 6
رَبِّ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضِ وَمَا بَيۡنَهُمَآۖ إِن كُنتُم مُّوقِنِينَ
Kang ngratoni bumi lan langit lan samu barang kang ana antarane, menawa sira wis terang (yakin)
Surah Ad-Dukhan, Verse 7
لَآ إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ يُحۡيِۦ وَيُمِيتُۖ رَبُّكُمۡ وَرَبُّ ءَابَآئِكُمُ ٱلۡأَوَّلِينَ
Ora ana sesembahan kelawan bener kajaba mung Allah kang nguripi lan mateni yaiku Pangeranira lan leluhurira ing zaman kuna biyen
Surah Ad-Dukhan, Verse 8
بَلۡ هُمۡ فِي شَكّٖ يَلۡعَبُونَ
(Wong kafir) padha mamang bakal uripe wong kang wis padha mati sarta nggeguyu
Surah Ad-Dukhan, Verse 9
فَٱرۡتَقِبۡ يَوۡمَ تَأۡتِي ٱلسَّمَآءُ بِدُخَانٖ مُّبِينٖ
Sira mung ngentenana qiyamat nalika langit lan bumi ngetokake kebul ngebaki antarane langit lan bumi
Surah Ad-Dukhan, Verse 10
يَغۡشَى ٱلنَّاسَۖ هَٰذَا عَذَابٌ أَلِيمٞ
Kebul mau nampek manungsa, siksa kang nglarani
Surah Ad-Dukhan, Verse 11
رَّبَّنَا ٱكۡشِفۡ عَنَّا ٱلۡعَذَابَ إِنَّا مُؤۡمِنُونَ
Manung mau banjur munjuk ing Allah, "Pangeran kawula, Paduka mugi ngluwarna kawula saking siksa punika, sapunika kula sami pitados
Surah Ad-Dukhan, Verse 12
أَنَّىٰ لَهُمُ ٱلذِّكۡرَىٰ وَقَدۡ جَآءَهُمۡ رَسُولٞ مُّبِينٞ
Manungsa wis padha didhawuhi terang dening Rasul mulane nalika turuning siksa panelangsane ora migunani
Surah Ad-Dukhan, Verse 13
ثُمَّ تَوَلَّوۡاْ عَنۡهُ وَقَالُواْ مُعَلَّمٞ مَّجۡنُونٌ
Banjur padha mlengos (marang Muhammad) Pangucape, "Iku muride wong edan
Surah Ad-Dukhan, Verse 14
إِنَّا كَاشِفُواْ ٱلۡعَذَابِ قَلِيلًاۚ إِنَّكُمۡ عَآئِدُونَ
Hiyata, Ingsun hentas saka siksa sawetara, nanging sira banjur bali kafir maneh
Surah Ad-Dukhan, Verse 15
يَوۡمَ نَبۡطِشُ ٱلۡبَطۡشَةَ ٱلۡكُبۡرَىٰٓ إِنَّا مُنتَقِمُونَ
Ing kono Ingsun niksa marang wong kafir sarana nandukake gegaman kelawan sengit
Surah Ad-Dukhan, Verse 16
۞وَلَقَدۡ فَتَنَّا قَبۡلَهُمۡ قَوۡمَ فِرۡعَوۡنَ وَجَآءَهُمۡ رَسُولٞ كَرِيمٌ
Biyen sadurunge dheweke (wong Mekkah) Ingsun nyoba Fir'aun sabalane kang mulya (Musa lan Harun)
Surah Ad-Dukhan, Verse 17
أَنۡ أَدُّوٓاْ إِلَيَّ عِبَادَ ٱللَّهِۖ إِنِّي لَكُمۡ رَسُولٌ أَمِينٞ
(Dhawuhe Musa), Para kawulane Allah, aku iki utusaning Pangeran, dipercaya nerangake marang kowe padha mituruta marang aku
Surah Ad-Dukhan, Verse 18
وَأَن لَّا تَعۡلُواْ عَلَى ٱللَّهِۖ إِنِّيٓ ءَاتِيكُم بِسُلۡطَٰنٖ مُّبِينٖ
Lan kowe aja padha lumuhur - luhur ora gelem ngertekake dhawuhe Allah, tekaku iki kanthi tandha yekti kang terang. Mratandhani yen aku iki utusane Allah
Surah Ad-Dukhan, Verse 19
وَإِنِّي عُذۡتُ بِرَبِّي وَرَبِّكُمۡ أَن تَرۡجُمُونِ
Aku nyuwun pitulung ing Allah Pangeranku lan Pangeranmu aja nganti kok balangi watu
Surah Ad-Dukhan, Verse 20
وَإِن لَّمۡ تُؤۡمِنُواْ لِي فَٱعۡتَزِلُونِ
Manawa kowe padha ora ngandel marang aku, mung aja nandukake pihala wae
Surah Ad-Dukhan, Verse 21
فَدَعَا رَبَّهُۥٓ أَنَّ هَـٰٓؤُلَآءِ قَوۡمٞ مُّجۡرِمُونَ
(Musa) munjuk ing Pangerane mratelakake yen Fir'aun sabalane padha puguh kafir (muga ditindakna ana kang dadi bener)
Surah Ad-Dukhan, Verse 22
فَأَسۡرِ بِعِبَادِي لَيۡلًا إِنَّكُم مُّتَّبَعُونَ
(Dhawuhing Allah marang Musa), "Sira lan para kawulaningsun padha lungaa (saka Mesir) mangkata ing wayah wengi sira bakal diburu
Surah Ad-Dukhan, Verse 23
وَٱتۡرُكِ ٱلۡبَحۡرَ رَهۡوًاۖ إِنَّهُمۡ جُندٞ مُّغۡرَقُونَ
Menawa sira tekan segara gitikna kelawan tekenira banyune mesthi piyak. Satemene Firaun sabalane bakal Ingsun tungkepi banyu ana satengahe segara
Surah Ad-Dukhan, Verse 24
كَمۡ تَرَكُواْ مِن جَنَّـٰتٖ وَعُيُونٖ
Fir'aun ninggal palemahan lan kali pirang - pirang kang mili (ing Mesir)
Surah Ad-Dukhan, Verse 25
وَزُرُوعٖ وَمَقَامٖ كَرِيمٖ
Lan ninggal tetanduran lan gedhung pirang - pirang kang indah
Surah Ad-Dukhan, Verse 26
وَنَعۡمَةٖ كَانُواْ فِيهَا فَٰكِهِينَ
Lan ninggal bondho akeh kang mane dianggo bebungah
Surah Ad-Dukhan, Verse 27
كَذَٰلِكَۖ وَأَوۡرَثۡنَٰهَا قَوۡمًا ءَاخَرِينَ
Wis mangkono karsaningsun tininggalane Fir'aun sabalane mau, Ingsun paringake dadi warisan marang wong liyane
Surah Ad-Dukhan, Verse 28
فَمَا بَكَتۡ عَلَيۡهِمُ ٱلسَّمَآءُ وَٱلۡأَرۡضُ وَمَا كَانُواْ مُنظَرِينَ
Bumi lan langit ora nangisi kasangsarane Fir'aun tumpes tanpa disrantekake maneh
Surah Ad-Dukhan, Verse 29
وَلَقَدۡ نَجَّيۡنَا بَنِيٓ إِسۡرَـٰٓءِيلَ مِنَ ٱلۡعَذَابِ ٱلۡمُهِينِ
Wong Bani Israil wis padha Ingsun paringi slamet saka siksa lan siya - siya
Surah Ad-Dukhan, Verse 30
مِن فِرۡعَوۡنَۚ إِنَّهُۥ كَانَ عَالِيٗا مِّنَ ٱلۡمُسۡرِفِينَ
Saka panggawane Fir'aun kang kebangeten anggone gumedhe
Surah Ad-Dukhan, Verse 31
وَلَقَدِ ٱخۡتَرۡنَٰهُمۡ عَلَىٰ عِلۡمٍ عَلَى ٱلۡعَٰلَمِينَ
Satemene wong Bani Israil mahu padha Ingsun pilih, kaparingan kaweruh lan kapinteran akeh ngungkuli wong sajagad
Surah Ad-Dukhan, Verse 32
وَءَاتَيۡنَٰهُم مِّنَ ٱلۡأٓيَٰتِ مَا فِيهِ بَلَـٰٓؤٞاْ مُّبِينٌ
Lan Ingsun gelari kahelokan akeh kang tetela dadi coba
Surah Ad-Dukhan, Verse 33
إِنَّ هَـٰٓؤُلَآءِ لَيَقُولُونَ
Satemene dheweke (wong turun Qurais) iku temen - temen padha ngucap
Surah Ad-Dukhan, Verse 34
إِنۡ هِيَ إِلَّا مَوۡتَتُنَا ٱلۡأُولَىٰ وَمَا نَحۡنُ بِمُنشَرِينَ
Anggonku mati mesthi mung sapisan wae, ora bakal diuripake
Surah Ad-Dukhan, Verse 35
فَأۡتُواْ بِـَٔابَآئِنَآ إِن كُنتُمۡ صَٰدِقِينَ
Yen pangucapmu mau bener pada uripna para leluhurku kang wis padha mati
Surah Ad-Dukhan, Verse 36
أَهُمۡ خَيۡرٌ أَمۡ قَوۡمُ تُبَّعٖ وَٱلَّذِينَ مِن قَبۡلِهِمۡ أَهۡلَكۡنَٰهُمۡۚ إِنَّهُمۡ كَانُواْ مُجۡرِمِينَ
Apa dheweke (wong musyrikin) luwih gagah prakosa lan sugih karo ummate Tubba' lan para ummat sadurunge. Hewa dene kabeh padha ditumpes awit padha kafir
Surah Ad-Dukhan, Verse 37
وَمَا خَلَقۡنَا ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضَ وَمَا بَيۡنَهُمَا لَٰعِبِينَ
Anggon-Ku gawe bumi lan langit apadene barang kang ana antarane ora dolanan tanpa gawe
Surah Ad-Dukhan, Verse 38
مَا خَلَقۡنَٰهُمَآ إِلَّا بِٱلۡحَقِّ وَلَٰكِنَّ أَكۡثَرَهُمۡ لَا يَعۡلَمُونَ
Anggon-Ku gawe bumi lan langit mau wis mesthi ana gunane, nanging kang akeh padha ora weruh
Surah Ad-Dukhan, Verse 39
إِنَّ يَوۡمَ ٱلۡفَصۡلِ مِيقَٰتُهُمۡ أَجۡمَعِينَ
Satemene besuk Qiyamat nalikane para kawulaningsun padha dipisah - pisah dina mau dadi karampungane perkara kabeh
Surah Ad-Dukhan, Verse 40
يَوۡمَ لَا يُغۡنِي مَوۡلًى عَن مَّوۡلٗى شَيۡـٔٗا وَلَا هُمۡ يُنصَرُونَ
Hiya iku dina nalikane para sanak utawa mitra padha ora bisa tulung - tinulung apa - apa, ora bisa nulak siksaning Allah
Surah Ad-Dukhan, Verse 41
إِلَّا مَن رَّحِمَ ٱللَّهُۚ إِنَّهُۥ هُوَ ٱلۡعَزِيزُ ٱلرَّحِيمُ
Kajaba wong kang diasihi Allah hiya iku para mukmin, satemene Allah iku Maha Mulya tur Maha Asih
Surah Ad-Dukhan, Verse 42
إِنَّ شَجَرَتَ ٱلزَّقُّومِ
Satemene wit Zakkuum
Surah Ad-Dukhan, Verse 43
طَعَامُ ٱلۡأَثِيمِ
Dadi pangane wong duroko
Surah Ad-Dukhan, Verse 44
كَٱلۡمُهۡلِ يَغۡلِي فِي ٱلۡبُطُونِ
Rupane koyo lengo kang reged, yen dipangan ana sajeroning weteng umub
Surah Ad-Dukhan, Verse 45
كَغَلۡيِ ٱلۡحَمِيمِ
Kaya dene umube wedang
Surah Ad-Dukhan, Verse 46
خُذُوهُ فَٱعۡتِلُوهُ إِلَىٰ سَوَآءِ ٱلۡجَحِيمِ
(Wahai neraka) Wong kafir iku cekelen banjur laraken marang tengahe neraka jahim
Surah Ad-Dukhan, Verse 47
ثُمَّ صُبُّواْ فَوۡقَ رَأۡسِهِۦ مِنۡ عَذَابِ ٱلۡحَمِيمِ
Nuli padha grujugen wedang, siksa saka dhuwuring endhase
Surah Ad-Dukhan, Verse 48
ذُقۡ إِنَّكَ أَنتَ ٱلۡعَزِيزُ ٱلۡكَرِيمُ
(Hai wong kafir), Rasakna siksaningsun, awit ngaku maha mulya tur wicaksana
Surah Ad-Dukhan, Verse 49
إِنَّ هَٰذَا مَا كُنتُم بِهِۦ تَمۡتَرُونَ
Siksa iki kang padha sira paido biyen
Surah Ad-Dukhan, Verse 50
إِنَّ ٱلۡمُتَّقِينَ فِي مَقَامٍ أَمِينٖ
Sarupane wong kang padha bekti ing Allah, ana panggonan tentrem
Surah Ad-Dukhan, Verse 51
فِي جَنَّـٰتٖ وَعُيُونٖ
Hiya iku ana ing suwarga kang ana bengawane mili
Surah Ad-Dukhan, Verse 52
يَلۡبَسُونَ مِن سُندُسٖ وَإِسۡتَبۡرَقٖ مُّتَقَٰبِلِينَ
Padha nganggo sandhangan sutra tipis lan kandel, serta padha patemon karo kancane
Surah Ad-Dukhan, Verse 53
كَذَٰلِكَ وَزَوَّجۡنَٰهُم بِحُورٍ عِينٖ
Wis mangkono karsaningsun wong mukmin padha diparingi jodho widadari kang mripate blalak - blalak
Surah Ad-Dukhan, Verse 54
يَدۡعُونَ فِيهَا بِكُلِّ فَٰكِهَةٍ ءَامِنِينَ
Wong mukmin mau ana suwarga jaluk woh - wohan warna - warna marang kang ngladeni, woh - wohan mau ora bisa entek
Surah Ad-Dukhan, Verse 55
لَا يَذُوقُونَ فِيهَا ٱلۡمَوۡتَ إِلَّا ٱلۡمَوۡتَةَ ٱلۡأُولَىٰۖ وَوَقَىٰهُمۡ عَذَابَ ٱلۡجَحِيمِ
Ing suwarga ora bakal nglakoni mati salawase, kajaba mati sapisan kang wis dilakoni ing donya. Allah ngreksa wong mukmin ora kacemplung neraka Jahim
Surah Ad-Dukhan, Verse 56
فَضۡلٗا مِّن رَّبِّكَۚ ذَٰلِكَ هُوَ ٱلۡفَوۡزُ ٱلۡعَظِيمُ
Iku minongka sih kanugrahane Pangeran aran kabegjan kang gedhe
Surah Ad-Dukhan, Verse 57
فَإِنَّمَا يَسَّرۡنَٰهُ بِلِسَانِكَ لَعَلَّهُمۡ يَتَذَكَّرُونَ
Surasaning al-Quran iki Ingsun gampangake tembungira (Arab) supaya manungsa padha nampani pitutur
Surah Ad-Dukhan, Verse 58
فَٱرۡتَقِبۡ إِنَّهُم مُّرۡتَقِبُونَ
Sira ngentenana pitulunging Pangeranira, wong kafir hiya padha ngarep - arep rusakira
Surah Ad-Dukhan, Verse 59