Surah Al-Fath Verse 16 - Javanese Translation by Unknown
Surah Al-Fathقُل لِّلۡمُخَلَّفِينَ مِنَ ٱلۡأَعۡرَابِ سَتُدۡعَوۡنَ إِلَىٰ قَوۡمٍ أُوْلِي بَأۡسٖ شَدِيدٖ تُقَٰتِلُونَهُمۡ أَوۡ يُسۡلِمُونَۖ فَإِن تُطِيعُواْ يُؤۡتِكُمُ ٱللَّهُ أَجۡرًا حَسَنٗاۖ وَإِن تَتَوَلَّوۡاْ كَمَا تَوَلَّيۡتُم مِّن قَبۡلُ يُعَذِّبۡكُمۡ عَذَابًا أَلِيمٗا
(Muhammad) Dhawuha marang wong padesan kang padha keri (ora melu perang mau) ing buri kowe bakal padha didhawuhi mapagake perang mungsuh kang prakosa tur miranti gegamane. Kowe padha didhawuhi nyirnakake mungsuh mau utawa nelukake dadi wong Islam. Manawa kowe nurut, Allah bakal maringi ganjaran becik, dene yen kowe mogok kaya kang dhisik Allah bakal matrapi siksa kang nglarani