Surah Al-Fath Verse 29 - Javanese Translation by Unknown
Surah Al-Fathمُّحَمَّدٞ رَّسُولُ ٱللَّهِۚ وَٱلَّذِينَ مَعَهُۥٓ أَشِدَّآءُ عَلَى ٱلۡكُفَّارِ رُحَمَآءُ بَيۡنَهُمۡۖ تَرَىٰهُمۡ رُكَّعٗا سُجَّدٗا يَبۡتَغُونَ فَضۡلٗا مِّنَ ٱللَّهِ وَرِضۡوَٰنٗاۖ سِيمَاهُمۡ فِي وُجُوهِهِم مِّنۡ أَثَرِ ٱلسُّجُودِۚ ذَٰلِكَ مَثَلُهُمۡ فِي ٱلتَّوۡرَىٰةِۚ وَمَثَلُهُمۡ فِي ٱلۡإِنجِيلِ كَزَرۡعٍ أَخۡرَجَ شَطۡـَٔهُۥ فَـَٔازَرَهُۥ فَٱسۡتَغۡلَظَ فَٱسۡتَوَىٰ عَلَىٰ سُوقِهِۦ يُعۡجِبُ ٱلزُّرَّاعَ لِيَغِيظَ بِهِمُ ٱلۡكُفَّارَۗ وَعَدَ ٱللَّهُ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَعَمِلُواْ ٱلصَّـٰلِحَٰتِ مِنۡهُم مَّغۡفِرَةٗ وَأَجۡرًا عَظِيمَۢا
Muhammad iku utusane ALlah, dene kang padha dherek panjenengane padha gagah prakosa lan kendel ngalahake para wong kafir. Apa dene padha asih karo kancane (wong mukmin) kaya sira deleng padha ruku' an sujud, amngkono maneh. padha ngarep - arep kanugrahan lan paringe kersane Allah. Dene labet anggone padha sujud mau bakal katon tengere. Rahine mancorong sanepane kasebut ing kitab Taurat lan Injil. Para sahabat mau kaya tanduran gandum kang metu anake kang banjur gedhe madani uwit kang dhisik, dadekake gumune wong kang padha nandur. Awit saka iku Allah dukani sarupane wong kafir. Allah prasetya maringi ganjaran lan pangapura gedhe marang wong mukmin kang padha nglakoni penggawe becik