Surah Al-Maeda Verse 106 - Javanese Translation by Unknown
Surah Al-Maedaيَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ شَهَٰدَةُ بَيۡنِكُمۡ إِذَا حَضَرَ أَحَدَكُمُ ٱلۡمَوۡتُ حِينَ ٱلۡوَصِيَّةِ ٱثۡنَانِ ذَوَا عَدۡلٖ مِّنكُمۡ أَوۡ ءَاخَرَانِ مِنۡ غَيۡرِكُمۡ إِنۡ أَنتُمۡ ضَرَبۡتُمۡ فِي ٱلۡأَرۡضِ فَأَصَٰبَتۡكُم مُّصِيبَةُ ٱلۡمَوۡتِۚ تَحۡبِسُونَهُمَا مِنۢ بَعۡدِ ٱلصَّلَوٰةِ فَيُقۡسِمَانِ بِٱللَّهِ إِنِ ٱرۡتَبۡتُمۡ لَا نَشۡتَرِي بِهِۦ ثَمَنٗا وَلَوۡ كَانَ ذَا قُرۡبَىٰ وَلَا نَكۡتُمُ شَهَٰدَةَ ٱللَّهِ إِنَّآ إِذٗا لَّمِنَ ٱلۡأٓثِمِينَ
E, para kang padha angestu! manawa pati amareki salah sawijinira, nalika atinggal weling, anguwuha wong loro kang ngadil saka golonganira, supaya anekseni ing antaranira, utawa wong loro liyane saka saliyane golonganira manawa sira pinuju lulungan ing bumi mangka babaya pati angenani ing sira; sakarone sira candheta nganti sabubaring salat; tumuli, manawa sira semang- semang supaya sakarone padha sumpah ing Allah, : Iki, aku ora bakal padha angurupake ajen-ajen, sanajan ta sanak, lan ora bakal aku padha angumpet pasaksining Allah, amarga aku iki mundhak padha kalebu ewone para wong dosa