Surah Al-Maeda Verse 12 - Javanese Translation by Unknown
Surah Al-Maeda۞وَلَقَدۡ أَخَذَ ٱللَّهُ مِيثَٰقَ بَنِيٓ إِسۡرَـٰٓءِيلَ وَبَعَثۡنَا مِنۡهُمُ ٱثۡنَيۡ عَشَرَ نَقِيبٗاۖ وَقَالَ ٱللَّهُ إِنِّي مَعَكُمۡۖ لَئِنۡ أَقَمۡتُمُ ٱلصَّلَوٰةَ وَءَاتَيۡتُمُ ٱلزَّكَوٰةَ وَءَامَنتُم بِرُسُلِي وَعَزَّرۡتُمُوهُمۡ وَأَقۡرَضۡتُمُ ٱللَّهَ قَرۡضًا حَسَنٗا لَّأُكَفِّرَنَّ عَنكُمۡ سَيِّـَٔاتِكُمۡ وَلَأُدۡخِلَنَّكُمۡ جَنَّـٰتٖ تَجۡرِي مِن تَحۡتِهَا ٱلۡأَنۡهَٰرُۚ فَمَن كَفَرَ بَعۡدَ ذَٰلِكَ مِنكُمۡ فَقَدۡ ضَلَّ سَوَآءَ ٱلسَّبِيلِ
Lan sayekti temen Allah wus mundhut janjine para turun Israila lan ana rolas sing Ingsun degake dadi lulurah; lan Allah angan- dika: sayekti Ingsun anyartani sira; manawa sira padha anjumene- ngake salat sarta ambayar zakat tuwin padha angestu ing para utusan-Ingsun apa dene padha angrewangi dheweke, lan padha angunjukake ing Allah pisung- sung kang luhung,a sayekti temen Ingsun bakal angalingi ing sira saka panggawe-panggawenira kang ala, lan sayekti temen sira bakal padha Ingsun lebokake ing pata- manan kang ing jerone kali-kaline padha mili; lah sapa ing antaranira kang angafiri sawise mangkono iku, temen kasasar saka dalan kang bener