Surah Al-Maeda Verse 2 - Javanese Translation by Unknown
Surah Al-Maedaيَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ لَا تُحِلُّواْ شَعَـٰٓئِرَ ٱللَّهِ وَلَا ٱلشَّهۡرَ ٱلۡحَرَامَ وَلَا ٱلۡهَدۡيَ وَلَا ٱلۡقَلَـٰٓئِدَ وَلَآ ءَآمِّينَ ٱلۡبَيۡتَ ٱلۡحَرَامَ يَبۡتَغُونَ فَضۡلٗا مِّن رَّبِّهِمۡ وَرِضۡوَٰنٗاۚ وَإِذَا حَلَلۡتُمۡ فَٱصۡطَادُواْۚ وَلَا يَجۡرِمَنَّكُمۡ شَنَـَٔانُ قَوۡمٍ أَن صَدُّوكُمۡ عَنِ ٱلۡمَسۡجِدِ ٱلۡحَرَامِ أَن تَعۡتَدُواْۘ وَتَعَاوَنُواْ عَلَى ٱلۡبِرِّ وَٱلتَّقۡوَىٰۖ وَلَا تَعَاوَنُواْ عَلَى ٱلۡإِثۡمِ وَٱلۡعُدۡوَٰنِۚ وَٱتَّقُواْ ٱللَّهَۖ إِنَّ ٱللَّهَ شَدِيدُ ٱلۡعِقَابِ
E, para kang padha angestu! Aja sira padha anerak tandha- tandha kang katetepake dening Allah, mangkono uga sasi suci, lan aja pisungsung, apa dene babanten kang linungsir- lungsir tuwin aja para kang arep menyang Pada- leman Suci angupaya lubering kadarman sarta pirena saka Pangerane; lan manawa sira wis padha luwar saka ing kawajiban- kawajibane anglakoni haji, lah padha ambuburua, lan aja nganti panggethinge sawijining golongan – dening anggone padha angalang- alangi sira lumebu ing Masjid suci – iku marakake sira padha ang- liwati wates, sarta padha tulung- tinulunga ing tindak utama sarta tindak bekti tuwin aja tulung- tinulung ing tindak dosa lan panerak; lan padha di bekti ing Allah, sayekti Allah iku abanget ing pamales