Surah Al-Maeda Verse 41 - Javanese Translation by Unknown
Surah Al-Maeda۞يَـٰٓأَيُّهَا ٱلرَّسُولُ لَا يَحۡزُنكَ ٱلَّذِينَ يُسَٰرِعُونَ فِي ٱلۡكُفۡرِ مِنَ ٱلَّذِينَ قَالُوٓاْ ءَامَنَّا بِأَفۡوَٰهِهِمۡ وَلَمۡ تُؤۡمِن قُلُوبُهُمۡۛ وَمِنَ ٱلَّذِينَ هَادُواْۛ سَمَّـٰعُونَ لِلۡكَذِبِ سَمَّـٰعُونَ لِقَوۡمٍ ءَاخَرِينَ لَمۡ يَأۡتُوكَۖ يُحَرِّفُونَ ٱلۡكَلِمَ مِنۢ بَعۡدِ مَوَاضِعِهِۦۖ يَقُولُونَ إِنۡ أُوتِيتُمۡ هَٰذَا فَخُذُوهُ وَإِن لَّمۡ تُؤۡتَوۡهُ فَٱحۡذَرُواْۚ وَمَن يُرِدِ ٱللَّهُ فِتۡنَتَهُۥ فَلَن تَمۡلِكَ لَهُۥ مِنَ ٱللَّهِ شَيۡـًٔاۚ أُوْلَـٰٓئِكَ ٱلَّذِينَ لَمۡ يُرِدِ ٱللَّهُ أَن يُطَهِّرَ قُلُوبَهُمۡۚ لَهُمۡ فِي ٱلدُّنۡيَا خِزۡيٞۖ وَلَهُمۡ فِي ٱلۡأٓخِرَةِ عَذَابٌ عَظِيمٞ
E, Utusan! Aja nganti para kang padha babalapan marang ing kakafiran iku anusahake marang sira, yaiku panunggalane para kang cangkem-cangkeme padha muni: Kula punika sami angestu, ana- nging atine padha ora angestu, sar- ta panunggalane para kang padha Yahudi; dheweke padha tukang ngrungokake kanggo preluning doracara, tukang ngru- ngokake kanggo perluning wong- wong liya, kang ora tumeka marang sira; dheweke padha angowahi tembung ing sawise panggonane,a calathune: Yen iki diwenehake marang kowe, ya tampanana, lan manawa iku ora diwenehake marang kowe, lah dingati-ati; sapa sing dikarsakake dening Allah pinaringan coba, lah ora bisa sira nguwasani dheweke sathithik-thithika mungguhing Allah. Iki para kang Allah ora angarsakake anuceni ati-atine; ana ing donya bakal padha oleh asor, lan ana ing akhirat bakal padha oleh siksa kang gedhe