Surah Al-Maeda Verse 42 - Javanese Translation by Unknown
Surah Al-Maedaسَمَّـٰعُونَ لِلۡكَذِبِ أَكَّـٰلُونَ لِلسُّحۡتِۚ فَإِن جَآءُوكَ فَٱحۡكُم بَيۡنَهُمۡ أَوۡ أَعۡرِضۡ عَنۡهُمۡۖ وَإِن تُعۡرِضۡ عَنۡهُمۡ فَلَن يَضُرُّوكَ شَيۡـٔٗاۖ وَإِنۡ حَكَمۡتَ فَٱحۡكُم بَيۡنَهُم بِٱلۡقِسۡطِۚ إِنَّ ٱللَّهَ يُحِبُّ ٱلۡمُقۡسِطِينَ
Dhèwèké padha tukang ngru- ngokaké marang doracara, tukang mangan barang larangan; mulané manawa dhèwèké padha teka marang sira, lah sira benerana dhèwèké utawa sira emohana, lan manawa sira angemohi dhèwèké, dhèwèké ora bakal ambabayani apa-apa marang sira, lan manawa sira beneri, lah sira benerana dhèwèké kalawan adil; sayekti Allah iku remen marang wong kang padha nindakaké adil