Surah Al-Maeda Verse 44 - Javanese Translation by Unknown
Surah Al-Maedaإِنَّآ أَنزَلۡنَا ٱلتَّوۡرَىٰةَ فِيهَا هُدٗى وَنُورٞۚ يَحۡكُمُ بِهَا ٱلنَّبِيُّونَ ٱلَّذِينَ أَسۡلَمُواْ لِلَّذِينَ هَادُواْ وَٱلرَّبَّـٰنِيُّونَ وَٱلۡأَحۡبَارُ بِمَا ٱسۡتُحۡفِظُواْ مِن كِتَٰبِ ٱللَّهِ وَكَانُواْ عَلَيۡهِ شُهَدَآءَۚ فَلَا تَخۡشَوُاْ ٱلنَّاسَ وَٱخۡشَوۡنِ وَلَا تَشۡتَرُواْ بِـَٔايَٰتِي ثَمَنٗا قَلِيلٗاۚ وَمَن لَّمۡ يَحۡكُم بِمَآ أَنزَلَ ٱللَّهُ فَأُوْلَـٰٓئِكَ هُمُ ٱلۡكَٰفِرُونَ
Sayekti Ingsun wus andha- wuhake Tauret, isi tuntunan lan papadhang; nganggo iki para nabi kang padha sumarah anggone ambebeneri ma- rang para kang padha Yahudi, mangkono uga para pandhitane lan para winasise, amarga iki kudune padha rumeksa Kitabing Allah, sarta dheweke iku padha saksi ingatase prakara iku; mulane aja wedi manusa lan wedia Ingsun, lan aja padha anampani pangaji sathithik lirune timbalan-timbalan-Ingsun; lan sapa sing ora ambebeneri kalawan apa kang kadhawuhake dening Allah, lah iki para wong kafir