Surah Al-Maeda Verse 6 - Javanese Translation by Unknown
Surah Al-Maedaيَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوٓاْ إِذَا قُمۡتُمۡ إِلَى ٱلصَّلَوٰةِ فَٱغۡسِلُواْ وُجُوهَكُمۡ وَأَيۡدِيَكُمۡ إِلَى ٱلۡمَرَافِقِ وَٱمۡسَحُواْ بِرُءُوسِكُمۡ وَأَرۡجُلَكُمۡ إِلَى ٱلۡكَعۡبَيۡنِۚ وَإِن كُنتُمۡ جُنُبٗا فَٱطَّهَّرُواْۚ وَإِن كُنتُم مَّرۡضَىٰٓ أَوۡ عَلَىٰ سَفَرٍ أَوۡ جَآءَ أَحَدٞ مِّنكُم مِّنَ ٱلۡغَآئِطِ أَوۡ لَٰمَسۡتُمُ ٱلنِّسَآءَ فَلَمۡ تَجِدُواْ مَآءٗ فَتَيَمَّمُواْ صَعِيدٗا طَيِّبٗا فَٱمۡسَحُواْ بِوُجُوهِكُمۡ وَأَيۡدِيكُم مِّنۡهُۚ مَا يُرِيدُ ٱللَّهُ لِيَجۡعَلَ عَلَيۡكُم مِّنۡ حَرَجٖ وَلَٰكِن يُرِيدُ لِيُطَهِّرَكُمۡ وَلِيُتِمَّ نِعۡمَتَهُۥ عَلَيۡكُمۡ لَعَلَّكُمۡ تَشۡكُرُونَ
E, para kang padha angestu! Manawa sira padha ngadeg arep salat, padha angumbaha rai-rainira lan tangan-tanganira tumeka sikut lan angusapa sirah-sirahira sarta sikil-sikilira tumeka polok; lan manawa sira pinuju katetep wajib adus grujuga lah padha susucia; lan manawa sira pinuju lara utawa lulungan, utawa salah sawijinira mentas teka saka ing jumbleng, utawa sira mentas anggrayang wong wadon,b mangka sira padha ora bisa entuk banyu, lah padha anganggoa lebu kang suci, banjur iku padha usapna ing rai-rainira lan tangan-tanganira;c Allah ora ngar- sakake agawe kangelan tumrap marang sira, ananging angarsakake supaya sira padha sucia lan supaya ganep nugraha-Ne marang sira, supaya sira padha syukur