Surah Qaf - Javanese Translation by Unknown
قٓۚ وَٱلۡقُرۡءَانِ ٱلۡمَجِيدِ
Qaaf (harane aksara Arab), Demi Al-Quran kang mulya (wong kafir iku ora percaya ing al-Quran)
Surah Qaf, Verse 1
بَلۡ عَجِبُوٓاْ أَن جَآءَهُم مُّنذِرٞ مِّنۡهُمۡ فَقَالَ ٱلۡكَٰفِرُونَ هَٰذَا شَيۡءٌ عَجِيبٌ
Malah pada gumun padha ketekan utusaning Allah saka kancane dhewe, wong kafir mau padha ngucap, "perkara iku ngeram - ngeramake (ajaib)
Surah Qaf, Verse 2
أَءِذَا مِتۡنَا وَكُنَّا تُرَابٗاۖ ذَٰلِكَ رَجۡعُۢ بَعِيدٞ
Besuk yen wis aku mati lan dadi lemah jare bakal diuruipake maneh, iku lak adoh banget
Surah Qaf, Verse 3
قَدۡ عَلِمۡنَا مَا تَنقُصُ ٱلۡأَرۡضُ مِنۡهُمۡۖ وَعِندَنَا كِتَٰبٌ حَفِيظُۢ
Ingsun ngingani bumi anggone ngelongi cacahing wong kafir, sarta Ingsun kagungan Kitab kang nyathet
Surah Qaf, Verse 4
بَلۡ كَذَّبُواْ بِٱلۡحَقِّ لَمَّا جَآءَهُمۡ فَهُمۡ فِيٓ أَمۡرٖ مَّرِيجٍ
Sabenere dheweke wis gorohake kebeneran nalika kebeneran mau teka marang dheweke. Mulane dheweke padha ora karuan
Surah Qaf, Verse 5
أَفَلَمۡ يَنظُرُوٓاْ إِلَى ٱلسَّمَآءِ فَوۡقَهُمۡ كَيۡفَ بَنَيۡنَٰهَا وَزَيَّنَّـٰهَا وَمَا لَهَا مِن فُرُوجٖ
Apa dheweke lali ora deleng langit kang ana dhuwur, anggone Ingsun hadegake tanpa cagak lan direnggo (kelawan lintang warna - warna) apadene tanpa cacat utawa benthet sathithika
Surah Qaf, Verse 6
وَٱلۡأَرۡضَ مَدَدۡنَٰهَا وَأَلۡقَيۡنَا فِيهَا رَوَٰسِيَ وَأَنۢبَتۡنَا فِيهَا مِن كُلِّ زَوۡجِۭ بَهِيجٖ
Lan ora dheleng bumi anggone Ingsun gelar Ingsun dokoki gunung gedhe pirang - pirang, thetukulan warna- warna kang bungahake
Surah Qaf, Verse 7
تَبۡصِرَةٗ وَذِكۡرَىٰ لِكُلِّ عَبۡدٖ مُّنِيبٖ
Minangka tuladha lan pepeling tumrap kawula kang manut miturut
Surah Qaf, Verse 8
وَنَزَّلۡنَا مِنَ ٱلسَّمَآءِ مَآءٗ مُّبَٰرَكٗا فَأَنۢبَتۡنَا بِهِۦ جَنَّـٰتٖ وَحَبَّ ٱلۡحَصِيدِ
Lan maneh Ingsun nurunake banyu udan kang mawa berkah saka langit, banjur dianggo nukulake thetukulan ing palemahan lan wit - wit kang kena diunduhi wohe
Surah Qaf, Verse 9
وَٱلنَّخۡلَ بَاسِقَٰتٖ لَّهَا طَلۡعٞ نَّضِيدٞ
Lan nukulake wit kurma kang glugune dhuwur - dhuwur lan wangune sungsun akeh
Surah Qaf, Verse 10
رِّزۡقٗا لِّلۡعِبَادِۖ وَأَحۡيَيۡنَا بِهِۦ بَلۡدَةٗ مَّيۡتٗاۚ كَذَٰلِكَ ٱلۡخُرُوجُ
Minangka pangane para kawula, lan maneh banyu udan mau Ingsun anggo nguripake palemahan kang bera. Dene metune wong kang wis padha mati saka kubure hiya kaya mangkono
Surah Qaf, Verse 11
كَذَّبَتۡ قَبۡلَهُمۡ قَوۡمُ نُوحٖ وَأَصۡحَٰبُ ٱلرَّسِّ وَثَمُودُ
Yen para ummate Nuh lan pendhudhuk Ros lan Tsamud
Surah Qaf, Verse 12
وَعَادٞ وَفِرۡعَوۡنُ وَإِخۡوَٰنُ لُوطٖ
Lan maneh kaum 'Aad, kaum Fir'aun, lan kaum Luth
Surah Qaf, Verse 13
وَأَصۡحَٰبُ ٱلۡأَيۡكَةِ وَقَوۡمُ تُبَّعٖۚ كُلّٞ كَذَّبَ ٱلرُّسُلَ فَحَقَّ وَعِيدِ
Lan pendhudhuk Aikah sarta kaum Thubba' kabeh wis gorohake para utusan mulane wis benere kena pangancam ing siksa
Surah Qaf, Verse 14
أَفَعَيِينَا بِٱلۡخَلۡقِ ٱلۡأَوَّلِۚ بَلۡ هُمۡ فِي لَبۡسٖ مِّنۡ خَلۡقٖ جَدِيدٖ
Apa Ingsun iki sayah dening nitahake titah kang sakawit? Ananging dheweke padha dumunung ing semang - semang tumrap tumitahe titah kang anyar
Surah Qaf, Verse 15
وَلَقَدۡ خَلَقۡنَا ٱلۡإِنسَٰنَ وَنَعۡلَمُ مَا تُوَسۡوِسُ بِهِۦ نَفۡسُهُۥۖ وَنَحۡنُ أَقۡرَبُ إِلَيۡهِ مِنۡ حَبۡلِ ٱلۡوَرِيدِ
Ingsun wis nitahake manungsa lan nguningani sakrenteking atine, dene Ingsun iki cedhak banget marang manungsa luwih cedhak tinimbang otot gulu-iring
Surah Qaf, Verse 16
إِذۡ يَتَلَقَّى ٱلۡمُتَلَقِّيَانِ عَنِ ٱلۡيَمِينِ وَعَنِ ٱلشِّمَالِ قَعِيدٞ
Sira nyaritakna nalikane malaikat loro kang rumeksa manungsa padha sapetemon linggih ana ing kiwa tengene manungsa
Surah Qaf, Verse 17
مَّا يَلۡفِظُ مِن قَوۡلٍ إِلَّا لَدَيۡهِ رَقِيبٌ عَتِيدٞ
Saben manungsa mau ngucap apa wae, mesthi ditulisi dening malaikat loro kang padha ana kita - tengene
Surah Qaf, Verse 18
وَجَآءَتۡ سَكۡرَةُ ٱلۡمَوۡتِ بِٱلۡحَقِّۖ ذَٰلِكَ مَا كُنتَ مِنۡهُ تَحِيدُ
Sakwise tekan ing wewangen, sekarate pati teka. Pati mau kang tansa sira singkiri
Surah Qaf, Verse 19
وَنُفِخَ فِي ٱلصُّورِۚ ذَٰلِكَ يَوۡمُ ٱلۡوَعِيدِ
Lan slomprete bakal diunekake, iku dina ancaman
Surah Qaf, Verse 20
وَجَآءَتۡ كُلُّ نَفۡسٖ مَّعَهَا سَآئِقٞ وَشَهِيدٞ
Lan sarupane jiwa bakal teka, kang anyartani iku tukang anggiring lan saksi
Surah Qaf, Verse 21
لَّقَدۡ كُنتَ فِي غَفۡلَةٖ مِّنۡ هَٰذَا فَكَشَفۡنَا عَنكَ غِطَآءَكَ فَبَصَرُكَ ٱلۡيَوۡمَ حَدِيدٞ
Nalika ana ing donya sira lali, ora mikir prakara iki, saiki kang lali mau Ingsun bukak. Pandeleng mau banjur padhang weruh kabeh barang kang sira paido biyen
Surah Qaf, Verse 22
وَقَالَ قَرِينُهُۥ هَٰذَا مَا لَدَيَّ عَتِيدٌ
Malaikat kang nyatheti dhawuh, "Kang kasebut ing buku iki lugune cathtan kang ana ing aku
Surah Qaf, Verse 23
أَلۡقِيَا فِي جَهَنَّمَ كُلَّ كَفَّارٍ عَنِيدٖ
(Nuli ana dhawuhing Allah marang Malaikat Malik kang jaga neraka) sarupane wong kafir kang nyulayani ing Allah padha cemplungna neraka jahannam
Surah Qaf, Verse 24
مَّنَّاعٖ لِّلۡخَيۡرِ مُعۡتَدٖ مُّرِيبٍ
Hiya iku wong kang padha nyegah penggawe becik, padha nganiaya lan mamang agamne Allah
Surah Qaf, Verse 25
ٱلَّذِي جَعَلَ مَعَ ٱللَّهِ إِلَٰهًا ءَاخَرَ فَأَلۡقِيَاهُ فِي ٱلۡعَذَابِ ٱلشَّدِيدِ
Kang padha mangeran marang liyane Allah, padha sira cemplungake ing siksa kang abot
Surah Qaf, Verse 26
۞قَالَ قَرِينُهُۥ رَبَّنَا مَآ أَطۡغَيۡتُهُۥ وَلَٰكِن كَانَ فِي ضَلَٰلِۭ بَعِيدٖ
Kancane kang bareng dheweke uga kondho, "Dhuh Pangeran kawula, Paduka mboten pisan nasaraken nanging pun kafir piyambak ingkang narasaken
Surah Qaf, Verse 27
قَالَ لَا تَخۡتَصِمُواْ لَدَيَّ وَقَدۡ قَدَّمۡتُ إِلَيۡكُم بِٱلۡوَعِيدِ
Allah ngandika, "Aja padha padu (gojegan) ana ngarsaningsun biyen Ingsun wis ngundangake pangancam siksa marang sira
Surah Qaf, Verse 28
مَا يُبَدَّلُ ٱلۡقَوۡلُ لَدَيَّ وَمَآ أَنَا۠ بِظَلَّـٰمٖ لِّلۡعَبِيدِ
Undang - undange al-Quran iku terang saka Ingsun, ora kena diowahi. Ingsun ora pisan nganiaa marang kawulaningsun
Surah Qaf, Verse 29
يَوۡمَ نَقُولُ لِجَهَنَّمَ هَلِ ٱمۡتَلَأۡتِ وَتَقُولُ هَلۡ مِن مَّزِيدٖ
Nalikane Ingsun dhwuh marang neraka jahannam, "Apa saiki wis kebak?" Dijawab, "Dereng, punapa taksih badhe katambahan malih
Surah Qaf, Verse 30
وَأُزۡلِفَتِ ٱلۡجَنَّةُ لِلۡمُتَّقِينَ غَيۡرَ بَعِيدٍ
Lan suwarga wis dicedhakake marang para wong kang taqwa marang panggonan kang ora pati adoh
Surah Qaf, Verse 31
هَٰذَا مَا تُوعَدُونَ لِكُلِّ أَوَّابٍ حَفِيظٖ
Suwarga iku ganjaran kang Ingsun prasetyakake biyen marang wong kang manut miturut marang Ingsun nyingkiri larang Ingsun
Surah Qaf, Verse 32
مَّنۡ خَشِيَ ٱلرَّحۡمَٰنَ بِٱلۡغَيۡبِ وَجَآءَ بِقَلۡبٖ مُّنِيبٍ
Hiya iku wong kang bektu ing Allah kang Maha Murah, tur ora handeleng dzating Allah kelawan kasat mata. Lan seba ing Allah (sowan) kelawan ati madhep
Surah Qaf, Verse 33
ٱدۡخُلُوهَا بِسَلَٰمٖۖ ذَٰلِكَ يَوۡمُ ٱلۡخُلُودِ
(Kawulaningsun kang becik) Padha malebua suwarga ing suwarga kelawan tentrem, ing kono langgeng ora ana pati
Surah Qaf, Verse 34
لَهُم مَّا يَشَآءُونَ فِيهَا وَلَدَيۡنَا مَزِيدٞ
Ana ing suwarga, wong mukmmin padha katekan samu barang kang dikarepake, lan ana maneh wuwuhing kabungahan ana ngarsaningsun
Surah Qaf, Verse 35
وَكَمۡ أَهۡلَكۡنَا قَبۡلَهُم مِّن قَرۡنٍ هُمۡ أَشَدُّ مِنۡهُم بَطۡشٗا فَنَقَّبُواْ فِي ٱلۡبِلَٰدِ هَلۡ مِن مَّحِيصٍ
Lan pira - pira ummat biyen padha Ingsun tumpes tur gagah prakosane ngungkuli ummat mau. WOng kafir mau pdha mlayu ana sajerone negara, karepa ngungsi. Apa hiya oleh pangungsen
Surah Qaf, Verse 36
إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَذِكۡرَىٰ لِمَن كَانَ لَهُۥ قَلۡبٌ أَوۡ أَلۡقَى ٱلسَّمۡعَ وَهُوَ شَهِيدٞ
Kang wis ksasebut mau mesthi dadi wewulang tumrap wong kang ana pikire. Utawa ngrungokake wewulang tur atine ngrasakake
Surah Qaf, Verse 37
وَلَقَدۡ خَلَقۡنَا ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضَ وَمَا بَيۡنَهُمَا فِي سِتَّةِ أَيَّامٖ وَمَا مَسَّنَا مِن لُّغُوبٖ
Ingsun wis gawe bumi lan langit apa dene barang kang ana antarane. Suwene mung enem mangsa rampung, lan Ingsun tanpa sayah
Surah Qaf, Verse 38
فَٱصۡبِرۡ عَلَىٰ مَا يَقُولُونَ وَسَبِّحۡ بِحَمۡدِ رَبِّكَ قَبۡلَ طُلُوعِ ٱلشَّمۡسِ وَقَبۡلَ ٱلۡغُرُوبِ
(Muhammad) Mulane sira shabara aja ngrasakake pangucape (Yahudi lan Nashara) mung nyebuta Maha Suci lan memuji ing Pangeran (shalat) sadurunge mlethek srengenge lan sadurunge surup (yaiku sholat dhuhur lan Ashar)
Surah Qaf, Verse 39
وَمِنَ ٱلَّيۡلِ فَسَبِّحۡهُ وَأَدۡبَٰرَ ٱلسُّجُودِ
Lan memuji sira marang Pangeran ana ing wayah bengi lan sawise rampung sholat (fardhu)
Surah Qaf, Verse 40
وَٱسۡتَمِعۡ يَوۡمَ يُنَادِ ٱلۡمُنَادِ مِن مَّكَانٖ قَرِيبٖ
Padha ngungokna nalikane pangundang (malaikat) ngundang saka panggonan kang cedhak
Surah Qaf, Verse 41
يَوۡمَ يَسۡمَعُونَ ٱلصَّيۡحَةَ بِٱلۡحَقِّۚ ذَٰلِكَ يَوۡمُ ٱلۡخُرُوجِ
Denen nalikane para makhluk padha krungu getakke (Malaikat) kang sabenere, nalikane (wong kang wis padha mati saka kubur)
Surah Qaf, Verse 42
إِنَّا نَحۡنُ نُحۡيِۦ وَنُمِيتُ وَإِلَيۡنَا ٱلۡمَصِيرُ
Ingsun iki kang gawe pati lan urip, samu barang iku wekasane padha bali marang Allah
Surah Qaf, Verse 43
يَوۡمَ تَشَقَّقُ ٱلۡأَرۡضُ عَنۡهُمۡ سِرَاعٗاۚ ذَٰلِكَ حَشۡرٌ عَلَيۡنَا يَسِيرٞ
Yaiku nalikane bumi pada bengkah (wong kang wis padha mati padha metu saka kono) nglumpuk rerikatan. Kekalkone mangkono mau tumrap Ingsun gampang
Surah Qaf, Verse 44
نَّحۡنُ أَعۡلَمُ بِمَا يَقُولُونَۖ وَمَآ أَنتَ عَلَيۡهِم بِجَبَّارٖۖ فَذَكِّرۡ بِٱلۡقُرۡءَانِ مَن يَخَافُ وَعِيدِ
Ingsun luwih nguningani pangucape dheweke, sira ora bisa meksa wong kafir mau marang iman, mulane sing sapa wedi pangancam Ingsun siksa, manut mituruta wulangane al-Quran
Surah Qaf, Verse 45