Surah An-Najm - Javanese Translation by Unknown
وَٱلنَّجۡمِ إِذَا هَوَىٰ
Demi lintang nalikane surup
Surah An-Najm, Verse 1
مَا ضَلَّ صَاحِبُكُمۡ وَمَا غَوَىٰ
Kancanira (Muhammad) iku ora pisan kesasar lan ora ngawur
Surah An-Najm, Verse 2
وَمَا يَنطِقُ عَنِ ٱلۡهَوَىٰٓ
Lamg dingendikaake (Muhammad yoiku Al-Quran) dudu sakarepe dhewe
Surah An-Najm, Verse 3
إِنۡ هُوَ إِلَّا وَحۡيٞ يُوحَىٰ
Kabeh kang didhawuhake mesthi wahyu terang saka Ingsun
Surah An-Najm, Verse 4
عَلَّمَهُۥ شَدِيدُ ٱلۡقُوَىٰ
Kang diutus dhawuhake wahyu mau (Jibril) kang gagah perkasa
Surah An-Najm, Verse 5
ذُو مِرَّةٖ فَٱسۡتَوَىٰ
Kang duwe akal lantip lan (Jibril mau) ngetokake rupane kang sejati (nalika Muhammad Mi'roj)
Surah An-Najm, Verse 6
وَهُوَ بِٱلۡأُفُقِ ٱلۡأَعۡلَىٰ
Lan nalikane dheweke (Muhammad) ana ing panggonan mletheke srengenge (ufuk kang dhuwur)
Surah An-Najm, Verse 7
ثُمَّ دَنَا فَتَدَلَّىٰ
Tumuli dheweke (Jibril) nyedhak marang (Muhammad) sangsaya nyedhak
Surah An-Najm, Verse 8
فَكَانَ قَابَ قَوۡسَيۡنِ أَوۡ أَدۡنَىٰ
Chedake nganti padha karo anak panah loro utawa luwih cedhak maneh
Surah An-Najm, Verse 9
فَأَوۡحَىٰٓ إِلَىٰ عَبۡدِهِۦ مَآ أَوۡحَىٰ
Allah dhawuhake wahyu marang kawulane (Muhammad) hiya iku kang didhawuhake lumantar (Jibril)
Surah An-Najm, Verse 10
مَا كَذَبَ ٱلۡفُؤَادُ مَا رَأَىٰٓ
Atine (Muhammad) ora maido rupane (Jibril) kang wis dideleng (ana guwa Hira)
Surah An-Najm, Verse 11
أَفَتُمَٰرُونَهُۥ عَلَىٰ مَا يَرَىٰ
He wong kang mangro tinal, ya gene sira madoni (Muhammad) anggone deleng (weruh Jibril)
Surah An-Najm, Verse 12
وَلَقَدۡ رَءَاهُ نَزۡلَةً أُخۡرَىٰ
Lan satemene Muhammad wis weruh Jibril (rupane kang sejati) ana wektu liya
Surah An-Najm, Verse 13
عِندَ سِدۡرَةِ ٱلۡمُنتَهَىٰ
Yaiku ana ing sidratil Muntaha (panggonan kang dhuwur dhewe ana langit nomer sing diweruhi Nabi Muhammad nalika mi'roj)
Surah An-Najm, Verse 14
عِندَهَا جَنَّةُ ٱلۡمَأۡوَىٰٓ
Ing kono panggonane suwarga Ma'wa
Surah An-Najm, Verse 15
إِذۡ يَغۡشَى ٱلسِّدۡرَةَ مَا يَغۡشَىٰ
(Muhammad pirsa Jibril) nalika sidratil Muntaha mau ana kang nutupi
Surah An-Najm, Verse 16
مَا زَاغَ ٱلۡبَصَرُ وَمَا طَغَىٰ
Pandelenge Muhammad ora luput lan ora kesasar
Surah An-Najm, Verse 17
لَقَدۡ رَأَىٰ مِنۡ ءَايَٰتِ رَبِّهِ ٱلۡكُبۡرَىٰٓ
Satemene Muhammad wis pirsa sebagian tandha - tandha (kekuasaane) Pangerane kang agung
Surah An-Najm, Verse 18
أَفَرَءَيۡتُمُ ٱللَّـٰتَ وَٱلۡعُزَّىٰ
Padha kondhoa, "Piye panemumu mungguh brahala kang aran Lata lan 'Uzza
Surah An-Najm, Verse 19
وَمَنَوٰةَ ٱلثَّالِثَةَ ٱلۡأُخۡرَىٰٓ
Lan brahala telu liyane, apa hiya padha duwe kuasa kaya kuasane Allah? (ora)
Surah An-Najm, Verse 20
أَلَكُمُ ٱلذَّكَرُ وَلَهُ ٱلۡأُنثَىٰ
Apa nyata, sarupane bocah lanang iku anakira, dene bocah wadon putrane Allah
Surah An-Najm, Verse 21
تِلۡكَ إِذٗا قِسۡمَةٞ ضِيزَىٰٓ
Pangedum mangkono iku luput ora adil
Surah An-Najm, Verse 22
إِنۡ هِيَ إِلَّآ أَسۡمَآءٞ سَمَّيۡتُمُوهَآ أَنتُمۡ وَءَابَآؤُكُم مَّآ أَنزَلَ ٱللَّهُ بِهَا مِن سُلۡطَٰنٍۚ إِن يَتَّبِعُونَ إِلَّا ٱلظَّنَّ وَمَا تَهۡوَى ٱلۡأَنفُسُۖ وَلَقَدۡ جَآءَهُم مِّن رَّبِّهِمُ ٱلۡهُدَىٰٓ
Kabeh kang wis kasebut mau mung jeneng dianggo jenengake brahala, kang jenengake kowe lan leluhurmu. Allah ora nurunake dhawuh nyembah brahala mau, Anggonmu paha nyembah brahala mau mung nuruti panyana lan karepa ati kang kena panggodhaning seta. Tur wis padha diparingi pituduh dening Allah marang dheweke
Surah An-Najm, Verse 23
أَمۡ لِلۡإِنسَٰنِ مَا تَمَنَّىٰ
Apa manungsa bakal oleh kabeh sing diangen - angeni
Surah An-Najm, Verse 24
فَلِلَّهِ ٱلۡأٓخِرَةُ وَٱلۡأُولَىٰ
kelakone samu barang ana donya lan akherat iku ana kuasane Allah
Surah An-Najm, Verse 25
۞وَكَم مِّن مَّلَكٖ فِي ٱلسَّمَٰوَٰتِ لَا تُغۡنِي شَفَٰعَتُهُمۡ شَيۡـًٔا إِلَّا مِنۢ بَعۡدِ أَن يَأۡذَنَ ٱللَّهُ لِمَن يَشَآءُ وَيَرۡضَىٰٓ
Piro wae akehe Malaikat ing langit kang syafa'ate ora migunani kejaba yen diparengake nyafa'ati wong kang dadi keparenge Allah
Surah An-Najm, Verse 26
إِنَّ ٱلَّذِينَ لَا يُؤۡمِنُونَ بِٱلۡأٓخِرَةِ لَيُسَمُّونَ ٱلۡمَلَـٰٓئِكَةَ تَسۡمِيَةَ ٱلۡأُنثَىٰ
Satemene wong kang ora ngandel bakal anane akherat padha ngarane yen Malaikat iku putrane Allah putri
Surah An-Najm, Verse 27
وَمَا لَهُم بِهِۦ مِنۡ عِلۡمٍۖ إِن يَتَّبِعُونَ إِلَّا ٱلظَّنَّۖ وَإِنَّ ٱلظَّنَّ لَا يُغۡنِي مِنَ ٱلۡحَقِّ شَيۡـٔٗا
Lan dheweke ora duweni kaweruh bab mau, mung saka panyanane wae, kang mangka panyana iku ora bisa nyirnakake kang temen sithik wae
Surah An-Najm, Verse 28
فَأَعۡرِضۡ عَن مَّن تَوَلَّىٰ عَن ذِكۡرِنَا وَلَمۡ يُرِدۡ إِلَّا ٱلۡحَيَوٰةَ ٱلدُّنۡيَا
Mulane padha mlengosa marang wong kang gorohake al-QuranKu kang mung golek kabungahan ing donya
Surah An-Najm, Verse 29
ذَٰلِكَ مَبۡلَغُهُم مِّنَ ٱلۡعِلۡمِۚ إِنَّ رَبَّكَ هُوَ أَعۡلَمُ بِمَن ضَلَّ عَن سَبِيلِهِۦ وَهُوَ أَعۡلَمُ بِمَنِ ٱهۡتَدَىٰ
Hiya iku saka katoge kaweruhe. Satemene Allah nguningani wong kang nyimpang saka dalaning Allah, lan uga nguningani wong kang ngambah pituduh bener
Surah An-Najm, Verse 30
وَلِلَّهِ مَا فِي ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَمَا فِي ٱلۡأَرۡضِ لِيَجۡزِيَ ٱلَّذِينَ أَسَـٰٓـُٔواْ بِمَا عَمِلُواْ وَيَجۡزِيَ ٱلَّذِينَ أَحۡسَنُواْ بِٱلۡحُسۡنَى
Isine bumi lan langit iku kagungane Allah, kang bakal matrapi kang lakune hala sarta ganjar wong kang tumindak panggawe becik
Surah An-Najm, Verse 31
ٱلَّذِينَ يَجۡتَنِبُونَ كَبَـٰٓئِرَ ٱلۡإِثۡمِ وَٱلۡفَوَٰحِشَ إِلَّا ٱللَّمَمَۚ إِنَّ رَبَّكَ وَٰسِعُ ٱلۡمَغۡفِرَةِۚ هُوَ أَعۡلَمُ بِكُمۡ إِذۡ أَنشَأَكُم مِّنَ ٱلۡأَرۡضِ وَإِذۡ أَنتُمۡ أَجِنَّةٞ فِي بُطُونِ أُمَّهَٰتِكُمۡۖ فَلَا تُزَكُّوٓاْ أَنفُسَكُمۡۖ هُوَ أَعۡلَمُ بِمَنِ ٱتَّقَىٰٓ
Hiya iku wong kang padha nyingkiri dosa gedhe lan panggawe ala kajaba dosa cilik kang mung sithik. Satemene Allah iku pangapurane gedhe kang nguningani sira. Panjenengane nguningani sira nalika dadekake saka lemah utawa nalika isih ana wetenge biyungmu dadi bayi. Mulane sira aja semuci - suci. Allah nguningani wong kang bekti
Surah An-Najm, Verse 32
أَفَرَءَيۡتَ ٱلَّذِي تَوَلَّىٰ
Piye panemumu wong kang balik (saka al-Quran)
Surah An-Najm, Verse 33
وَأَعۡطَىٰ قَلِيلٗا وَأَكۡدَىٰٓ
Lan mewehake bandhane sithik lan ora gelem weweh maneh
Surah An-Najm, Verse 34
أَعِندَهُۥ عِلۡمُ ٱلۡغَيۡبِ فَهُوَ يَرَىٰٓ
Apa dheweke (Walid bin Mughiroh) weruh barang kang samar - samar ngnti ngerti (apa sing dikandhakake)
Surah An-Najm, Verse 35
أَمۡ لَمۡ يُنَبَّأۡ بِمَا فِي صُحُفِ مُوسَىٰ
Apa durung oleh wulang kang kasebut ing kitabe/shuhuf Musa
Surah An-Najm, Verse 36
وَإِبۡرَٰهِيمَ ٱلَّذِي وَفَّىٰٓ
Lan lembaran - lembarane Obrahim kang wis didhawuhake lan dilakoni
Surah An-Najm, Verse 37
أَلَّا تَزِرُ وَازِرَةٞ وِزۡرَ أُخۡرَىٰ
Yaiku wong kang dosa bakal nandhang patrapan saka dosane liyan
Surah An-Najm, Verse 38
وَأَن لَّيۡسَ لِلۡإِنسَٰنِ إِلَّا مَا سَعَىٰ
Lan manungsa ora bakal tampa ganjaran kajaba laku kang wis dilakone dhewe
Surah An-Najm, Verse 39
وَأَنَّ سَعۡيَهُۥ سَوۡفَ يُرَىٰ
Lan lakune mau besuk bakal katon
Surah An-Najm, Verse 40
ثُمَّ يُجۡزَىٰهُ ٱلۡجَزَآءَ ٱلۡأَوۡفَىٰ
Banjur diparingi ganjaran (pituas) kang sempurna murwat kang wis dilakoni
Surah An-Najm, Verse 41
وَأَنَّ إِلَىٰ رَبِّكَ ٱلۡمُنتَهَىٰ
Satemene barang - barang iku wekasane bali marang ngarsane Allah
Surah An-Najm, Verse 42
وَأَنَّهُۥ هُوَ أَضۡحَكَ وَأَبۡكَىٰ
Satemene Allah paring bungah (kang dadekake bungah lan gumuyu) sarta paring susah (kang dadekake susah lan tangis)
Surah An-Najm, Verse 43
وَأَنَّهُۥ هُوَ أَمَاتَ وَأَحۡيَا
Saktemene Allah iku kang gawe pati lan urip
Surah An-Najm, Verse 44
وَأَنَّهُۥ خَلَقَ ٱلزَّوۡجَيۡنِ ٱلذَّكَرَ وَٱلۡأُنثَىٰ
Satemene Allah iku kang gawe jejodhon lanang lan wadon
Surah An-Najm, Verse 45
مِن نُّطۡفَةٍ إِذَا تُمۡنَىٰ
Saka nutfah (mani) kang tumama ing pranakan
Surah An-Najm, Verse 46
وَأَنَّ عَلَيۡهِ ٱلنَّشۡأَةَ ٱلۡأُخۡرَىٰ
Satemene Allah bakal nguripake wong kang wis padha mati
Surah An-Najm, Verse 47
وَأَنَّهُۥ هُوَ أَغۡنَىٰ وَأَقۡنَىٰ
Satemene Allah kang paring kesugihan lan kecukupan
Surah An-Najm, Verse 48
وَأَنَّهُۥ هُوَ رَبُّ ٱلشِّعۡرَىٰ
Satemene Allah iku Pangerane lintang Syi'ra
Surah An-Najm, Verse 49
وَأَنَّهُۥٓ أَهۡلَكَ عَادًا ٱلۡأُولَىٰ
Satemene ALlah iku kang numpes wong 'Aad ing zaman kuna
Surah An-Najm, Verse 50
وَثَمُودَاْ فَمَآ أَبۡقَىٰ
Lan uga numpes wong Tsamud nganti ora ana kang keri
Surah An-Najm, Verse 51
وَقَوۡمَ نُوحٖ مِّن قَبۡلُۖ إِنَّهُمۡ كَانُواْ هُمۡ أَظۡلَمَ وَأَطۡغَىٰ
Lan uga numpes wong Tsamud nganti ora ana kang keri
Surah An-Najm, Verse 52
وَٱلۡمُؤۡتَفِكَةَ أَهۡوَىٰ
Lan negara - negara kang dienggoni ummate Luth kang diwalik dening Allah
Surah An-Najm, Verse 53
فَغَشَّىٰهَا مَا غَشَّىٰ
Tumuli Allah maringi marang negara mau siksa gedhe
Surah An-Najm, Verse 54
فَبِأَيِّ ءَالَآءِ رَبِّكَ تَتَمَارَىٰ
Mulane endi ta paringe Allah kabungahan marang isra kang isih mamang
Surah An-Najm, Verse 55
هَٰذَا نَذِيرٞ مِّنَ ٱلنُّذُرِ ٱلۡأُولَىٰٓ
(Muhammad) iki utusan kang paring pengeling - eling kaya dene utusan sak durunge
Surah An-Najm, Verse 56
أَزِفَتِ ٱلۡأٓزِفَةُ
Saiki Qiyamat iku wis cedhak
Surah An-Najm, Verse 57
لَيۡسَ لَهَا مِن دُونِ ٱللَّهِ كَاشِفَةٌ
Liyane Allah ora ana kang bisa medharakae titi mangsa kelakone Qiyamat mau
Surah An-Najm, Verse 58
أَفَمِنۡ هَٰذَا ٱلۡحَدِيثِ تَعۡجَبُونَ
Apa ana kang sira gumuni kelawan maido kabar iki
Surah An-Najm, Verse 59
وَتَضۡحَكُونَ وَلَا تَبۡكُونَ
Lan geguyu ora nangis (dening krungu pangancam)
Surah An-Najm, Verse 60
وَأَنتُمۡ سَٰمِدُونَ
Lan sira padha ora perduli
Surah An-Najm, Verse 61
فَٱسۡجُدُواْۤ لِلَّهِۤ وَٱعۡبُدُواْ۩
Mulane padha sujuda lan bektia ing Allah
Surah An-Najm, Verse 62