Surah As-Saff Verse 6 - Javanese Translation by Unknown
Surah As-Saffوَإِذۡ قَالَ عِيسَى ٱبۡنُ مَرۡيَمَ يَٰبَنِيٓ إِسۡرَـٰٓءِيلَ إِنِّي رَسُولُ ٱللَّهِ إِلَيۡكُم مُّصَدِّقٗا لِّمَا بَيۡنَ يَدَيَّ مِنَ ٱلتَّوۡرَىٰةِ وَمُبَشِّرَۢا بِرَسُولٖ يَأۡتِي مِنۢ بَعۡدِي ٱسۡمُهُۥٓ أَحۡمَدُۖ فَلَمَّا جَآءَهُم بِٱلۡبَيِّنَٰتِ قَالُواْ هَٰذَا سِحۡرٞ مُّبِينٞ
Lan nyaritakna nalika Isa anake Maryam biyen mituturi mangkene, " Para turune Israil, Aku iki utusane Allah marang kowe netepake yen Kitab Taurat kang ana ngarepku lan kitabe para nabi kang kuna - kuna iku temen kabeh bener. Sarta aku memeca ing tembe bakal ana utusane Allah kang jumeneng sapungkurku kang namane Ahmad ( Muhammad) " . Bareng jumeneng kanthi tandha yekti pirang - pirang, wong Bani Israil padha kondha, " Tandha yekti iki cetha sihir