UAE Prayer Times

  • Dubai
  • Abu Dhabi
  • Sharjah
  • Ajman
  • Fujairah
  • Umm Al Quwain
  • Ras Al Khaimah
  • Quran Translations

Surah Al-Jumua - Javanese Translation by Unknown


يُسَبِّحُ لِلَّهِ مَا فِي ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَمَا فِي ٱلۡأَرۡضِ ٱلۡمَلِكِ ٱلۡقُدُّوسِ ٱلۡعَزِيزِ ٱلۡحَكِيمِ

Hisen - hisening langit lan bumi padha nyebut Maha Suci ing Allah, panguasa kang Maha Suci, Kang Maha Mulya tur Wicaksana
Surah Al-Jumua, Verse 1


هُوَ ٱلَّذِي بَعَثَ فِي ٱلۡأُمِّيِّـۧنَ رَسُولٗا مِّنۡهُمۡ يَتۡلُواْ عَلَيۡهِمۡ ءَايَٰتِهِۦ وَيُزَكِّيهِمۡ وَيُعَلِّمُهُمُ ٱلۡكِتَٰبَ وَٱلۡحِكۡمَةَ وَإِن كَانُواْ مِن قَبۡلُ لَفِي ضَلَٰلٖ مُّبِينٖ

ALlah iku kang ngutus (Rosul Muhammad) marang wong kang ora bisa maca saka golongane (wong arab banjur dhawuhake ayating Allah marang dheweke, lan ngresikake atine saka mangro tingal, sarta mulang al-Quran kang isi hikmahe Allah, sanadyan sadurunge padha tetela kesasar)
Surah Al-Jumua, Verse 2


وَءَاخَرِينَ مِنۡهُمۡ لَمَّا يَلۡحَقُواْ بِهِمۡۚ وَهُوَ ٱلۡعَزِيزُ ٱلۡحَكِيمُ

Lan nerangake uga marang para ummat liyane kang ora menangi zamane ummat mau. Allah iku Maha Mulya tur Wicaksana
Surah Al-Jumua, Verse 3


ذَٰلِكَ فَضۡلُ ٱللَّهِ يُؤۡتِيهِ مَن يَشَآءُۚ وَٱللَّهُ ذُو ٱلۡفَضۡلِ ٱلۡعَظِيمِ

Kang mangkono iku sih kanugrahane Allah dadi parenge kersane. Allah iku kagungan kanugrahan agung
Surah Al-Jumua, Verse 4


مَثَلُ ٱلَّذِينَ حُمِّلُواْ ٱلتَّوۡرَىٰةَ ثُمَّ لَمۡ يَحۡمِلُوهَا كَمَثَلِ ٱلۡحِمَارِ يَحۡمِلُ أَسۡفَارَۢاۚ بِئۡسَ مَثَلُ ٱلۡقَوۡمِ ٱلَّذِينَ كَذَّبُواْ بِـَٔايَٰتِ ٱللَّهِۚ وَٱللَّهُ لَا يَهۡدِي ٱلۡقَوۡمَ ٱلظَّـٰلِمِينَ

Sarupane wong kang wis didhawuhi ngistokake Taurat wusana banjur ora gelem (banjur nerusake manut marang nabi Muhamad SAW). Iku upamanane kaya Himar (jalaran cilik bodho) gawa kitab - kitab gedhe. Hala temen sarupane wong kang padha maido ayating Allah, Allah ora kersa paring pituduh bener marang wong kafir
Surah Al-Jumua, Verse 5


قُلۡ يَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ هَادُوٓاْ إِن زَعَمۡتُمۡ أَنَّكُمۡ أَوۡلِيَآءُ لِلَّهِ مِن دُونِ ٱلنَّاسِ فَتَمَنَّوُاْ ٱلۡمَوۡتَ إِن كُنتُمۡ صَٰدِقِينَ

(Muhammad) dhawuha, "Para wong kang nyungkemi agama Yahudi manawa kowe padha ngaku dadi kekasihing Allah dhewe ora ana maneh manungsa liyane, manawa temen mangkono, mara padha nyuwuna mati ing Allah
Surah Al-Jumua, Verse 6


وَلَا يَتَمَنَّوۡنَهُۥٓ أَبَدَۢا بِمَا قَدَّمَتۡ أَيۡدِيهِمۡۚ وَٱللَّهُ عَلِيمُۢ بِٱلظَّـٰلِمِينَ

Salawase wong Yahudi mau ora ngarep - arep mati marga rumangsa ngelakoni kafir. Allah nguningani marang wong kang padha kafir
Surah Al-Jumua, Verse 7


قُلۡ إِنَّ ٱلۡمَوۡتَ ٱلَّذِي تَفِرُّونَ مِنۡهُ فَإِنَّهُۥ مُلَٰقِيكُمۡۖ ثُمَّ تُرَدُّونَ إِلَىٰ عَٰلِمِ ٱلۡغَيۡبِ وَٱلشَّهَٰدَةِ فَيُنَبِّئُكُم بِمَا كُنتُمۡ تَعۡمَلُونَ

(Muhammad) Dhawuha, "Pati kang bok singkiri iku cepet utawa suwe mesthi keleksanan ing awakmu. Kowe banjur dibalekake marang ngarsane pangeran kang nguningani barang kang samar -samar lan barang kang kasat mata. ing kono Pangeran banjur beberake samu barang kang wis padha kok lakoni
Surah Al-Jumua, Verse 8


يَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوٓاْ إِذَا نُودِيَ لِلصَّلَوٰةِ مِن يَوۡمِ ٱلۡجُمُعَةِ فَٱسۡعَوۡاْ إِلَىٰ ذِكۡرِ ٱللَّهِ وَذَرُواْ ٱلۡبَيۡعَۚ ذَٰلِكُمۡ خَيۡرٞ لَّكُمۡ إِن كُنتُمۡ تَعۡلَمُونَ

Para mukmin! Manawa sira padha diundahng sholat dina jum'at inggal padha mangkata (menyang masjid) eling marang ALlah, ninggal adol-tuku, mangkono uga luwih becik tumrap sira, manawa wis weruh lakonono
Surah Al-Jumua, Verse 9


فَإِذَا قُضِيَتِ ٱلصَّلَوٰةُ فَٱنتَشِرُواْ فِي ٱلۡأَرۡضِ وَٱبۡتَغُواْ مِن فَضۡلِ ٱللَّهِ وَٱذۡكُرُواْ ٱللَّهَ كَثِيرٗا لَّعَلَّكُمۡ تُفۡلِحُونَ

Manawa sholat jum'at wis rampung padha sumebara ana bumi, golek pangupa jiwa murih oleh rizki peparinge Allah lan akeha eling marang ALlah supaya padha begja
Surah Al-Jumua, Verse 10


وَإِذَا رَأَوۡاْ تِجَٰرَةً أَوۡ لَهۡوًا ٱنفَضُّوٓاْ إِلَيۡهَا وَتَرَكُوكَ قَآئِمٗاۚ قُلۡ مَا عِندَ ٱللَّهِ خَيۡرٞ مِّنَ ٱللَّهۡوِ وَمِنَ ٱلتِّجَٰرَةِۚ وَٱللَّهُ خَيۡرُ ٱلرَّـٰزِقِينَ

Manawa dheweke (wong Islam) padha weruh dagangan lan dolanan banjur padha bubar (anggone sholat jum'at) marani dagangan mau. sira ditinggal ngadek. Dhawuha, "ganjaran ana ing ngarsane Allah luwih becik tinimbang dolanan lan dagangan. Allah iku becik - beike kang aweh rizki
Surah Al-Jumua, Verse 11


Author: Unknown


<< Surah 61
>> Surah 63

Javanese Translations by other Authors


Javanese Translation By Unknown
Javanese Translation By Unknown
Popular Areas
Apartments for rent in Dubai Apartments for rent Abu Dhabi Villas for rent in Dubai House for rent Abu Dhabi Apartments for sale in Dubai Apartments for sale in Abu Dhabi Flat for rent Sharjah
Popular Searches
Studios for rent in UAE Apartments for rent in UAE Villas for rent in UAE Apartments for sale in UAE Villas for sale in UAE Land for sale in UAE Dubai Real Estate
Trending Areas
Apartments for rent in Dubai Marina Apartments for sale in Dubai Marina Villa for rent in Sharjah Villa for sale in Dubai Flat for rent in Ajman Studio for rent in Abu Dhabi Villa for rent in Ajman
Trending Searches
Villa for rent in Abu Dhabi Shop for rent in Dubai Villas for sale in Ajman Studio for rent in Sharjah 1 Bedroom Apartment for rent in Dubai Property for rent in Abu Dhabi Commercial properties for sale
© Copyright Dubai Prayer Time. All Rights Reserved
Designed by Prayer Time In Dubai