Surah At-Taghabun Verse 9 - Javanese Translation by Unknown
Surah At-Taghabunيَوۡمَ يَجۡمَعُكُمۡ لِيَوۡمِ ٱلۡجَمۡعِۖ ذَٰلِكَ يَوۡمُ ٱلتَّغَابُنِۗ وَمَن يُؤۡمِنۢ بِٱللَّهِ وَيَعۡمَلۡ صَٰلِحٗا يُكَفِّرۡ عَنۡهُ سَيِّـَٔاتِهِۦ وَيُدۡخِلۡهُ جَنَّـٰتٖ تَجۡرِي مِن تَحۡتِهَا ٱلۡأَنۡهَٰرُ خَٰلِدِينَ فِيهَآ أَبَدٗاۚ ذَٰلِكَ ٱلۡفَوۡزُ ٱلۡعَظِيمُ
(Muhammad) Nyaritakna dina Qiyamat. Nalikane Allah ngalumpukake sira kabeh ana dina pakumpulan, hiya iku dina kapitunan. Ing kono sing sapa percaya ing Allah sarta nglakoni panggawe beci, Allah muwung sakabehe lakune wong mau kang hala, sarta dilebokake ing suwarga kang ana bengawane mili ana sangisore kekayon. Ana ing kono langgeng salawase, kang makono mau aran kabegjan gedhe