Surah Al-Qalam - Javanese Translation by Unknown
نٓۚ وَٱلۡقَلَمِ وَمَا يَسۡطُرُونَ
Nun, demi qalam (alat tulis) sarta apa kang padha ditulis
Surah Al-Qalam, Verse 1
مَآ أَنتَ بِنِعۡمَةِ رَبِّكَ بِمَجۡنُونٖ
Kelawan kanugrahane Pangeranira, sira (Muhammad) iku dudu wong owah
Surah Al-Qalam, Verse 2
وَإِنَّ لَكَ لَأَجۡرًا غَيۡرَ مَمۡنُونٖ
Satemene sira iku tampa ganjaran kang tanpa kendhat salawase
Surah Al-Qalam, Verse 3
وَإِنَّكَ لَعَلَىٰ خُلُقٍ عَظِيمٖ
Lan satemene sira iku duwe budi pekerti kang luhur
Surah Al-Qalam, Verse 4
فَسَتُبۡصِرُ وَيُبۡصِرُونَ
Lan sira bakal weruh, sarta dheweke (iya) bakal weruh
Surah Al-Qalam, Verse 5
بِأَييِّكُمُ ٱلۡمَفۡتُونُ
Sapa ing antarnira kang kadunungan owah
Surah Al-Qalam, Verse 6
إِنَّ رَبَّكَ هُوَ أَعۡلَمُ بِمَن ضَلَّ عَن سَبِيلِهِۦ وَهُوَ أَعۡلَمُ بِٱلۡمُهۡتَدِينَ
Satemene Pangeranira nguningani wong kang kesasar saka dalaning Allah, lan uga nguningani wong kang padha netepi pituduh bener
Surah Al-Qalam, Verse 7
فَلَا تُطِعِ ٱلۡمُكَذِّبِينَ
Mulane sira aja manut wong kang padha maido al-Qur'an
Surah Al-Qalam, Verse 8
وَدُّواْ لَوۡ تُدۡهِنُ فَيُدۡهِنُونَ
Karepe wong kafir sira iku lemesa lan asiha (aja ngaru biru anggone mangro - tingal) wong kafir uga banjur padha lemes lan asih, ora ngelarani marang sira
Surah Al-Qalam, Verse 9
وَلَا تُطِعۡ كُلَّ حَلَّافٖ مَّهِينٍ
Aja manut wong kang dhemen supata roh pikire ala
Surah Al-Qalam, Verse 10
هَمَّازٖ مَّشَّآءِۭ بِنَمِيمٖ
Tukang nanacat nyeber pangala - ala
Surah Al-Qalam, Verse 11
مَّنَّاعٖ لِّلۡخَيۡرِ مُعۡتَدٍ أَثِيمٍ
Menging gawe kebecikan, dhemen nganiaya lan duraka
Surah Al-Qalam, Verse 12
عُتُلِّۭ بَعۡدَ ذَٰلِكَ زَنِيمٍ
Asor lan ndablek sarta ngaku becik
Surah Al-Qalam, Verse 13
أَن كَانَ ذَا مَالٖ وَبَنِينَ
Aja dume wong kang mangkono mahu sugih bondho lan anak
Surah Al-Qalam, Verse 14
إِذَا تُتۡلَىٰ عَلَيۡهِ ءَايَٰتُنَا قَالَ أَسَٰطِيرُ ٱلۡأَوَّلِينَ
Manawa diwacakake Al-Quran ayatingsu, celathu, "iku gawe - gaweyane para wong kuna
Surah Al-Qalam, Verse 15
سَنَسِمُهُۥ عَلَى ٱلۡخُرۡطُومِ
Wong mangkono iku, Ingsun dodoki tenger ing irunge (belalai) salawase urip (nalika perang ing Badar Walid bin Mughirah prothol irungipun)
Surah Al-Qalam, Verse 16
إِنَّا بَلَوۡنَٰهُمۡ كَمَا بَلَوۡنَآ أَصۡحَٰبَ ٱلۡجَنَّةِ إِذۡ أَقۡسَمُواْ لَيَصۡرِمُنَّهَا مُصۡبِحِينَ
Sayekti Ingsun bakal nyoba dhewek koyo anggon Ingsun nyoba wong - wong kang duwe kebon nalikane padha supata tandurane mesthi diunduhi ing wayah bangun esuk (supaya aja dijaluki wong miskin)
Surah Al-Qalam, Verse 17
وَلَا يَسۡتَثۡنُونَ
Supatane tanpa sumendhe ing kersaning Allah
Surah Al-Qalam, Verse 18
فَطَافَ عَلَيۡهَا طَآئِفٞ مِّن رَّبِّكَ وَهُمۡ نَآئِمُونَ
Ing kono wong kang duwe tanduran lagi padha turu Pangeranira nurunake geni ngobong tandurane entek dadi awu
Surah Al-Qalam, Verse 19
فَأَصۡبَحَتۡ كَٱلصَّرِيمِ
Bareng wayah bangun esuk, tandurane mau wis rupa ireng kabeh, kaya wengi kang peteng
Surah Al-Qalam, Verse 20
فَتَنَادَوۡاْ مُصۡبِحِينَ
Ing wayah bangun esuk kang duwe tanduran padha ajak - ajak ngunduhi tandurane
Surah Al-Qalam, Verse 21
أَنِ ٱغۡدُواْ عَلَىٰ حَرۡثِكُمۡ إِن كُنتُمۡ صَٰرِمِينَ
Mara padha nilikanan tanduranmu manawa kowe arep ngunduhi
Surah Al-Qalam, Verse 22
فَٱنطَلَقُواْ وَهُمۡ يَتَخَٰفَتُونَ
Banjur padha mangkat sarta padha rembugan sesidheman
Surah Al-Qalam, Verse 23
أَن لَّا يَدۡخُلَنَّهَا ٱلۡيَوۡمَ عَلَيۡكُم مِّسۡكِينٞ
Awit dina iki palemahan iki aja nganti kalebon wong miskin
Surah Al-Qalam, Verse 24
وَغَدَوۡاْ عَلَىٰ حَرۡدٖ قَٰدِرِينَ
Ing wayah esuk, wong mau padha mangkat nedya jaga palemahane rumangsa bisa nguasani tandurane
Surah Al-Qalam, Verse 25
فَلَمَّا رَأَوۡهَا قَالُوٓاْ إِنَّا لَضَآلُّونَ
Bareng deleng tandurane wis dadi awu banjur padha ngucap, "Satemene aku kang luput
Surah Al-Qalam, Verse 26
بَلۡ نَحۡنُ مَحۡرُومُونَ
O, malah aku iki pada kelangan
Surah Al-Qalam, Verse 27
قَالَ أَوۡسَطُهُمۡ أَلَمۡ أَقُل لَّكُمۡ لَوۡلَا تُسَبِّحُونَ
Wong mau kang becik celathu mangkene, "Aku wis kondho menyang kowe, yo gene kowe ora padha maha sucekake (Gusti Allah)
Surah Al-Qalam, Verse 28
قَالُواْ سُبۡحَٰنَ رَبِّنَآ إِنَّا كُنَّا ظَٰلِمِينَ
Dheweke (sing duwe palemahan) banjur padha ngucap, "Dhuh Allah Pangeran kawula, Paduka punika Maha Suci kawula sampun ngakeni kalepatan (sami nganiaya)
Surah Al-Qalam, Verse 29
فَأَقۡبَلَ بَعۡضُهُمۡ عَلَىٰ بَعۡضٖ يَتَلَٰوَمُونَ
Wong mau siji lan sijine banjur padha tutuh tinutuh
Surah Al-Qalam, Verse 30
قَالُواْ يَٰوَيۡلَنَآ إِنَّا كُنَّا طَٰغِينَ
Padha ngucap, "O, cilaka temen aku iki (aku wis rumangsa luput) kapriye yen ora oleh pangapura
Surah Al-Qalam, Verse 31
عَسَىٰ رَبُّنَآ أَن يُبۡدِلَنَا خَيۡرٗا مِّنۡهَآ إِنَّآ إِلَىٰ رَبِّنَا رَٰغِبُونَ
Allah Pangeranku muga paring ijol kang luwih becik tinimbang tanduranku kang wis kobong dadi awu, muga tobatku iki ditarima ing Pangeranku (Allah banjur nerima tobate)
Surah Al-Qalam, Verse 32
كَذَٰلِكَ ٱلۡعَذَابُۖ وَلَعَذَابُ ٱلۡأٓخِرَةِ أَكۡبَرُۚ لَوۡ كَانُواْ يَعۡلَمُونَ
Kang mangkono iku ewoning siksa ing donya, lan sayekti siksa ing akherat luwih gedhe (abot) yen ta dheweke padha weruha (mesthi ora gelem nglakoni dosa)
Surah Al-Qalam, Verse 33
إِنَّ لِلۡمُتَّقِينَ عِندَ رَبِّهِمۡ جَنَّـٰتِ ٱلنَّعِيمِ
Tumrap sing bekti ing Allah ana ngarsane Pangerane padha oleh ganjaran suwarga Na'im
Surah Al-Qalam, Verse 34
أَفَنَجۡعَلُ ٱلۡمُسۡلِمِينَ كَٱلۡمُجۡرِمِينَ
Lan apa ta para wong kang sumarah bakal Ingsun dadekake kaya wong duraka
Surah Al-Qalam, Verse 35
مَا لَكُمۡ كَيۡفَ تَحۡكُمُونَ
Ya gene sira wong duraka (kafir) padha nganggep padha wae
Surah Al-Qalam, Verse 36
أَمۡ لَكُمۡ كِتَٰبٞ فِيهِ تَدۡرُسُونَ
Apa sira duwe wewaton Kitabe Allah kang sira waca
Surah Al-Qalam, Verse 37
إِنَّ لَكُمۡ فِيهِ لَمَا تَخَيَّرُونَ
Metelakake sira kena ngelakoni sakarep - karepe
Surah Al-Qalam, Verse 38
أَمۡ لَكُمۡ أَيۡمَٰنٌ عَلَيۡنَا بَٰلِغَةٌ إِلَىٰ يَوۡمِ ٱلۡقِيَٰمَةِ إِنَّ لَكُمۡ لَمَا تَحۡكُمُونَ
Apa sira nyekel sesanggemaningsun mawa supata, kukuh ora bisa owah nganti tumeka dina Qiyamat, yen sira temen bakal enthik apa pancasanira
Surah Al-Qalam, Verse 39
سَلۡهُمۡ أَيُّهُم بِذَٰلِكَ زَعِيمٌ
Padha takonana, dheweke sapa sing tanggung tumrap prakara iku
Surah Al-Qalam, Verse 40
أَمۡ لَهُمۡ شُرَكَآءُ فَلۡيَأۡتُواْ بِشُرَكَآئِهِمۡ إِن كَانُواْ صَٰدِقِينَ
Apa padha duwe kanca kang tunggal panemu, tanggung panemune bakala kaleksanan, menawa temen mangono mara padha nekakna kancane (kang nanggung mau)
Surah Al-Qalam, Verse 41
يَوۡمَ يُكۡشَفُ عَن سَاقٖ وَيُدۡعَوۡنَ إِلَى ٱلسُّجُودِ فَلَا يَسۡتَطِيعُونَ
Ing dina bakal anane bilai (Qiyamat) gedhe sarta dheweke bakal padha didawuhi sujud nanging ora bisa (merga gegere kaku)
Surah Al-Qalam, Verse 42
خَٰشِعَةً أَبۡصَٰرُهُمۡ تَرۡهَقُهُمۡ ذِلَّةٞۖ وَقَدۡ كَانُواْ يُدۡعَوۡنَ إِلَى ٱلسُّجُودِ وَهُمۡ سَٰلِمُونَ
Padha konjem tumungkul handeleng mangisor padha rumangsa asor, lan sayekti biyen dheweke padha didhawuhi sujud (sholat) nalika isih padha selamet
Surah Al-Qalam, Verse 43
فَذَرۡنِي وَمَن يُكَذِّبُ بِهَٰذَا ٱلۡحَدِيثِۖ سَنَسۡتَدۡرِجُهُم مِّنۡ حَيۡثُ لَا يَعۡلَمُونَ
Mulane togna wae Ingsun sarta sapa - sapa sing padha anggorohake timbalan iki mesthi Ingsun larut kabecikane saka sathithik nganti padha ora krasa
Surah Al-Qalam, Verse 44
وَأُمۡلِي لَهُمۡۚ إِنَّ كَيۡدِي مَتِينٌ
Ingsun nyrantekake paniksane wong kafir mau, panglulu mesthi keleksanan
Surah Al-Qalam, Verse 45
أَمۡ تَسۡـَٔلُهُمۡ أَجۡرٗا فَهُم مِّن مَّغۡرَمٖ مُّثۡقَلُونَ
Apa sira njaluk pituwas marang dheweke (anggon ira mrathakake dawuh) nganti dheweke nyonggo utang
Surah Al-Qalam, Verse 46
أَمۡ عِندَهُمُ ٱلۡغَيۡبُ فَهُمۡ يَكۡتُبُونَ
Apa dheweke padha duwe kaweruh barang kang samar - samar (gaib), kang banjur ditulisi
Surah Al-Qalam, Verse 47
فَٱصۡبِرۡ لِحُكۡمِ رَبِّكَ وَلَا تَكُن كَصَاحِبِ ٱلۡحُوتِ إِذۡ نَادَىٰ وَهُوَ مَكۡظُومٞ
Sira mung narimaha nglakoni sakarsane Pangeranira aja kesusu mitrane iwak (kaya Nabi Yunus kang diuntal iwak) kang angaduh aduh nalikane ana sajerone bebaya
Surah Al-Qalam, Verse 48
لَّوۡلَآ أَن تَدَٰرَكَهُۥ نِعۡمَةٞ مِّن رَّبِّهِۦ لَنُبِذَ بِٱلۡعَرَآءِ وَهُوَ مَذۡمُومٞ
Yen ta ora ana nugraha saka Pangerane tumeka marang dheweke, mesthi nglumpruk tiba ing lemah kang lagis sarta dadi wong cacad
Surah Al-Qalam, Verse 49
فَٱجۡتَبَٰهُ رَبُّهُۥ فَجَعَلَهُۥ مِنَ ٱلصَّـٰلِحِينَ
Tumuli dheweke (Nuh) banjur dipilih dening Pangerane didadekake ewone wong becik
Surah Al-Qalam, Verse 50
وَإِن يَكَادُ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ لَيُزۡلِقُونَكَ بِأَبۡصَٰرِهِمۡ لَمَّا سَمِعُواْ ٱلذِّكۡرَ وَيَقُولُونَ إِنَّهُۥ لَمَجۡنُونٞ
Satemene para wong kafir bareng krungu wulangane al-Qur'an amasthi padha nalorong sira kelawan pandelenge, pangucape, "Temen dheweke (Muhammad) iku edan
Surah Al-Qalam, Verse 51
وَمَا هُوَ إِلَّا ذِكۡرٞ لِّلۡعَٰلَمِينَ
al-Quran iku ora liwat mung wewulang tumrap kabeh bangsa
Surah Al-Qalam, Verse 52