Surah Al-Qiyama - Javanese Translation by Unknown
لَآ أُقۡسِمُ بِيَوۡمِ ٱلۡقِيَٰمَةِ
Ingsun supata, "Dhemi dina qiyamat
Surah Al-Qiyama, Verse 1
وَلَآ أُقۡسِمُ بِٱلنَّفۡسِ ٱللَّوَّامَةِ
Lan uga supata, "Demi Nafsu Lawwamah (Jiwa sing gela)
Surah Al-Qiyama, Verse 2
أَيَحۡسَبُ ٱلۡإِنسَٰنُ أَلَّن نَّجۡمَعَ عِظَامَهُۥ
Apa manungsa ngira, yen Ingsun ora bisa nglumpukake balunge kang wis pisah - pisah
Surah Al-Qiyama, Verse 3
بَلَىٰ قَٰدِرِينَ عَلَىٰٓ أَن نُّسَوِّيَ بَنَانَهُۥ
Luput panyanane, Ingsun kawasa mulihake kabeh drijine kaya mahu - mahune
Surah Al-Qiyama, Verse 4
بَلۡ يُرِيدُ ٱلۡإِنسَٰنُ لِيَفۡجُرَ أَمَامَهُۥ
Nanging manungsa karepe arep gorohake barang kang ana ngarepe
Surah Al-Qiyama, Verse 5
يَسۡـَٔلُ أَيَّانَ يَوۡمُ ٱلۡقِيَٰمَةِ
Dheweke takon, "Kapan ta dina Qiyamat iku
Surah Al-Qiyama, Verse 6
فَإِذَا بَرِقَ ٱلۡبَصَرُ
Nanging bareng pandelenge wus blawur
Surah Al-Qiyama, Verse 7
وَخَسَفَ ٱلۡقَمَرُ
Lan rembulan ilang pencoronge
Surah Al-Qiyama, Verse 8
وَجُمِعَ ٱلشَّمۡسُ وَٱلۡقَمَرُ
Apa dene srengenge lan rembulan padha metu saka kulon
Surah Al-Qiyama, Verse 9
يَقُولُ ٱلۡإِنسَٰنُ يَوۡمَئِذٍ أَيۡنَ ٱلۡمَفَرُّ
Ing dina iku manungsa padha celathu, "Aku ngungsi mlayu menyang ngendhi
Surah Al-Qiyama, Verse 10
كَلَّا لَا وَزَرَ
Mangsa oleha pangungsen ing dina iku ora ana pangungsen
Surah Al-Qiyama, Verse 11
إِلَىٰ رَبِّكَ يَوۡمَئِذٍ ٱلۡمُسۡتَقَرُّ
Ing dina iku bakal mung marang Pangeranira dununging palerenan
Surah Al-Qiyama, Verse 12
يُنَبَّؤُاْ ٱلۡإِنسَٰنُ يَوۡمَئِذِۭ بِمَا قَدَّمَ وَأَخَّرَ
Ing dina iku manungsa bakal diwartani sabarang panggawene kang didhisikake lan (sabarang) kang dikerekake
Surah Al-Qiyama, Verse 13
بَلِ ٱلۡإِنسَٰنُ عَلَىٰ نَفۡسِهِۦ بَصِيرَةٞ
Siji - sijining manungsa padha weruh lakone dhewe - dhewe
Surah Al-Qiyama, Verse 14
وَلَوۡ أَلۡقَىٰ مَعَاذِيرَهُۥ
Sanadyan ta ngandhakake alangane
Surah Al-Qiyama, Verse 15
لَا تُحَرِّكۡ بِهِۦ لِسَانَكَ لِتَعۡجَلَ بِهِۦٓ
Lisanira aja kumecap (ngunekake al-Quran)sadurunge rampung pamacane (Malaikat Jibril murih gelis - gelis apal al-Quran mau)
Surah Al-Qiyama, Verse 16
إِنَّ عَلَيۡنَا جَمۡعَهُۥ وَقُرۡءَانَهُۥ
Marga Ingsun kang bakal ngalumpukake al-Quran mau ana ing atinira dalah sawacane pisan
Surah Al-Qiyama, Verse 17
فَإِذَا قَرَأۡنَٰهُ فَٱتَّبِعۡ قُرۡءَانَهُۥ
Nalikane Ingsun wis rampung macakake al-Quran marang sira, nuli sira macaa (aja sira barengi)
Surah Al-Qiyama, Verse 18
ثُمَّ إِنَّ عَلَيۡنَا بَيَانَهُۥ
Sawise mangkono, Ingsun kang mesthi paring mangerti surasaning al-Quran marang sira
Surah Al-Qiyama, Verse 19
كَلَّا بَلۡ تُحِبُّونَ ٱلۡعَاجِلَةَ
Sira iku padha anesrani (aja kesusu) ananging sira seneng panguripan dunya
Surah Al-Qiyama, Verse 20
وَتَذَرُونَ ٱلۡأٓخِرَةَ
Lan nglirwakake akehrat
Surah Al-Qiyama, Verse 21
وُجُوهٞ يَوۡمَئِذٖ نَّاضِرَةٌ
Ing dina iku akeh wong kang rahine bagus lan manis
Surah Al-Qiyama, Verse 22
إِلَىٰ رَبِّهَا نَاظِرَةٞ
Padha andeleng Allah Pangerane
Surah Al-Qiyama, Verse 23
وَوُجُوهٞ يَوۡمَئِذِۭ بَاسِرَةٞ
Lan uga akeh rahi ala tur suntrut
Surah Al-Qiyama, Verse 24
تَظُنُّ أَن يُفۡعَلَ بِهَا فَاقِرَةٞ
Padha weruh yen siksa gedhe bakal dipatrapi marang dheweke
Surah Al-Qiyama, Verse 25
كَلَّآ إِذَا بَلَغَتِ ٱلتَّرَاقِيَ
Temen nalika ruh tinarik tekan gurung
Surah Al-Qiyama, Verse 26
وَقِيلَ مَنۡۜ رَاقٖ
Sarta dicelathoni, "Sapa tukange nambani
Surah Al-Qiyama, Verse 27
وَظَنَّ أَنَّهُ ٱلۡفِرَاقُ
Sarta dheweke yakin, yen iki (wayahe) pisah
Surah Al-Qiyama, Verse 28
وَٱلۡتَفَّتِ ٱلسَّاقُ بِٱلسَّاقِ
Sikile kang siji dhempet karo sikil sijine
Surah Al-Qiyama, Verse 29
إِلَىٰ رَبِّكَ يَوۡمَئِذٍ ٱلۡمَسَاقُ
Ing dina iku wayahe dituntun marang ngarsane Pangeranira
Surah Al-Qiyama, Verse 30
فَلَا صَدَّقَ وَلَا صَلَّىٰ
Wis ira bisa pracaya (Rosul lan Al-Quran) lan ora bisa shalat kang migunani
Surah Al-Qiyama, Verse 31
وَلَٰكِن كَذَّبَ وَتَوَلَّىٰ
Nanging maido (al-Quran) lan mlengos saka dalan bener
Surah Al-Qiyama, Verse 32
ثُمَّ ذَهَبَ إِلَىٰٓ أَهۡلِهِۦ يَتَمَطَّىٰٓ
Banjur menyang ngomahe sanake, lakune gumedhe
Surah Al-Qiyama, Verse 33
أَوۡلَىٰ لَكَ فَأَوۡلَىٰ
Cilako kanggomu (wong kafir) tur rambah - rambah
Surah Al-Qiyama, Verse 34
ثُمَّ أَوۡلَىٰ لَكَ فَأَوۡلَىٰٓ
Nuli cilaka tur rambah - rambah (tumrap sira wong kafir)
Surah Al-Qiyama, Verse 35
أَيَحۡسَبُ ٱلۡإِنسَٰنُ أَن يُتۡرَكَ سُدًى
Apa manungsa ngira yen bakal ditokake wae
Surah Al-Qiyama, Verse 36
أَلَمۡ يَكُ نُطۡفَةٗ مِّن مَّنِيّٖ يُمۡنَىٰ
Apa dheweke iku maune dudu nutfah wijining urip kang tinetesake (ing rahim)
Surah Al-Qiyama, Verse 37
ثُمَّ كَانَ عَلَقَةٗ فَخَلَقَ فَسَوَّىٰ
Banjur dadi getih kenthel, tumuli Panjenengane anitahake (dheweke) sarta dadekake sampurna
Surah Al-Qiyama, Verse 38
فَجَعَلَ مِنۡهُ ٱلزَّوۡجَيۡنِ ٱلذَّكَرَ وَٱلۡأُنثَىٰٓ
Banjur Panjenengane dadekake saka iku mau dadi rong jenis, jenis lanang lan jenis wadon
Surah Al-Qiyama, Verse 39
أَلَيۡسَ ذَٰلِكَ بِقَٰدِرٍ عَلَىٰٓ أَن يُحۡـِۧيَ ٱلۡمَوۡتَىٰ
Apa Panjenengane ora bisa nguripake wong kang wis padha mati? (Kawasa banget)
Surah Al-Qiyama, Verse 40