Surah Al-Mursalat - Javanese Translation by Unknown
وَٱلۡمُرۡسَلَٰتِ عُرۡفٗا
Dhemi para Malaikat kang diutus kelawan (anggawa) kabecikan
Surah Al-Mursalat, Verse 1
فَٱلۡعَٰصِفَٰتِ عَصۡفٗا
Lan (para Malaikat) mabur rikat banget
Surah Al-Mursalat, Verse 2
وَٱلنَّـٰشِرَٰتِ نَشۡرٗا
Kang nyebar (rahmate Pangeran) kanthi sak ratane
Surah Al-Mursalat, Verse 3
فَٱلۡفَٰرِقَٰتِ فَرۡقٗا
Kang ambedakake (kang bener lan luput) kanthi cetha
Surah Al-Mursalat, Verse 4
فَٱلۡمُلۡقِيَٰتِ ذِكۡرًا
Demi malaikat kang nurunake wahyu (marang para rasul)
Surah Al-Mursalat, Verse 5
عُذۡرًا أَوۡ نُذۡرًا
Ngapura marang wong tobat, lan apepeling
Surah Al-Mursalat, Verse 6
إِنَّمَا تُوعَدُونَ لَوَٰقِعٞ
Sayekti siksa kang diancamake marang sira iku mesthi kelakon
Surah Al-Mursalat, Verse 7
فَإِذَا ٱلنُّجُومُ طُمِسَتۡ
Besuk nalikane lintang padha ilang cahayane
Surah Al-Mursalat, Verse 8
وَإِذَا ٱلسَّمَآءُ فُرِجَتۡ
Lan nalikane langit sigar
Surah Al-Mursalat, Verse 9
وَإِذَا ٱلۡجِبَالُ نُسِفَتۡ
Lan nalikane gunung padha manculat
Surah Al-Mursalat, Verse 10
وَإِذَا ٱلرُّسُلُ أُقِّتَتۡ
Lan nalikane para Rosul padha dikelumpukake ing mangsa kang tinamtu
Surah Al-Mursalat, Verse 11
لِأَيِّ يَوۡمٍ أُجِّلَتۡ
(Niscaya dipun dangu dateng para rosul mau) Dina apa anggone tinamtokake mau
Surah Al-Mursalat, Verse 12
لِيَوۡمِ ٱلۡفَصۡلِ
Marang dina putusan
Surah Al-Mursalat, Verse 13
وَمَآ أَدۡرَىٰكَ مَا يَوۡمُ ٱلۡفَصۡلِ
Piye panemumu, dina pancasan iku apa
Surah Al-Mursalat, Verse 14
وَيۡلٞ يَوۡمَئِذٖ لِّلۡمُكَذِّبِينَ
Ing dina iku para wong kafir kang padha maido al-Quran cilaka banget
Surah Al-Mursalat, Verse 15
أَلَمۡ نُهۡلِكِ ٱلۡأَوَّلِينَ
Apa Ingsun durung numpes para wong kafir ing zaman kuna
Surah Al-Mursalat, Verse 16
ثُمَّ نُتۡبِعُهُمُ ٱلۡأٓخِرِينَ
Wong kafir ing zaman wekasan uga bakal Ingsun balekake
Surah Al-Mursalat, Verse 17
كَذَٰلِكَ نَفۡعَلُ بِٱلۡمُجۡرِمِينَ
Ing tembe sarupane wong kafir uga bakal Ingsun tindakake kaya mangkono
Surah Al-Mursalat, Verse 18
وَيۡلٞ يَوۡمَئِذٖ لِّلۡمُكَذِّبِينَ
Ing dina qiyamat iku (wongkafir kang maido al-Quran) cilaka banget
Surah Al-Mursalat, Verse 19
أَلَمۡ نَخۡلُقكُّم مِّن مَّآءٖ مَّهِينٖ
Apa sira iku ora Ingsun titahake saka banyu kang ina
Surah Al-Mursalat, Verse 20
فَجَعَلۡنَٰهُ فِي قَرَارٖ مَّكِينٍ
Banjur Ingsun papanake ing palerenan kang aman/kokoh (rahim)
Surah Al-Mursalat, Verse 21
إِلَىٰ قَدَرٖ مَّعۡلُومٖ
Nganti tekan titi mangsa kang tinamtu (lahire jabang bayi)
Surah Al-Mursalat, Verse 22
فَقَدَرۡنَا فَنِعۡمَ ٱلۡقَٰدِرُونَ
Lan Ingsun nemtokake ukurane, saiba sampurnane anggon Ingsun namtokake ukuran samu barang
Surah Al-Mursalat, Verse 23
وَيۡلٞ يَوۡمَئِذٖ لِّلۡمُكَذِّبِينَ
Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang gorohake
Surah Al-Mursalat, Verse 24
أَلَمۡ نَجۡعَلِ ٱلۡأَرۡضَ كِفَاتًا
Ingsun apa ora wis gawe bumi iki dadi wadhah
Surah Al-Mursalat, Verse 25
أَحۡيَآءٗ وَأَمۡوَٰتٗا
Wadhahe wong urip lan wong mati
Surah Al-Mursalat, Verse 26
وَجَعَلۡنَا فِيهَا رَوَٰسِيَ شَٰمِخَٰتٖ وَأَسۡقَيۡنَٰكُم مَّآءٗ فُرَاتٗا
Bumi mau Ingsun dokoki gunung kang dhuwur - dhuwur, lan diparingi omben - omben banyu tawa
Surah Al-Mursalat, Verse 27
وَيۡلٞ يَوۡمَئِذٖ لِّلۡمُكَذِّبِينَ
Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake
Surah Al-Mursalat, Verse 28
ٱنطَلِقُوٓاْ إِلَىٰ مَا كُنتُم بِهِۦ تُكَذِّبُونَ
Lungoa marang apa kang sira gorohake
Surah Al-Mursalat, Verse 29
ٱنطَلِقُوٓاْ إِلَىٰ ظِلّٖ ذِي ثَلَٰثِ شُعَبٖ
Lungoa marang aling - aling kang cawang telu
Surah Al-Mursalat, Verse 30
لَّا ظَلِيلٖ وَلَا يُغۡنِي مِنَ ٱللَّهَبِ
Kukus mau ora pisan - pisan bisa ngeyubi saka panase dina iku, lan ora bisa nyuda panase geni neraka
Surah Al-Mursalat, Verse 31
إِنَّهَا تَرۡمِي بِشَرَرٖ كَٱلۡقَصۡرِ
Urube geni neraka mau mulad - mulad dhuwure padha omah
Surah Al-Mursalat, Verse 32
كَأَنَّهُۥ جِمَٰلَتٞ صُفۡرٞ
Akehe lan warnane kaya dhadhung ing perahu, ireng semu kuning
Surah Al-Mursalat, Verse 33
وَيۡلٞ يَوۡمَئِذٖ لِّلۡمُكَذِّبِينَ
Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake
Surah Al-Mursalat, Verse 34
هَٰذَا يَوۡمُ لَا يَنطِقُونَ
Iki dina sing dheweke ora bakal guneman
Surah Al-Mursalat, Verse 35
وَلَا يُؤۡذَنُ لَهُمۡ فَيَعۡتَذِرُونَ
Ora ana kang diparengake ngaturake sabab kaluputan, dadi ora ana kang ngaturake sababing kaluputan
Surah Al-Mursalat, Verse 36
وَيۡلٞ يَوۡمَئِذٖ لِّلۡمُكَذِّبِينَ
Bilaiing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake
Surah Al-Mursalat, Verse 37
هَٰذَا يَوۡمُ ٱلۡفَصۡلِۖ جَمَعۡنَٰكُمۡ وَٱلۡأَوَّلِينَ
Iki dina pancasan. Ingsun angumpulake sira karo umat kang dhisik
Surah Al-Mursalat, Verse 38
فَإِن كَانَ لَكُمۡ كَيۡدٞ فَكِيدُونِ
Lan manawa sira duwe upaya, tamakna upayanira marang Ingsun
Surah Al-Mursalat, Verse 39
وَيۡلٞ يَوۡمَئِذٖ لِّلۡمُكَذِّبِينَ
Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake
Surah Al-Mursalat, Verse 40
إِنَّ ٱلۡمُتَّقِينَ فِي ظِلَٰلٖ وَعُيُونٖ
Sayekti para kang anjaga dirine (saka ala) bakal dumunung ing panggonan kang ayom lan akeh sumber - sumbere
Surah Al-Mursalat, Verse 41
وَفَوَٰكِهَ مِمَّا يَشۡتَهُونَ
Lan ana woh - wohane akeh tur warna - warna, kang menginake lan enak
Surah Al-Mursalat, Verse 42
كُلُواْ وَٱشۡرَبُواْ هَنِيٓـَٔۢا بِمَا كُنتُمۡ تَعۡمَلُونَ
Mara padha mangana lan ngombea kang enak, minangka ganjarane pangabekti kang wis padha sira lakoni biyen
Surah Al-Mursalat, Verse 43
إِنَّا كَذَٰلِكَ نَجۡزِي ٱلۡمُحۡسِنِينَ
Ingsun paring ganjaran marang wong kang padha ngelakoni pangabekti kang wis padha sira lakoni biyen
Surah Al-Mursalat, Verse 44
وَيۡلٞ يَوۡمَئِذٖ لِّلۡمُكَذِّبِينَ
Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake
Surah Al-Mursalat, Verse 45
كُلُواْ وَتَمَتَّعُواْ قَلِيلًا إِنَّكُم مُّجۡرِمُونَ
(hei para kafir!) Sira padha mangana lan bungah - bungah sadhela sayekti sira iku wong dosa
Surah Al-Mursalat, Verse 46
وَيۡلٞ يَوۡمَئِذٖ لِّلۡمُكَذِّبِينَ
Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake
Surah Al-Mursalat, Verse 47
وَإِذَا قِيلَ لَهُمُ ٱرۡكَعُواْ لَا يَرۡكَعُونَ
Nalika didhawuhi, "Padha Shalata!" padha mopo ora gelem sholat
Surah Al-Mursalat, Verse 48
وَيۡلٞ يَوۡمَئِذٖ لِّلۡمُكَذِّبِينَ
Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake
Surah Al-Mursalat, Verse 49
فَبِأَيِّ حَدِيثِۭ بَعۡدَهُۥ يُؤۡمِنُونَ
Lah sawise iki marang pawarta endi dheweke (wong kafir) bakal padha angestu
Surah Al-Mursalat, Verse 50