Surah Al-Anfal Verse 72 - Javanese Translation by Unknown
Surah Al-Anfalإِنَّ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَهَاجَرُواْ وَجَٰهَدُواْ بِأَمۡوَٰلِهِمۡ وَأَنفُسِهِمۡ فِي سَبِيلِ ٱللَّهِ وَٱلَّذِينَ ءَاوَواْ وَّنَصَرُوٓاْ أُوْلَـٰٓئِكَ بَعۡضُهُمۡ أَوۡلِيَآءُ بَعۡضٖۚ وَٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَلَمۡ يُهَاجِرُواْ مَا لَكُم مِّن وَلَٰيَتِهِم مِّن شَيۡءٍ حَتَّىٰ يُهَاجِرُواْۚ وَإِنِ ٱسۡتَنصَرُوكُمۡ فِي ٱلدِّينِ فَعَلَيۡكُمُ ٱلنَّصۡرُ إِلَّا عَلَىٰ قَوۡمِۭ بَيۡنَكُمۡ وَبَيۡنَهُم مِّيثَٰقٞۗ وَٱللَّهُ بِمَا تَعۡمَلُونَ بَصِيرٞ
Sayekti para kang padha angestu sarta oncat aninggal tuwin nyrempeng ing da- dalaning Allah kalawan bandhane lan jiwane sarta para kang padha aweh pangungsen lan mitulungi – iki padha dadi pangayoman sa- weneh marang sawenehe; wondene para kang padha angestu lan ora oncat aninggal , iku dudu bubuhanira pisan-pisan anggone angayomi, nganti saoncate; lan manawa dheweke padha anjaluk pitulungira ing dalem prakara agama, lah wajib ingatase sira anulungana, kajaba tumrap wong kang antaranira karo dheweke ana prajanjian, lan Allah iku Amirsani ing sabarang kang padha sira lakoni