Surah AL-Infitar - Javanese Translation by Unknown
إِذَا ٱلسَّمَآءُ ٱنفَطَرَتۡ
Samongsa langit wis belah
Surah AL-Infitar, Verse 1
وَإِذَا ٱلۡكَوَاكِبُ ٱنتَثَرَتۡ
Lan samongsa lintang - lintange wis pating selebar
Surah AL-Infitar, Verse 2
وَإِذَا ٱلۡبِحَارُ فُجِّرَتۡ
Lan samongsa segara - segara padha dibludagake
Surah AL-Infitar, Verse 3
وَإِذَا ٱلۡقُبُورُ بُعۡثِرَتۡ
Lan samangsa kubur - kubur padha binukak
Surah AL-Infitar, Verse 4
عَلِمَتۡ نَفۡسٞ مَّا قَدَّمَتۡ وَأَخَّرَتۡ
Sarupaning jiwa bakal weruh apa kang didhisikake lan kang dikerekake
Surah AL-Infitar, Verse 5
يَـٰٓأَيُّهَا ٱلۡإِنسَٰنُ مَا غَرَّكَ بِرَبِّكَ ٱلۡكَرِيمِ
O, manungsa sapa kang jelomprongake sira, nganti duraka ing Pangeranira kang Mulya
Surah AL-Infitar, Verse 6
ٱلَّذِي خَلَقَكَ فَسَوَّىٰكَ فَعَدَلَكَ
Kang wis gawe awakira genep waras lan patut
Surah AL-Infitar, Verse 7
فِيٓ أَيِّ صُورَةٖ مَّا شَآءَ رَكَّبَكَ
Allah namtokake rupanira miturut sakersane
Surah AL-Infitar, Verse 8
كَلَّا بَلۡ تُكَذِّبُونَ بِٱلدِّينِ
O, ananging sira padha anggorohake marang wawalese
Surah AL-Infitar, Verse 9
وَإِنَّ عَلَيۡكُمۡ لَحَٰفِظِينَ
Lan sayekti temen ana kang padha anjaga marang sira
Surah AL-Infitar, Verse 10
كِرَامٗا كَٰتِبِينَ
Para juru nulisi minulya
Surah AL-Infitar, Verse 11
يَعۡلَمُونَ مَا تَفۡعَلُونَ
Padha meruhi apa kang padha sira lakoni
Surah AL-Infitar, Verse 12
إِنَّ ٱلۡأَبۡرَارَ لَفِي نَعِيمٖ
Sayekti para tulus temen bakal padha ana sajeroning nugraha
Surah AL-Infitar, Verse 13
وَإِنَّ ٱلۡفُجَّارَ لَفِي جَحِيمٖ
Lan sayekti, para duraka temen bakal ana sajeroning geni murub
Surah AL-Infitar, Verse 14
يَصۡلَوۡنَهَا يَوۡمَ ٱلدِّينِ
Bakal padha mlebu mrono ing dinane pancasan
Surah AL-Infitar, Verse 15
وَمَا هُمۡ عَنۡهَا بِغَآئِبِينَ
Lan ora bakal dheweke padha oncat saka ing kono
Surah AL-Infitar, Verse 16
وَمَآ أَدۡرَىٰكَ مَا يَوۡمُ ٱلدِّينِ
Lan apa kang meruhake ing sira, dina pancasan iku apa
Surah AL-Infitar, Verse 17
ثُمَّ مَآ أَدۡرَىٰكَ مَا يَوۡمُ ٱلدِّينِ
Maneh, apa kang meruhake ing sira, dina pancasan iku apa
Surah AL-Infitar, Verse 18
يَوۡمَ لَا تَمۡلِكُ نَفۡسٞ لِّنَفۡسٖ شَيۡـٔٗاۖ وَٱلۡأَمۡرُ يَوۡمَئِذٖ لِّلَّهِ
Dinane ora ana sawijining jiwa bisa andayani sathitika marang jiwa (liyane) ing dina iku sakabehane parentah ana astaning Allah
Surah AL-Infitar, Verse 19