Surah Al-Inshiqaq - Javanese Translation by Unknown
إِذَا ٱلسَّمَآءُ ٱنشَقَّتۡ
Nalikane langit iku pecah
Surah Al-Inshiqaq, Verse 1
وَأَذِنَتۡ لِرَبِّهَا وَحُقَّتۡ
Ngestokake kersane Pangerane, wis benere kudu diestokake
Surah Al-Inshiqaq, Verse 2
وَإِذَا ٱلۡأَرۡضُ مُدَّتۡ
Lan nalikane bumi dirata
Surah Al-Inshiqaq, Verse 3
وَأَلۡقَتۡ مَا فِيهَا وَتَخَلَّتۡ
Lan metokake isen - isene nganti resik kothong
Surah Al-Inshiqaq, Verse 4
وَأَذِنَتۡ لِرَبِّهَا وَحُقَّتۡ
Saeta angestokake karsaning Pangerane, wis benere kudu diestokake
Surah Al-Inshiqaq, Verse 5
يَـٰٓأَيُّهَا ٱلۡإِنسَٰنُ إِنَّكَ كَادِحٌ إِلَىٰ رَبِّكَ كَدۡحٗا فَمُلَٰقِيهِ
Hai manungsa! Sira iku tansah lumaku seba ing ngarsane Allah Pangeranira, ing mengko sira oleh piwalese lakunira kelawan becik
Surah Al-Inshiqaq, Verse 6
فَأَمَّا مَنۡ أُوتِيَ كِتَٰبَهُۥ بِيَمِينِهِۦ
Sing sapa dipasrahi layang cathetan lelakone saka tengen (hiya iku para kang angestu)
Surah Al-Inshiqaq, Verse 7
فَسَوۡفَ يُحَاسَبُ حِسَابٗا يَسِيرٗا
Bakal ditimbang kelawan entheng
Surah Al-Inshiqaq, Verse 8
وَيَنقَلِبُ إِلَىٰٓ أَهۡلِهِۦ مَسۡرُورٗا
Lan bali marang panggonaning kancane ana suwarga, kelawan suka bungah
Surah Al-Inshiqaq, Verse 9
وَأَمَّا مَنۡ أُوتِيَ كِتَٰبَهُۥ وَرَآءَ ظَهۡرِهِۦ
Dene sing sapa diparingi layang cathetaning lakune saka buri gegere (hiya iku wong kafir)
Surah Al-Inshiqaq, Verse 10
فَسَوۡفَ يَدۡعُواْ ثُبُورٗا
Bakal dilakokake wong cilaka lan rusak
Surah Al-Inshiqaq, Verse 11
وَيَصۡلَىٰ سَعِيرًا
Banjur dicemplungake ing neraka Sa'ir
Surah Al-Inshiqaq, Verse 12
إِنَّهُۥ كَانَ فِيٓ أَهۡلِهِۦ مَسۡرُورًا
Satemene dheweke biyen (ing dunya) padha bungah - bungah karo kancane (padha kafir)
Surah Al-Inshiqaq, Verse 13
إِنَّهُۥ ظَنَّ أَن لَّن يَحُورَ
Panyanane ora bakal bali, diseksekake ana ngarsane Allah
Surah Al-Inshiqaq, Verse 14
بَلَىٰٓۚ إِنَّ رَبَّهُۥ كَانَ بِهِۦ بَصِيرٗا
Luput panyanane, Allah Pangerane, mirsani dheweke (kafir)
Surah Al-Inshiqaq, Verse 15
فَلَآ أُقۡسِمُ بِٱلشَّفَقِ
Ingsun supata, "Demi mega abang
Surah Al-Inshiqaq, Verse 16
وَٱلَّيۡلِ وَمَا وَسَقَ
Demi wengi, lan barang kang leren ing wektu wengi
Surah Al-Inshiqaq, Verse 17
وَٱلۡقَمَرِ إِذَا ٱتَّسَقَ
Demi rembulan lan nalikane purnama
Surah Al-Inshiqaq, Verse 18
لَتَرۡكَبُنَّ طَبَقًا عَن طَبَقٖ
Sira mesthi nglakoni tingkat kang solan - salin
Surah Al-Inshiqaq, Verse 19
فَمَا لَهُمۡ لَا يُؤۡمِنُونَ
Ya gene manungsa ora padha percaya (ing Allah)
Surah Al-Inshiqaq, Verse 20
وَإِذَا قُرِئَ عَلَيۡهِمُ ٱلۡقُرۡءَانُ لَا يَسۡجُدُونَۤ۩
Nalika diwacakake Al-Quran padha ora gelem sujud
Surah Al-Inshiqaq, Verse 21
بَلِ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ يُكَذِّبُونَ
Wong kafir malah padha maido al-Qur'an
Surah Al-Inshiqaq, Verse 22
وَٱللَّهُ أَعۡلَمُ بِمَا يُوعُونَ
Allah nguningani luguning atine anggone maido
Surah Al-Inshiqaq, Verse 23
فَبَشِّرۡهُم بِعَذَابٍ أَلِيمٍ
Wong kafir mangkono iku, sira kandhanana bakal dipatrapi siksa kang nglarani
Surah Al-Inshiqaq, Verse 24
إِلَّا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَعَمِلُواْ ٱلصَّـٰلِحَٰتِ لَهُمۡ أَجۡرٌ غَيۡرُ مَمۡنُونِۭ
Kajaba para wong angestu (Mukmin) kang padha nglakoni panggawe becik padha diganjar suwarga salawase tanpa pedhot
Surah Al-Inshiqaq, Verse 25