Surah Al-Burooj - Javanese Translation by Unknown
وَٱلسَّمَآءِ ذَاتِ ٱلۡبُرُوجِ
Demi langit kang duweni lintang - lintang
Surah Al-Burooj, Verse 1
وَٱلۡيَوۡمِ ٱلۡمَوۡعُودِ
Demi dina kang dijanjekake (mesthi kelakon)
Surah Al-Burooj, Verse 2
وَشَاهِدٖ وَمَشۡهُودٖ
Demi seksi lan kang disekseni
Surah Al-Burooj, Verse 3
قُتِلَ أَصۡحَٰبُ ٱلۡأُخۡدُودِ
Wong kang padha duwe jogangan utawa biyantu (padha kena benduning Allah)
Surah Al-Burooj, Verse 4
ٱلنَّارِ ذَاتِ ٱلۡوَقُودِ
Jogangan mau isi geni murub
Surah Al-Burooj, Verse 5
إِذۡ هُمۡ عَلَيۡهَا قُعُودٞ
Nalika dheweke lungguh sakiwa thengene
Surah Al-Burooj, Verse 6
وَهُمۡ عَلَىٰ مَا يَفۡعَلُونَ بِٱلۡمُؤۡمِنِينَ شُهُودٞ
Padha nyumurupi anggone milara para wong kang ngestu
Surah Al-Burooj, Verse 7
وَمَا نَقَمُواْ مِنۡهُمۡ إِلَّآ أَن يُؤۡمِنُواْ بِٱللَّهِ ٱلۡعَزِيزِ ٱلۡحَمِيدِ
Anggone milara mau dumeh wong kang angestu padha percaya Allah kang Maha Mulya tur Pantes Pinuji
Surah Al-Burooj, Verse 8
ٱلَّذِي لَهُۥ مُلۡكُ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضِۚ وَٱللَّهُ عَلَىٰ كُلِّ شَيۡءٖ شَهِيدٌ
Kang kagungan kraton langit lan bumi, Allah Mirsani samu barang
Surah Al-Burooj, Verse 9
إِنَّ ٱلَّذِينَ فَتَنُواْ ٱلۡمُؤۡمِنِينَ وَٱلۡمُؤۡمِنَٰتِ ثُمَّ لَمۡ يَتُوبُواْ فَلَهُمۡ عَذَابُ جَهَنَّمَ وَلَهُمۡ عَذَابُ ٱلۡحَرِيقِ
Sarupane wong kang maeka utawa milara wong kang angestu lananga wadona, sarana diobong kang mangka ora tobat padha dipatrapi siksa neraka Jahannam minongka patrapan anggone ngobong wong kang angestu
Surah Al-Burooj, Verse 10
إِنَّ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَعَمِلُواْ ٱلصَّـٰلِحَٰتِ لَهُمۡ جَنَّـٰتٞ تَجۡرِي مِن تَحۡتِهَا ٱلۡأَنۡهَٰرُۚ ذَٰلِكَ ٱلۡفَوۡزُ ٱلۡكَبِيرُ
Sarupane wong kang angestu kang nglakoni panggawe becik bakal apdha tampa ganjaran suwarga kang ana bengawane mili ana sangisore kekayon kang mangkono aran kabegjan gedhe
Surah Al-Burooj, Verse 11
إِنَّ بَطۡشَ رَبِّكَ لَشَدِيدٌ
Satemene siksane pangeranira abot
Surah Al-Burooj, Verse 12
إِنَّهُۥ هُوَ يُبۡدِئُ وَيُعِيدُ
Allah kang murwani gawe makhluk banjur nguripake maneh
Surah Al-Burooj, Verse 13
وَهُوَ ٱلۡغَفُورُ ٱلۡوَدُودُ
Allah kapareng ngapura tur asih marang kawulane
Surah Al-Burooj, Verse 14
ذُو ٱلۡعَرۡشِ ٱلۡمَجِيدُ
Ingkang kagungan singgasana, ingkang minulya
Surah Al-Burooj, Verse 15
فَعَّالٞ لِّمَا يُرِيدُ
Kang nindakake samu barang kang dadi kersane
Surah Al-Burooj, Verse 16
هَلۡ أَتَىٰكَ حَدِيثُ ٱلۡجُنُودِ
Sira apa wus tampa dhawuh cerita tumpese bala akeh
Surah Al-Burooj, Verse 17
فِرۡعَوۡنَ وَثَمُودَ
Fir'aun lan Tsamud
Surah Al-Burooj, Verse 18
بَلِ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ فِي تَكۡذِيبٖ
Dene ummat ira kang padha kafir siksane marga kaluputan anggone padha maido
Surah Al-Burooj, Verse 19
وَٱللَّهُ مِن وَرَآئِهِم مُّحِيطُۢ
Allah iku kaweruhe lan kuasane nglimputi para kafir kabeh
Surah Al-Burooj, Verse 20
بَلۡ هُوَ قُرۡءَانٞ مَّجِيدٞ
Al-Quran iku kitabe Allah kang agung
Surah Al-Burooj, Verse 21
فِي لَوۡحٖ مَّحۡفُوظِۭ
Kasimpen ana ing Lauhul Mahfudz
Surah Al-Burooj, Verse 22