Surah Al-Balad - Javanese Translation by Unknown
لَآ أُقۡسِمُ بِهَٰذَا ٱلۡبَلَدِ
Ingsun supata, demi negara Mekkah iki
Surah Al-Balad, Verse 1
وَأَنتَ حِلُّۢ بِهَٰذَا ٱلۡبَلَدِ
Sira (Muhammad) manggon ing negara Mekkah iki
Surah Al-Balad, Verse 2
وَوَالِدٖ وَمَا وَلَدَ
Demi Bapa (Adam) lan turunane (anake)
Surah Al-Balad, Verse 3
لَقَدۡ خَلَقۡنَا ٱلۡإِنسَٰنَ فِي كَبَدٍ
Ingsun temen wis gawe manungsa tansah nglakoni rekasa
Surah Al-Balad, Verse 4
أَيَحۡسَبُ أَن لَّن يَقۡدِرَ عَلَيۡهِ أَحَدٞ
Yagene manungsa rumangsa gagah prakosa, ora ana kang bisa nguasani marang awake
Surah Al-Balad, Verse 5
يَقُولُ أَهۡلَكۡتُ مَالٗا لُّبَدًا
Kawetu pangucape, "Aku wes metokake bandha pirang - pirang
Surah Al-Balad, Verse 6
أَيَحۡسَبُ أَن لَّمۡ يَرَهُۥٓ أَحَدٌ
Yogene manungsa rumangsa yen ora ana kang weruh bandhane kang diwerokake, Allah ora kasamaran
Surah Al-Balad, Verse 7
أَلَمۡ نَجۡعَل لَّهُۥ عَيۡنَيۡنِ
Apa Ingsun ora wis maringi mata loro
Surah Al-Balad, Verse 8
وَلِسَانٗا وَشَفَتَيۡنِ
Lan ilat, apa dene lambe loro
Surah Al-Balad, Verse 9
وَهَدَيۡنَٰهُ ٱلنَّجۡدَيۡنِ
Lan Ingsun nuduhake dalan loro (becik lan hala) marang dheweke
Surah Al-Balad, Verse 10
فَلَا ٱقۡتَحَمَ ٱلۡعَقَبَةَ
Ya gene padha ora ngelakoni dalan bener klawan temen
Surah Al-Balad, Verse 11
وَمَآ أَدۡرَىٰكَ مَا ٱلۡعَقَبَةُ
Sapa kang meruhake sira nglakone dalan bener
Surah Al-Balad, Verse 12
فَكُّ رَقَبَةٍ
Yaiku (kayata) merdikaake kawula
Surah Al-Balad, Verse 13
أَوۡ إِطۡعَٰمٞ فِي يَوۡمٖ ذِي مَسۡغَبَةٖ
Utawa nalikane angel pangan (pahilan) aweh pangan
Surah Al-Balad, Verse 14
يَتِيمٗا ذَا مَقۡرَبَةٍ
Marang bcah yatim kang ish kelebu sanak
Surah Al-Balad, Verse 15
أَوۡ مِسۡكِينٗا ذَا مَتۡرَبَةٖ
Utawa marang wong miskin kang prasasat ing lemah
Surah Al-Balad, Verse 16
ثُمَّ كَانَ مِنَ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَتَوَاصَوۡاْ بِٱلصَّبۡرِ وَتَوَاصَوۡاْ بِٱلۡمَرۡحَمَةِ
Kajaba iku wong mau kudu kalebu wong kang angestu sarta weling - wineling narima lan sih-sinasihan
Surah Al-Balad, Verse 17
أُوْلَـٰٓئِكَ أَصۡحَٰبُ ٱلۡمَيۡمَنَةِ
Wong mangkono mau, layang cathetaning lakune padha dielungake saka tengen
Surah Al-Balad, Verse 18
وَٱلَّذِينَ كَفَرُواْ بِـَٔايَٰتِنَا هُمۡ أَصۡحَٰبُ ٱلۡمَشۡـَٔمَةِ
Dene wong kang maido marang timbalan - timbalaningsun iku layang cathetaning lakune padha dielungake saka kiwa
Surah Al-Balad, Verse 19
عَلَيۡهِمۡ نَارٞ مُّؤۡصَدَةُۢ
Padha disiksa ana ing neraka kang dikunci
Surah Al-Balad, Verse 20